You are on page 1of 9

MEDIA BELAJAR

BAHASA JAWA
KELAS 2

MI SULTAN FATAH
DEMAK
AYO NGERTENI PANDHAWA
1. PUNTADEWA
CIRINE :
Rambute gelungan rapet
Raine katon alus
Watake :
. Jujur
. Adil
. Seneng dono
. Ora seneng perang

Jeneng liya = Yudhistira


Dadi satriya ing Ngamarta

Pusakane jenenge
. Jimat Kalimasada
2. WERKUDARA
CIRINE :
Rambute gelungan mungkur
Awake gedhe dhuwur
Kukune lancip

Watake :
. Ora wedi bebaya
. Seneng bela bebener
. Seneng perang

Jeneng liya = Bima


Dadi satriya ing Jodhipati

Pusakane jenenge
. Gada Rujak Polo
3. JANAKA
CIRINE :
Rambute gelungan mlungker
Awake kuru lan omongane alus
Raine ganteng utawa bagus

Watake :
. Seneng tetulung marang liyane sing mbutuhake
tetulungan

Jeneng liya = Raden Arjuna


Dadi satriya ing Madukara

Pusakane jenenge
. Panah Pasopati
4. NAKULA

CIRINE :
Rambute gelungan melungker
Nganggo gelang utowo jamang ing tangan
lan sikile

Watake :
. Seneng njaga karahayoning negoro
. Seneng nambani wong loro

Jeneng liya = Raden Pinten


Dadi satriya ing Bumiretawu
5. SADEWA
CIRINE :
Rambute gelungan melungker
Nganggo gelang utowo jamang ing tangan
lan sikile

Watake :
. Seneng ngopeni jaran

Jeneng liya = Raden Tansen


Dadi Satriya ing Sawojajar

You might also like