You are on page 1of 18

Gladhen PAT

Bahasa Jawa
Kelas XI
• Serat Wedhatama dianggit dening ….
a. Yasadipura
b. Mangkunegara IV
c. Ki Narta Sabda
d. Pakubuwana
e. Ranggawarsita
• Tembung Wedhatama dumadi saka tembung wedha lan tama. Wedha
tegese ….
a. kautaman
b. kabecikan
c. kasaenan
d. kabagyan
e. piwulang
• Sembah raga puniku/ pakartine wong amagang laku/ sesucine sarana
saking ing warih/ kang wis lumrah limang wektu/ wantu wataking
wewaton//
• Guru wilangan tembang kasebut yaiku ….
a. 7, 10, 12, 8, 8
b. 7, 8, 12, 8, 8
c. 8, 8, 12, 8, 8
d. 8, 10, 11, 8, 8
e. 8, 10, 12, 7, 8
• Sembah raga puniku/ pakartine wong amagang laku/ sesucine sarana
saking ing warih/ kang wis lumrah limang wektu/ wantu wataking
wewaton//
• Guru lagu tembang kasebut yaiku ….
a. u, u, a, u, o
b. u, u, i, e, o
c. u, u, i, u, o
d. a, u, i, u, o
e. u, e, i, u, o
• Tembang kasebut kalebu jinising tembang ….
a. Sinom
b. Kinanthi
c. Pangkur
d. Gambuh
e. Maskumambang
• Watak tembang Gambuh yaiku ….
a. Kasmaran
b. Prihatin
c. Sumadulur
d. Nelangsa
e. Sakepenake dhewe
• Kang dadi tetengere crita rakyuat kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a. awujud gethok tular
b. ana alesane utawa bukti kang kongkrit
c. critane turun temurun
d. bukti kang ana ora pasti cetha
e. critane ana benere, nanging uga ana kang kleru
• Ing ngisor iki kang dadi tuladhane crita rakyat, kajaba ….
a. Asal-usule Kutha Magelang
b. Asal-usule Kaliurang
c. Ki Ageng Pandanaran
d. Mula Bukane Kutha Semarang
e. Sawijining Wengi ing Malioboro
• Pariwara ing basa Indonesia uga diarani ….
a. Iklan
b. Cerpen
c. Puisi
d. Lagu
e. pidato
• Pariwara ing ngisor iki kang ora kalebu pariwara layanan masarakat
yaiku ….
a. Buwang sampah ing panggone
b. Ngirit banyu
c. Dodolan sepatu
d. Wisuh nganggo sabun
e. Ngirit listrik
• Ing ngisor iki katrangan kang kudu ana ing pariwara, kajaba ….
a. jeneng barang
b. kakurangan barang
c. alamat produsen
d. kahanan barang
e. kaluwihan barang
• Sarana kang biyasane ana pariwara yaiku, kajaba ….
a. ariwarti
b. kalawarti
c. papan pariwara
d. radhio
e. buku crita anak
• “Kirang mirah saged dipun awis”. Ukara kasebut tegese ….
a. regane larang
b. regane anyar
c. regane bisa kurang
d. regane murah banget
e. regane ora bisa mudhun
• Piranti pagelaran wayang kulit kang nduweni makna gegambarane
srengenge, rembulan, lan lintang sinebut ....
a. kelir
b. cempala
c. blencong
d. keprak
e. kayon
• Wong sing ngiringi pagelaran wayang nganggo gamelan diarani ….
a. niyaga
b. dhalang
c. sindhen
d. wiraswara
e. swarawati
• Tembung “Sunan Kalijaga” menawa ditulis ing aksara murda wujude ….

a. sunnKlijg

b. sunn¯lijg

c. $unnKlijg

d. $unn\@lijg

e. $unn¯lijg
• Tembung “Kelurahan Bulakan” menawa ditulis ing aksara Jawa wujude ….

a. kelurhanB|lkn\

b. [kluranB|lkn\

c. [@luranB|lkn\

d. keluranµ|lkn\

e. @elurhanµ|lkn\

You might also like