You are on page 1of 28

BASA JAWA

GEGURITAN
Miturut Padmo Soekotjo, geguritan asale saka tembung guritan saka linggane
tembung gurit kang tegese tembang utawa kidung. Dene nggurit tegese ngarang
tembang., kidung, rerepan utawa karangan iketan.

Carane nggurit utawa ngripta geguritan, yaiku kanthi nggatekake ciri – cirine
geguritan kaya ning ngisor iki :
1. Cacahing gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithike papat
2. Cacahing wanda (suku kata) ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe.
3. Tibaning swarane (guru lagu) kudu runtut.
4. Sangarepe guritan diwiwiti nganggo tembung sun nggegurit.
5. Isine kebak pitutur kanggo sarana patuladhan becik.

Cara – cara kasebut ing nduwur mligi kanggo guritan kuna, dene guritan gagrag
anyar utawa moderen wis ninggal paugeran – paugeran kasebut. Ing jaman saiki,
tembung geguritan kena ditegesi puisi bebas lan uga ana kang ngarani wis ngeblat
marang puisi barat.
Gatekno tuladha geguritan kuna
ing ngisor iki !
Sun Nggegurit
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha – pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawunge sarwa ngati – ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggodha 2018

Nerak ing laku susila


Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
Gatekno tuladha geguritan
modern ing ngisor iki !
Jaman Iki Wis Banget Tuwa
Dening : Turiyo Ragil Putra

Ngger, anakku
Jaman iki wis banget tuwa
Kabudayan wis rontang – ranting subasita
Mung kari cerita
Aja maneh sinom, dhandhanggula, utawa gambuh

Salarik guritan wae wis ora ana sing nggape


Kajaba kerlap – kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrenggani sepine wengi
Binareng angambare cempaka sari

Wis ora tembang kinanthi


Sing biyen tansah methuk eseme rembulan
Nalika bocah – bocah dolanan jamuran
Wis ora ana, ngger 2018
Kajaba swara tangis
Saka pang – pang lan godhong mlathi
Sing dumadakan coblok
Tanpa daya ngrungkebi bumi

Jaman iki wis banget tuwa, anakku


Aja ngimpi kembang guritan ngrenggani taman
Bocah angon galik – galik kekidungan
NULIS GEGURITAN
Geguritan iku ditulis kanggo nglairake gagasan, perasaan utawa masalah kang
diadhepi pangripta (pengarang). Masalah kasebut bisa pengalaman batin utawa
gegayutan karo kasunyatan kang kedadeyan ing sakiwa tengene wong sing
ngarang.
Supaya bisa nulis geguritan kanthi becik lan karyamu manawa diwaca uga
kepenak dirasakke, perlu digatekake babagan isi, tembung – tembung kang endah,
paramasastra lan uga pambabaring rasa kang alus.

Mula saka iku urutan kang becik manawa arep nulis geguritan mangkene iki.
a. Mikirke isi : arep ngrembug bab apa kudu cetha
b. Tembung endah : miliha tembung kang jumbuh karo bab kang arep
dibabar, awujud bebasan, pasemon, lan sapanunggalane
sing bisa makili gagasan lan perasaanmu.
Tuladha Geguritan anggitane
Alie Emje
Esemmu
Ana secleret esem
Saka langit kang peteng
Nalika lagi kelangan dalan
Jangkah – jangkah nggrayangi pecak

Esemu cahya rumesap dhadha


Ing kahanan rengka
Kelangan seja

Embun ing kala ketiga


Gawe segere tetuwuhan
Ngantu-antu udan
Ing mangsa labuh
Kumlawene gegayuhan
Tresnaku bakal dakdhedher 2018
Ing sawah – sawah rengka
Ing kebon – kebon bero
Nanging bakal ngrembaka

Esemu kuwawa ngglandhang


Ing ketlewange gegadhang
Nuwuhake pepadhang
Ing ati kekitrang
KAWRUH
Geguritan kalebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi maksud liya.
Geguritan kuwi asipat konotatif, tegese duweni pangerten kang beda karo
pangerten ing kamus. Mula geguritan uga duweni sipat ekspresi ora langsung
sajiwining kegiyatan utawa aktivitas basa sing ngudharake karep kanthi cara liya.
Gamblanging tembung, yaiku ngudharake rasa pangrasa ora kanthi langsung.
Mula basane katelah basa sing khas. Kekhasane basa merga disebabake dening
telung perkara.
a. Merga ngganti teges carane nganggo lelewaning basa utawa pepindhan
b. Ngenggokake teges kanthi cara purwakanthi
c. Ngripta teges kanthi cara nonsense lan tipografi (pembaitan)

Tembung – tembung kepilih tenanan adhedhasar swasana kang nuwuhake daya


khayal (imaji) lan daya asosiasi. Kanthi migunakake basa kias (basa rinengga)
utawa lelewaning basa, lan purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita ndadekake
basa geguritan kuwi endah yen diwaca lan dirungokake. Senadyan cakak aos,
nanging duwe kekuwatan.
Geguritan iku kawangun saka babagan (unsur) fisik lan batin. Dene katrangane kaya
mengkene.
1. Unsur fisik :
a. Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung –
tembung utama ing geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama, rima
b. Citraan yaiku adharan saka penulis supaya gawe sengsem para pamaose
c. Majas yaiku wujud ukara kang bisa narik kawigaten
d. Bunyi yaiku nemtokake tembung – tembung kang digunakake bisa narik kawigaten,
mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.
e. Tipografi yaiku geguritan iku bisa narik kawigaten.
2. Unsur batin :
a. Tema
Kanggo mangreteni geguritan, pamaca kudu ngreteni tema lan makna geguritan
kang pengin dikandhakake penyair. Tema yaiku gagasan pokok kang
diandharake dening penyait lumantar geguritan. Tema gumantung penyair.
Pamaca akeh sithik kudu ngreteni latar belakang penyair supaya ora kleru
nafsirake tema geguritan kasebut. Mula iku, tema asipat khusus, objektif, lan
lugas.
Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema
kamanungsan, tresna, patriotisme, perjuwangan, urip kang gagal, alam, kritik
sosial, keadilan, demokrasi, lan tema kesetiakawanan.
b. Perasaan
Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak,
nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa iku.
c. Nada
Nada yaiku kajiwane pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep
pangripta marang riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis bisa bitik kepiye
andharane pangripta. Kang bisa klebu perangan iki yaiku irama lan rima.
Irama utawa ritme ana sesambungane karo ambalane (pengulangan) swara,
tembung, frasa, lan ukara. Ing geguritan irama bisa awujud ambalane tembung
kanthi tratur nuwuhake gelombang swara kang nuwuhake kendahan. Iarama
uga bisa ateges owah – owahan saka banter-alon, dhuwur-cendhek, utawa
dawa-cendhake tembung kanthi ngambali makaping – kaping kang ancase
nuwuhake gelombang swara supaya gawe endahe geguritan. Kanthi ngembali
tembung kunci utawa tembung penting bisa gawe makna tembung kuwi dadi
bangetake.
Rima (persamaan bunyi) iku ambal-ambalane uni ngemuantara (pengulangan
bunyi berselang), ing larik apadene ing pungkasane geguritan. Uni kang
ngemurima iku bisa dituduhake kanthi tekanan, nada ndhuwur, utawa
ndawakake swara. Umpamane tembung lara bisa nduwe makna beda yen
anggone ngucapake kanthi nada kang beda. Tembung iku bisa nuduhake
kahanan yen lara tenan, bisa uga ateges ora trima yen anggone ngucapkake
nganggo nada ndhuwur lan banter
d. Amanat
Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngendharake pesen kang bakal
dijlentrehake.
Trap – trapan panulisane geguritan iku kaperang dadi telung trap kang
penting.
a. Nemtokake idhe / tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa
golek informasi lumantar maca, nonton, lan ngrasakake marang
prastawa lan pengalaman pribadi, sosial masyarakat, utawa
universal (kamanungsan lan ketuhanan)
b. Nyaring, iku milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, idhe,
gagasan) kang narik kawihaten adhedhasar tema kang dianggo.
Sabanjure mikirake, ngrenungkake, lan nafsirake tema jumbuh
karo konteks, ancas, lan pangreten kang wis ana.
c. Ngripta geguritan, minagka proses kang kudu ditindakake kanthi
tliti, awit panulisane mbutuhake kreativitas, intuisi, lan imajinasi.
Sarta pengalaman lan kaprigelan. Mula saka iku, ing proses iki
dibutuhake kaprigelan nemtokake tembung lan ukara kang trep,
cekak, aos, endah, lan nengsemake. Sabanjure bisa ngasilake
tembung – tembung kang ngemumakna, kabangun, karakit, lan
kawaca minangka geguritan.
Basa lumrah Basa rinengga

Ora anteng Lungguhe anteng kitiran

Playune banter naget Playune lonjong mimis

Eseme manis banget Eseme pait madu

bodho Pikirane landhep dhengkul

Aja seneng cedhak wong Aja cedhak kebo gupak


ala
Ati Driya, galih, kalbu, nala, prana, tyas

Angin Bayu, bajra, maruta, pawana


Basa lumrah Basa rinengga

Anak Atmaja, putra, suta, siwi, yoga

Bumi Bawana, bantala, pratala, pratiwi, basundara

Geni Agni, apyu, brama, dahana, pawaka

Getih Ludira, rah

Gunung Aldaka, giri, arga, ardi

Mangan Boga, dhahar, nedha

Mati Lalis, lampus, murud, pralaya, palastra, seda


Basa lumrah Basa rinengga

Turu Guling, nendra

Udan Jawah, riris

Omah Graham, wisma, yasa, panti

Lintang Kartika, sasa, sudama, taranggana

Pinter Guna, lebda, limpad, nimpuna, wasis

Ireng Langking, kresna

putih Dwala, pingul, seta


Basa Basa rinengga
lumrah
Rembulan Badra, basanta, candra, sasangka, wulan

Wadon Dayinta, dyah, kusuma, putrid, retna, wanodya

Wong Jalma, jana, janma, nara


WOSING WULANGAN
1. Ing jaman masyarakat migunakake basa jawa kuna wis dikenal wujude geguritan sing diarani kakawin. Wujud
prosane sinebut parwa. Rikala ing jaman basa Jawa tengahan utawa Jaman Majapahit, geguritan katelah
kidung. Ing jaman Mataram tekan jaman Surakartanan, geguritan katelah tembang, wujude tembang gedhe,
tembang tengahan, lan tembang cilik utawa macapat.
2. Ing jaman kamardikan rikala taun patang puluh limanan ana geguritan ning beda banget karo geguritan jaman
saiki sing bebas wujude. Jaman patang puluhan geguritan biasane kawiwitan saka tembung “sun nggegurit.
3. Miturut ahli sastra Roman, Ingarden, geguritan kuwi ibarate kaya dene kue lapis. Miturut Riffaterre, geguritan
ibarate kue dhonat. Lapis sepisan kuwi uni utawa swara, mula endahe utawa apike geguritan kuwi kudu diwaca.
4. Ana bab-bab kang wigati lan prayoga disetitekake nalika maca geguritan, yaiku bab teknis lan nonteknis.
5. Geguritan kuwi asipat konotatif, tegese duweni pangerten kang bedo karo pengerten ing kamus utawa
bausastra. Mula basane katelah basa sing khas. Kekhasane basa merga disebabake dening telung perkara.
a. Merga nganti teges carane nganggo lelewaning basa utawa peindahan
b. Ngenggokake teges kanthi cara nganggo purwakanthi
c. Ngripta teges kanthi cara nonsense lan tipografi (pembaitan)
6. Tembung – tembung bener- bener kepilih adhedhasar swasana kang nawahake daya khayal (imaji) lan daya
asosiasi
7. Geguritan iku kawangun saka babagan (unsur) fisik lan batin
8. Unsur fisik, yaiku diksi, citraan, majas, bunyi, lan tipografi
9. Unsur batin, yaiku tema, perasaan, nada, lan amanat.
10. Trap-trapan panulise geguritan iku :
a. Nemtokake idhe / tema
b. Nyaring, lan
c. Ngripta geguritan
UJI KOMPETENSI

I. Ing Ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen !

Wacanen geguritan iki !


SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening Tatiek Kalingga

Kanthi ati kang krasa rinujit,


Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilanpahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

Kapethik saka : Solopos


UJI KOMPETENSI

1. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku ….


a. Ati kang bungah d. ati kang kelara-lara
b. Rasa kang mantep e. ati kang kelegan
c. Ati kang serakah
2. Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a. Gegambaran ati kang kelara - lara
b. Tumindak kang nalisir
c. Ora bisa kecukupan
d. Ngerteni kahanan kang endah
e. Donga marang Gusti
3. Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….
a. Gegambaran ati kang kelara - lara
b. Tumindak kang nalisir
c. Ora bisa kecukupan
d. Ngerteni kahanan kang endah
e. Donga marang Gusti
UJI KOMPETENSI

4. Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi uri
iki, yaiku ………
a. esuk d. surup
b. awan e. bengi
c. sore
5. Saora – orane ana pateng kegiatan kang kudu ditindakake sadrurunge pawongan iku
arep maca geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba
…………….
a. analisis situasi
b. milih geguritan
c. ngonceki (ndhudhah) geguritan
d. gegladhen
e. manut kang nglatih
6. Nggatekake lan menehi basa, utamane babagan tembung – tembunge utama ing
geguritan iku perange nulis geguritan kang diarani …….
a. diksi d. bunyi
b. citraan e. tipografi
c. majas
UJI KOMPETENSI

7. Andharan saka pangripta geguritan supaya gawe sengsem para pamaose yaiku :
a. diksi d. bunyi
b. citraan e. tipografi
c. majas
8. Gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar pangriptane geguritan
yaiku …….
a. alur d. nada
b. tema e. amanat
c. perasaan
9. Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal
dijlentrehake lumantar ……….
a. alur d. nada
b. tema e. amanat
c. Perasaan
10. Miturut pamilihe tembung kang endah, ngandhakake swasana kang nyenengke bisa
nggunakake tembung – tembung kaya andharan ing ngisor iki, kajaba….
a. rembulan ndadari d. eseme pait madu
b. kadya aksa sumilak e. katiban segara madu
c. ron kang tumiba ing bantala
I. ESAI

1. Wacanen geguritan iki banjur garapen gladhene !


Gaman Ilang Landhepe
Dening : Manaf Maulana

Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe


Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Gaman ilang landhepe ora banjur ala
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris – keris wong jawa
Kethul ning bisa dadi turangga

Kepethik saka : Solopos


a. Tentokna tema geguritan iku!
b. Andharna wos surasane geguritan iku nganggo basamu dhewe!
2. Tegesana tembung ing ngisor iki!
a. Ngungkalke
b. Kethule
c. Jumawa
d. turangga
I. ESAI

3. Salah sijine unsur fisik geguritan iku bunyi. Bunyi yaiku nemtokake tembung – tembung
kang digunake bisa nrik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.
Mula golekana tembung kang narik kawigaten kanggo nagganti tembung iki.
a. anak
b. kewan
c. srengenge
d. kepeksa kudu manut wong tuwa
e. rasa tresna kang ora bisa dilalekake

4. Miliha tema kanggo nulis geguritan. Sabanjure pilihen tembung – tembung kang narik
kawigaten. Pungkasane tulisen dadi geguritan kanthi gaya nulis kang nengsemake!

5. Wacanen geguritan anggitanmu iku ing ngarep kelas kanthi lafal, intonasi, penghayatan
lan gaya maca kang narik kawigaten!
1. Busana Adat Jawa, gagrag Surakarta,
Kakung lan putri
2. Busana Adat Jawa, gagrag Ngayogyakarta,
Kakung lan putri
3. Kelas 12 Semester 1 Basa Jawa, Busana Adat jawa

You can Resize without


losing quality
You can Change Fill
Color &
Line Color

FREE
PPT
TEMPLATES
www.allppt.com
Matur Suwun

You might also like