You are on page 1of 14

Pranatacara

XI SMA
Pranatacara lan Panatacara
Pranatacara Pranata : Paugeran
Adicara : Acara
Pranata adicara:
Paugeran
tumraping tata gelar adicara ingkang badhé
kalampahan/teksipun

,Panatacara Panata : Ingkang nata

Acara : Acara
Panatacara/paniti laksana, paniti adicara :
Pawongan ingkang kajibah nata lan ngatur tumapaking adicara
wiwit pambuka ngantos paripurna,/MC (Master of
Ceremonnies) utawi pembawa acara./ TIYANGIPUN
PAMEDHAR SABDA
• Pamedhar sabda/Sesorah kasebat ugi tanggap
wacana, tanggap wara, sesorah. Medhar
sabda inggih punika nglairaken utawi
mahyakaken gagasan (idhe) kanthi lisan ing
sangajenging tiyang.
Ketrampilan ingkang kedah dipungadhahi

1. Olah jiwa( olah napas, ngeningaken cipta)


2. Olah swara (logat, pocapan, wirama,wirasa)
3. Olah raga: bleger (magatra), luwes (malaksana),
jejeg (mawastha), mantep (maraga), trengginas
(malagawa), tanggap ing swasana (matanggap),
ngentasi karya (mawwat)
4. Olah basa lan sastra (tembung, purwakanthi,
panyandra, paribasan, wangsalan)
a. Sinten ingkang gineman, sinten ingkang tumanggap
wawan ginem, punapa ingkang dipunngendikakaken,
kahananipun)
Panyengkuyung/(pendukung) kangge
panatacara supados kasil kanthi sae
1. Pangrengga swara ( sound system)
2. Papan (saged dipuntingali)
3. Pawiyatan (kursus, ndherek pawiyatan), Gladhen
4. Mental (kedah kulinten ngadhepi tiyang kathah)
5. Ketewajuhan ( saged mungkasi kanthi sae)
6. Kasamaptan( samekta ing kahanan arupi raga,
busana, basa, wicara)
CAK-CAKANIPUN PRANATACARA
1. Salam
2. Pakurmatan
a. Dhateng tiyang ingkang gadhah pangkat (Prof.Dr., Drs.)
1) Pantes sinudarsana
2) Ingkang minulya
3) Ingkang wicaksana
4) dahat kinormatan
5) dahat minulya ing pambudi
6) Ingkang tansah memayu pepayoning kautaman
b. Dhateng tiyang trah luhur kados presiden, menteri lsp.
1) Mahambeg berbudi bawa leksana
2) Mahambeg berbudi paramarta
3) Mahambeg berbudi darma
4) Mahambeg berbudi utama
c. Dhateng sesepuh (Kadus, RT, RW lsp.)
1) Dahat pinundhi-pundhi
2) Dahat kapundhi-pundhi
3) Dahat kinabekten
4) Kinungkung ing kamulyan
5) Ingkang dahat sinungkeman
6) Ingkang pana ing pamengku

d. Dhateng sesami
1) Satuhu asih ing sasana
2) Satuhu hanunggal jiwa ing jiwa
3) Rena ing sasana
4) Suka ing sasana
5) Satuhu dahat suka sih basuki
3. Pambuka:
“Nuwun saderengipun mugi tinebihna tulaksarik, saha
kinalisna saking sarusiku, sikudhendha, tuwin tinebihna
saking bendu. Bokbilih pribadhi jasad kula ing ngriki
kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya
kumedah anyigeg wawan pangandikan panjenengan
sedaya.”

4. Isi
a. Maos reroncening adicara (titicara, titilaksana)
b. Tumapaking adicara
c. Slundhingan utawi selingan
5. Donga
6. Panutup
BABAGAN INGKANG KEDAH DIPUNSINGKIRI
NALIKA SESORAH
1. Polatan mbesengut
2. Gugup
3. Gumujeng ingkang dipundamel-damel
4. Asring ningali cathetan
5. Ngobahaken tangan utawi sikil
6. Mlampah-mlampah
7. Ngadek kaku kados tiyang baris
8. Tangan methentheng/ sedhakep
9. Tangan mlebet ing sak klambi utawi kathok
10. Ampun tumungkul/ ndhingkluk
11. Ampun ndangak
URUT-URUTANIPUN SESORAH
1. Uluk salam/ salam pambuka
Isinipun ngucapaken salam: kula nuwun, sugeng siyang lsp.
2. Purwaka/ pamuji
Isinipun: ngunjukaken puji sokur, lan atur panuwun dhateng tamu
ingkang sampun rawuh.
3. Isi/ wigatining atur
Isinipun bab menapa kemawon umpami: atur pambagya supitan,
syukuran, ceramah bab ilmu (kesehatan, politik lsp).
4. Pengajeng- ajeng
Isinipun bab ingkang dipunajeng-ajeng dening ingkang kagungan
damel dhateng tamunipun umpami: donga, pitutur.
5. Panutup
Isinipun atur panuwun awit rawuhipun para tamu, nyuwun
ngapunten menawi wonten solah bawa ingkang boten mranani lsp.
KETERANGAN
1. Purwakanthi: gandheng kaliyan ngajeng utawi ngambali
suwanten ingkang sami.

a. Purwakanthi suwara: ngambali vokal ingkang sami,


tuladha: gemi nastiti, lan ngati-ati.
b. Purwakanthi sastra/aksara: ngambali konsonan ingkang
sami, tuladha: tinata tamat, gatining panganggit.
c. Purwakanthi Lumaksita/lumampah: ngambali tembung
ingkang sami, tuladha: witing klapa, klapa mudha
saumpama.
KETERANGAN
• Panyandra: Unen-unen saemper pepindhan ingkang surasanipun
mawi tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawi memper.
Tuladha: rikmane ngembang bakung, alise nanggal sepisan.

• Paribasan: Tetembungan ingkang ajeg panganggenipun ateges


wantah boten ngemu pepindhan. Tuladha: angon ulat ngumbar
tangan, kacang mangsa tinggala lanjaran.

• Pepindhan: Unen-unen ingkang ngemu surasa boten


samesthinipun. Limrahipun ngangge tetembungan: kaya, lir,
pindha, kadya, kadi lsp.
Tuladha: Baguse kaya Kamajaya, galake kaya macan manak.
METODE PANATACARA SAHA SESORAH

1. Naskah/ teks: naskahipun dipun damel


rumiyin, lajeng nalika majeng dipunwaos.
2. Apalan: Naskahipun dipundamel,
dipunapalaken, lajeng nalika majeng boten
mawi naskah.
3. Impromtu: sesorah kanthi dadakan, boten
nyiapaken naskah rumiyin.
4. Ekstemporant: sesorah kanthi mbekta catetan
alit ing wos (pokok) kemawon.
SAPA NGALAH LUHUR
WEKASANE
MATUR NUWUN

You might also like