You are on page 1of 4

WEWALER

Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan
ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo
Gusti sing nyipta.

Manungsa urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine. Supaya sesambungan
kuwi lumaku kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran
kang bisa kajupuk saka wewaler. Sebab kanthi ngugemi wewaler kuwi mau
manungsa bisa nindakake babagan kang utama ana ing sakjroning urip.
Tuladha
 Yen guneman karo wong tuwa aja nyangklak sadhuwure tenggak.
 Menawa liwat kuburan utawa papan sing kaanggep sakral kudu uluk
salam.
 Aja mung ngegungake nduwe pangkat lan nduwe bandha, jalaran pangkat
lan bandha iku mau bisa sirna sadurunge sira pralaya.
Matur Nuwun

You might also like