You are on page 1of 34

S E RAT W E D HATAMA PU PU H

KINANTHI
ANGGOTA KELOMPOK :
1. Nia Purnama Ababil ( 20 )
2. Salwa Rizki Maulidina ( 30 )
P E N G E RT I A N S E R A T W E D H A T A
MA
• Serat Wedhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat
Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Tembung Serat
Wedhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wedha lan tama. Serat,
tegese tulisan utawa kasusastran, wedha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan
tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur.
Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh
ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu
salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul mligi ing babagan
reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa.
S E JARAH S E RAT W E D HATAM
A
• Serat iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA)
Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin
Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738,
utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Serat wedhatama ngandhut piwulang
luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi
piwulang babagan budi pekerti utawa tumindhak utawa gerteni.
Serat Wedhatama asale saka basa sanskerta, wedhatama menurut kamus kawi - Indonesia karangan L.
mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik.
Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha''
tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan
utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
SAS M ITA
• Sasmita tegese pasemon, pralambang. Sasmitane tembang biasane ana ing
padha sepisan pupuh kasebut, utawa ing pungkasan pupuh sadurunge.
Pupuh yaiku kumpulan tembang kang padha guru gatra, guru lagu, lan
guru wilangane. Tuladhane kumpulan tembang kinanthi, diarani pupuh
kinanthi ing sajeroning serat.
• Basa Jawa :
Kowe dadi pakulinan kanggo ngasah atimu,
Supaya (pikiran) sampeyan landhep kanggo nyekel sinyal,
PADHA 1 PUPUH
Aja mung mangan lan turu wae,
KINANTHI Nyana Kepahlawanan,
Nglatih awak kanthi nyuda mangan lan turu .
Padha gulangen ing kalbu,
• Basa Indonesia :
ing sasmita amrih lantip,
Kalian biasakanlah mengasah kalbu,
aja pijer mangan nendra, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat,
kaprawiran den kaesthi pesunen jangan hanya selalu makan dan tidur,
sariranira, jangkaulah sikap kepahlawanan,
latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan tidur.
sudanen dhahar lan guling.
• Basa Jawa :
Dadi lelakon,

PADHA 2 PUPUH Nyuda mangan lan turu,


Aja seneng pesta utawa seneng – seneng,
KINANTHI Mung nggunakake minangka perlu,
Amarga sifate wong sing seneng pesta,
Dadiya lakunireku, Yaiku nyuda rasan batin.

cegah dhahar lawan guling, • Basa Indonesia :


lawan aja asukan-sukan, Jadikan sebagai lelakon,
Kurangi makan dan tidur,
anganggoa sawatawis,
Jangan gemar berpesta pora,
ala watake wong suka, Gunakan seperlunya,

suda prayitnaning batin. Karena tabiat orang yang gemar berpesta pora,
Itu berkurangnya kepekaan batin.
• Basa Jawa :
Yen wis takdie dadi wong sukses,
Aja gumunggung dhiri,
PADHA 3 PUPUH Saja nyedeki wong sing duwe pakulinan ala,
KINANTHI Lan tumindak ala,
Amarga suma utawa ora,
Yen wus tinitah wong agung, Iku bakal nular ing sampeyan.

aja sira gumunggung dhiri, • Basa Indonesia :


aja raket lan wong ala, Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar,
Janganlah menyombongkan diri,
kang ala lakunireku,
Jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk,
nora wurung ngajak-ajak, Dan bertingkah laku tidak baik,
satemah anenulari. Sebab suka atau tidak suka
Hal itu akan menular padamu.
PADHA 4 PUPUH
KINANTHI
Nadyan asor wijilipun, • Basa Jawa :
yen kelakuane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
PADHA 5 PUPUH
KINANTHI
Yen wong anom pan wus tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen kang ngadhep akeh bangsat,
nora wurung bisa anjuti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.
PADHA 6 PUPUH
KINANTHI
Sanadyan ta nora melu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
iku panuntuning eblis.
PADHA 7 PUPUH
KINANTHI
Panggawe becik puniku,
gampang yen wus den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.
PADHA 8 PUPUH
KINANTHI
Yen wong anom-anom iku,
kang kanggo ing masa iki,
andhap asor kang den simpar,
umbag gumunggunging dhiri,
obral umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki.
WATAK T E M BAN G K I NAN T H
I
• Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo
wong pitutur lan crita kang nalekane tresna asih. Dikanthi-kanthi (diarah
lan dituntun) dadi manungsa sejati. Sing tansah ngrumat pertiwi.

PIWULANG SAKA
WATAK TEMBANG
KINANTHI YAIKU DADI
WONG KUI KUDU
DUWENI PAKULINAN
APIK.
Piwulangan sajrone serat wedhatama
• A. Wong kang kepengin angresepi kawruh,kudu linambaran ngekang hawa nepsu, tawakal lan pasrah marang
kuwasaning Gusti.
• B. Anugrah Gusti kudu ditebus kanthi ngresepi mutlak, didhasari saka kasucen batin, ngadohake dhiri saka watek
angkatan murka, dikantheni katekunan patang sembah, yaitu sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa.
• C. Wigati nalika ngudi kawruh lair batin supaya panguripan manungsa ing bebrayan donya lan sepisan iki ora ngalami
karusakan.
• D. Ngelakoni ajaran agama knthi tuntutan para ahli ing bidhange.
• E. Kawruhe kang bener ora amung saka wong tuwa, ananing bisa saka wong kang ina sanadyan wis pikanthuk
rahmating Gusti mesti bisa menehi kawruh.
• F. Kanggo dheweke kang taat marang agama, kudu bisa buktikake sijine tembung kanthi laku utawa padhune kawruh
kanthi anak.
Serat Wedhatama:
Pupuh sajrone serat Wedhatama • Pupuh 1 ( pangkur )-(ana 14 pada, katulis 1 tumeka 14)
• Pupuh 2 (sinom)- (ana 18 pada,katulis 15 tumeka 32)
• Pupuh 3 (pocung)- (ana 15 pada, katulis 33 tumeka 47)
• Pupuh 4 (gambuh)- (ana 32 pada, katulis 48 tumeka 82)
Sajrone serat wedhatama ngemu pupuh
cacah lima. Saben pupuh ngemu cacah • Pupuh 5 (kinanthi)- (ana 18 pada, katulis 83 tumeka 100)
pada kang beda beda. Setitikna
pajlentrehan ing ngisor iki.
PANGKUR

Ana ing Serat Wedhatama Pupuh Pangkur duweni wos ngelmu kang sempurna, kang
dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo
duweni yaiku ati – ati utawa mawas dhiri. Manungsa kang kasil mawas dhiri utawa ati – ati
anggone nglakoni urip ana ing alam dunyo bakal tentrem lan ayem.
SINOM

Wos Pupuh sinom yaiku Babagan pikolahe saka tumindak ngati-ati. Tuladhane yaiku
Nata Mataram Senapati kang duweni gelar “wong agung ing Ngeksiganda”, tegese salah
sawijining pemimpin teladan,sumeh,Tresna marang kawulane,lan asring nglakoni pada
ananing ora diadohi marang kawulane.
POCUNG

Wose Pupuh Pocung ana ing Serat Wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati.
Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. Kawicaksanaan kasebut
kudu kelakon. Wos Panembahan Mangkunegara IV yaiku Lila lan narima,legawa Utawa lila
atine lan pasrah,sabar,tulus, ikhlas,lan Sumarah marang Gusti ingkang Maha Agung.
GAMBUH

Wos kang ana ing Pupuh Gambuh yaiku rasa syukur marang Gusti Kang Maha Agung
kanthi suci ing batin,ngadohi watek angkatan murka lan sipat ngedel-ngedelake,sarta tekun
ngalakoni sembahyang.
KINANTHI

Wos ana ing Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi diringkes dadi rong kelompok yaitu wos
kanggo wong enom lan wong tuwa.
PIWULANG KANGGO WONG ENOM

 Tansah nganut kabecikan kang wis diwulangake minangka panjangka nggayuh


kamulyan.
 Nglandhepake pangrasa Utawa langiping ati supaya nyingkirake hawa nepsu murih dadi
manungsa kang duweni Budi pekerti kang luhur kanthi cara semedi saka gebyare donya saengga
entuk katenangan ati lan jiwa .
 Ngilangake iri dengki,ora gampang muntab,ora seneng nggangu wong liya,lan ora
ngunggulake hawa nepsu nanging amung meneng supaya anteng.
 Ngilangake iri dengki,ora gampang muntab,ora seneng nggangu wong liya,lan ora ngunggulake
hawa nepsu nanging amung meneng supaya anteng.
PIWULANG KANGGO WONG TUWA

 Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepriye carane


milah-milah babagan ngelmu kang bener. Kepriye carane eling marang
Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggap tuwa yaiku pawongan
kang nduweni ngelmu lan paham Babagan lelakoning urip, dudu
wong kang tuwa umure.
 Dadi Serat Wedhatama yaiku ngelmu babagan kabecikan. Ananing
ora mung piwulang kabecikan lahire naning uga becik batine.
PRAMASASTRA

Paramasastra nyinaoni Babagan aksara,wanda,Tembung,lan ukara.


Paramasastra yaiku kawruh kang ngrembung Babagan tata basa.
Paramasastra asring digunakan nalika nulis geguritan lan tembang amarga
menawa migunakake paramasastra,bisa ngasilake karya kanthi tetembungan
lan ukara kang Endah.
Pa rama sast ra ka pantha dadi Temb ung l an u kara. Ing k alodh angan Iki, baka l dir embug para masa stra jini s uka ra bab dhik si la n pur waka nthi.

• Dhiksi • Purwakanthi
yaiku pamilihane tembung kang trep sajrone Ing basa Indonesia, purwakanthi diarani
ukara. Dhiksi menawa digunakake sajroning sajak,Rima,utawa persamaan bunyi.
tembang macapat,ora amung ateges rerangkenan Purwakanthi yaiku tetembungan kang padha
tembung-tembung kang ngandharake ide utawa swarane utawa kang padha aksarane.
gagasan, nanging uga nglimput pepindhan,
fraseologi,lan lelewaning basa.
DHIKSI • Pepindhan yaiku unen-unen kang ora ngemu
Surasa kang sejatine. Tegese pepindhan yaiku
pepindhan tetembungan kang ngemu surasa irib-iriban
utawa paupaman. Mula dikantheni tembung
“kaya”,dasannamane Tembung “kaya”,utawa
Tembung andhahan kang mengku teges “kaya.
• Fraseologi tegese fraseologi yaiku cara
nggunakake Tembung sajroning tatanan ukara kang
DHIKSI luwih jembar,bisa ing wujud tulis apadene guneman.
• Tuladha :
Fraseologi • - Yani nggoreng iwak
• - Iwak kuwi digoreng Yani
• - Digoreng dening Yani iwak kuwi
Lelewaning basa Lelewaning basa utawa ing basa Indonesia tegese gaya yaiku cara-
carane penulis nggunakake basa supaya gampang ditampa,endah,lan kepenak
dirungokake. Wondene lelewaning basa kang asring digunakake sajroning tembang
macapat,mligine Kinanthi yaiku baliswara. Baliswara ateges gaya basa kang manut
pangrakite ukara,wasesa dumunung ing sangarepe jejer.
Tuladha :
DHIKSI 1) Senajan wis rejeki, sithik akeh bakal daksyukuri. (Antitesis)
2) Ceng,ceng,ceng,lonceng wis muni mayahe mlebu kelas. (Anamatope)
Lelewaning Basa 3) Aku pilih numpak Sugeng Rahayu tinimbang Eka utawa Mira. (Metonimia)
4) Aja ta limangewu, sewu wae aku ora duwe. (Klimaks)
5) Bal bunder makbleng mlebu gawang. (Pleonasme)
6) Sang Surya wis njedhul ing lintang etan. (Metafora)
7) Mangga pinarak mlebet gubug Kulo. (Litotes)
8) Nalika liat ing ngarepku,wangine kaya kuburan anyar. (Hiperbola)
9) Tulisanmu apik banget kaya cekeran pitik. (Ironi)
10) Langit bumi Iki dari seksine. (Personifikasi)
A. Purwakanthi guru swara,yaiku purwakanthi kang
padha swara ing pungkasaning Tembung.
PURWAKANTHI Tuladha : Busuki ujaring janmi.
B. Purwakanthi guru sastra,yaiku purwakanthi kang
Purwakanthi guru swara padha tulisan utawa aksarane ing saben wiwitan Wanda
utawa tetembungan’e.
Purwakanthi guru sastra
Tuladha : Pantes tinulad tinurut.
Purwakanthi guru basa C. Purwakanthi guru basa (lumaksita),yaiku purwakanthi
kang padha tembunege,tegese tembung pungkasan ukara
kang ngarep dadi tembung wiwitan ukara candhake.
Tuladha : Kawruh mung ana wuwus. Wuwuse gumaid
gaib.
NANGGEPI WOS TEMBUNG
• Nanggepi yaiku menehi panyaruwe tumrap sawijine Prastawa utawa wacan. Tegese
nanggepi Wos tembang yaiku menehi panyaruwe tumrap tembang macapat. Nanggepi
tembang bisa ditindakake kanthi rong cara,yaiku lisan lan tulis. Sadurung menehi
tanggepan,becik kokmangerteni dhisik pokok wos tembang.
Setitikna cara menehi tanggepan tumrap wos tembang ing ngisor iki.

• 2. Gawe Gancaran Tembang


• 1. Maca kanthi Setiti Tembang
• Gancarane tembang :
• Wananen kanthi setiti tembang ing ngisor Iki!
• “Mula padha sregepa putra-putraku,ajar nglandhepake ati,becik ing
• Marma den taberi kulup, awan utawa bengi,sebisane ngrasuki ing ati,nyingkirake Kabeh
hawa nepsu,supaya dadi manungsa utama.”
• angulup langiping ati,
• rina wengi den anedya, • 3. Nemtokake Pokok Wos Tembang
• pundak-pundaking pambudi, • Pokok wos tembang yaiku Sinau ngendhaleni hawa nepsu supaya
• mbengkas kaardaning driya, dadi manungsa utama.
• 4. Menehi Tanggepan
• supadya dadya utami.
• “Piwulang sajrone tembang katujokake kanggo wong enom,amarga
sing angel ngendhaleni hawa nepsu Kuwi biyasane wong enom”.
Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngandhut
piwulang bab:
1. Ngasah raos/sensitivitas raos supados nyingkiraken hawa nepsu supados dados
manungsa ingkang berbudi pekerti kanthi semedi/nyisihaken saking tiyang kathah
supados pikantuk katentreman lan katentreman.
2. Mugi tansah eling supados tansah mangertos pepalanging gesang (introspeksi) saha
tansah ngilangaken rasa mangu-mangu ing manah supados ajeg anggenipun nindakaken
kasaenan.
3. Ngilangi drengki, ora panas atine, ora ngganggu wong liya, lan ora ngumbar hawa
nepsu, nanging mung meneng wae.
4.Piwulang ingkang ndherek budi pekerti ingkang sampun kawulangaken
minangka langkah kangge nggayuh kamulyan.

Wiwitane bayi abang, banjur berkembang dadi bocah sing tansah diparingake dening wong
tuwane minangka hadiah lan berkah. Bayi dadi fokus lan pangarep-arep. Supaya seneng.
Woh atine mujudake peparing Ilahi kang kudu dijagi dina ratri. Dikanthi-kanthi (diarah lan
dituntun) dadi manungsa sejati. Sing tansah ngrumat pertiwi.

You might also like