You are on page 1of 5

Tembang Dolanan

Tembang dolanan yaiku tembang reripta


gagrak anyar kang ora nganggo paugeran 
gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong
dhing. Nanging, biyasa ditembangaké
déning bocah-bocah cilik, mligi ing
padésan, sinambi dolanan bebarengan
karo kanca-kancané lan bisa dibarengi
wiramaning gendhing
Tembang Dolanan

Tuladhane: Gundul-Gundul Pacul, Padhang Mbulan, Sluku-Sluku Bathok, Lir-Ilir, Jamuran,


Jaranan, Cublak-Cublak Suweng, lan sak piturute.
Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang
tradhisional ing tlatah Jawa. Saben
padha (bait) macapat ndarbèni
ukara salarik kang diarani gatra, lan
saben gatra nduwé sawatara guru
wilangan (suku tembung) tinamtu,
lan dipungkasi nganggo uni
pungkasan kang diarani guru lagu.
Tembang Macapat
Tuladane: Pocung, Asmaradhana,
Kinanthi, Dhandhang Gula, Sinom,
Pangkur, Durma, Maskumambang,
Mijil, Gambuh, lan Megatruh
Saben tembang macapat iku ana paugerane (aturan) dhewe-dhewe.
Paugeran sajroning tembang macapat iku ana telu, yaiku :
1. Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris) ing saben padha (bait).
2. Guru lagu yaiku tibane swara ing saben pungkasaning gatra (baris).
3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra
(baris).

You might also like