You are on page 1of 8

NYEMAK

CRITA
LEGENDHA
KELAS VIII
SEMESTER 1
SMPN 2 GUNUNGWUNGKAL
TEGESE/ ARTINE LEGENDHA:

APA CRIT
A
Legendha (bahasa latin : legere) yaiku crita gancaran LEGENDH
A IKU ??
?
(prosa) rakyat kang dianggep bener kedaden. Mula
legendha asring dianggep minangka sejarah kolektif (folk
history)

Legendha: Cerita rakyat jaman dhisik kang ana


gegayutane (kaitane) karo prastawa lan asal-usul
kedadeyan salah sawijine papan panggonan.

2
Contoh crita Legendha ing Kabupaten Pati yaiku

 Asal-usul Sendhang Sani


 Desa Randukuning
 Desa Sukolilo
 Legendha Pohijo Misteri Penggung
 Asal-usul Desa Sirahan Cluwak
 Asal-usu Desa Lahar Tlogowungu, lan liya-liyane

3
Ing Legendha uga duweni unsur intrinsik lan
unsur ekstrinsik

 Unsur Intrinsik: unsur kang ana ing njerone


cerita
kayata : penokohan, alur, setting, lsp

 Unsur Ekstrinsik: unsur kang dipengaruhi saka


njaba cerita

kayata : pendhidhikane penulis, pengalaman uripe


penulis, lingkungan budaya, lsp

4
Unsur-unsur Intrinsik:
Tema : gagasan, ide, utawa pikiran kang dadi dhasare crita
Penokohan : wujud watak, sifat utawa karakter para paragane ing
crita
Alur utawa plot : urutan kedadean ing crita
Setting/ latar : latar prastawa ing crita, bisa awujud panggonan, wektu
utawa kahanan/ katrangan prastawa kang nggambarake
cerita
Amanat : pesen moral saka crita / pengarang

5
Tuladha crita Legendha

Legendha Desa Lahar Kecamatan Tlogowungu

Diceritakake kanthi turun temurun jeneng desa Lahar kawiwitan


saka jebluge Gunung Muria. Awit saking gedhene daya jebluge lahar/
lava, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutu ing
kota Hirosima Jepang Perang Dunia II, mula iku nyebabake yutan
meter kubik magma cair kacampur pasir mabur adoh ing angkasa.
Cipratan magma kang suhune ewon drajat celcius iku tiba ing salah
sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur
nggawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora
mleber tekan endi-endi. Sawise pirang-pirang taun lahar mau adhem
lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing
dhaerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.
Salah sijine tokoh wadon kang aran Mbah Kopek utawa Mbah
Dapit, kasebut dadi pengemong desa (danyang), nganti saiki isih ana
pundhen/ petilasane Mbah Kopek, manggon ing area pasar Desa
Lahar.

6
Mbah kopek iki duweni adhi loro, yaiku Nyai Ageng Kenduruan lan
Raden Singopadu. Miturut crita, Nyai Kenduruan minangka salah
sijine guru spiritual Penguwasa Carangsoka, dene Singopadu
kacritakake makame saiki ing desa Ngurenrejo Kecamatan
Wedarijaksa katelah Patih Kadipaten Carangsoka (cikal bakal
Kadipaten Pati). Desa Lahar (bekas wutahan lahar) sakbenere ora
patiya amba, nanging kanthi ngrembakane jaman Desa Lahar dadi
tambah amba amarga ana enem pedhukuhan kang meluu nggabung
yaiku dhukuh Jasem, Dhukuh Gajah, Dhukuh Gempol, Dhukuh
Dhopang, Dhukuh Dulang, dan Dhukuh Krakeh. Mula desa Lahar
saiki dadi pitung dhukuh ketambah dhukuh Lahar dhewe.

Kabesut saka www.fokuspati.com/06/03/409 kanthi ewah-ewahan

7
MATURNUWU
N

You might also like