You are on page 1of 14

BASA RINENGGA

dening :
Alfiana Rifka Nurfatma, S.Pd
BASA RINENGGA
3.4 Mengidentifikasi struktur dan unsur
kebahasaan dalam teks sesuai dengan
ragam Bahasa Rinengga dan gaya
berbahasa Rinengga
4.4 Menulis berbagai bentuk kalimat dengan
menggunakan ragam Bahasa dan gaya
berbahasa rinengga.
TEGESE BASA
RINENGGA
dipacaki endah
dipajang
apik
- pajang
Tege
s dipaesi nengsemake

digawe
bagus
bregas
BASA RINENGGA
Basa rinengga iku basa sing di rengga,
rengga tegese paes. Basa Rinengga
tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki
supaya luwih apik, endah lan ngresepake.
JINISE BASA
RINENGGA
Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha
utawa meh padha tegese dianggo bebarengan.
Tuladha :
• adi luhung - Wayang iku minangka budaya kang adi
luhung
• akal budi - Supaya usaha bisa maju, para pengurus kudu
nggunakake akal budi
• bagas waras - Masio wis banget sepuhe, simbah isih
katon bagas waras
JINISE BASA
RINENGGA
Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges
badhean utawa cangkriman nanging dibatang
(dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper
wae.
-Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (abot =
klobot)
-Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (pindhang
lulang = Krecek)
-Balung klapa, ethok-ethok ora ngertI (balung klapa =
bathok)
JINISE BASA
RINENGGA
Tembung entar, yaiku tembung kang tegese ora
kaya makna salugune (kata kiasan).
Tuladha :
• lara owah - Para warga pada wedi amarga ana
wong lara owah.
• tipis lambene - Sanajan rupane ayu, akeh sing
ora seneng amarga tipis lambene.
• dawa tangane - Bocah iki lugu, nanging dawa
tangane.
JINISE BASA
RINENGGA
Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa
teges tartentu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa
kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning
tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe
ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon).
Tuladha :
• Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale
ketara
• Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal
kecandhake
• Anak polah bapa kepradah = Tingkah polahe anak dadi
tanggungane wong tuwa.
JINISE BASA
RINENGGA
Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa
sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan
nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduk.
Tuladha :
• Kocak tandha luka = wong kang sugih omong pratandha durung
akeh kawruhe.
• Sedhakep ngawe-awe = wis mareni marang tumindak ala  nanging
ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
• Ngubak-ngubak banyu bening = gawe kerusuhan ing papan kang
tentrem.
JINISE BASA
RINENGGA
Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone
mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging
kang dipindhakake wonge.
Tuladha :
• Gajah ngidak rapah = wong kang nglanggar
wewalere dhewe
• Sumur lumaku tinimba  = wong kang kumudu-kudu
dijaluki warah
• Lahan karoban mani = wong bagus/ayu rupane tur
becik bebudhene
JINISE BASA
RINENGGA
Parikan, yaiku unen – unen kang dumadi saka rong
ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan
ukara kapindho minangka isi.
Tuladha :
• Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
• Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.
• Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer,
tamba kangen.
JINISE BASA
RINENGGA
Pepindhan, yaiku unen-unen jroning kang mindhakake
barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane,
lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir,
pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké
ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara
penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan
sastra.
Tuladha :
Ayune kaya dewi Ratih
Dedege ngringin sungsang
Lembeyane mblarak sempal
JINISE BASA RINENGGA
Purwakanthi.
Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe iku diarani tembung purwakanthi.
Tembung purwakanthi iku miduweni 3 jenis, yaiku Purwakanthi guru swara, Purwakanthi
guru sastra, lan Purwakanthi Lumaksita/Guru Basa.
1. Tembung Purwakanthi Guru Swara.
Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing swarane. Contone :  
Ora obah ora mamah.
Jujur agawe Makmur.
Kepengen mujur tur malah ajur.
2. Tembung Purwakanthi Guru Sastra.
Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing sastra  utawa tulisane. Contone :  
Bobot, bibit, lan bebet iku penting.
Garang nanging garing.
Sing sapa salah bakale seleh
3. Tembung Purwakanthi Guru Basa.
Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana
mburine. Contone :  
Kepingin tuku buku, bukune wis entek.
Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.
Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.
JINISE BASA
RINENGGA
TEMBUNG YOGASWARA
Tembung yogaswara iku tembung loro ateges lanang-wadon kang mung beda
wandane wekasan. Dene bedane yaiku wandane kang ngarep mawa swara "a",
tembunge kang mburi mawa swara "i"
01. Apsara-Apsari
02. Bathara-bathari
03. Dewa-dewi
04. Gana-gini
05. Gandarwa-gandharwi
06. Gedhana-gedhini
07. Pemudha-pemudhi
08. Prameswara-prameswari
09. Raseksa-raseksi
10. Widadara-widodari
11. Yaksa-yaksi
12. Putra-putri

You might also like