You are on page 1of 7

BAB II

UPACARA
ADAT
APA IKU UPACARA ADAT?

Upacara Adat
Upacara adat mujudake salah sawijine tradhisi
masyarakat tradhisional kang dianggep isih nduweni
nilai-nilai luhur lan relevan tumrap kabutuhan
masyarakat. Upacara adat dipercaya nduweni nilai
sakral dening masyarakat pendukunge kang
diwarisake kanthi turun-temurun. Mula nganti saiki
upacara adat isih dilaksanakake.
UPACARA ADAT
DIBEDAKAKE
DADI 3
01 Gegayutan Karo Pawongan

02 Gegayutan Karo Alam

03 Gegayutan Karo Kapercayan


Upacara iki ditindakake kanggo nylameti diri
(awake dhewe) wiwit lair nganti tumekane pati.
Wong Jawa nduweni tradhisi kanggo nylameti diri
supaya anggone urip tansah slamet lan adoh saka
bebaya.

Tuladhane: GEGAYUTAN
Sepasaran, Pitonan, Tedhak Siten, Mantenan,
Slametan Pitung Dina, Patangpuluh Dina, lsp.
KARO
PAWONGAN
Upacara adat kang gegayutan karo alam tujuwane
kanggo tolak balak supaya papan panggonane
tansah diparingi lemah kang subur lan wujud rasa
syukur.

GEGAYUTAN
Tuladhane:
Sedekah Bumi, Larung Sesaji, Bersih Desa, lsp.

KARO ALAM
Upacara adat iki ditindakake jalaran anane
kapercayan marang leluhur kang dianggep ana lan
tansah weneh pitulungan. Upacara iki dadi wujud
pakurmatane masyarakat marang leluhure.
Upacara iki dileksanani kanthi wektu tartamtu,
kayata Suroan dilakoni ing tanggal 1 Suro.

Tuladhane: GEGAYUTAN
Suroan, Megengan, Ruwatan,
KARO
KAPERCAYAN
Matur Nuwun
Sugeng Sinau

You might also like