You are on page 1of 9

TAMBAHAN MATERI

Basa Rinengga
Tembung kawi
Tembung basa Kawi iku séjé karo basa Jawa Kuna. Basa Kawi iku sajatiné basa kasusastran kamangka basa
Jawa Kuna iku basa lugu sadina-sadina.

Tuladha : - acala = gunung


- adi = endah, becik, luwih

- bantala = lemah
- baskara = srengenge

- cakrawala = langit
- candra = rembulan; paribasan

- Eka = siji

- eksi = mata
Purwakanthi
Purwakanthi yaiku runtuting swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara.
1. Purwakanthi Guru Swara, yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasan tembung, uga
diarani runtuting swara vokal.
Tuladha:
Sapa jujur, bakal makmur                                 (swara; u)
Ora cepet, ora ngliwet                                       (swara; e)
Tut wuri, andayani                                            (swara; i)
Tesmak bathok, mata mlorok                            (swara; o)
2. Purwakanthi Guru Sastra, yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
wiwitan wanda utawa tetembungane, lan uga diarani runtuting swara konsonan.
Tuladha :
Anak anung, anindita                  (nungal sastra; n)
Sing sapa goroh, growah             (nungal sastra; g)
Bobot, bibit, bebet                       (nungal sastra; b)
Sluman, slumun, slamet              (nungal sastra; s)
3. Purwakanthi Lumaksita (guru basa), yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku
tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhanke.
Tuladha :
Bayem arda, ardane ngrasuk busana
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka
Panyandra lan Pepindhan
 Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges rembulan
. Nanging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kaanan kang
mèmper karo kanyatan.
Tuladha:
Alisé nanggal sapisan: alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
Astané: nggandéwa gadhing
Athi-athiné: ngudhup turi
Awaké: ramping
Bangkèkané nawon kemit: bangkèkané kaya prajurit tawon.
Bathuké: nyela cendhané
Ater-ater a, lan seselan –in, -um
Ater-ater a
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda (suku kata) kang dumunung ana ing sangarepe tembung.

Tuladha :
- a + kudhung dadi akudhung.
- a + tulis dadi anulis.
- a + karya dadi akarya utawa makarya.
Seselan
Seselan yaiku aksara utawa wanda kang dayane ana satengahe tembung.
Seselan ing basa Jawa iku ana papat yaiku: -um-, -in-, -el-, -er-

Seselan –UmSeselan –in


Tuladha:
Turun + -um-         = tumurun Tulis + -in-            = tinulis
Ganti + um- = Gumanti Gambar + in- = Ginambar
Sugih + um- = Sumugih Sebut + in- = Sinebut
Sinar + um- = Sumunar
Guyu + um- = Gumuyu
 
Tembung Rangkep Dwilingga lan
Dwipurwa
 Tembung Rangkep Dwilingga
yaiku tembung rangkep kang dirangkep linggane (kata dasare)
Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
tembung kaanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora bisa-bisa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé
(tansah lali).
Tembung Rangkep Dwipurwa
Tembung rangkep dwipurwa yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing ngarep
dhewe.
Tuladha :
Luhur = lu+luhur = leluhur 
Tamba = ta+tamba = tetamba
Jamu =  ja+jamu= jejamu
Tuku =  tu+tuku    = tetuku.

You might also like