You are on page 1of 22

PANDOM LAN MODHEL

PIDHATO
GLADHEN GURU UTAMA SEKOLAH DASAR
BALAI BAHASA PROVINSI JAWA TENGAH
SEMARANG, 19 – 23 MEI 2023
Click to edit Master
Eko Wahyudi title style
(@eko_wahyudi77)

• Guru bahasa Jawa SMPN 1 Karangsambung Kebumen


• Alumni Unnes (2002) lan Unwidha Klaten (2022)
• Ketua MGMP Bahasa Jawa Kebumen – Sekretaris MGMP Prov. Jateng
• Nulis sastra Jawa (Cerkak & Guritan) ing maneka media
• Nulis buku pelajaran basa Jawa lokal Kebumen (Pandhawa) lan Buku
Kurikulum Merdeka Jawa Tengah -- Penerbit Erlangga
• Nate nampi bebungah tingkat kabupaten – Nasional bab nyerat crita/buku
• 085-385-922-898

2 2
Click to edit Master title style
Pidhato
Pidhato inggih punika
Wicantenan (omongan) wonten
sangajenging tiyang kathah saperlu badhe
nglahiraken, Pikajeng, Uneg-uneg, supados
tiyang sanes punika purun lan mangertos
punapa pangajab ingkang pidhato
3 3
Click to editUtawa
SESORAH Master title style
PIDHATO

Ancase sesorah Bab wigati ing sesorah

• Atur Pambagya • Basa


• Atur kabar utawa informasi • Busana
• Atur Panglipur • Swara
• Pangajak • Solah bawa/sikap

4 4
Click to edit ing
Bab wigatos Master title style
pidhato

• Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake
menawa sing diadhepi iku bocah luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa karma
digunakake Manawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
• Busana kang digunakake prayogane busana sing becik lan sopan, amerga ajining raga
saka busana.
• Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget. Anggone
ngucapake tetembungan sing cetha ora groyok, ora kecepeten satemah apa kang
diwedharake gampang dimangerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong kang maca
buku.
• Solah bawane wong kang sesorah iku kudu manteb lan teteg, madhep marang pamriksa,
tangan ngapurancang, aja tumungkul/dingkluk lan aja ndhangak.

5 5
Click to editNindakaken
Landhesan Master titlePidhato
style

• Nyawiji; munjer ing kawigatosan, boten mangrotingal.


• Greget; ngetingalaken tindak ingkang mitayani, tandangipun
makantar-kantar
• Sengguh; kendel, kebak ing kapitayan (percaya diri),
nanging boten kemendel lan keladuk.
• Boten mingkuh; tanggel jawab ngrampungaken pakaryan.
Buntas

6 6
Click to editNindakaken
Sangunipun Master title Pidhato
style

❑ GENDHUNG
❑ GANDHANG
❑ GENDHÉNG
❑ GENDHING

7 7
Click to edit Master title style
GENDHUNG

• Kendel, wantun, gadhah krenteg, mboten madheg mangu, Pitados


dhateng dhiri pribadhi kuwagang nyangkul ayahan, nyandikani dhawuh,
lan tancebing jumeneng mranani lan mitayani
• Sampun ngantos rongeh, satemah gugup, mbanda asta, kukur-kukur,
ndumuk grana, ngesak asta lsp.
• Polatan pandeleng tajem jatmika, boten jlalatan, rata-rata air mirsani
pucuking rambut utawi palarapan.
• Nanging sampun gumendhung, satemah nuwuhaken watak kongas lan
kumalungkung, kemaki

8 8
Click to edit Master title style
GANDHANG

• Trawaca: kedaling pangandikan cetha, satemah saged dipuntampi kanthi


wijang, lirih mranani - sora boten mbrebegi.
• Prayogi ngginakaken tembung utawi ukara ingkang prasaja lan
“komunikatif”, gampil dipuntampi
• Ngatos-atos nalika maosaken gelar, menawi boten mangertos
wijangipun cekap cekakanipun.
• Melok : saged kapirsan para tamu, milih papan jumeneng ingkang
mathis

9 9
Click to edit Master title style
GENDHENG

• Saged nutupi kekirangan/cedha, inggih kekiranganipun piyambak utawi


ingkang kagungan damel, lan kanca makarya.
• Boten miyak wados/cedhaning liyan namung sauger kanggé gegujengan
ngregengaken suwasana.
• Sampun ngantos nyemoni ingkang saged damel wirang utawi tatu
batosing liyan.

1010
Click to edit Master title style
GENDHING

• Macak, busana cundhuk kaliyan kabetahan/kawontenan, empan papan


• Solah bawa mardika nanging trapsila,
• Laras leresing TATA BASA lan SASTRA
• Laguning pangandikan kaudi pinatut
• Sokur bagé saged nembang, mangertos gendhing

1111
Click
Salah to edit Master title style
kaprah

Tembung ingkang dipunanggep salah, nanging


sampun kalajeng kaprah ing saben dintenipun

1212
Click to edit Master title style
Tuladha

Salah kaprah Trepipun

Karawuhanipun (kangslupan) Kepareng rawuh

Makempal (saresmi) Kepareng rawuh

Dipunmulyakaken Minulya

Milai Kapurwakan

Matur suwun Matur nuwun

Kawula Kula

Saengga Satemah

Rencang Kanca
1313
Click to edit
Perangan Master title style
Pidhato

Sadurunge pidhato, prelu nyiapake teks utawa


naskah amrih apa kang diandharake bisa runtut lan
jangkep jumbuh karo kang dikarepake

1414
Click to edit
Gladhen Master title style
Pidhato

1. Pambuka (purwaka basa)


2. Isi (Surasa basa)
3. Panutup (wasana basa)

1515
Click to edit
Pambuka MasterBasa)
(Purwaka title style

❑ Uluk salam
❑ Salam
❑ Mbagekake kang padha rawuh,
❑ Ngonjukake syukur marang Gusti Allah.

1616
Click to edit
Isi (Surasa Master title style
Basa)

Surasane ngandharake uneg-uneg kang jumbuh


karo ancase pidhato

1717
Click to edit
Panutup Master
(Wasana title style
Basa)

❑ Dudutan isine pidhato


❑ Atur panuwun awit kawigatene pamirsa/pamiyarsa
❑ Nyuwun pangapura awit kaluputaning atur
❑ Salam

1818
Click to edit Master
Cengkorongan titlepidhato
surasane style

❑ What, apa kang bakal dipidhatokake?


❑ When, kapan pidhato iku diandharake?
❑ Where, ana ngendi anggone pidhato?
❑ Who, sapa kang nyemak pidhato?
❑ Why, kena apa kudu diandharake?
❑ How, kepriye carane nindakake pidhato?

1919
Click to edit Master
Cengkorongan titlepidhato
surasane style

❑ What, apa kang bakal dipidhatokake?


❑ When, kapan pidhato iku diandharake?
❑ Where, ana ngendi anggone pidhato?
❑ Who, sapa kang nyemak pidhato?
❑ Why, kena apa kudu diandharake?
❑ How, kepriye carane nindakake pidhato?

2020
Click
Patrapto edit Master title style

❑ Ngapurancang trep Susila

❑ Ngapurancang trep indriya

❑ Ngapurancang hanggandamaru

2121
Click to edit Master title style


MANGAN KUPAT KURANG SANTEN
SEDAYA LEPAT NYUWUN PANGAPUNTEN

MENYANG SAWAH KEPENGIN BRUWUN


SAMPUN SAYAH, KEPARENG MATUR NUWUN

2222

You might also like