You are on page 1of 10

NULIS

TEKS
ANEKDOT
Kompetensi Dasar :
Menyusun dan mempublikasikan karya nonfiksi (artikel,
laporan, opini, anekdot, dan atau kritik) sesuai kaidah.

Indikator :
4.3.1 Menuliskan sebuah teks anekdot.
4.3.2 Mempublikasikan teks anekdot.
4.3.3 Membaca teks anekdot.
A. NULIS TEKS ANEKDOT
Sawise mahami karakteristik, struktur, titikane basa, lan isine teks anekdot
basa Jawa, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan
kang asipat prodhuktif, yaiku nulis lan mbiwarakake sawijining teks anekdot
basa Jawa. Para siswa kaajab kanthi greget, dhisiplin, lan pracaya marang
kabisane pribadhi makarya bebarengan karo kanca ing kelompok, nulis lan
mbiwarakake sawijining teks anekdot.

Supaya dhapukan teks anekdot ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki becik
yen katindakake:
1) Milih prastawa utawa kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa
gagasan. Sumber idhe utawa gagasan bisa kajupuk saka pengalaman pribadi
utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi (wong penting/pejabat/tokoh
masyarakat) ing ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan medhia massa
liyane. Milih sumber anekdot kudu ati-ati, aja milih bab-bab kang kaanggep sakral
dening masyarakat, sabab bisa njalari dumadine cecongkrahan (suku, agama,
ras, lan antar golongan). Aja ndhapuk anekdot kang saru (lekoh), jalaran cengkah
karo norma lan budaya bangsa kita. Eling, yen salah siji tujuane teks anekdot
yaiku ngajak tumindak becik lumantar pasemon. Supaya luwih aman, apike
jenenge paraga lan papan dumadine prakara kasamarake.
2) Ndhapuk cengkorongan teks anekdkot. Supaya teks anekdot kang kasusun bisa apik
lan runtut, mula cengkorongan teks anekdot kudu katulis kanthi urut miturut strukture,
yaiku janturan, pawadan, prakara, tanggapan, lan wasana. Mupangate cengkorongan,
yaiku kanggo nuntun panulis supaya dhapukane teks ora nyebal saka tema lan ora
ndadekake worsuhing ‘campur-bawur’ bab kang dirembug.

3) Mekarake cengkorongan dadi teks anekdot kang utuh. Saliyane dibumboni maneka warna
lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane), teks anekdot
bakal luwih ndudut ati yen kabukak kanthi ukara pitakon retoris (ukara pitakon kang ora
mbutuhake wangsulan). Kanthi ukara pitakon iki, pandhapuk wis ngajak srawung wong kang
nyemak teks anekdot.
Tuladha:
(1) sapa wonge sing ora nggumun weruh tingkah-polahe bupati iki?
(2) apa tumon, pejabat kok tumindake kaya bocah cilik?
Kagetna panyemak anekdot, tegese aja ndeleh lelucon ing awal teks (perangan janturan utawa
pawadan)! Aja menehi pituduh marang panyemak, yen dheweke arep nyemak prakara kang
lucu! Jarna utawa umbaren panyemak nemokna lelucon iku dhewe! Ing perangan lelucon,
gunakna tembung-tembung kang cekak aos, prasaja, lan gampang dimangerteni liyan
4) Nyunting teks anekdot. Sawise teks anekdot rampung kadhapuk, supaya apik
lan lucu teks kudu kasunting luwih dhisik. Nyunting tegese ndandani utawa
moles isi, tata basa, lan tata tulis. Kaya dene watu akik, teks kudu diampelas
lan dipoles kanthi nastiti lan ati-ati. Tembung-tembunge yen karasa kurang trep
bisa kaganti, ukarane yen mbingungake bisa kadandani, lan yen ana kang
kurang utawa luwih bisa kasampurnakake.
B. Maca Endah Teks Anekdot
Supaya bisa maca kanthi endah, pamaca kudu bener lan pener
anggone ngucapake lafal, nadha, intonasi, ekspresi, lan gestur
jumbuh karo isine teks anekdot.
a. Lafal utawa vokal ateges pocapan, yaiku upaya kanggo
nuturake tembung utawa ukara kang ndhapuk teks anekdot
kanthi pener, jumbuh karo lambang-lambang fonetis basa kang
kagunakake. Tuladhane fonem /d/ kudu dilafalake kanthi pener,
ora oleh dilafalake kanthi fonem /dh/ utawi /t/.
b. Nadha, yaiku endhek-dhuwure swara kang dipocapake
pamaca teks anekdot jumbuh karo isine teks. Tembung utawa
ukara tartamtu kang perlu oleh kawigaten, perlu diucapake
kanthi nadha dhuwur. Kosok baline, tembung utawa ukara biasa
kang ora perlu oleh kawigaten, cukup diucapake kanthi nadha
biasa (lumrah). Dalasan, kanggo paragrap utawa ukara ing
pungkasane teks, apike diucapake kanthi nadha endhek
banget.
c. Intonasi ing sajrone maca teks anekdot ateges wiramane
ukara, yaiku rendhetcepet lan agal-aluse pocapane pamaca
nalika nuturake tembung lan ukara sajrone teks.
d. Ekspresi, yaiku polatane rai kang ngatonake rasa batin.
Pamaca teks anekdot kudu ngatonake ekspresi jumbuh karo
kandhutane isi teks kang kawaca. Yen teks anekdot iku
nduweni nadha susah, mula ekspresi pamaca teks uga kudu
ngatonake ekspresi kasusahan. Kosok baline, yen teks anekdot
iku nduweni nadha sumringah, mula ekspresi pamaca tesk uga
kudu ngatonake ekspresi sumringah.
e. Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe pamaca
jumbuh karo isine teks. Obahe tangan lan sikil ing dhuwur
panggung kudu trep karo panjaluke teks.
Cekap semanten
Matur nuwun ............

You might also like