You are on page 1of 11

Kalender Utowo Penanggalan

Jawi


Disusun:
1. Dewi Yuliana (2086206056)
2. Dwiki Maulana (2086206061)
3. Mohammad Ansori(2086206080)
Kalender utowo
penanggalan
 jawi
 Penanggaln jawi punika dipun emng manut kaliyan
lampahipin utawi jumedulipun rembulan, kados
penanggalan Islam.
 Prantan mangsa punika adhedhasar lampahipun
rembulan (Komariah)
 Tahun saka sami kaliyan taun masehi, inggih punika
kanthi adedhasar lampahipun
srengenge(Syamsiyah).
Dinten ing kalender utawi penanggalan
Jawa

 Cacahing dinten wonten ing Penanggalan Jawi (Saptawara),
ugi wonten pitu kados dene ingkang wonten ing pananggalan
Masehi lan Hijeriah. Wonten ing petangan jawi, saben dinten
punika nggadhahi sifat utawi watak piyambak-piyambak.
Dinten Watekipun Tegesipun
Ngaat Samudana Remen memba-memba
Senen Semua Kedah sae sadoya pakaryanipun
Selasa Sujana Sarwi mboten percaya
Rebo Sembada Sarwi kiyat tur mantep
Kamis Surasa Remen menggalih ingkang lebet (dilebokake ati)
Jemuwah Suci Resik solah bawanipun
Setu Kasumbung Sombong lan remen pamer
Tabel dina Jawi, Indonesia saha Arab
Utawi Islam


Jenenge dina Jenenge dina Jenenge dina Jenenge dina Solah
jawa anyar jawa kuna Indonesia Arab/Islam mbulan
marang bumi
Ngaat/Minggu Adite Minggu Ahad Meneng
Senen Soma Senin Itsnayn Maju
Selasa Hanggara Selasa Tsalaatsa Mundur
Rebo Buda Rabu Arba’a Mangiwa
Kemis Respati Kamis Khaamiis Manengah
Jemuwah Sukra Jum’at Jum’aat Munggah
Setu Tumpak Sabtu Sabt Tumurun
Dina Mulya

 Kebudayaan jawi punika hangrumati dinten-dinten ingkang dipun
anggep mulya utawi wigatos. Wonten ing dinten-dinten ingkang
kaanggep mulya, sawetawis masyarakat jawi taksih amengeti kanthi
manembah adhumateng Gusti Ingkang Murbeng Agesang (Allah
SWT).
1. Siji Sura, minongka dinten kapisan (taun enggal) wonten ing
kalendher utawi pananggalan jawi
2. Aboge, Cekatan saking Alip (taun pisanan)-Rebo(Buda)-Wage(dinten
pungkasan wonten ing pasaran).
3. Daltugi, cekakan saking Dal (taun kalima : Dal)-Setu (tumpak),Legi
(dina pasaran kaloro)
4. Hanggara Asih, inggih punika dinten Selasa Kliwon, dipun
percadosi tumuruning “wahyu Cakraningrat” uatawi “wahyu
Jatmika”, inggih punika kangge nata donya (mbangun kulawarga)
5. Jemuwah legi (Sukra manis) utawi dinten Purnama, ingkang
tegesipun pepak. Para wanita wiwit ngairake jabang bayi
Pasaran
Wonten ing kalendher utawi pananggalan jawi, kejawi wonten dinten
minngon utawi saptawara ugi wonten dinten pasran ingkang dipun
wastani pancawara ingkang cacahipun wonten gansal dinten.

Kanggo cethanipun naminipun dinten pasaran, watak saha patrapanipun


kados ing tabel punika
Jeneng Wulan
Cacahing wulan utawi sasi wonten ing kalendher utawi pananggalan
Jawi punika wonten 12. Menawi dipun samenakaken kaliyan
kalendher utawi pananggalan Masehi, saben tahun wonten gesehipun


11 dinten

Wonten ing kalendher utawi pananggalan jawi umuripun saben


wulanipun mboten sami, inggih punika wonten ingkang umur 29
dinten lan wonten 30 dinten.
Jeneng Taun
Tahun Jawi punika cacahipun wonten wolu lan dipun tata salebeting
ubengan wolong taunan ingkang kasebut windu. Ubengan wolong
taunan ingkang dipun wastani windu ounika wonten sekawan


golongan, inggih punika: windu Adi, Windu Kuntara, Windu Sengara
saha Windu Sancaya.
Manggah nami lan umuripun taun Jawi kados kasebat ing
ngandhap :

Nami taun Umur (dinten) Nami taun Umur (dinten)
Alip 354 Dal 355
(purnama) (ngawanga)
Ehe (karyana) 355 (lawas), 354 Be (pawaka) 354
(anyar)
Jimawal 354 Wawu 354
(anama) (wasana)
Je (lalana) 354 (lawas), 355 Jimakir 355
(anyar) (swasana)
Watekipun tiyang Jawi

Tiyang jawi punika nggadhahi watak utawi karakter ingkang
sumberipun saking kawontenan “slamet”, dados sedoya
ingkang dipun lampahi kedah nglairaken kawontenan ingkang
sarwi slamet.
 Deduga, inggih punika dipun galih katimbang kanthi
premana saderengipun mutusaken lampah.
 Prayoga, inggih punika dipun timbang awon lan saenipun.
 Watara, inggih punika dipun galih ingkang saestu kanthi
patitis saderengipun maringi pangadilan.
 Reringa, saderengipun yakin saestu tumrap putusanipun
kalawau.

You might also like