You are on page 1of 8

PASINAON BASA JAWA KELAS VIII

CRITA CEKAK

DENING
BANGKIT IRMANUDIN BAHRI
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Unggah-ungguh basa Jawa mujudake tatacara sajroning ulah basa tumrap


bebrayan Jawa kang nengenake marang tata krama.

Materi unggah-ungguh basa Jawa sing


jangkep UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
bisa dideleng kanthi klik ing kene
UNDHA USUK ING
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

 Tetembungan unggah-ungguh uga sinebut undha-usuk, mula pamikirane ana rong


werna kaya mangkene:
1. Nuduhake rasa kurmat kang ditindakake dening wong mudha marang wong tuwa
nganggo basa karma.
2. Nuduhake rasa tresna kang ditindakake dening wong tuwa marang wong mudha
nganggo basa ngoko.
MILAH LAN MILIH ING
UNGGAH-UNGGAH BASA JAWA

Wong kang ngajak guneman.

Wong kang diajak guneman.

Swasana sajrone guneman.

Perkara kang digunem.

Tujuwane guneman.
TITIKAN LAN TULADHA
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

 Basa ngoko lugu iku basa kang sakabehe tembung nggunakake basa ngoko lugu.

Tuladhane: Mau Bu Brata kongkon aku supaya menehake layang marang kowe.
 Basa ngoko alus iku basa kang nggunakake tembung-tembung ngoko lugu, nanging jejer (kowe
lan dheweke) lan tembung kriyane disalini nggunakake basa krama alus.
Tuladhane: Mau Bu Brata ndhawuhi aku supaya nyaosake layang marang panjenengan.
 Basa krama lugu iku basa kang nggunakake tembung-tembung krama alus, nanging jejer (kowe
lan dheweke) lan tembung kriyane disalini nggunakake basa krama lugu.
Tuladhane: Wau Bu Brata ngutus kula supados nyukakaken serat dhateng sampeyan.
 Basa krama alus iku basa kang sakabehe tembung nggunakake basa krama alus.

Tuladhane: Wau Bu Brata ndhawuhi kula supados nyaosaken serat dhateng panjenengan.
GLADHEN

Ukara-ukara nganggo basa ngoko iki owahana dadi basa krama utawa suwalike!
1. Mireng kandhane Budi, Bu Ani ora banjur duka.
2. Panjenengane malah ngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae.
3. Senajan Pak Darso dudu guru kelase, dheweke gelem mbiyantu.
4. Bapak tindak dhateng Semarang nitih kreta tabuh gangsal enjing.
5. Ingkang ngagem rasukan bathik punika ibu kula.
6. Bu Rini maringi yatra gangsal ewu kagem tumbas gendhis abrit.
7. Kalawingi Syahrini ngaturi simbahipun kalawarti Panjebar Semangat.
CATHETAN

 Lamun mbutuhake materi ngenani crita cekak bisa dideleng ana ing link iki:

CRITA CEKAK

 Dene yen kepengin ngundhuh buku Basa Jawa Kirtya Basa bisa nggunakakane link iki:

BUKU KIRTYA BASA


KELAS 8

(*) Kudu nganggo internet!


MATUR NUWUN

 Mugi andadosaken ngelmu ingkang migunani tumrap kita sedaya.

You might also like