You are on page 1of 11

Guyon Maton

Kompetensi Dasar :
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan
menganalisis karya fiksi dan non fiksi secara lesan
dan tulis.

Indikator :
3.3.1 Menjelaskan karakteristik teks
anekdot dibandingkan teks lain yang
sejenis.
3.3.3 Mengidentifikasi ciri bahasa teks
anekdot.
Coba sapa sing kenal karo tokoh ing ngisor
iki?

Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up Comedy,


yaiku salah sawijining jinis pakaryan nglawak kang pamaragane
anggone ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan
tanpa kanca. Pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing panggung
kanthi nyritakake teks anekdot utawa humor kang wis diapalake.
Guyon maton yaiku........
Guyon kang ora nerak norma-norma ing masyarakat. Guyon
maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo
mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan kanthi gampang lan
nyenengake. Kanthi lumantar guyon maton, wejangan (wewarah
utawa ajaran) kang diwulangake bisa:
1) ndudut ati,
2) ora mboseni,
3) katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, lan
4) nglantipake pikir jalaran kebak pralambang kang nglatih
lantiping pikir.
Beda antarane teks anekdot karo teks
humor .......
• Karakteristik Teks • Karakteristik Teks
Anekdot Humor
1. Guyonane ngandhut 1. Guyonane lugu/
pasemon, wewarah, lan wantah
utawa wejangan.
2. Isine nyritakake
2. Isine nyritakake lelakone
lelakone paraga/ wong
paraga/ wong penting.
biasa
3. Mupangate minangka
sarana kritik sosial lan 3. Mupangate minangka
hiburan. sarana lelipur utawa
hiburan.
Ndhudhah Struktur Teks Anekdot
• Teks anekdot kang jangkep lan apik nduweni struktur utawa
wangunan kang dumadi saka:
a) janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaning
crita,
b) pawadan, yaiku perangan kang ngandharake pawadaning (latar
belakang) crita,
c) prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang
gawat, aeng ‘aneh’, utawa janggal ‘ora lumrah’
d) tanggapan, yaiku panemune paraga marang kahanan kang dumadi,
lan
d) wasana, kahanan pungkasaning crita. Teks anekdot kang jangkep
lan apik nduweni
Titikan Basa Teks Anekdot
• Lelewane basa ing basa Indonesia diarani gaya bahasa, dene ing basa
Inggris diarani language style.
Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot
basa Jawa nduweni titikan yaiku kerep migunakake lelewaning basa kang
arupa paribasan, bebasan, lan saloka. S. Padmosoekotjo ing bukune kang
asesirah Ngengrengan Kasusastran DJawa jilid I ngendikakake ngenani:
1) Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar,
nanging ora ngemu surasa pepindhan,
2) Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu
surasa pepindhan, lan kang dipindhakake kahanan utawa sipate
manungsa, lan
3) Saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu
surasa pepindhan nanging kang dipindhakake manungsane
Banjur kepiye carane nulis teks anekdot????
Supaya dhapukan teks anekdot ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki becik yen katindakake:
1) Milih prastawa utawa kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan. Sumber
idhe utawa gagasan bisa kajupuk saka pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah
polahe para priyayi (wong penting/pejabat/tokoh masyarakat) ing ariwarti, kalawarti, radhio,
televisi, internet, lan medhia massa liyane. Milih sumber anekdot kudu ati-ati, aja milih bab-
bab kang kaanggep sakral dening masyarakat, sabab bisa njalari dumadine cecongkrahan
(suku, agama, ras, lan antar golongan). Aja ndhapuk anekdot kang saru (lekoh), jalaran
cengkah karo norma lan budaya bangsa kita. Eling, yen salah siji tujuane teks anekdot yaiku
ngajak tumindak becik lumantar pasemon. Supaya luwih aman, apike jenenge paraga lan
papan dumadine prakara kasamarake.
2) Ndhapuk cengkorongan teks anekdkot. Supaya teks anekdot kang kasusun bisa apik lan
runtut, mula cengkorongan teks anekdot kudu katulis kanthi urut miturut strukture, yaiku
janturan, pawadan, prakara, tanggapan, lan wasana. Mupangate cengkorongan, yaiku
kanggo nuntun panulis supaya dhapukane teks ora nyebal saka tema lan ora ndadekake
worsuhing ‘campur-bawur’ bab kang dirembug.
3). Mekarake cengkorongan dadi teks anekdot kang utuh. Saliyane dibumboni maneka warna
lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane), teks anekdot bakal luwih
ndudut ati yen kabukak kanthi ukara pitakon retoris (ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsulan).
Kanthi ukara pitakon iki, pandhapuk wis ngajak srawung wong kang nyemak teks anekdot.
Tuladha:
(1) Sapa wonge sing ora nggumun weruh tingkah-polahe bupati iki?
(2) Apa tumon, pejabat kok tumindake kaya bocah cilik?
Kagetna panyemak anekdot, tegese aja ndeleh lelucon ing awal teks (perangan janturan utawa
pawadan)! Aja menehi pituduh marang panyemak, yen dheweke arep nyemak prakara kang lucu! Jarna
utawa umbaren panyemak nemokna lelucon iku dhewe! Ing perangan lelucon, gunakna tembung-
tembung kang cekak aos, prasaja, lan gampang dimangerteni liyan!

4) Nyunting teks anekdot. Sawise teks anekdot rampung kadhapuk, supaya apik lan lucu teks kudu
kasunting luwih dhisik. Nyunting tegese ndandani utawa moles isi, tata basa, lan tata tulis. Kaya dene
watu akik, teks kudu diampelas lan dipoles kanthi nastiti lan ati-ati. Tembung-tembunge yen karasa
kurang trep bisa kaganti, ukarane yen mbingungake bisa kadandani, lan yen ana kang kurang utawa
luwih bisa kasampurnakake
Dadi yen arep ngawe teks
anekdot.........

”Aja waton ngomong, ning yen


ngomong kudu nganggo wewaton”.
semBh nuwun\

You might also like