You are on page 1of 69

SERAT MADURASA

Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya,


tahun 1985.

SERAT MADURASA (I)


Kapethik saking Serat Madurasa, Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

PURWAKA Layang MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku Tan Khoen Swie ing Kediri, seket tahunan kapungkur, wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara Latin, supaya tebane luwih omber. Sarehne isi bab RASA, dadi ya wis samestine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayoga nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki. Penerbit Yayasan Djojo Bojo Surabaya PENGET 1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggenenggen. 2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan. 3. Ingkang sampun maos, sanajan mangretosa sarta remena, sampun ka-angge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang. Sinten ingkang kersa netepi pepenget punika, kalebet nama mundhi utawi ngluhuraken kabatosanipun piyambak. PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI 1. 2. 3. 4. Dhisike diwaca granbyangan satamate. Di baleni saka wiwitan kanthi alon lan sareh. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telune lan sabanjure : ora prelu urut.Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna kanggo simpenan.

Wiwitane ora terang swasanane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca titi sarta lestari pamarsudine, sangsaya lawas sangsaya mundhak terange. Sinengkalan : kaweruh Raras Basuki Tyas.

Perangan 01 PAEDAHE NGUDI KAWRUH KASAMPURNA. Ngudi kawruh kebatinan iku aja digalih mung kanggo mbesuk bae, nanging kalane ana ing alam ndonya ya perlu, supaya oleh pandom lan diyan (obor) ing sajroning ati, kang bakal nuduhake dalan kang bener lan padhang, tumrap panggawe apa bae. Ngudi kawruh kasampurnan manawa temen ing pangudine ing saselotselote bisa oleh sasmita ing rasane, adoh rubeda ing atine. Rubeda ing ati iku, kayata :

Geleme tetulung kagawa ing pamrih dialembana utawa sebab oleh kasil. mBuru bandha, lali marang Iman. Golek bener, kliru golek menang lsp.

Wong adoh angkarane : akeh adheme, kepenake lan tentreme. Ragane ora enggal rusak kang jalaran kakehan geni (nafsu), lan ora engga rusak kagawa pambandhanging jaran (pancadriya). Wong ngudi kawruh kasampurnan, kekarepane kang linakonan salawase, tansah gumolong NUJU MARANG TEKADE. Arang pradondi sajroning atine kaya kang dhemen solan-salin karep kang siji-sijining karep ora nunggal tuju (nunggal laras). Ilining cipta ora kakehan enggok, lan ora pating sareweh, lan ora kuwur kaya banyu kerep diubak-ubak sarta ora mambeg. Wong kang temen-temen pangudine marang kawruh kasampurnan, apa kang linakon kerep benere, akeh becike, cepak rahayune, adoh bilahine, marga : wis cedhak kang ajak rahayu, iya kang ora tau luput. Mungguh yektine, kareping manungsa iku, ana kang thukul saka nafsu kang becik, ana kang thukul saka nafsu kang ala, ana kang thukul saka : Rasa. Mula banjur ana karep kang manut pituduhing Budi, ana kang manut pituduhe angen-angen kang lagi peteng, katarik dayane roh peteng (roh kewani), ana maneh panggawe kang tumindake saka dayaning roh kewani thok-thok (ninggal angen-angen), iku kabeh tumraping wong kang ngudi kasampurnan : dirasak-rasakake lan dititeni. Penget : Angen-angen iku dadi ratuning pancadriya, iku kang kuwajiban mbedadkake ala lan becik bener lan luput. KAREP kang becik iku pangajaking nafsu Mutmainah, nanging kabeh nafsu ora kabageyan sumurup marang BENER, awit bener iku bageyane BUDI ( kang tuduh marang bener).

Karep kang becik kanthi wewaton kang bener mau : iya durung mesthi perlu linakonan utawa bakal rahayu (widada), dadi kudu prayitna marang sasmitaning RASA (tukang tuduh rahayu) nuntun marang kawidadan sarta perlune linakonan, apadene ngrasa marang wewengkone (wajibe). Mangkono uga, bisane manungsa weruh ing : deduga, prayoga, watara, kira-kira, riringa, subasita, awas ing semu, prayitna, weweka, eguh, tangguh, sapanunggalipun. Ya saka panuntun RASA. Saya cedhak karo Rasa, saya mumpuni ing duga prayoga, sarta saya sathithik malesete anggone kira-kira. Ringkese mengkene : Ora mung akherat bae kang ana panasaran, ing ndonya uga akeh panasaran, begalan sarta rubeda, kang dunung ing atine manungsa. Mula saka iku perlu nganggo pandom lan diyan. Wujuding pandom : RASA, wujuding diyan : BUDI. Bisane weruh pituduhing Budi lan Rasa, yen manungsa ngudi kawruh kasampurnan, sabab ngudi kawruh iku wataking BUDI lan RASA. Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lang guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari.

Perangan 02 AWAD-AWAD karo IYA. Kang dadi cacading wong urip iku kang adhakan : alehe awad-awad utawa : nggorohi atine dhewe. Padune dhemen nyandhing bandha, banjur gawe weweton mangkene : Wong urip wis wajibe ikhtiar golek pangan, ngopeni kaskayane, kanggo rumeksa marang ragane, sarta anak bojone. Ngendi ana wong emoh duwit, ngendi ana wong nrima. Wong kang koncadan bandha mesthi kuwur pikire, thukul pikire kang ala. Wewaton kang mangkono iku dhasar bener banget, nanging apa ora ana bedane : awad-awad karo sejati. (Seksi, katrangan apa ora ana?). Nadyang wong urip diwenangake ngopeni kadonyan, nanging wong atine madhep marang donya karo kang madhep marang Allah iku, katon banget bedane :

Wong madhep marang Allah, akeh tumakninahe, wong kang madhep marang donya akeh pangangsa-angsane.

Wong madhep marang Allah akeh sabare, wong kang madhep marang donya akeh nepsune prakara bandha. Wong kang madhep marang Allah akeh eling marang panggawe becik lan rembug becik. Wong madhep marang donya akeh laline, akeh emohe. Wong kang madhep marang Allah akeh sumeleh, panarimane lan sukure. Wong madhep marang donya akeh panggrangsang lan pangresulane. Wong madhep marang Allah akeh adhem kepenake, wong kang madhep marang donya akeh sumuke lang panguneg-uneg. Wong madhep marang Allah akeh asihe marang sapadha-padha. Wong madhep marang donya akeh gething lan drengkine. Yen dhemen lan asih, marga ana pamrihe. Wong madhep marang Allah, pilih mlarat katimbang rusak Imane. Wong madhep marang donya pilih sugih ora perduli marang Iman.

Mangkono sapiturute. ose : becik kang eling, sawiji tekade (ora goroh). GOROH iku ana lair ana batin. Goroh batin iku : awad-awad, akudhung wewaton. Iku kang nggorohi marang uripe dhewe. Muga-muga wong urip dibisa ngrasa : isin lan wirang marang uripe dhewe. Amin !!!!!!!!! Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake, karo NITENI iku diarani : PRAYITNA. Sawise bisa mangkono, banjur misah-,misahake kang ala lan kang becik, Kang ala ora kanggo sarana dilalekake, dene kang bener diurip-uripake, dene kang bener diurip-urip, yen wis bisa misah mangkono iku, arane : WEWEKA. Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener ditata diempakake dayane yen wis bisa ngupakara kang becik lan kang bener manut mesthine, karan : WIRAGNYA. (Serat Madurasa)

Perangan 03 AJA LALI MARANG JEJER

Purwokanthi (lagu dolanan) E, dhayohe teka E, gelarna klasa E, kasane bedhah E, jadahe mambu E, pakakna asu E, asune mati E, buwangen kali E, kaline banjir E, buwangen pinggir. Lagu dolanan kasebut dadi pasemoning manungsa kang lali marang jejere. (Wong jejere nemoni dayoh, bareng weruh jadah mambu, lali dhayohe, sing dipikir : jadah. Bareng weruh asu mati, ka-elingane mung marang asu, lali marang jadah). Manungsa kang uripe suwung tanpa tekad, ya ora sumurup marang jejere, enggone urip ing alan donya. Temahan ora ngerti marang tegese kang linakon ing salawas-lawase. Lire : enggone solan-salin kekarepan, ora nganggo eling marang kekarepan kang dhisik, ketumpangan karep anyar banjur ketumpangan maneh, dudu teruse kang dhisik..!! Mula dibiso nggoleki jejering urip ana ing alam donya sarana tekad. Sabanjure sabarang kang kinarepake, tujokna marang tekad mau. Jer tekad mono poking karep. Iku gandhulana kang kukuh, oja kalah karo karepmu, aja kelu dayaning donya (aja kagetan, gimiran, slewangsleweng). Sanajan raga katuta ombaking jaman, rosing rasamu dikukuh tansah elinga marang jejer. Arang wong temen wong kang kelar nanggo kekencengane dhewe. Kang akeh : kagetan, gemiran, slewang-sleweng, dupeh kudu manut ombaking jaman. LELAKONE manungsa, nggone urip ngalan-alam lan nggone lali marang ajal kamulane, temen agawe ngungun (nggumunake) dak gawe pepindadhan kaya mangkene : KANG maca layang iki dak upamake nitih sepur, bakal kondur ing ndaleme (upama : Madiun). Ana ing sepur bebarengan sanak sadulur kang padha asih, nuli midhanget rembug warna-warna.

Ana sagolongan kang ngrembugi mangkene : Mas, ayo padha mudhun ing anu bae bareng lan kita kabeh nonton wayang, dalange saka kraton, apa maneh kangmas diarep-arep para mitra liyane. Nuli ana golongan ngajak mangkane : Menyanga Purwareja bae Mas, nakal akeh banget bathimu kawruh, jalaran bisa ngstreni sapatemon karo para jamhur ing babagan kawruh batin, kaya kang kok karepake. Sagolongan maneh, mangkene : Prayogi mandhap ing Surakarta kemawon, mriksani Sriwedari, wonten bioskop, ringgit tiyang, gedong museum ingkang isinipun sarwi endah Ana siji maneh sing ngandika mangkene : Dhimas, kabeh ojo kok galih, mundhak gawe bingung, luwih becik nuruta rembugku, mudhun ing.., dene perlune.. aja mundhut priksa dhisik, mengko dakbisiki sajatining sid Nuli ana maneh, ana maneh kang luwih ndudut ati lan sapiturute. Yen upama ana lelakon kang mangkono, kang endi kang diturut? Prakara ngrungokake lan ngladeni caturing wong, wis wajibe kanggo netepi tatakrama, nanging aja nganti lali marang jejer, yaiku kondur menyang Mediun. Ora kena nyaleweng. Golek kapenak lan seneng sawatara ana ing sepur, ya diwenangake kayata : nata palungguhnan, pasendenan, nanging aja kongsi kebanjur yasa (gawe) pasareyan ana ing sepur. Enggone manut pranataning sepur, marga wis kebanjur ana ing sepur; enggone golek kapenak seneng SAWATARA ana ing sepur, sabab dadi pikuwat kalane isih ana ing sepur, nanging enggone ngrasakake kabeh mau kudu kumambang. Lenging ati mung arep menyang Madiun, thok. Netepi pranataning sepur lan golek seneng sawatara, iku kadadekake pipindhan, anggonmu urip ana ing ngalam donya, diwenangake golek bandha, kapinteran, pangkat golek kapenak lan seneng, ngopeni anak bojo, kudu kumpulan, duwe dewe, nata omah nyandhang patut, mara dhayoh, nyenengake dhayoh. salawase ana ing ngalam donya (pirang taun, apa lawas?) kang sawatara mangsa engkas bakal ganti alam, ninggal alam donya. Kaya wong nyepur, ninggal sepur. Ninggal palungguhan (pasarean) kang ditinggal ana ing sepur. Yagene ana ing alam donya kok kliwat dhemene marang kadonyan? (kaya bungahe wong ngimpi oleh duwit, bareng nglilir, digagapi tangane kothong).

Wong kang lali marang Allah (kenceng panyekele marang donya) iku kaya wong kaya ana sajrone sepur kang lali bakal medhun negendi?. Iku isih becik, isih klebu wong gelem golek ngelmu, balik wong kang babar pisan ora eling prakara sukmane, iku padhane wong numpak sepur kang lali yen mengko kudu medhun, bungah-bungah disengguh sepur iku bakal omahe (Alame). Wong-wong kang ana ing sepur disengguh kancane nunggal saomah (dadi lali wiwitan, ora mikir kapriye pamburine). Iya bener wong-wong padha amor dadi sak enggon kaya batin tunggal sak omah, nanging ancase (lenging atine) ora padha, ana kang arep mudhun Yogja, ana Sala ana kang arep menyang Semarang lan sapiturute. Dadi enggone awor mung sadhela, bareng pisah ora temu-tinemu maneh (tangeh bisane ketemu) kaya ana ing sepur kaya iku, lan pepake kang kepethuk kaya iku, sawise padha pisahan lawas, tangeh kepingine marang sepur maneh. Saya tangeh maneh kapingine kepethuk ana ing sepur kang pepake kaya iku maneh. Dadi ya mung kalane kami sspuren bae kang karepa kumudu-kudu kaya iku. WONG sajroning sepur anggone padha duwe ancas, kaprayitnan lan weweka, dadiya tuladha wong ana ing alam donya, ya kudu duwe tekad, kaprayitnan lan weweka, aja kongsi ketungkul kedonyanen. ENGGONE padha kumambang ngrasakake kahanan sajrone sepur uga dadia pipindhan : wong ana ing donya kudu mung kumambang enggone ngrasakake kahanan donya. Kayata : wong nuduhake kabregasaning awak ana ing sajroning sepur marang kancane kang padha kumambang atine, iku enggone ora paedah uga kaya wong donya ngegungake pangkat, pangaji-aji, pangalembana, marang kancane kang bener bebarengan nunggal jaman, ora mupangati apa-apa, sawise ninggal ALAM DONYA. SADHELANING wektu ana ing sepur lan adohing pisahe, saungkure saka sepur : uga dadi pepindhan gelise ana ngalam donya lan enggone ora ketemu-tinemu saungkure ing donya. Wong kang lali udhune saka ing sepur, iku samangsa mudhun mesthi klereu, kayata : mudhun sadurunge tekan ing MADIUN. Satekane ing stasiun kang dudu Madiun, tindak nggoleki dalem lan barang kangungane : tangeh lamun pinanggiha. Wong numpak sepur lali yen bakal mudhun, ora mung kesasar bae, udhune nganggo kaget. Lagi dhemen-dhemene yasa pasarean lan tetemon karo bathine : dipeksa mudhun dening kondektur. Mudhun saka sepur, isih kumudu-kudu nggoleki pasareane lan kancane mau (sepure wis budhal adoh) : tangeh lamun kapethuka, nadyan sakiwa tengening stasiun diubres karo brebes mili. Sarehne wis lali karo jejere lan ora prayitna bakal pamburine, tangeh yen nggolekana daleme ing Madiun.

Apa tegese kang linakonan ing wektu iku lan kapriye dadine lelakon kang mangkono : ora sumurup lan ora nggraita, ewa dene : ora kepingin sumurup lan ora golek panggraita. Sarehne pasarean lan kancane digoleki lan ditangisi meksa ora ketemu, kapriye maneh, iya kluyarkluyur embuh parane. Dak upamakake : banjur priksa wong akeh pirangpirang golongan padda rame-rame, banjur nyedhaki, priksa wong bungah-bungah, ana kang main, ana kang rembungan, padha golek butuhe ddewe-dhewe. KANG rawuh saka sepur : kelu marang salah sawijining wong gegolongan, kayata : melu ngrasakake seneng wong nguthut kertu, nyemak ana mburine (ora niyat ngalih saka kono, dening kecancang senenge nyemak kartu lan ngrungu swaraning wong gumuyu ger-geran), kaya-kaya sajagad ora ana seneng kaya iku. Ora ana panggonan kang ngrasakake kajaba mung ing kono (wis supe pasareane lan kancane dhek mau, lan wis supe jalarane ana ing kono, dadi lali sangkan miwah paran), lali ngendi daleme, disengguh iku daleme, ora ngraita : apa iya apa dudu, ora ngrasa yen cilaka. Mangkono gambar kahanane wong ana ing alam donya. Dhuh sedulur kang lagi lali, miyarsakna sindhen : eman-eman (dhuh kusuma) asaling manungsa iku luwih dening luhur (eman). Perangan 04 ANCER-ANCER SATHITHIK WRUHANIRA ing angganing manungsa ana kang tansah eling ngrasa marang jejer; yaiku : rosing rasaning manungsa, kang aran : RASUL. Iku kalimput katutupan nafsu, kang wujud pancadriya. Tekaning pancadriya (angen-angen, nafsu, kekarepan) iku bareng karo laire manungsa. Iku kang ngajak kerem marang donya, ngajak lali. Yen kasucenan, kalalantih bisane meneng, manut marang rosing rasa, iku rosing rasaning manungsa sangsaya lawas sangsaya krasa, kaelingane marang manungsa sangsaya terang, ing wasana bisa eling lan ngrasa marang purwa-wasana, ing kono manungsa kadunungan rasa nemwarna : 1. Ngungun, 2. Getun, 3. Keduwung, 4. Nalangsa, 5. Sukur, 6. Tresna. NUNGUNG : dene kok mung sepele bae kang diburu manungsa iku. GETUN : dening kalimpute manungsa sarta cidrane kang dirungkebi. KEDUWUNG : dene ngrasa banget lawase anggone lali, lan anggone nerak wewalering uripe dhewe, anggone sereng duraka marang uripe, lsp. NALANGSA : dene lawas nandhang papacintraka ana ing pepeteng lan panggonan asor.

SUKUR : dene wis eling marang uripe, rumangsa yen dheweke iku satemene luwih dening luhur. Kawasa lan sugih tanpa timbang. TRESNA : marang date, ya uripe kang satemene, ya kang nguripi jiwa ragane, iya BAPA BIYUNGE NYAWANE KANG SABENER-BENERE, iya ANANE DHEWE KANG SATEMEN TEMENE. Ing kono ngrasakake tresna kang ora kena kinaya ngapa, rasa liya-liyane larut kabeh, kendhih dening TRESNA, jagad sap pitu kebak dening TRESNA. Mulane den eling marang JEJER. Dalan marang kaelingan : 1. nyunyuda tumangkare nafsu hawa. 2. taberi ngupaya undhaking pangerti. 3. nggegulang rasa tresna. Perangan 05 BEDA-BEDANING DHAYOH karo sing duwe omah RASANING manungsa warna-warna : lara, kapenak, bungah, susah, dhemen, gething, legi, pahit, linu, pegel, asin, wangi kehe tanpa wilangan. Iku kabeh rasa kang lunga teka, lire : ora ana, ora manggon. Rehne lunga teka, kena diumpamakake dhayoh. Dadi manungsa kedhayohan ing sajroning atine sadina-dina. (E, dayohe teka). Rehne ana kang lunga teka, iya ana kang tansah manggon, ajeg anane (yaiku kang duwe omah) kang nekseni sawarnane kang lunga teka mau. RASAKNA (ematna) bedane kang ajeg anane karo kang teka, ing sajrone melek utawa turu. Yen rada katemu karo sing ajeg anane mau, cekelan kang kenceng. Gandhulana kang kukuh, etutna, aja nganti kelangan lari. Yaiku kang wajib kok tut saiki lan mbesuk. Marga yaiku kang tuduh marang rahayu lan kang perlu kok lakoni, tur ora tau luput. Yaiku kang tukang ngajak : eling bener, rahayu, nikmat, mumpangat ing donya lan akherat. Kepriye enggone nggoleki? Yaiku kang ora gampang, awit kudu tlaten ngruruh sangkaning ririh, sarana taberi ngrasakake, nandhing-nandhing lan niteni, kanthi titi, surti, ngati-ati. Uger-ugere : santosa ing budi.

Oleh-olehe niteni dianggo gegeran mbanjurake pangudine. Yen wis oleh pawitan samenir : diurip-urip murih mundhake dadi saklentheng, sabanjure diurip-urip dadiya sajagung, saklungsu lan sabanjure. LAKUNE : taberi ngenebake banyu, kang nguripi sakehing rahsa kang pating sliwer pating gronjol kaya iwak ing siwakan (nentremake ati). Sok uga kerep menebe, siji-sijining kahanan sajrone banyu katon silahsilah. Saya bening, saya terwaca, kang ing kono banjur bisa nandhingnandhing lan niteni, endi kang dudu lan kang iya. Saya lerem ubaling nafsu, saya katara. Salereming nafsu kari PRAMANA. Manungsa kang sregep nggoleki pramanane, nadya durung nganti ketemu, ewa dene nadyani marang lelakone kerem benere, akeh elinge, cepak rahayune. Perangan 06 ORA ANA PANGLIPUR KANG ADEME KAYA NGADHEPAKE ATI MARANG ALLAH WONG kang nafsune lagi ngambah dalan saka mlarat marang sugih, kang dirasa mung prakara : mlarat karo sugih. Bungah lan mareme yen bisa sugih, susah lan nggrangsange yen isih mlarat. KANG isih mlarat ngunandika : O, aku kok ora sugih kaya si anu, omahe gedhong kebak isine, seben dina nunggang montor, plesir karo anak bojone, panggone sarwa endah, nggembol dhuwit akeh, parine pirangpirang lumbung, sawahe pirang-pirang bau, pekarangane amba, akeh karang kitri karang-kirnane, ndhadekake kajen-keringane ing saenggonenggon.. Ah, mangsa ana kabegjan kaya wong sugih. Dak upamakake : kang ngresula lan meri wau wis klakon dadi sugih, sawise menganggo sarwa endah banjur jagong ing omahe penggedhe, kumpulan karo priyayi, nanging lungguhe ana ing papan kang seje, sarta ora pati digape, marga asor pangkat lan asline. Ing saiki apa kang katon ing nafsune? Dalan saka mlarat marang sugih wis diungkurake dening atine, wis ora katon ing pangangen-angen maneh, mung dalan saka asor marang luhur, katon nyolok mata. Iku kang dadi gagasan, thukul pangresulane : O, Allah, puluh ngangoa benik mas, tretep jalebrah, pendhok sinelud, sawitan babaratan Sala, wong papanku ana ngisor awor lurah desa. Gek para priyayi semune ora ana kang merduli marang aku, kabeh-kabeh padha nyingkur.

Dak upamakake kang mesgul mau lakining napsune salin dalan. Kang diambah saiki dalan saka asor marang luhur, tegese : ngudi marang kaluhuraning pangkat, satekane ing kaluhuran (dhuwur pangkate), dalane trajangan karo dalan saka bodho marang pinter. Kang katon mung prakara bodho karo pinter, prakara luhur karo asor wis ora dirakake maneh, awit ing kono rumangsa dianggep bodho dening para mudha kang padha mateng pasinaone, ing pamulangan luhur. Ing kono malah dicampahi enggone mendem pangkat lan pakurmatan. Banget wirange, sarta ngrasa cubluke bareng kumpul karo para ulah kawruh, ora bisa urun rembug, dene sarwa ora ngerti, wekasan isin enggone mung dhemen marang pangalembana lan pakurmatan thok. Dak upamakake maneh, kang isin mau salin dalan maneh, ngudi kapinteran. Sawise pinter, banjur ngresula sarta isin, marga dicacad : ora bregas, ora luwes, ora ngresepake, ora diluluti, utawa dicacad : kidhung, kaku, kumel, wagu, lan sanunggalanipun. Dak umpamakake maneh : wong mau ngudi maneh kongsi bisa : bregas luwes, mrakati sapanunggale. Sawise katurutan, banjur ngresula maneh marga kacacad ora anu ora anu. Mangkono sateruse, dadi kaya wong bingung, tansah solan-salin kang diangkah, kagawa saka enggone ora duwe : tekad kang sawiji. Dalan-dalan mau dak umpamakake, enggone trajangan mubeng bisa temu gelang, ngubengi palemahan jembar. Tengah-tengahing palemahan jembar dak umpamakake : ana omahe aran : katentreman, yaiku omahing atine si-bingung kang lumaku urut pinggir mau (dalan warna-warna, ngibarat : rahsaning manungsa kang warna-warna. Omah , ngibarat : rasajati, rasa ketentraman). Upamane lakune gelem saya manengah, saya suwe cedhak karo omahe. Ora pijer nonton dalan kang nggimirake (mareni watake kang kudu nandhing sugih miskin, luhur asor, ala bagus, bodho pinter, sapanunggale, kang ancase kanggo nggunggulake dhiri). Wasana salin dadi ayem tentrem nrima, sirna tetandhingan dhiri sajroning atine, gumulung marang pribadi kang tunggal. URUT pinggir dalan kang diambah mau, saenggon-enggon ana trabasane marang omahe, nanging akeh eri lan grumbul. Upama sumurupa omahe ana satengahing papan jembar, lan keconggah nrajang eri lan grumbul, enggal bisa tekan ing omahe, nanging arang banget kang bisa, kang akeh keblasuk, kesasar, ora bisa mulih, mulane panuntuning para Nabi : manungsa enggone ngudi kasampurnan, ora dipurih nrabas (tanpa marang gunung, utawa majnun), dipurih ngambah dalan, nanging kudu : 1. ajo kongsi keplantrang. 2. lakune dipurih manengah. 3. dipurih kerep ndeleng pernahing omahe.

Jlentrehe makaten : 1. Aja keplantrang, lire : aja kelancutan enggone golek kasugihan, kapinteran, pangalembana, cukup : saperlune bae. 2. Dipurih saya manengah, lire : saya nyedhakana omahe (maju ngiras manengah), dadi sajroning nggoleki kasugihan, pangkat, kapinteran lan sapanunggale nyambi ngudi kawruh kasmpurnan. D 3. ipurih karep madhep pernahing omahe, lire : saben dina nemtokake mangsa, kanggo nglalekake kadonyan, perlu kanggo enget marang Pangeran. Upama ing wayah surup srengenge, ngadhepake atine marang Allah. Dadi dalan saka mlarat marang sugih, saka asor marang luhur, sapanunggalane, kang dununge ana ing lair, kaungkurna.ATI ngungkrake LAIR, ngadhepake BATIN (nganggep sawiji mung pribadi kang ana). Dene paedahe ora enggal sayah dening kebanteran lakuning pancadriya, mbudi marang kelairan. Ping pindhone : akeh lipure, dening nalika madhep marang Allah mau, ora nonton dalan marakake : kenyut, kaget, meri, ngresula sapanunggalane. Kang katon ing ati mung dalan marang katentreman (lagi katon dalane bae, wis krasa adhem). Adheming ati ngenger marang Pangeran, manawa katimbang ngegere donya, kaya wong ngenger marang bapa biyunge dhewe katimbang karo ngenger marang wong liya. Wong kang kandel piyandele marang, Allah ndilalah sirna uwas umelange. Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah, ndilalah sandhang pangane kekinthil, adoh sang sarane, cepak rahayune.

Perangan 07 WAYAH NGASO (MENENG) Kira-kira : Jam 7 - 8 sore. Jam 4.30 - 5.30 esuk. Jam 12 - 2 bengi. Perlune : I : Ngleremake urat kang alus-alus, menenga kedhere. Upama kawat clempung, ora tansah dijawali. Perlune : II : Ngaringake angin, kaya pindhane diyan kang maune kanginan mobat-mabit, banjur didokoki semprong. Dadi padhang, kukuse suda, lakuning angin sarenti saka ngisor mandhuwur. Perlune : III : Ngenepake banyu, mapanake cipta ripta, murih mapan sarta katon silah-silahe, kepilihan kang becik, kaya sada kang morat-marit diejumi (ditata). Diesuhi, karosane didakekake siji. Banjur mantheng nuju kang sawiji, ngetut rasa sawiji. Angka III, iku mesthine ing wayah esuk karo bengi, yen sore angka I lan II. Sing wigati, mangkono mau digawea ajeg, dianggowa laku, didadekna : cara, kaupamakna wong adus, jungkatan, nyapu, umbah-umbah, kang padha linakonan ing saben dina. Dene prakara kang ngajak metu saka wewengkoning kawruh kabatinan, kang adhakan yaiku : 1. 2. 3. 4. 5. Prakara butuh (dhuwit, pari, utang , lsp). Karameyan (kabregasan, duwe gawe, lelungan). Prakara panggaweyan (ing kantor, ing sepur, ing alas). Prakara kasusahan (lara, kepaten, pakewuh). Prakara kanafson sapanunggale.

Kabeh mau ngajak mlesat saka wewengkoning kawruh kabatinan. Mula yen ora nganggo pranatan meneng ana ing wektu kang katamtokake, kaya kang katulis ing dhuwur mau, saya lawas saya adoh nyamutnyamut. Upama dhek biyen wis oleh bibit sathithik meksa rekasa enggone nggoleki. Mula kudu ajeg. Bisane ajeg wiwitane saka dipeksa, lawas-lawas lumaku dhewe. Perangan 08 BENER KARO BECIK ORA BISA TINEMU SAJRONING REREBUT ORA KATON SAJRONE LELAMUK Manawa ratu nibakake paukuman kanthi duka, iku ora bakal adil paukumane.

Yen wong calathu karo nafsu, ora bakal pratitis calathune. Yen wong ngandhakake beciking liyan katarik saka dhemen, ora bakal resik pangucape. Yen wong ngandhakake alaning liyan katarik saka gething, ora adil pikirane. Wewaton ing dhuwur iku dadi tanda yekti, yen manungsa arep sumurup bener lan becik kanthi patitis, kudu ngleremake dhisik nafsune kang lagi seru kedhere, utawa ngenebake banyune kang lagi kocak sarta buthek. Yen banyu wis rada meneb, utawa nafsu wis lerem, pangucap, panemu lan kira-kirane lagi bisa bener. Aja kleru tampa : wong dosa di ukum, wong becik dikandhakake becike, barang ala dikandhakake alane, nanging bisane sumurup marang bener manawa ora kaling-kalingan ing lumuk. Bisane tumindak bener, mung yen lakuning pancadriya ora diplesedake saka garising bener, dening obahing napsu. Sarehne manungsa iku gedhe cilik padha nggoleki BENER, mula BENER IKU MUNG SIJI MULA NGANTI DADI REBUTNE WONG SAJAGAD. Mulane saben manungsa kabeh bae, kudu sumurup marang DALANE BENER. Dalane, yaiku : mbeningake banyu, utawa ngleremake nafsu, supaya tukang tuduh marang bener kang ana ing sajroning atine. TUKANG TUDUH MARANG BENER ANA ING SAJRONING ATINE SADHENGAH MANUNGSA KETARA CETHA, ora ketutupan ing butheking banyu utawa disimpangake ing pancadriya. Saweneh manungsa sok ngalem marang agama iki, nacad agama iku, mbecikake Nabi kiye, ngalakake Nabi kae, mbenerake ngelmu iki, ngluputake ngelmu ika, sapanunggalane. Kang nganggit layang iki, ora nandhing agama, Nabi utawa ngelmu. Semono uga ora ngluputake lan ora mbenerake marang kang nandhing agama, Nabi utawa ngelmu, mung atur rembung mangkene : Manawa anggone nandhing agama Nabi utawa ngelmu mau temen-temen sumedya golek bener sarta pratitis, aja kongsi ora taberi ngleremake pancadriya nganggo mangsa kang wis katamtokake, supaya tukang tuduh marang bener (budi lan rasa) ora katutupan lamuk kandel, jalaran diubek-ubek rina wengi tanpa leren, sarta pirang-pirang taun. Upama ora kersa ngulinakake meneng (luwih-luwih upama ora kersa ngleremake geneping telu), mangka nandhing agama, nabi utawa ngelmu, iku ora susah sumelang maneh yen ora bakal bener, jer ora bisa selak maneh anggone ngawag, yaiku mung manut obahing nafsu, kaya lakuning tunggangan, ora saka pituduhe kang nunggang.

Saweneh manungsa ngalem utawa nacad, mbenerake utawa ngluputake marang pakumpulan Theosofie, ngelmune kayai anu, bendara anu, tuwan anu, panemune si dhadhap, panemune dhewe, layang anu, kitab anu, lakune si Suta, lakune dhewe. lan liya-liyane, banjur netepake : kae bener, iku luput, kiye bener, kuwe kesasar, iki becik iku ala. Kang nganggit layang iki, ora ngluputake wong nandhing, ngalem utawa nacad, mung atur pamrayoga kanthi wanti-wanti : Sarehne prakara iku banget ing rungside, ora kena pisan-pisan sajak gumampang/kaselak kumudu mbenerake pangandikane dhewe, nanging kudu surti, titi, ngatiati, tlaten ngrasakake sajroning pancadriya lagi lerem, lantaran taberi ngangkah lereming pancadriya. Dene kang minagka saksi yen tlaten ngempakake rasa lan ngleremake pancadriya, yaiku enggone nemtokake wektu kang dienggo meneng, murih pancadriya selawas-lawase ora bisa tumangkar, marga tansah jinaga, kagocekan kendhaline rina wengi.

Sawise eling, aja mung, eling thok, kudu dikantheni tresna. Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati sanubari.

Perangan 09 PAEDAHE ELING TRESNA MARANG ALLAH RINA LAN WENGI WONG kang ka-elingane marang Allah mung yen dhong lara utawa dhong kesusahan bae, iku panangise ing atine, ora pati katrima, sabab yen mangkono, enggone eling iku, sejatine saka kapeksa. Upama ora lara/susah, iya ora gelem eling. Kang mangkono iku, pratandhane, yen ora kadunungan tresna. Upamakna : ana wong, geleme becik marang kang maos layang iki, mung yen nuju ana perlune bae, lah apa maos iki tresna marang wong kang kaya mangkono. Kang gumelar iki dadi tuladha : sapa asih ingasihan, sapa weruh wineruhan, sapa temen-tinemenan. Kabeh mau mung mbalekake panggawene dhewe-dhewe.

TRESNA Sawise eling, aja mung eling thok, kudhu dikantheni tresna. Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati sanubari. Yen mung nganggo ati puat, durung tresna temenan, isih tresna-tresnanan, panthenge isih marang butuhe dhewe (butuhe : wong). Tetanginen panggalihmu, aja bosen ngupaya ngerti, murih MANGERTI lan NGRASA : ALLAH iku sapa, lan kepriye trape mungguh wujudmu lan rasa pangrasamu. Sok uga mangerti temenan, iya ngrasa, banjur kathukulan tresna, sanajan mung sapucuking tugi (sunguting gabah). Saweneh wong madoni : wong durung weruh kok kon tresna, iku tumandanging pikir atinggal budi. DAYA KANG GEDHE DHEWE Kandel-kumandel marang Allah iku sawijining kekuatan kang ora kena diukur manungsa, mungguh gedhene lan paedahe. NIKMAT KANG GEDHE DHEWE TRESNA marang ALLAH, asih marang sipat (dumadi), iku sawijining kanikmatan kang ora ana pipindhane, wot marang sagara rahmat kang langgeng. Apa tengere tresna nganggo sanubari : KADUK RASA, KURANG LEASAN (ucap, gunem). KADUK ELING KURANG LALI. WEDI NERAK WEWALER LAIR BATIN. Prakara kang perlu dipengeti. Sumelang marga kurang mangan, uwas dening kasangsaran iku sababe saka tipise pangandele marang Allah, sarta saka ora duwene tresna marang Allah babarpisan, tibane banjur doyan nerak wewalere Allah ing lair lan bati. Wong kang kandel piyandele marang Allah, dilalah sirna uwas sumelange. Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah : dilalah sandhang pangane kekinthil, adoh sangsarane, cepak rahayune,

mBok manawa saiki bisa nggoleki sababe kang kasebut ing ngisor iki. Saweneh wong sregep puji dhikir lan nyebut asmaning Allah saben dina : kok kanggonan uwas lan sumelang, sarta isih cepak sangsarane. Si Suta lara lan susah, nuwun marang Allah, ora mari-mari larane, ora sumingkir susahe. Si Dhadhap pasrah marang Allah, kadadeyane malah katiwasan, ngalah malah di idak-idak. Si Waru pinter, Baud mumpuni ing guna srana, akale memet kaya kancil, ewa dene nemu sambekala/kacilakan bae. Sok uga bisa nitipriksa kang titi, ing kono ketemu suwadine : 1. Sabab ucape mung ana ing njaba bae. 2. Sabab panuwune mung dhong lara lan susah bae. 3. Sabab doyan nerak wewalering Allah, ora rumangsa. Begja cilaka saka panggawene dhewe, ujar mangkono mau mula bener banget, mung manungsa kang ora gampang bisane ngrasa marang ala lan lupute, marga banget kasar lan petenge. Allah iku adil : uga ora gorohan. Temenan.

SERAT MADURASA (II) Perangan 10 ALUS KASARING RASA PANGRASANE MANUNGSA BEDA-bedaning manungsa, katarik alus kasaring rasa pangrasane, ana kang banget aluse, ana kang banget kasare. Kaupamakna pucuking driji karo dlamakan. Pucuking driji bisa mbedakake gegrayangane : sutra, bludru, lenga, glepung, kapas kasa, kikir, rempelas. Nanging dlamakan ora bisa. Pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane. Manungsa kang kena kaupamakake pucuking driji, enggal krasa lan ngraitane yen ngrungu pitutur, sarta enggal bisa mbedak-mbedakake kang perlu lan kang ora, nimbang kang alus lan kang kasar, ngregem kenceng marang nalar kang wigati, nggandhuli kukuh marang kang katon. Tansah gagap-gagap utawa ngintip-intip nalar kang bener lan becik. Nanging kang kena kaupamakake dlamakan : tanpa gawe, panggugah, penget, pitutur, kojah, carita, tepa tiladha, pasemon sapanunggalane. Marga kabeh ora ana kang krasa ing rasane, marga rasane kalingkalingan ing rasa kasar (hawa napsu) kang kandel kaya kapale dlamakan. Sumitra kang wus kadhasaran rasa alus sawatara, iba kencenge anggone ngregem surasa kang muni ing dhuwur. Muga pinaringana rahayu. PRAYITNA, WEWEKA, WIRANGNYA Prakara kang perlu katindakake luwih dhisik tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, yaiku : nglelantih mbedakake thuthukulan kang ala karo kang becik; niteni kang bener lan kang luput, ing sajroning batine dhewe. Tekade : MENENG (sing sapa arep weruh obah-obahan, kudu meneng). Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake karo niteni, iku diarani : PRAYITNA. Sawise bisa mangkono, banjur kang ala lan kang becik mau dipisah-pisah, kang ala ora ka-anggo, ka-angkah aja thukul maneh, sarana kalaleklalekake, dene kang becik (kang bener) dianggo, diurip-urip. Yen wis bisa memisah mangkono iku, arane : WEKEKA. Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener mau diejumi, ditata utawa dienam, diempakake dayane, dipigunakake manut dayane. Yen wis bisa ngupakara utawa nggarap, kang becik lan kang bener manut mesthine, karan : WIRAGNYA.

Manungsa kang sinebut wiragnya, wis mungkur saka pagawean mbedakmbedakake ala lan becik, apa dene misah-misah ala karo becik, kang dumunung ing batine. Garapane mung kang sarwa becik, wis ora gepok senggol karo kang ala. Yaiku drajading para Nabi lan para Sukci ing ALAM GAIB. Perangan 11 MRATELAKAKE BAB THUKULING BUDI lire : oleh piwulang kang metu saka atine dhewe, yaiku piwulang kang agawe marem lan panarima ing ati. 1 CARITANE WONG KANG DHEMEN WURU DAWA Sawijining wong karem wuru dawa lan sesongaran ana ing pakumpulan, pangrasane : wong liya padha dhemen, marga gagah/bergas, ora weruh yen d-ewani lan di-esemi ing wong. Yen dielikake, ora dadi ing panarimane, malh kleru tampa. Ing sawijining dina wong mau main ana ing pakumpulan, banjur weruh wong waru dawa sarta sesongaran, apaapane jibles kaya dheweke, ing kono thukul ewa lan gethinge marang kang wuru dawa mau, ciptane : E, e, dadi kalingane wong wuru dawa lan sesongaran iku ala banget, mangka aku biyen iya ala banget kaya kae. Kancaku main iki pasemon lan lelejeme padha nyampahi, nyampleng kaya nalika aku wuru biyen kae. Yen ngono aku biyen ya di-esemi kaya mangkene, adhuh, lali lali den elingna : Aku ora arep wuru dawa manehmaneh. Liding kandha : Pitutur saka buku, guru, Nabi, Wali, lan liya-liyane kang dununge ana ing lair : tanpa gawe yen ora kapethuk karo rasane kang dipituturi. Marga kang kuwasa nuruti iku sajatine tuwuh ing batine wong dhewe-dhewe. Mula sarehne kapethuk lan panarimaning ati iku asale saka ngrasakake karo niteni, mula wong urip kang teberi ngrasakake lan niten, akeh bathine, marga rina wengi tansah oleh pitutur saka atine dhewe.

2 DONGENG MANUK CILIK LAN KUCING Sawijining kucing gumun banget weruh manuk cilik, saben-saben miyik, tansah dicolong ing kewan liya. Osike : Ah, mbesuk, yen aku manak, anakku bakal dak elah-elih panggonane, supaya kewan kang nedya ganggu gawe anakku, aja nganti bisa niteni panggonane anakku. Prayitnane lan wewekane kucing saka anggone niteni, kang njalari slameting anak-anake. Ing sawiji dina manuk cilik kapethuk kucing, sambate : Dhuh kucing, aku tuturana, kepriye bisane anakku slamet kaya anakmu. Kucing mratelakake yen anakke kerep dielah-elih panggonane, murih kewan liyane ora neteni panggonane. Manuk takon maneh : Kepriye asale kowe duwe akal kang mangkono? Wangsulane kucing : Ya marga kerep weruh anakmu dicolongi gagak, jalaran ora kok elih panggonane. Liding dongeng : Kahanan lan lelakon kang gumelar kabeh iki dadi guru ingatase kang ahli ngrasakake lan niteni. Terkadhang lelakoning wong sok dianggo pangilon dening kang niteni, nanging kang dienggo ngilo ora weruh, marga ora niteni. 3 KATRANGAN : APA-APA YEN ORA KALING-KALINGAN BANJUR KATARA Bisane oleh rasa lan pangraita, saka ngrasakake lan niteni mau marga ora kalimputan ing obah-obahan, kayata : olehe pitutur saka atine, enggone wuru (mabuk) iku nyata ala, iku sababe : thukul pangraitane katarik saka menengge ing sawatara. Marga dhek samana atine aso dening ngrasakake kerti. Iku minangka tuladha, yen thukuling pangraita utawa tumandanging rasa iku, jalaran saka menenge adon-adon kasar. Mula, wong urip kang kepingin akeh bathine, kudu akeh enggone ngleremake pancadriyane. Saya akeh lereme saya akeh bathine.

Saka banget lereme, saya pramana marang rasa kaalusan. Wong ora susah duwe niyat : aku tak ngrasakake utawa aku tak sregep niteni. Cukup mung : TAK MENENG. Mengko rasa panggraita thukul sajroning meneng, ora nganggo : tak.

4 WONG WANGKOT LUMUH NGRASAKAKE LAN NITENI APA-APA, IKU THUKULING RASA LAN PANGRAITANE KUDU KEPENTOG ING KASUSAHAN, MURIH KEPEKSA MENENG ADON-ADONE KANG KASAR. Conto : Pitik kang lumayu apetrak-petrak, marga buntute katutan blarak garing muni kresek-kresek, dikira ana kewan liya kang mbledig. Ora ngertia yen saka panggawene dhewe. Apa kang sinandhang ing manungsa ya saka polahe dhewe, nanging ora rumangsa?! Dituturana nganggo buku, guru, wali lan Nabi, yen durung ngrasakake lan niteni dhewe, iya ora percaya, tansah mamang, iya apa ora, jalaran durung ngalami tandha yekti. Pitik kang petrak-petrak mau lagi yakin ngandele yen wis kepentog, upamane : kapentog ing grumbul (pager) kang marakake kepeksa meneng, ora bisa mbanjurake polahe. Ing kono thukul panggraitane lan ngrasakake ing yakine. Blarak ing buntute banjut dicucuki. Liding kandha : Wong kang wangkot iku sok dipentokake dening kang murba masesa murih kepeksa : meneng, aja bisa mabnjurake polahe. Wujuding pentogan yaiku : lara, kasusahan utawa kasangsaran. Awit saka iku wong nemu kasusahan aja ngresula, malah kudu sukur kanthi prihati, nggoleki lupute, banjur mareni. Dene yen durung kapentog, diprayitna nggolek dalane panggraita sarta thukuling rasa lan budi, sabisa-bisa aja kongsi dipentogake, bebasan : Aja pupur sawise benjut.@@k.

5 KANG KENA DIENGGO GANDHULAN KUKUH IKU : OLEH-OLEHANE DEWE SAWENEH wong bungah lan marem, sabab oleh ngelmu kang pengpengan saka guru linuwih. Ana saweneh bungah lan marem saba jajah sesurupane, saka layang warna-warna anggitane pujangga linueih, utawa saka kitab warna-warna anggitane para Auliya kang luhur martabate. Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mlesed) iku mung pitutur kang tinemu ing batine dhewe. Pitutur saka njaba (lair) mung dadi srana thok-thok, lire : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, sarana taberi ngleremake pancadriya. Dadi yen ora taberi nyuda tumangkaring hawa lan ngrasakake nganti weruh marang rasane, kaya wong ngrasakake asining uyah, iku ngelmu lan sesurupane, kang akeh-akeh tanpa gawe ; sabab mung dumunung ing angen-angen, tegese : mung lagi bisa ngarani bener lan becik, dhemen sarta ngalem, utawa lagi ngerti marang surasaning tembung. Aja gumampang ngaku weruh marang RASANING tembung, yen ora sregep ngenengake rasa kasar. Ringkese : Bola-bali kang mupangati iku mung OLEH-OLEHANE DHEWE. Rejeki kang olehe saka nyambutgawe krekelan, kang krasa nikmat lan mupangati marang awak sarta mberkati iku mung saka kringete dhewe. Saweneh wong kang ngudi kawruh mung arep njupuk wose bae, ora dhemen marang buku kang mung isi pitutur, kang disenengi buku kang isine dhuwur-dhuwur lan gedhe-gedhe. Ana saweneh : dupeh wis sugih ngelmu, rumangsa wis mumpuni, nampik marang layang pitutur, kayata : Layang Wulang Reh, Wedhatama, dilepeh pituture, ciptane : Ah, iku rak kanggo kang isih ca-ra-kan, aku rak wis dhuwur. Wong kang mangkono iku sejatine wis kesasar adoh, sabab kadhasaran ing riya (angkuh, sombong).

KATRANGAN Kang kacetha ing angka, 1, 2, 3, 4, 5, kasebut ing dhuwur mau kabeh, mung aweh pituduh, yen manungsa bisa thukul budine (oleh piwulang kang yakin, kang metu saka batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan) sarana MENENG adon-adone kang kasar. Dene dalaning meneng : ana kang sabab diniyati, ana kang sabab kapeksa, ana kang jalaran saka kapinujon. Bablase kanalaran iki, nyumanggakake.@@k. Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila den ngati-ati, sakeh durgama singgahan den eling.

A Perangan 12 MRATELAKAKE BAB EMPAN LAN URUBING DAYA Apa tegese : empan? Apa tegese : urub? Geni, empane : dithuki kayu garing, ditepasi, urube yaiku undhaking geni kang katon, kang banjur ngundhakake RASA PANAS. Dayaning tangan, kepriye empane? Dikulinakake nyenyekel, nyambutgawe, angkat junjung barang abot lan sapanunggalane. Endi urube? Yaiku : undhaking kakuwatane, undhaking kaprigelane, lan banjur ngundhakake rasa kuwat rasa prigel. Rasa driji, kepriye empane? Dilelantih ngrasakake lan niteni bedabedaning grayangane barang warna-warna, kayata : sutra, elar, rempelas, es, wedang, dom lan liya-liyane. Endi urube? Iya awase marang beda-bedaning grayanganing barang. (Wong wuta lumrahe luwih awas panggrayangane katimbang wong kang isih waras), iku kabeh oleh-olehing ngrasakake karo niteni kanthi kalumpuking kekuwatan gumeleng nuju marang rasa sawiji. Liding catur : Gedhening daya saka urub (urip), urub saka kehing empan (kulina), dene kulina iku saka sapisan, nuli pindho, ping telu, sapiturute, suwe-suwe mempan, nganakake urub. B

MAKSUDE BOCAH DISEKOLAHAKE Bocah sekolah iku maksude : ngempakake pandulu, pangrungu, pangucap, pangrayang, pikir lan rasa. Empaning pandulu : ndedeleng kang titi, nggambar, nitipriksa wanguning gambar lan tulis, nyawang pranatan kang becik sapanunggalane. Oleh-olehane : awan pandulune, yaiku urubing pandulu, uga karasa awase (urub tegese : urip). Empaning pangrungu : kulina nggatekake dhawuhe guru, clathune kancakancane lan clathune dhewe. Empaning pangucap : clathu seru, cetha, beda-bedaning wanda, aksara ilat, gorokan, lambe, mangsuli pitakon, mratelakake sapanunggalane. Empaning tangan : nggambar, nulis, nyulam, ngukir. Oleh-olehane kaprigelan. Empaning pikir yaiku : ngematake tumandanging pandulu, pangrungu, pangucap, panggrayang sapanunggalane. Yen ing bab iki nganti kurang wigatine, bisa nuwuhake prakara kang ora rinasa, kayata : 1. Kerep ngucap manut roh khewanine, katarik pambandhanging nafsu kang ajak gugup, kesusu, temahan tinggal pikiran. 2. Kerep ora sumurup kliruning caturane dhewe, sebab pangrungu ing nalikane clathu, ora gathuk karo pikiran, sababe : ana kang saka pambandhange nafsu, ana kang jalaran angen-angen, kulina tumandang tanpa sir (panggagas). 3. Akeh bocah lalen lan bingungan, peteng sarta bruwet, iku ora liya sabab kulina nggagas lakuning pikir tanpa pranatan ora kaya banyu mili, malah kaya banyu kang diubek-ubek utawa mambeg. 4. Akeh bocah cepak klirune, jalaran saka gugupan, kagetan, uwasan, sumelangan, tipisan aten, iku sabab kulina ngempakake nafsu kang ajak gugup, wedi lan sumelang, ora ana kang ngenggokake murih saline kang diempakake. Manawa nafsu kang ala kakehan empan, gedhening kekuwatane ngalingi rasaning : sir.

5. Akeh bocah kang solahe rengeh, sugih bendana, kurang pangaraharah, kayata nyelehake barang kurang pernah. Doyan edheg, mlaku kerep kesandhung. Iku sababe kakehan obah roh khewanine, ora ana kang nyenthoki, kebannjur dadi roh khewani kakehan empan, kagedhen kekuwatane roh peteng, metengi pikir. Ing ndhuwur iku empaning pikir kang sapisan (ngematake tumandanging pangucap, pangrungu, pangambu, panggrayang, pangicip) dene kang kapindo : dienggo ngeling-eling sarta nganam-anam (golek pikiran), kayata : nganggit-anggit, etung-etung, ngapalake, mangsuli pitakon, golek reka lan liya-liyane. Empaning rasa : mbedakake klakuwan ala lan becik, sarana dongeng, dituntun welas marang kewan, ngajeni marang wong tuwo, guru lan sapa kang patut diajeni. Dipurih ngrasakake tindak saru lan pantes, dituntuni weruh marang unggah-ungguh, tatakrama, duga-duga, prayoga, riringa, weruh ing panarima lan sapanunggalane. Yen karingkes, maksude sekolah iku : ngurip-urip rasa kang becik (kang marang alus lan padhang), memati rasa kang ala (kang marang kasar lan peteng). Jiwa kang isih ringkih kaya jiwane bocah, durung duwe kaprayitnan, durung pati bisa mbedakake ala karo becik, kang dumunung ing garbane, mulane ya kudu weweka. GURU kang dumunung sjabaning garbane murid, ka-anggep ana sajroning garbane murid, lire : kudu ngleboni atining murid, dijaluki tulung dening jiwa kang ana ing garbane murid, ing prakara prayitna karo weweka, apa dene panuntuning pikir sarta pratikel empan kang becik, pamenggak kang ala. Dadi guru iku dhukun kang wajibibe nambani lelaraning jiwa, kudu nitipriksa apa lelarane, apa tambane, sarta kapriye patrape nambani. Bisane mangkono yen guru prayitna dhewe sarta weweka dhewe, marga bisa meneng adon-adone kang kasar supaya bisa ngrasakake karo niteni. Guru sekolah, guru kawruh kasidan, apa dene guru sajati ing alam gaib, kwajibane ora beda, kabeh-kabeh tetulung ing bab : prayitna lan weweka, banjur panuntun karo pratikel. Kabeh utusane Allah, dikarsakake mbeciki sipating Allah, iya sipate pribadi.

C Perangan 13 SAPA MBUWANG ALA, NEMU BECIK, SAPA GOLEK BECIK, LUNGA ALANE Wit-witan kang pange ngisor dirempeli, sing dhuwur dadi lemu. Wit mbako, teh, kang dicewoki ngisor, kang kari dadi mirasa. Wit kang kuru marga kemladhean, yen wis dibuwang kemladheane, dadi lemu. Bocah kuru marga cacingen yen wis disirnakake cacinge, badane dadi seger. ..kabeh mau sabab dayaning ngaurip kang maune nguripi kang ala, banjur ngalih nguripi kang becik. Kekuwataning uripe ora kalong, mung ngalih, gumeleng, nglimpuk marang kang becik, kaya ilining banyu, yen kang pating sereweh dipepeti, ilene nglupuk gumlogok. Mangkono uga ilining banyu urip, manawa adon-adon kang kasar (asor) dirempeli adonadon kang alus (luhur) dadi mundhak dayane. Kayata : yen nafsu kang ala disudani empane, nafsu kang becik dadi gedhe dayane. Manawa tansah dibanjurake wnggone nyudani saka ngisor, sangsaya lawas sipating manungsa sangsaya alus lan luhure, sangsaya gedhe dayane, nganti tekan rasa mulya, kang aran rasa Sangkalpa, wekas-wekasane gaib, yaiku : sampurna. Budi lan Rasul kena ka upamakake wit (tumrap jiwa kang durung kaya jiwane Nabi). Roh kewani (napsu) ka-anggepa kemladhean pang kang ngisor, utawa cacing kremi kang dadi lelara. Ing ndhuwur iku lire, tembung mbuwang ala nemu becik. Dene golek becik ilang alane, mangkene : Sing sapa ngekehake empane rasa kang becik, sanajan ora duwe karep mbuwang alane, nanging kang ala padha lunga karepe dhewe, sabab selawase kang becik diempakake dayane, dayane urip tansah mili marang becik kang becik, nguwatake kang becik. Kang ala ora keconggah ngempakake dayane, katut dayane kang becik. Ilining banyu urip, kekuwatane tansah marang kang becik, kang ala kekurangan banyu, kekurangan empan. Manawa tansah kekurangan kekuwatan, lawaslawas mati, kari mligi kekuwataning daya alus luhur, tumindak tanpa rubeda. Yaiku kahananing manungsa kang wis wiragnya, wujude : sarupaning para Rasulollah.

D Perangan 14 MAKSUDE WONG MENENG ORA kurang wong kang salang surup ing bab maksude wong meneng, kayata : takon marang atine dhewe mangkene : Wong meneng iku apa supaya kaya tunggak (watu). Wong mbuwang pikiran lan gagasan iku apa supaya bodho kaya kebo. Wong mbuwang pepenginan kemeren utawa kabungahan iku, apa supaya kaya bekakas mesin utawa manuk ing kurungan. Wong ngangkah ora duwe napsu, lara ati utawa isin iku, apa supaya kaya wong gendheng, kang prasasat ora duwe pangrasa. Ora kurang wong kang kipa-kipa, ngemohi banget ngudi kawruh kasidan (kebatinan), sumelang yen ngemperi : tunggak, kebo, bekakas mesin utawa kaya wong gendheng (ora duwe pangrasa). Nadyan wong kang wis melu ngudi kawruh, uga akeh kang kliru surup ing bab maksude wong meneng. Yaiku, sababe saweneh wong ngudi kawruh, malah dadi peteng utawa bingung kasasar ngelmu lan lakune. Wong bgulinakake meneng iku kang dilelentih ENENGING ADON-ADON KANG KASAR, KANG ASOR. Ando-adon kang alu malah diempakake manut apa mesthine, aja kongsi kang sasar kaduk empan kang alus kurang empan, kaya pratingkahe kang ahli donya, kang sejege urip durung tahu ngicipi rasaning rasa alus kang sumingit ing garbane, kang kalimputan ing rasane kasar, kang disengguh wis alus, wis luhur, wis bener banget. Wong ngulinakake meneng iku sejatine ora ngangkah enggone arep meneng. Enggone keraya-raya ngenengake kang kasar (kang asor) iku saking dening arep ngegungake empaning kang alus kang luhur, kang nyedhaki rasane kang kagungan urip, kang tumandange saya manut karsane kang Murbeng Jagad, kang nggayuh kamajuwaning jiwa dadine luhur lan mulya, kang dayane mbrekati jiwa-jiwa liyane kang isih asor, kang mumpangate ngluwihi saka kang mung mbudi kadonyan thok-thok. Rehne prakara iku alus, temtu bae :

Ora katon ing mripat. Ora gamoang dipikir, ora kena rinasa nganggo rasane kang ahli donya, kongsi ahli donya pada nyengguh :

1. Ora tetulung apa-apa marang sapadha-padha. 2. Bodho banget. 3. Ora duwe pangrasa.

Kang ahli donya, sanajan ora gelem diarani ora nindakake rasa kang becik lan alus, ngati-ati ngupaya kang bener perlu, nanging durung bisa ngrasa enggone : 1. Kaduk kira-kira, kurang yakin. 2. Kaduk kasar, durung weruh kang luwih alus, luwih mulya utawa kang mupangati. 3. Kaduk rubeda kurang widada (dumunung ing atine). 4. Asring kelacuten, mungguha lokomotif ngono kurang rem lan kerep salah wesel (mula ahli pikir lan ahli rasa kudu nyambut gawe bebarengan, tulung-tinulung ijol kabecikan). E Perangan 15 BAB ENENG SAJRONING SAMADI (MATIRAGA) Gangsingan kang gumlethak, upamakna mati. Gangsingan kang muded, nanging kanthi rongeh, upamakna : urip kang kakehan tumangkare. Gangsingan kang muded lelet anteng (muter seser), ngadeg kaya saka, upamakna : meneng. Ya mangkono iku, eneng kang diudi dening para linuwih, dadi enenge enenging urip, dudu enenging pati. WONG SEMEDI utawa matiraga, wiwitane ngenengake adon-adon kang kasar-kasar, ngiras ngaringake angin, agawe enebing banyu, saya meneng rasane kang kasar-kasar, saya katara kang alus-alu. Mundhak lereme ya mundhak krasane kang luwih alus maneh. Yen bisa mbanjurake, pancadriya bisa lerem babr-pisan, banyu uriping manungsa nglumpuk gumeleng ana ing Rasul lan Budi. Iku upamakna : soroting srengenge kang ambane mung sak ambane suryakantha, yen diklumpukake ana ing tengah kongsi dadi sak klenteng, cahyane ngemperi srengenge, dayaning panase tedhas dienggo nggosongake kayu. Dadi ringkese wong meneng iku : maksude ngumpulake kekuwatan kabeh. Yen wis ngumpul, gedhe dayane, banjur dienggo manut apa sire kang duwe kekuwatan. Tumrape kang kurang ptayitna, klumpuking kekuatan di-ilekake marang rasa asih kang asih klebu asor, kayata : nenuwun utawa memuja mangkene, kang nalisir saka tekad menyang Allah. Tumrap kang wis prayitna, kaklumpukake marang Rasamulya, iya sang Kalpa, iya rasa tresna marang DAT, asih marang sipat, iku Rasa kang dhuwur dhewe, padha-padha Rasa kang gandheng lan manungsa. Sasirnane iku aran maha Kalpa utawa Nirwana.

Sarehne iku anane saka sirnane rasaning manungsa babarpisan, mulane gampanging tembung : sirna utawa wungwang. Saweneh wong kliru, dupeh wis ora krasa apa-apa (sirna), disengguh padha karo watu. Uriping manungsa kalane lagi nguripi pancadriya, katembungake urip sajroning sagara maya, pindhane kaya iwak urip ing banyu. Manawa manungsa wis bisa nggeget (ngenyami). Rasa kang ana sajroning sanubarine (ora kalimput ing rasa sajabaning sanubari) iku manungsa kena kaupamakake wis oleh gandhulan, mentas saka ing sagara maya. Rasa sajroning sanubari kaupamakna tali kang ana ing sajroning sagara, digandhuli ing manungsa kang kaupakake iwak, manwa kukuh anggone gandhulan (ora uwal kasentor ing ombak utawa ora nyleweng), manungsa bakal dientas saka sagara mau menyang ndharatan, banjur weruh padhang hawa (jaman kang luwih mulya kang ora kena kinaya ngapa). F Perangan 16 BAB WUJUDING KEKUWATAN ALUS KANG KATON ING LAIR Wong kang dibasakake otot kawat balung wesi, otot karo balunge padha oleh pangalembana, nanging yen dititipriksa, kang duwe kukuwatan dudu otot lan balung, tandhane yen wis diulesi : ora bisa apa-apa. Tetela kang kuwat iku kang alus, kang ora kasat mata. Otot lan balung rak mung kelar ngangkat barang thok balik kang alus kelar ngangkat otot lan balung kang di baluhi (dibandhuli) ing barang kang di angkat. Ka-alusan kang ngangkat otot lan balung mau padha-padha alus, kasar dhewe. Ana kang alus maneh, kuwate ya ngluwihi. Kang ngungkuli aluse ya isih ana kang ngungkuli maneh, kuwate ya kungkulan maneh. Sapiturute tansah ana kang ngungkuli maneh. Saya alus saya kuwat, LAN SAYA LEPAS TEBANE, pantoge : ora kena kinaya ngapa, katembungake gaib, kukuwatane tanpa wate. Kekuwatane alus diarani : k a w a s a. Manungsa kang ngekehake empaning rasa kang alus, ya akeh aluse, akeh kukuwatane kang ora kasat mata, wasana : puja, puji lan pangucape kairing ing kakuwatan kabeh.

Tuladha kakuwataning ati kapracayan : Ana sawijining pandhita Hindhu, kapethuk wong lara sambat njaluk tamba. Pandhita mituturi : Pracaya yen bakal waras, calathuwa : aku waras, aku waras, saben dina, nanging kudu terus ing ati, sarta diprecaya : Kowe bakal waras temenan. Pandhita mbanjurake lakune. Kang lara precaya banget marang ujaring Pandhita, sarta miturut saprentahe, iku ndadekake ing warase (Layang : Rama Kresna). Mangkono iku tandha yekti, yen mula ana kekuwatan kang ngebat-ebati dumunung ing garbaning manungsa manungsa, bisa ngendhih lara, kongsi salin dadi waras. Dayaning ati pracaya (kandel kumandel) tarkadang ngungkuli tamba saka dokter. Piyandele wong lara kang kasebut ing dhuwur mau durung sapiraa yen katimbang kukuwating pangandel marang Allah, awit pangandel marang Allah (kang nganti karasa ing sanubari) iku kukuwatan kang luwih dening alus, luwih sumenteg sarta kukuh bakuh. Wong gedhe piyandele marang Allah babasan ngungkuli kang abebeteng waja. Rasa susah, sangsara, lara, luwe, mlarat, bilai sapanunggale : Ora kawawa nanggulangi kukuwataning rasa ngandel marang Allah, (kang karasa ing sanubari) kang gedhe dhewe kukuwatane. Mungguh gedhening daya mau asale ora liya saka kehing empan, yaiku : kulina meneng ing wayah kang katamtokake, mamati kekuwataning adon-adon kasar, ngempakake Rasa ing telenging sanubari. Wong arep pecat nyawane iku lara, wong lara kasandhang wis ngarani, ewadene bisa suda terkadhang sirna dening rasa pangandel sarta tresna. Mulane padha kawuningana. Wong kulina ngumpulake kukuwataning rasane, kailekake gumeleng marang PANGANDEL sarta TRESNA, kang dumunung ing sanubari, banyu uripe tansah mili bakal wutah marang gesanging Allah, kaya banyu kali wutah ing sagara, awor dadi siji jumbuh ora kena kabedakake. Ya mangkono iku kang dikulinakake dening para kasidan jati kongsi tumeka ing wekasan.

Tumrap kang nandhang susah lan sengsara, kajaba ora wenang tipis piyandele marang Allah, perlu ngawuningani : kasusahan utawa kasangsaran kang katurake marang kang ginaib kanthi tekan ing rosing rasa : Luwih dening gedhe paedahe. Dadi ora prayoga wong ngersula dening susah lan sengsara, nadyan dikayangapa, sabab : JIWA KANG ABADAN KASAR BISANE MULIH MARANG GAIBE MANEH, DALANE ARUPA KASANGSARAN BISANE MENTAS JIWA KANG KASAR LAN PETENG MARANG KA-ALUSAN LAN PEPADHANG. (MITRA kang durung bisa ngrasa babar pisan marang unen-unen sathithik iki, rembuge kang nulis iki mung PRACAYA bae, besuk ana mangsa ngrasa lan pracaya banget). KOSOK BALINE Wong kang piyandele marang panganan, tartamtu uwas sumelang sarta ora kuwat yen koncatan daging utawa pangan kang mirasa. Jalaran saka pracaya ing ora kuwate, ya kasembadan ing ora kuwate. Jalaran saka tipis piyandele marang Allah, ya kekurangan daya urip. Jalaran saka uwase uwase, ya dadi lan tiwase. Upama wedi mati marga ora mangan daging, bisa uga mati marga ora mangan daging. Wong kang kandel piyandele bisa urip mung karo banyu, sok uga ngirih-irih ngarah-arah patrape ngulinakake, ana kang bisa urip mung karo banyu bae, kukuwatane badan wadhag kang menggrik-menggrik sarta kemeng kalironan kukuwataning badan alus kang luwih lepas tebane. Wong kang percaya yen dhirine bisa ngudi lan nggayuh kawruh kasampurnan, awewaton sumendhe marang Allah kang pinracaya ing sanubarine, insya Allah bisa nggayuh, dene wong kang ora pracaya marang dhirine, utawa dhirine diapesake dhewe, dhirine bisa apes temenan, katarik saka piyandele dhewe utawa tingkahe dhewe. G Perangan 17 SAKSINE NGANDEL MARANG ALLAH TEKAN ING SANUBARI Sawijining wong clathu : AKU ORA NGANDHEL yen ana memedi, nanging bareng lumaku dhewe ana ing panggonan lindhuk, pengkirag-pengkirig, calathune : ora ana memedi ora barang. Perlune mung dianggo nglipur ing wedine, terkadhang diarani ngandel, meksa ora gelem. Wong mangkono iku durung bisa niniteni, yen asaling rasa wedi iku saka rasa ngandel, lan durung bisa ngrasakake (ngematake) bedane rasa NGANDEL karo RASA MAMANG, kongsi RASA MAMANG disengguh rasa NGANDEL. Iku padhane wong calathu : aku ora serik. Kang dikandhani ota nggugu, sabab serik karo ora, katon ing ulat, pasemon lan sajak, iku uga durung bisa mbedakake RASA SERIK, karo ORA SERIK.

Bab ngandel marang Allah aja kongsi kliru karo mamang. Aja gumampang ngaku ngandel, lan ora prelu nuduh-nuduhake ing pangandele marang Allah, mundhak kaya kang mengkerig-mengkerig nuduhake ing ora ngandele marang memedi. Sadhengah kang kumudukudu kawetu ing lesan, iku enggone ora ing sanubari. Seksine ngandel marang Allah iku : Wirang marang Allah yen duwe krenteg ala sajrone atine, isin marang Allah enggone ora pisan males sih katresnaning Allah kang tumiba ing awake, kayata : panuntun lan pratikeling Allah enggone ngangkat jiwa saka asor marang luhur, kang ora padha rinasa ing manungsa (sanajan arupa kasangsaran, utawa dudu) pamalese kepriye : 1. Eling lan tresna.

2. Tutulung marang sapadha-padhaning jiwa kang isih asor. (panthenge marang sawiji). Enggone gawe kebecikan ora pisan-pisan ngangkah kawruh ing wong, apa dene kasdu gawe kabecikan kalawan sesingidan. Perangan 18 TARIK TINARIKING DAYA Wong yen diajak rarasan bab kecuting asem, utawa weruh wong mamah asem, gambaring rasa kecut kang sumimpen ana ing batin, mancungul sarta mara, kaya wesi digendeng ing wesi brani, maju mengarep kaya jangkrik kambon kili, tangi kaya wong turu digugah, rasa liya-liyane kendhih semisih kaya wong akeh diesuk saka ing buri. Rasa kang sok dianggo ngrasakake asem mau ana ing ngarep dewe, ngaling-alingi rasa liyane. Yen wong diajak rarasan apa-apa kang dhek biyen disenengi banget, utawa prakara kang dadi jalaraning bungah, iku rasa bungah mancungul, dewe kukuwatan, banjur ngaling-alingi rasa liyane. Yen wong diajak rarasanan bab kaluputaning sanak kang biyen digethingi, ing kono rasa gething lan pegel teka ana ngarep, kaya geni sajroning awu ditepasi, diurupake. Yen wong diajak rerasanan beciking wong, utawa disurupake yen bisane seneng lan dadining becik awake saka pitulunganing wong akeh, iku rasa seneng lan asih marang wong banjur tumandang ana ngarep, pasemone dadi katon manis sarta wenes. H

Yen wong diajak rerasan prakara rasaning kawruh, utawa prakara Allah, rasa alus lan luhur tumandang ana ngarep, ngendhih rasa liya-liyane. Mangkono sapiturute. Wasana : rasa kang ora tau diuthik-uthik saya lawas saya kuru, wekasan mati. Rasa kang kerep ditarik, kerep tangine, kerep mempane, saya lawas saya gedhe dayane. Awit saka iku watak lan sasipataning wong iku manut apa kulinane, wong kang kulina ngempakake rasa MANGKENE, watake MANGKENE pasemon lan solah bawane MANGKENE, dadi kerep nggendeng rasane kang ngajak MANGKENE. Wong kang manggon ing panggonane wong becik, kumpulane wong BECIK, saben dina nggendeng rasa kang BECIK, kumaraning panggonan ing kono ya BECIK. Eliding gunem : perlu banget wong ngudi kawruh kasampurnan padha kerep kekumpulan, banjur sarasehan, pamrihe narik kang alus kang ndhelik ana ing jero. Nalika rasa alus ana ngarep, ngendhih rasa kasar, dayaning urip saperangan gedhe nguripi kang alus iku. Rasa kang kasar ing wektu iku, padha suda dayane. Manawa kang alus tumandang temenan, wong sarasehan ora krasa sayah, arip lan luwe, marga sayah arip lan luwe iku empane rasa kasar (rahsa), sarehning ing wektu sarasehan kang tumandang iku kang alus (kang ora duwe watak sayah, arip lan luwe). Mula kang kasar kakurangan kakuwatan, dadi kang kasar ora kaconggah nindakake watake. Ing ngarep wis kapretelakake kang gedhe kukuwatane iku manungsa kang wus akeh aluse, dadi kang bisa nggandeng rasa alus tipis kang kaling-kalingan ing rasa kasar kang kandel : Ya manungsa kang wis gedhe kukuwataning aluse, krentege bisa narik krenteging liyan, ucape bisa nuju prana (ndumuk rasa) kang dadi jalaraning krasa, rumasa, nggraita. Para Nabi enggone nggendeng rasane wong pirang-pirang ewu, marga gedhe aluse, kang nglimput rahsa : kaya lokomotip nggeret grebong akeh, marga gedhe banget kekuwatane, mandi sabdane. Wong ahli ngelmu Sepiritisme bisane narik lan marentah jiwaning liyan, ora liya marga ngekehake empan kang alus. Kang kena ditarik ya jiwa kang isih banget kasare, kang sithik kukuwatane. Bangsa badan alus kang asor (dhemit, brekasakan) ora bisa ngridhu manungsa kang gedhe kukuwataning aluse, bola-bali mung wong kang atine suwung kena di-riridhu ing dhemit.

Sarehning manungsa kang gedhe kukuwatane mitulungi banget marang kang sathithik kekuwatane, mulane sathithik kekuwatane prelu nyedhaki, ngumpuli, kayata : makmum, ngalab sawab, njaluk pandonga, nyadhang pitutur sapanunggalane. Silaturahmi ing bakda riyadi perlune : 1. Golek daya panggedeng marang wong tuwa. 2. Narik ing rasa sih tresna, kang daya uga marang ka-alusan, panthenge uga marang Allah. 3. Ajar nor raga, ajar kothonging ati (dadi luwih becik tinimbangan manawa mung kirim karcis). Kajaba iku, wong ngudi kawruh uga perlu banget kekumpulan, kang pamrihe ngumpulake kukuwatane wong akeh, kadadekake siji. Kalumpuking daya saka wong akeh kang padha panthenge : mujudake kukuwatan gedhe, bisa ngendeng jiwa-jiwa liyane. Pranatan mangkono iku bagusing-bagus, luwih-luwih manawa kang dikumpulake iku wis padha akeh aluse, kalumpuke mujudake kahanan endah sajroning gaib, dadi rerenggan sajroning karatoning Allah, kukuwatane bisa miyak dayaning donya kang ngepung kiwa tengene. Prelu banget tumraping jaman saiki wong pada saduluran. Sarta rukunan nglakoni, mangkono awit dayaning donya saiki kuwat banget, kebak daya angkara murka, kongsi manungsa kangelan bisane uwal, kaya dene arep mentas saka endhut pliket. I Perangan 19 BADAN TUWA, BADAN NOM LAN UMUR DAWA Wong nalika isih nom, badane akeh segere, pepak kukuwtane, saya tuwa saya akeh rasane kang ora kapenak. Yen tuwane wis banget, larane saya banget sarta tansah solan salin, kongsi ora kelar mbetahbetahake, madal sakehing tamba pratandha wis mangsane Pamikir warna loro kang tinulis ing ngisor iki endi kang bener ? Kang siji : sarehne wis mesthine badan utawa akeh larane sarta wis mesthi ora kena ditolak, kapriye maneh, ora liya mung kudu narima, mupus utawa nguluh, puluh di tambanana tuwas ngentek-entekake wragad akeh, mangsa mariya, ya wis dinengake bae, ora betah ya ben. Yen wis ora betah banget, mangsa ora matiya.

Sijine mangkene : sarehne wong diwenangake ikhtiyar, wong lara ya kudu ditambani, sabisa-bisane, sanajan ora mari, ya suda-sudaa. Sukur bage bisa waras. Sanajan ora wurung mati, nanging yen lawase uripe, bisa nampani bayar rada lawas maneh, bisa ngrasakake panganan enak rada lawas melu bungah-bungah (main, tayuban) rada lawas, bisa nonton gumelaring dunya rasa lawas, Sukur bage bisa.. rabi maneh karo wong ayu nom rada lawas, cekake supaya BISA NGRASAKAKE KANIKMATAN DONYA LAWAS. Yen mungguh kang nulis layang iki, pamikir rong rupa mau karo pisan ana benere, nanging karo pisan iya ana nalisire. Yen awak lara banjur nekat, dumeh wis mesthine lara, iku aran kainan sarta siya. Nanging yen enggone nambani sabab duwe pangangkah AREP NGRASAKAKE KANIKMATAN KANG LAWAS. OLEH DHUWIT KANG LAWAS SAPITURUTE, wong mangkono iku mau bakal katekan SANGSARANING ATI lan BINGUNGING ENGETAN kang ora kena ditolak, tur rasaning sangsara ngebat-ebati banget, awit wong mangkono SAJEGE URIP MUNG TANSAH NGEMPAKAKE PANGAREP-AREP KANG MARANG KANIKMATAN DONYA THOK LAN TANSAH NGEMPAKAKE KAREM-KEREM MARANG KADONYAN. Saya lawas umure, ya saya kuwat pangarep-arepe marang kanikmatan, saya gedhe karem kereme marang donya. Wasana sangsaya lawas sangsaya ORA KATEKANAN KANG DADI PANGAREP-AREPE NANGING SAYA GEDHE PANGAREP-AREPE. Upama umure diundaki sethithik engkas, kanggo ngrasakake kanikmatan donya, sawise dituruti ya njaluk undakan sethithik engkas, kepingin ngrasakake kanikmatan donya sethithik engkas, tansah mangkono bae ora ana pedhote. Malah sangsaya gedhe pangarep-arep, sarta sangsaya banget kapingine lan saya mundhak pangeyange. Kawuningana : laraning lara ora kaya wong kang gedhe pangarep-arepe : ora katekan, kageting kaget ora kaya wong kang lagi kerem dipedhot dadakan. Prakara iki kena diupamakake : wong desa lagi tengah-tengahe duwe gawe mantu anake, kang sesuk arep nampani tekaning dhayoh lan sumbangan, dumadakan bareng lunga menyang kutha kapusan dening werek Deli, terus digawa menyang Deli, ora bisa kirim layang, ora ketemu sanak siji-sijinya, sarta lestari ora bisa mulih.

Ya bener banget wong golek waras ing badan lan dawane umur, nanging aja lali marang jejer WONG URIP ANA ING DONYA. Dadi warasing ing badan kanggowa ngupaya undhaking pakarti prakara dalan marang Allah, kanggowa netepi panggawe kang kudu dilakoni, kang tuwuh saka Rasule. Lawasing umur benere kanggo nglarasake EMPANING RASA ALUS lan kanggo nglawasake pangereh lan PANGELONGING DAYA KASAR (napsu Luamah, Amarah, Supiyah), apa dene anyuda dayane roh khewani. Manawa mangkono, saya lawas umure saya gedhe kukuwataning aluse, saya sethithik kekuwataning kasare. Saya padhang dalan kang marang Allah, saya kukuh gandhulane, saya benggang karo donya, apa dene saya suda kekuwatan kang ngajak lara, arip lan luwe. Dadine : DAWANING UMUR LAN WARASING BADAN IKU MUNFANGATI BANGET. Wong kang mangkono, sangsaya lawas umure sangsaya akeh bathine, yaiku bathi daya alus. Manungsa kang wus bisa ngrasakake munfangating daya alus, banget manawa tlaten golek undhaking Rasa aluse, gemi marang waktu, eman banget manawa akeh waktu kang mubadir ora dienggo golek daya, awit saben wektu kena dianggo ngundhakake daya. Saking sumurupe marang munfangate daya alus, lan saking gemine marang wektu kayakaya duwe babasan : WEKTU IKU DAYA. Kajaba saka akeh bathine daya alus, (kang dadi marganing kawasa ana ing alam ka-alusan) wong kang bisa nganggo wektu mau ngrasakake nikmat lan seneng marga katekan apa kang dadi tekade, Tekade : ngemohi donya, ndadekake ing mareme dening katekan kang dadi sejane. Kajaba bathi daya alus lan katekan tekade, sangsaring badan wadhag nalika tuwa : uga suda akeh, marga : daya kasar tukang ngajak lara wis tipis, wis kendhih dening kukuwatan kang ngajak meneng. Mungguh yektine kang dadi jalaran laraning badan tuwa, kang adhakan yaiku gedhening nafsu Luwamah, kayata : kakehan mangan ngobe, rusuh lan kakehan wrnane kang pinangan, apa maneh manawa madat utawa minum. Sahwat lan ngekehke turu uga kalebu dayaning nafsu Luwamah. Dadi ringkese : Bener banget badan lara diwarasake, nanging kliru banget warasing badan dienggo njurungi pakareman. Bener banget wong golek dawaning umur, nanging luput banget dawaning umur kanggo nglarasake empaning rasa kang asor.

BADAN NOM Eman banget badan kang kuwat lan seger dienggo kesed, lumuh ngempakake lan kukuwatan kanggo nyambut gawe lan golek kapinteran, nanging kliru yen ancasing nyambutgawe mung sabab arep ngrasakake kanikmatan ing donya. Kliru banget yen ngudi kapinteran lan kaprawiran mung ngarah pangalembana. Benere nyambutgawe kang panthenge netepi wajibing uripe, nurut pituduh kang krasa ing sanubarine (netepi karsane kang paring urip) yaiku mbeciki sapadhapadhaning sipat, ngiras rumeksa marang ragane yen wis tuwa, dadi ora ngarep-arep bakal ngrasakake bungah lan enak bae, malah-malah sajroning nyambut gawe nyambi maprali rasa kang kasar-kasar, kang ngajak marang enak kapenak lan bungah. Dadi pangarep-arep kang becik iku mangkene : 1. Supaya enggonku ngenebake banyu aja akeh rubedane, aku kudu nyambut gawe kanggo SANGGU SAJRONING ANA NGALAM DONYA. (Rubenaning wong ana donya yen sepi kadonyan). 2. Supaya katekan karepku golek pangerti lan kalantipan, aku kudu duwe dhuwit kanggo wragad. 3. Uripku ana ing donya sugiha DHEDHERAN, utawa CELENGAN kang becik sarana nyambut gawe. (Dhedheran utawa celengan yaiku rasa lan daya alus). 4. Aku prelu diucap nganggo tembung BECIK DENING WONG donya, nanging ucap becik iku prelu : NYATANE. Dudu misuwure, dadi sing tak arep-arep dudu sipangalembana, malah-malah sajroning golek tembung becik karo nyingkiri tembung ala mau nyambi maprali rasa kang ngarep-arep marang tembung becik, lan rasa kang bungah dening oleh tembung becik apa dene mbuwang cuwa upama ana tembung ala. Ringkese mangkene : kang isih kuwat badane lan padhang pikire kudu cekat-ceket ngupaya dalan padhang, sengkut ngupaya daya alus, mumpung jembar kalangane, mumpung gedhe rembulane, aja talompe (enggal-enggal) ngumpulake kukuwatan NYARUJUKAKE SAKEHING ELING : wektune wis sulek, upama miwiti saka carakan : emoh (wis kadhung duwe pangganggep dhuwur) nanging njupuk uwose bae : ora kena, sarta wis kadhung gedhe nepsune, banjur kapriye?? Seneng enak lan kapenak ngemungna SAPRELUNE BAE KANGGO pikuwat SAJRONING nyambut gawe kang tumuju marang tekad.

KATRANGAN Sesorah kacirenan aksara A-B-C-D-E-F-G-H lan I, sangang rupa iku maksude uga nunggal, nyurupake yen manungsa iku salawase urip rina wengi, meleka turuwa, nyambut gawe utawa nganggura, saben jam lan menit ORA PEGAT-PEGAT NGEMPAKAKE DAYA. Ana kang ngempakake daya alus, ana kang ngempakake daya kasar. Ana kang kulina ngempakake dayaning Rasa Mulya, kang runtut lan dayaning sanubarine, ana kang mung kulina marang empane, Rasa kang madya. Ana kang kulina ngempakake dayaning rasa kang nistha, yaiku rasa kang kasar utawa asor, kangparane marang pepeteng lan apes. Dadi : salawase urip manungsa iku ngempakake DAYANING URIPE kanggo ngurip-urip tandurane (eijine), dene tandurane kena kaumpamakake ana kang : pari, ana kang jarak, ana kang glagah, ana kang kang teh, ana kang lateng, ana kang bangah, lan liya-liyane. Rasa maneka warna ing garbaning manungsa alaa becika siji-sijine kena digawe bibit yen diurip-urip (kulina diempakake) tuwuh subur dadi gedhe. Kang endi kang gedhe dayane : kawasa nguripi (mbuntel ngaling-alingi) marang liya-liyane kang kuru. Mangka rasa warna-warna ala becik awujud roh kang nduweni alam dhewe-dhewe. Tetela saka prekara iku yen manungsa iku bisa dadi luhur kang luwih dening luhur, bisa asor kang luwih dening asor, bisa mulya lan kawasa luwih dening mulya lan kawasa, bisa papa lan apes kang luwih dening apes. Ringkese : Yen dadi becik ora ana kaya manungsa, yen dadi ala ora ana kaya manungsa. Blakane : Manungsa iku bisa dadi Gusti bisa dadi iblis. Bisa dadi Bathara, bisa dadi brengkasaan, bisa dadi gandarwa utawa thethekan. Bisa dadi musthikaning jagad, bisa dadi leletheking jagad. Bisa manggon ing jagad kang luwih dening mulya. Kang padhang trawangan, nikmat munpangat lan rahmat kang tan kena kinaya ngapa, bisa manggon ing jagad peteng, kang sangsara ketula-tula ora kinirakira. Awit saka iku, dhuh para mitra muga dipadha prayitna ngati-ati ngempakake rasa, aja kongsi kulina marang empaning rasa kang asor. @@k Ing aksara : A tumekane I, mratelakake yen wong sinau mimikir kang becik, semadi utawa tafakur, pracaya marang Allah, makmum marang wong kang gedhe dayaning aluse. kabeh ancase ngempakake daya kang becik (ngurip-urip daya kang becik) sarta memati marang bibit kang ala. Empane kang becik agawe kuranging epaning kang ala. Kurang empaning kang ala : agawe uripe kang becik (aksara : C). Ngeling-eling lan nggunem kawruh kang marang Allah, nanangi marang rasa kang becik (aksara : H).

Wong urip diwaras-warasake badane lan diarah dawaning umure : prelune kanggo nuwuhake bibit kang becik. Yen warasing awak lan dawaning umur dienggo ngulinakake empaning rasa asor : kliru banget sarta emat banget, memelas banget jiwane. (aksara : I). @@k Angkara gung, neng angga anggung gumulung; gogolonganira, triloka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda. Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama.

SERAT MADURASA (III)


Perangan 20 Bab mratelakake : KAREP, SIR, TEKAD SARTA GAGAYUTANE (A) Gumolong karep katarik ing S I R. Runtuting sir katarik ing T E K A D. (x) Manawa wong ora duwe pangaweyan, atine sok krasa kasumpet, sarta bingung kewuhan lakon, kayata : Sadhela-sadhela mikir apa kang dikarepake. Terkadhang krasa nyut arep mangkene, nanging ora pati mantep, banjur nyut arep mangkene, ya ora mantep ora gumolong, iku apa sababe. Sababe yaiku PERANGANING KAREP (ADON-ADON) padha pradondi. Saperangan ngajak mangkene, perangan liyane uga ora gelem diajak, ora sarujuk. Adon-adon kang pradondi utawa ora sarujuk lumrahe, kaya dene ubakubak, awit agawe mubaling adon-adon kang akeh-akeh, kang maune ora obah, banjur nglimputi RASA ngaling-alingi padhanging budi. Saya kesuwen anggone pradondi, saya gawe petenging engetan, lan saya ruparupa thukuling kenyut. Manawa wis ana SIR kang kenceng, sarta banjur NGLAKONI sawijining pagaweyan, lah iku lagi gumolong, adon-adon sarujuk, padha lumaku nunggal paran, awit kabeh LAKUNE NGENUT MARANG SIR. Dadi kaya banyu kang MILI, ora kaya di ubak-ubak maneh. (x)

Kakrepan saka dayaning : nafsu. Sedya utawa ancas, saka : sir. Tekad, saka dayaning : Rasa (rasul). Papadhang ing nafsu : manas asor (roh kewani). Papadhang ing sir : pikir (roh rohani). Papadhang ing rasa : budi (roh ilafi). Tekad .. upamakna : pokok = (deleg). Sir upamakna : dahan = (epang gedhe). Kakarepan upamakna : cabang = (epang cilik). Bendana (lageyan) upamakna : ranting = (epang cilik banget). Sasuwene durung tumeka marang prakara kang diesir (sasuwene durung katekan ancase) adon-adon isih sarujuk gumolong padha ngetut lakuning sir, dene yen wis katekan ancase, iku sing banjur mandheg, ing kono adonadon kang mujudake karep asring pradondi MANEH, sabageyan ngajak mangkene, sabageyan ngajak mangkono, kena kaupamakake : kewan warna-warna dicancang dadi siji, ora bisa pisah nanging sulaya padha eneng-enengan, watake siji lan sijine banget sulayane, sarta padha duwe karasan dhewe-dhewe, kang dietut ing adon-adon. Mengko yen wis kaleksanan maneh kang di esir, bingung maneh, sabab adon-adon pradondi maneh. Kaya mangkono bola-bali : tansah pradondi, gumolong, pradondi, gimolong. Olehe pradondi yen wis ketulungan ancase, gumolong yen durung katutugan, (iku yen rinasa rak iya aneh ta, dene katekan sire mung marem sadhela, banjur nganakake pradondi, sarta bingung maneh dupeh wis katutugan. Aluwung nalika isih lumaku, (durung katekan sejane) ora ana pradondi utawa bingung, ati kapenak, engetan padhang). Mara, pitakon ing ngisor iki pinikira wangsulane kapriye : 1. Sarehning saben katekan sire banjur nganakake bingung gumolonge yen durung katekan samengko katakokake : APA MILIH ORA KATEKAN ESIRE BAE, supaya ora pradondi utawa bingung? 2. Sarehning saben lakuning pancadriya leren nganakake pradondi, enggone rujuk mung yen saben lumaku, katakokake APA MILIH LUMAKU BAE ORA LEREN SALAWAS-LAWASE? (Emoh ngaso, mundhak pradondi). 3. Kapriye lakuning pancadriya murih salawase tansah gumolong, ora kerep kaseselan ing pradondi, bisaa kaya banyu kang ajeg iline? 4. Kapriye bisane pancadriya leren utawa ngaso kanthi ayem tentrem, tanpa diregoni ing pradondi (apa pancen wis kudu mengkono, ora bisa yen ora mangkono)?.

Mungguh sababe kakarepan sok ora gumolong ora liya marga KAONCATAN ING SIR, awit sir iku kang dadi panuntuning kakarepan, dene kang dadi sababe sok kaoncatan ing sir yaiku : sok solan-salin sir kang nunggal tuju (maksud), kaupamakna : khewan warna-warna kang kacancang dadi sawiji mau panuntune tansah solan-salin, marakake asring kandheg, kandege saben ganti kang nuntun (ganti sir). Sasuwene mandeg, khewan warna-warna kapiran, polahe tanpa pranatan, dening tininggal ing panuntun. Dene sababe sir sok solan-salin, sarta ora nunggal tuju, awit sir sir mau uga ora padha watake (ora padha esire) ndhadekake menggak-menggoking lakune khewan warna-warna kang katuntun, kena kaupamakake : punggawa kang lurahe solan-salin sarta watake dhewe-dhewe. Ana dene kang kang dadi jalarane sir ora sarujuk yaiku : sir warna-warna mau ORA KAPARENTAH ING TEKAD. Yen manungsa kadunungan tekad, mesthi duwe PANGUDI ora kena ora SAKEHING sire LAKUNE MANUT MARANG TEKADE, awit tekad iku PANUTANING SAKEHING SIR. Dadi ringkese, kabeh mau : SABAB URIPE SUWUNG TANPA TEKAD, dadi TANPA PANGUDI, temahan sire padha pating blasak, nganggo watak dhewe-dhewe, dening tanpa panuntun iku mau, ndadekake solan-saline kang diancas, (solan-salin kakarepan kang ora nunggal maksud). Saben salin kang dituju, ana wektu prodadining pancadriya lan laraning adon-adon kang kasasar. Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan, kang temen pangudine, kakarepane salawase ora tau ora gumolong, kaya banyu kang mili saka ing etuk bakal wutah ing sungapan, ora kaya banyu kang diubak-ubak mangiwa nuli manengen, mangetan nuli mangidul, lan ora kaya banyu kang pating sareweh (kerep kang enjah-enjahan) uga ora kaya banyu mambeg (matuh marang bodho. Yen dirasa bola-baliya pancen kliru banget wong kang ora duwe pangudi marang sangkan paran iku. Gek kepriye wong kang dilakoni ora mangerti marang tegese, dadi lakune mung janji lumaku. Satekane ing enggon kang jinujug, dadak ngulari parlu golek-golek kang endi kang prayoga diparani, dadi : SAKA NGENDI AREP MARANG NGENDI : ora dirasa-rasaa. Sing sapa bisa ngrasa kanthi rasa, ing kono krasa lan rumangsa yen lalakoning manungsa ana ing ngalam donya (alaming maya) padhaning wong ngimpi utawa nglindur. Wong kang ngudi kasampurnan, mulane karepe tansah gumolong, awit sakabehing SIRE ngetut marang TEKAD sarta sakabehing karepe manut marang SIRE. Dadine kakarepane kabeh nuju marang tekade. Dene tekad iku : SAWIJI TANPA PEDHOT tartamtu bae lakuning pancadriya tansah ajeg, ora pijer kasalinan ing pradondi.

Kajaba saka ajeg gumolonge, samangsa-mangsa yen pancadriya diajak leren, utawa ngaso (esuk, sore utawa bengi), adon-adon ora sugih polah, awit kewan warna-warna mau tansah dilalantih ORA NGANGGO watake dhewe. Dikulinakake manut watake kang nuntun, dadi samangsa kang nuntun meneng, uga gampang dipurih menenge, nadyan ora bisa meneng temenan, nanging katimbang sulayane : akeh runtute. Katimbang obahe : akeh menenge. Malah yen wus banget miturute, ana kalane MENENG BABAR PISAN. Apa maneh yen ngasone wis ana ngomahe (alam katentreman) kang nuntun wis mari nyekel kendhali lan pecut, kari ngrasakake RASANE DHEWE. Eleding catur mangkene : ngupaya wisma kang sajati, nuruta dalan kang bener, nglebura tapak tilase wong kuna kang wis bisa, nungganga pancadriya, dibisa ngereh. Kendhaline cekelan kenceng, sambuke tamakna saprelune, arahen sarujuke, lan manut miturut, supaya kena di prentah, sarta yen pinuju ngaso sugih polah. Perangan 21 KAKEPAN KANG MANUT SIR (B) Wisuh, lungguh, njupuk piring, njupuk sendhok, nydhuk sega, njupuk lawuh sapiturute, iku siji-sijine awujud karep cilik, (katembungake : kekarepan) siji-sjine nuju marang SAWIJI, yaiku MANGAN. nJupuk slepi, metokake bako, nggunting klobot, ngegarake lading, muwur menyan, nglinting rokok, ngrogoh erek, ngerekake, ngempakake geni, sapanunggalane, kabeh nuju marang sir SIJI, yaiku : U D U D. Sapanunggalane. Perangan 22 SIR WARNA-WARNA TUMUJU MARANG TEKAD SIJI (C) 1. Mangan kanggo pikuwating badan (ora kanggo enak-enakan). Gunane pikuwating badan kanggo ngupaya pangreti dalan marang papadhang, kanggo netepi wajibing urip, golek kasil kang dadi lantarane bisa ngleksanani tekade (diprayitna lo aja goroh batin). 2. Srengen utawa ngukum marang wong kaluputan, murih marenana, dadiya becike, iku mbeciki sipating Allah, kalebu wewengkoning tekad (diprayitna : aja goroh).

3. Tatanen, dol tinuku, prelu kanggo kaslametan sarta tetulung, (ora kanggo sugih-sugihan, utawa bungah-bungahan) rumeksa kaslametan sarta tetulung, iku wewengkoning tekad. Diprayitna : (aja goroh). 4. Gawe kabecikan kang ora ngarah pangalembana, ngudi kapinteran kang ancase ora ngarah diarani pinter, golek asil kang nacase ora golek bungah, nyandhang patut kang ancase ora ngarah kapriye-kaproye, sapanunggalane, iku kabeh sir kang nuju marang tekad. Saben ana sir, becik dirasa, maksude apa, nuju marang tekad apa ora. Yen ora, aja sida, pratandha yen simpangan. Yen nuju marang tekad, katindakna kalayan duga-duga lan prayoga, murih ora kelacuten, utawa mbaleset saka tekad. Perangan 23 IKI TULADHA : KAKAREPAN KANG NYIMPANG SAKA SIR, MARGA KATUT ING NAPSU ASOR KANG TEKANE DADAKAN (D) Mas Anu diaturi dhahar ora kersa, karsane mung nggadho balur. Bareng krasa kasinen, mundhut sega sathithik, krasa enak : mundhut jangan sathithik, mundhak enake : kawuwuhan sega sathithik engkas. Woring rasa balur, sega lan jangan narik liyane maneh, sabanjure dadi dhahar. SIRE kang mau mung arep dhahar balur thok, sababe mundhut sega sathithik katarik dayaning RASA ASIN, dadi si asin kang narik sega. Bareng woring rasa asin lan rasaning sega nganakake RASA ANYAR, banjur nganakake KAREP ANYAR : mundhut jangan. Woring rasa tetelu ya mujudake rasa nayar maneh, kang nganakake karep anyar maneh, sapiturute. Eleding gunem : tuwuhing kekarepan kang cilik-cilik, kang nyimpang saka sir iku katarik dayaning rasa kang teka dadakan, (dhayoh), yaiku : tumandanging napsu. Karep cilik-cilik iku reh-rehaning sir, dene sir dadi reh-rehaning tekad (Rasa). Kang mangkono iku kahananing manungsa kang wis bisa ngereh marang pancadriya, yaiku manungsa kang wis bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Sir lan kekarepane mung dadi piranti bae.

Dene manungsa kang durung bisa ngereh pancadriya, ora bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Marga isih kagedhen kakuwataning nafsu lan roh khewani, kakurangan dayaning Rasa lan Budi, temahan sire warnawarna ora nunggal maksdu, ora tumuju marang tekad, ka-aranan : nyaleweng. Kajaba sir-sire padha ora manut marang tekad, kakarepane uga ora manut marang sire. Kakarepan kang ora manut sir, arane tumangkar utawa sumebar. Wong kang kerep nyaleweng lan tumangkare, diarani pepeka, padhane nunggang jaran, kang nunggang jaran kalah karo jarane, katut kareping jaran, kang nunggang kuwalahen, sisip semire lakune ora marang panggonan kang sineja dening kang nunggang, blasakan ora karuwan parane. Kabeh iku sabab tunggangane ora diajar, wekasane kaduk pakan, kurang kenceng kendhaline. Sing sapa ngudi ngereh pancadriya, prelu ngulinakake : AJA NYALEWENG LAN TUMANGKAR. Sabab iku kembanging sasar, saranane kudu kerep ngulinakake ngempakake Rasa kang alus, nyuyuda rasa kang kasar. Kang marakake karep sethithik dadi ngambra-ambra utawa mrambatmrambat, (diwenehi sakilan njaluk sadhepa), ora liya saka kelu rasa kang teka dadakan, kang ngajak nyimpang saka sir. Perangan 24 SIR WARNA-WARNA KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD (E) Saiki golek bungah sarana MANGKENE. Mengko utawa sesuk, yen wis bosen, golek bungah maneh, salin ada maneh MANGKENE, sapiturute. Dadi : sajege mung arep golek bungah thok-thok, yen wis oleh bungah, ya wis judheg, jer sire ya mung golek bungah iku bae, ciptane : wong urip sing digoleki apa yen ora bungah, mumpung isih urip becik bungahbungah lan ngenak-enak, besuk yen wis mati mangsa bisoa bungah. Tuladha liyane : gelek kapinteran, kawasisan, kaprigelan karosan, kaprawiran, kasenengan, kasekten, kadigdayan, kanuragan sapanunggalane, kang sire dienggo ngunggulake dhiri, ngungkulana sapadha-padhane, lan dianggo njurungi pangarep-arepe ngrasakake kadonyan. Tuladha liyane maneh : ngapalake dongeng-dongeng, ngelmu-ngelmu lan unining kitab, kang sire murih bisa aran sugih ngelmu.

Perangan 25 SIR KANG NYIMPANG SAKA TEKAD (F) 1. Wong ngudi kasampurnan mangan enak, perlune kanggo pikuwating badan, ngiras kanggo enak-enakan, utawa : mangan kanggo enakenakan, AWAT-AWAT KANGGO PIKUWATING BADAN. 2. Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan lunga nonton, karo anake, sebab kepeksa momong bocah nangis ngajak nonoton, NGIRAS DHEMEN DHEWE, utawa karep nonton dhewe, AWAD-AWAD KAPEKSA MOMONG BOCAH NANGIS NGAJAK NONTON, (AWAT-AWAT NETEPI WAJIBING URIP MOMONG BOCAH). 3. Wong kang ngudi kasampurnan nglakoni main, tayuban, karameyan, melu bungah-bungah, AWAT-AWAT KANGGO NGENAKI SARAK, lagune ngenaki awak. AWAT-AWAT NETEPI TATANING PRAJA, lugyne netepi PAK PANCA (Ma 5, Rsd). 4. Wong ngudi kasampurnan nglakoni panggawe becik, perlune netepi wajib NGIRAS GOLEK ARAN BECIK KANGGO MBUBUNGAH ATI. 5. Wong ngudi kasampurnan saraseyan, perlu tarik-tinarik sarta gogosokan, NGIRAS NINDAKAKE PANGANGGEP DIANDELA YEN WIS SUCI NETEPI SARTA BISA. 6. Wong ngudi kasampurnan, NGRASANI alaning liyan utawa : NGALEM MARANG beciking liyan, enggone ngrasani katarik saka GETHING. Nanging ora gelem diarani NACAT, njaluk diarani sa-BENERE, dupeh cocog karo nyatane, ujare kanggo tuladha. Ringkese : GOROH BATIN, utawa ORA SAWIJI TEKADE, iku kabeh sir kang nyimpang saka tekad. Perangan 26 IKI TULADHA KAKEREPAN KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD (G) Weruh potelot, dicaandhak kanggo orek-orekan. Bareng wis potelot diselehake banjur tabuhan utawa tetembangan, sawise iku banjur nyandhak watu kanggo nyawat manuk, nuli nyandhak gangsingan diubengake, sarta ngundang kanca arep diajak gangsingan, nuli mlebu ing omah weruh panganan, banjur mangan panganan, ora suwe weruh tekek, nuli golek kala arep dianggo ngalani tekek.. sabanjure.

Tuladha liyane : Wong sugih katemben sumurup nagara gedhe, weruh barang warna-warna adi-adi, kang dituku rupa-rupa, awit kabeh dhemen, sarta duwe kesaguhan warna-warna yen besuk arep tuku utawa gawe kang mentas disurupi. Bareng wis mulih ing omahe, banget kaduwunge enggone tuku rupa-rupa kang ora maedahi, dene kesaguhan ora ana kang dituhoni siji-sijiya, wong liya padha niteni, nanging kang dititeni ora krasa. Tetela saka kang kasebut ing dhuwur mau yen : 1. ana kakarepan kang manut sir. 2. ana kakarepan kang nyimpang saka sir. 3. ana kakarepan kang tumindak tanpa sir. 4. ana sir kang manut marang tekad. 5. ana sir kang nyimpang saka tekad. 6. ana sir kang tumndak tanpa tekad. Perangan 27 KAHANANE WONG CATURAN (H) Wong kang wis rada pramana, bisa niteni kahanane wong caturan, mangkene : 1. Ana ucap kang thukul saka : Rasa, tansah tumindhak manut Rasa. 2. Ana ucap kang thukul saka : Rasa, nanging banjur kasimpangake sir. 3. Ana ucap kang thukul saka sir, ninggal Rasa. 4. Ana ucap kang thukul saka sir, kasimpangake ing napsu. 5. Ana ucap kang thukul saka napsu thok, ninggal sir. 6. Ana ucap kang thukul saka roh jasmani tulen tanpa seja lan ora krasa. Wong sadurungr calathu, terkadhang wis ana SIR kang arep dipratelakake, nanging tengah-tengahing calathu digodha ing karep cilikcilik kang teka arebut dhucung, jalaran tengah-tengahe calathu katekan rasa anyar, (kenyut warna-warna kang teka dadakan) saben kenyut siji nganakake karep cilik siji. Kenyut iku enggone wujud rasa anyar, ora beda karo rasa woring balur lan sega, rasa WORING balur, sega lan jangan. Panyaringing angin kang ora tata nalika calathu, dayane uga ngobahake banyu, mbanterake obahing adon-adon, sarta nggugah adonadon kang maune ora abah-obah. 1. Kang cetha kanggo tuladha, kahananing wong calathu ngetut rasa anyar, yaiku wong jagongan, kang prelune arep omong kosong kayata : weruh manuk nggunem manuk, narik kaelingane marang bedhil, dadi banjur ngunem bedhil, nuli kelingan nalika mbedhil ana ing alang seneng banget, banjur nggunem alas, banjur kelingan nalika mangan krasa enak banget ana ing alas, banjur nggunem

panganan. Suwe-suwe banjur nyandhak panganan ing toko Grim Surabaya, nuli bab nagara Surabaya, nuli palabuhan, ddi mrambatmrambat, babasan bplu rambatan siti. Anggone mangkono sabab pancen jaragan mung arep ngawula marang kenyut (golek bungah thok). 2. Wong kang lagi luwe kang digunem Panganan. 3. Wong kang lagi seneng marang anu, bola-bali tansah nggunem anu. 4. Wong kang atine lagi krasa lara, kang digunem alaning sanak utawa alaning lalakon lan kahanan. 5. Wong kang lagi bungah, kang digunem rupa-rupa bangsaning kabungahan. 6. Wong lagi susah, kang digunem cilakaning awake. 7. Sawenehing wong kang mentas maca layang kang nyaritakake utamane wong ngabekti marang Allah, kawetu saguhe arep ngabekti, nyuda angkara murkane, sarta saguh nglakoni kurang mangan kurang turu. Nanging bareng wetenge wis luwe, banjur nggunem marang panganan. Bareng atine pegel, nyatur alaning sanak kang digethingi. 8. Wong kang atine lagi kepingin banget bisa marang sawijining prakara, banget mempenge sarta akeh kasanggupane, ora lawas bosen, wasana nglenthar, kasanggupane ora ana kang dituhoni. 9. Saweneh wong sugih kasanggupan ala nganggur nanging akeh lan warna-warna, kayata : ing tembe arep anu, mengko arep mengkono, nanging ing liya dina lali marang kasanggupane kabeh. Wong liya kang niteni ora lali. 10. Saweneh wong dhemen caturan rupa-rupa, nanging caturane banjur di perangi dhewe, nuli nglairake panemune maneh mangkene, uga banjur dipadhoni dhewe, ora dianggep dhewe. 11. Saweneh wong caturan, saking senenge, kerep mbolan-baleni cature, nganti kang ngrungokake bosen. 12. Sawenehing wong caturan molah-malih, ora kena dipathoki, kayata : yen lagi nesu ngala-ala, yen lagi dhemen ngalem, yen lagi bungah mbenerake, yen lagi susah ngluputake. 13. Sapanunggalane kabeh kang kaya mangkono iku kahananing wong caturan mung manut napsu, ninggal sir, ucape kalakokake rohkhewani, tinggal rohani. Padhane wong nunggal jaran manut jarane, sabab kalah karo jarane. Manungsa kang padha nggulang ngereh pancadriya padha ngudi ing sabisa-bisa aja nglakoni mangkono. Kabeh catur kudu kanthi maksud, sajroning clathu aja weya marang rasa sajroning ati, sarta prelu banget bisa ngrasakake rasaning sir lan pikir, aja kongsi kliru karo nafsu lan roh khewani, kang supaya : sajroning calathu pangucape tansah tinunggu ing sir lan pikir, sukur bage yen bisa ora ninggal empaning rasa lan budi. Upamakna : Slompret, ajega diunekake tukang slompret. Upama slompret dianggo dolanan bocah, utawa slompret siji dianggo rebutan sarta gentigenti kang ngunekake, mangka kabeh ora bisa marang gendhing, tartamtu unine ora karuwan.

Perangan 28 IKI TULADHA : BOCAH CATURAN KANG PIKIRE ORA KALAH DENING PANGGODANING MANAS ASOR. (I) Bocah kang calathu mangkene : TANGGAL SAPISAN JUMUNGAH KLIWON, iku anggere ora katumpangan ing kenyut, bisa mbanjurake : TANGGAL KALIH SETU LEGI. Sawise ngucap mangkono, yen tansah eling anggone calathu KALIH, sarta eling enggone mentas calathu SETU LEGI, apadene ora kagodha ing pambandhanging nafsu kesusu, ya bisa calathu : TANGGAL TIGA NGAHAT PAIN. Yen tansah eling anggone calathu mangkono, sarta ora kesusu maneh, iya bisa mbanjurake : TANGGAL SAKAWAN SENEN PON, sabanjure : janji tansah ELING APA KANG MENTAS DIUCAPAKE, sarta ORA KAREGONAN TEKANING KENYUT KANG NUTUPI ELING LAN NGAJAK KESUSU, tamtu bisa tutug kongsi : TANGGAL TIGANG DASA SETU WAGE : tanpa keledhon. Bisane mangkono, sranane ; SAREH lan TAJEM. Tuladha bocah caturan kang SIR lan PIKIRE diridhu ing kenyut. Saweneh bocah yen calathu, kerep luput utawa keledhon, nanging ora sumurup ing lupute utawa ORA NGRASA YEN LUPUT. Sababe ora liya: kukuwataning rokhani (pikir) durung cukup kanggo ngeling-eling kang rada akeh, sarta kukuwataning SIR durung cukup kanggo nggereh NAFSU, marga isih kegedhen kakuwataning nafsu lan manas asor, iku marakake : LESANE KEREP TUMANDANG MANUT NAFSU, arang tumandang manur sir, temahane arang kapadhangan ing pikir, kerep kapadhangan nganggo manas asor kang remeng-remeng. Saweneh murid dituntuncalathu kang bener, pangrungune ora satiti jalaran kasusu selak arep nirokake, temahan calathune luput. Kang nuntun kepeksa marahi maneh, kang dituntun kesusu maneh, dadi ora terang maneh pandrungune, wekasan calathu luput maneh, sapiturute : Yen isih kesusu bae pangrungune ora terang-terang, calathune iya tansah luput engetane iya tansah peteng, sababe apa? Sajroning kesusu, kukuwataning pikir kang gathuk karo pangrungu mung kari separo, kang separo gathuk karo manas asor lan nafsu kang ngajak kesusu. Ya mangkono iku wujuding : PANUNTUN sarta PRATIKEL. Ora mung tumrap wong CALATHU bae, lan mung tumrap marang BOCAH bae, kang kudu sareh sarana PANUNTUN sarta PRATIKEL, murih bisa sareh, sanajan tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, uga kanthi SAREH, sarta bisane sareh DIKULINAKAKE nganggo PRATIKELE wong kang wis bisa.

Perangan 29 BAB BALAPAN KENYUT (J) Si-Suta lagi dhemen marang parakara IKI, mulane si Suta seneng banget nggunem bab IKI. Si Naya ngerti banget marang prekara IKU, mulane si Naya seneng banget kangdha prakara IKU. Si Dhadhap mentas sinau utawa mentas sumurup prakara IKA, mulane wateke si Dhadhap kumudukuduwa pratela bab IKA. Ora lega yen ora kandha. Dene si Waru dhemen marang IKI, sarta dhemen marang IKU, uga dhemen marang IKA. Sarehning IKI, IKU lan IKA dhemen kabeh, mulane si Waru dhemen kandha. IKI, IKU lan IKA. Kang mangkono iku sok marakake ANA BALAPAN KENYUT SAJRONING ATINE SI WARU. Yen caturan si Waru, sanajan sire kang mau mung arep mratelakake prakara IKI, nanging tengah-tengahing caturan kagodha ing kenyut rupa-rupa kang rosa-rosa, kang siji ngajak ngandhakake IKI, nuli ana kenyut kang ngandhakake IKA. Kang dadi sababe IKU kumudu-kuduwa di kandhakake, marga bener lan becik, dene sababe IKU kumudu-kuduwa dipratelakake marga dirasa perlu lan migunani. Mulane IKA kumudu-kuduwa dicaritakake, marga elok lan nyenengake. Menthine kabeh mau iya bener, nanging sarehning nafsune pating gronjal rebut dhucung, sarta siji-sijine njaluk diprelokake, ndadekake wor suh ing prakara kang digunem, terkadhang lagi tengah-tengahe nata uruting prakara kang bakal dipratelakake, ana kenyut kang teka dumrojog tanpa larapan, uga nyela-nyela. Panggodhaning kenyut marakake caturane rupa-rupa sarta akeh. Tarkadhang sarwa bener lan becik, nanging wor suh, kakehen enggok lan cengkok, bokmanawa iku kang diarani ngandhar-andhar angendhukur, kagawa saka ora bisa MUSNING NUJU PRAKARA SAWIJI. Caturan kang kaya mangkono, iku becike mung kanggo ana ing pajagongan, awit ing kono enggone wong golek bungag lan rame, yen tumrap nggunem sawijining prakara kang prelu, kang di SIR saka ngomah, ora prayoga mangkono, luwih-luwih ora prayoga yen sir kang digawa saka ngomah mau TUMUJU MARANG TEKAD utawa THUKUL SAKA RASA. Wong gawe anggitan ana ing layang, manawa nalika nganggit ana balapan kenyut sajroning atine, katara banget enggak-enggok ing pene, tengah-tengah nyaritakake IKI kathukulan kang ngajak nyaritakake IKU, marga dirasa becik, bener lan migunani. Bareng lagi menggok, ana kenyut liyane ajak-ajak. Kang mangkono iku marakake anggitan ora duwe wangun kaya mesthine, kakehan perangan kang satemene dudu perangane. Kang maca bingung enggone ngrasakake MAKSUDE, marga kagodha ing momoran kang ora nuju marang lajere.

Dadi benere wong nganggit ana ing layang iku : dhisike takon marang atine dhewe SIRE AREP MRATELAKAKE APA sarta APA MAKSUDE. Sawise diwangsuli dhewe (aja gumampang enggone mangsuili), banjur milihi prakara kang prelu-prelu kang dipretelakake. Kang ora nuju lan maksude kabuwangana kabeh, aja ana kang kari, sanajan benere, lan becika, awit ana dhewe panggonane. Dene kang prelu-prelu, banjur ditata urute, manut prenahe dhewe-dhewe. Ora beda karo wong nggubah, gawe buket, utawa ngracik adon-adon kanggo mbumboni sawijining olah-olahan. Mulane sok ana wong pinter, lantip lan jajah susurupane, nanging ora bisa gawe anggitan kang becik, sarta ora bisa nggunem sawijining prakara kang urut, ora liya sabab ana BALAPAN ING SAJRONING ATINE. Prakara ing dhuwur iku dudu prakara kang ora prelu ginalih lan rinasa dening mitra kang nggugulang ngereh pancadriya. Sarta dudu prakara kang ora dadi pamurunging laku marang ksampurnan. Perangan 30 TUJU, LAKU, OLEH-OLEHANE (K) Wong sasawah, tujuane oleha pari, lakune : macul, nggaru, sapiturute. Oleh-olehane : duwe pari. Wong ngobe, tujuane mariya ngelak, lakune : ngulu banyu, oleh-olehane : mari ngelak. Wong menyang Betawi, tujuane tekan ing Betawi, lakune : nunggang sepur, oleh-olehane : tekan ing Betawi. Wong nulis, wong lungguh, wong ngadeg, wong ngucap, wong kedhep, wong manthuk, wong mengo, wong idu. kabeh mesthi ana TUJUANE, LAKU lan OLEH-OLEHANE. Ringkese: ora ana panggawe kang tanpa tuju, laku lan oleh-olehan, nadyan ujar sakecap, laku satindak, ulat sadlerengan. Eleding gunem : Manungsa kang ora tinggal SIR lan PIKIR ora nglalekake marang TUJU, LAKU lan oleh-olehane PANGGAWE kang katindakake, sanajan panggawe mau cilika, apa maneh ingatase manungsa ora tau tinggal rasa lan budi.

APA SABABE? Ngulinakake eling marang tuju, iku ngegungake empane SIR lan PIKIR. Tumrape panggawe kang tumuju marang tekad, ELING MARANG TUJU karo MAWAS OLEH-OLEHAN iku ngegungake empaning rasa lan budi. D A D I. Ngulinakake ELING marang tuju, laku lan oleh-olehan iku, dalan marang : titi, surti, ngati-ati, weruh ing pangarah, pangangkah, kira-kira, deduga, prayoga, eguh, tangguh sapanunggalane. Kabeh parane : weruh marang sasmita ing rasane. Dene bisane mangkono mung yen : KAKAREPANE KABEH MANUT SIRE, KABEH SIRE MANUT TEKADE. Perangan 31 TUJU BENER, LAKU KLERU (L) 1. Wong maling, tujuane : duweya barang, awake aja kangelan, atine marema, uripe slamet. Lakune nggangsir omahe wong ing wayah bengi. Oleh-olehane : diburu, dicanggah, dipenthungi, dikunjara, terkadhang dipateni sanalika. Sababe apa..? Lakune kleru, tujuane wus becik, yaiku : RUMEKSA MARANG URIPE. Asale : TRESNA MARANG JIWA RAGANE. Nanging lakune kang bener dudu nggangsir omahe wong. 2. Wong main kertu, tujuane : seneng atine, oleha dhuwit, lakune : notohi kretu, oleh-olehane : kelangan dhuwit, karipan, awake lara, atine pegel, terkadhang udur utawa crah karo kanca. Sababe apa? Lakune kleru. Golek dhuwit lan golek seneng iku bener lan becik, nanging lakune dudu ngabotohan. 3. Wong lumuh nyambut gawe, tujuane : awake kapenaka, atine senenga, lakune : ngekehake nganggur, kerep turon, thenger-thenger, turu sing akeh, tangi sing awan, oleh-olehane awak lara, ati sumpek, mangan ora enak, gagasane ala. Apa sababe? Lakune kliru. Golek seneng kepenak iku prayoga banget, nanging lakune dudu ngeklehake nganggur.

4. Wong murka, ngangsa-angsa sarta lemer, iku tujuane : marema, senenga. Lakune : njurungi penginane, ngarah kang akeh. Oleh-olehane : rasa nggrangsang, rasa kurang. Sababe apa? Pangangsa-angsa lan panggrangsane diempak-empakake, tartamtu saya mempan, saya murub, saya gedhe dayane, kadadeyane iya saya ora duwe marem. Wong ngarah seneng lan marem iku prayoga banget, pancen iku kang digoleki ing wong sajagad, sarta diudi para linuwih, nanging lakune kang bener kudu ajar : NARIMA LAN RILA, kang supaya : pangangsa-angsane (kang ngajak ora marem) sangsaya suda, kagentenan ING RASA RILA LAN PANARIMA (KANG NGAJAK MAREM LAN SENENG). 5. Wong kang lumuh madhep marang Allah, emoh ngudi kawruh kasampurnan, iku tujuane : aja sedhih, aja prihatin, aja sumpeg, bungaha, lipura, padhange atine. Lakune : emoh ngeling-eling Gusti Allah, emoh ngrunggu prakara ing akherat, ngedohi wong dhemen mituturi becik, ngedhohi wong kang sok niteni lupute, ngumpuli wong bungah-bungah rame-rame, sukur oleh wong kang dhemen ngelem utawa ngonggrong. Oleh-olehane : atine peteng, sumpeg, ora duwe katentreman, saya lawas saya mongsang-mangsing, ilining cipta menggak-menggok sarta pating sareweh, sangsaya tuwa sangsaya sangsara badan lan atine, lan sangsaya peteng engetane, (nanging ora sumurup sababe mangkono saka ora nurut weting kodrat. Dening ora bisa ngreti lan ngrasa. Enggone kerep ngresula, munek-munek lan sumpeg, saka panggawene dhewe, disengguh saka liyan lan saka papesthening Allah). Yen wong golek seneng, lipur lan padhanging ati, lakune kudu seneng marang rembug becik, ngeling-eling Pangeran, sing kerep, sing ajeg. 6. Wong ngandhakake kapinteran lan kabecikaning awake dhewe, tujuane : supaya disenengana, marga sumurup ing pintere lan becike, oleh-olehane : diewani, diesemi, dirasani enggone umuk. 7. Wong nyatur marang liyan, tujuane : kang dikandhani meluwa gething kaya dheweke, jalaran sumurup marang alane, oleh-olehane kang nyatur digethingi ing wong, sarta katon cacade enggone dhemen nyatur. 8. Wong angkuh utawa dhiri, tujuane : awake disenengi wong, marga sumurup ing luhure lan pangajine, oleh-olehane disengiti duneni mendem pakurmatan. 9. Wong juweh, (dhemen mituruti akeh-akeh tinggal kira-kira) tujuane : kang dipituturi ngretiya lan dhemena marang pituture, oleh-olehane : kang dipituturi kisruh, bosen, ewa.

10. Wong jail, wong nyeret, wong ngeyel, wong para cacad, wong dhemen pamer, wong ladak, wong sikon, wong duwe gawe gedhen, sapanunggalane, manawa dititi priksa, kabeh tujuane BENER, sing kliru mung LAKUNE, dadi oleh kasok baline. Mungguh wong nggoleki LOR parane MANGIDUL. Eliding kandha : aja disengguh gampang wong arep katekan sedyane, yen ora awas eling, nastiti ngati-ati ing PANGARAH lan PANGANGKAH, oraorane bakal katekan. Asaling kliru lan ora katekan, saka ora prayitna marang lakuning KAKAREPAN SIR, ROH KHEWANI, PIKIR, BUDI lan RASA, luwih maneh ing ngatase wong ngudi kasampurnan, yen sugih karep kang nyimpang saka tekad, tangeh kaleksanan.

SERAT MADURASA (IV TAMAT)


Perangan 32 BAB EMPAN PAPANING GUNEM UTAWA PANGUCAP (M) Gunem kang becik durung mesthi bener. Gunem kang bener durung mesthi becik. Kang bener lan becik durung mesthi prelu. Kang bener, becik sarta prelu durung mesthi PAKOLEH. APA SABABE ? Guru kang aweh pretelan marang murid, panggedhe marang rerehane, bekel marang kuline, wong tuwa marang anake, bendara marang bature, presidening pakumpulan marang para wargane, wong caturan marang lawane, sapiturute, iku kerep bae SAYAH ORA PAKOLEH. Yen nggoleki sababe, manawa arep adil aja mung mriksa sasisih. Mungguh sababe : kang caturan mung eling cature dhewe bae, kurang mawas marang KANG NAMPANI CATURE. Adate wong caturan iku mung eling cature dhewe, mung mriksa pikire dhewe, mung ngetut kenyute dhewe (ringkese : karem marang atine dhewe). Lire mangkene : Dupeh cature dirasa becik, disengguh kang nampa menthi dhemen.

Dupeh cature dirasa terang, disengguh kang nampa mensthi ngretine. Dupeh cature dirasa prelu, disengguh kang nampa mesthi bathine. Dupeh calathune warna-warna lan akeh, disengguh kang nampa mesthi kebake. Dupeh cature akeh INGGIHE, disengguh kang nampa mesthi tampane. Panyengguhe akeh lupute, disengguh akeh benere. Ngiseni pikiran nganggo kawruh, ora beda ngiseni wadhah nganggo barang cuwer, lire : 1. Kudu mawas marang adheping wadhah. 2. Kudu mriksa marang ambaning cangkem wadhah. 3. Kudu mriksa sapira jembaring weteng wadhah. Mriksa adheping wadhah (adheping ati) yaiku : mawas, nggatekake apa ora, kesdu ngrungu apa ora, doyan apa jeleh, dhemen temenan apa mung kanggo ngenaki bae, iku kabeh katon ing SEMU, ULAT, SOLAH lan PATRAP. Upama emoh-emoh dibanjurake utawa di-kehi bae, iku arane nindakake panggawe kang tanpa kusur, temah ilang muspra, mubadir, ora oleholehan. Mriksa sapira ambaning cangkem wadhah tegese : nitik-nitik sapira panyukupe, sepira kamoting nalare. Iku katitik ana ing mangsa liyane, panitike kanthi sabar. Manawa wong caturan ora eling telung prakara mau, kena kaupamakake wong ngiseni wadhah mung anggere ngiseni bae, ora ndulu marang wadhahe, mung olehe arep ngisekake bae, didi mung keburu saka DHEMENE NGESOKAKE, kongsi ora sumurup marang OLEH-OLEHANING panggawe kang dilakoni, sarta ora satiti mriksa APA TUJUANE. Wong caturan kang ora lali telung prakara mau, netepi babasan bisa ngleboni atining liyan sarta bisa nuju prana, nastiti marang oleholehaning panggawe kang dilakoni. Arane satiti ing pangarah lan pangangkah.

Perangan 33 BAB PANGGAWE KANG KURANG TUJU UTAWA TANPA TUJU (N) Wong eling : kakarepane manut sire, sire manut tekade. Wong lali : kakarepane ora manut sir, dadi tanpa tuju utawa maksud, mung sabab katarik obahing nepsu (rasa kang teka dadakan) tumindake ora kapadhangan ing pikir, (mung sarana memanas asor utawa roh kewani). Wong satengah eling : kekarepane nyimpang saka sir, sire nyimpang saka tekade. Panggawe-panggawe kang tinulisan ing ngisor iki, ora ta yen tanpa tuju, nanging kerep bae tumindak tanpa tuju (kurang satiti ing pangangkah lan pangarah), ora liwat mung dielingana, samangsa-mangsa nindakake panggawe ING NGISOR IKI pinikira apa tujuane lan apa oleh-olehane : 1. Nutuh wong kang lagi kaluputan, (pinikir prelune apa)? 2. Ngakoni marang panggaweyaning liyan kang lagi kebeneran, upama : iku becik, AKU sing marakake, Aku sing tutur dhisik, AKU sing marahi. (tujune lan olehe : apa cocog). 3. Grenenge lirih dhewekan, (pituwase apa)? 4. Angagas upama menang lotre, oleh kabegjan, utawa liya-liyane. (Kasile apa)? 5. Ngalem apa kang lagi didhemeni banget, nacad apa kang lagi disengiti banget. (Pamrihe apa, dadi keprye)? 6. Ngerang-erang marang liyan kang lagi kewirangan, kapesan utawa kacilakan, banjur mamerake kahananing awake. (Pokolehe apa)? 7. Yen luwe nggunem panganan, yen wareg nggunem sahwat, yen krasa mangkene nggunem iki, yen krasa mangkono nggunem iku. (Prelune apa)? 8. Manceni pangaweyan kang wis kabanjur, kang wis ora kena dibaleni. (Prelune apa)? 9. Nacad barang kang lagi disenengi kang duwe. Ngarani larang marang barang kang mentas dituku lan disenengi. (Apa pamrihe)? 10. Nacad ala lan ngalem bagus, ora niyat dipek asile. (Apa paedahe)? 11. Caturan kanthi lelagon nyenyemu winor main ulat, kanggo nandhakake ing bangeting ewane (guyu ngemu wisa) utawa bangeting dhemene, (kaduk pangalem) kadadiyane kepriye. 12. Gawe guguyon diwori sembranan, utawa nyuara broak-braok. (Patuwase apa)? 13. Solah kang kurang prasaja, laku kang kurang prelu, tembung kang kurang maksud. (Paedahe apa)? 14. Calathu sarwa seru karo lelawanane kang adohe mung 6 utawa 7 pacak. (Prelune seru : apa)? 15. Nyembah, telepun manthuk lan gedhek karo lelawanane kang ditelepon utawa ana ing petengan.

16. Madoni dadakan yen dicenthok utawa dicacad ing kanca. (Prelune madoni apa)? 17. Kerep nekuki driji, nyakoti lambe, mbekuki gulu, tabuhan nganggo driji, edheg, gawe tandha tangan saenggon-enggon, sapanunggalane. (Prelune apa)? 18. Kerep mbolan-mbaleni sawijining tembung, kayata : yen mratelakake apa-apa, akeh tembung : BANGET, TERANG, MESTHI, YEKTOS, utawa kerep nganggo tembung : ANU, O, lan liya-liyane. (Prelune apa)? 19. Sapanunggalane kang memper 18 rupa mau. babar pisan ora nganggo tuju. Kang tanpa tuju babar pisan iku tinggal pikir lan budi. Wong kang kulina ninggal ELING lan PAMIKIR, mesthi kurang banget empaning BUDI lan PIKIR, kaduk empaning nafsu kewani, ndadekake sangsaya akeh tumangkare, lan saya kerep klirune, wasana kasar pangrasane lan petenging engetane. Sing sapa nedya netepi unining tembung titi, surti, ngati-ati, ing pangarah lan pangangkah, elinga babasan : Witing gedhe saka cilik, kriwikan dadi grojokan. Witing weya saka ora ngopeni kang sepele. Uwiting sangsara saka sembrana. Sing sapa arep resik, aja kemproh. Sing sapa arep becik aja groboh. Sing sapa arep bisa kudu tlaten. Dene rampunge kang tinulis mau mung : bisane ngenengake adonadonan kang kasar.

.. Panggawe kang kasebut mau ana kang MAWA tuju, ana kang SATENGAH mawa tuju, ana kang

Perangan 34 APA ANA KANG SELAWASE URIP NINDAKAKE PANGGAWE KANG TANPA TUJU, MUNG MANUT RASANING BADAN KASAR, KAYA UPAMANE BENDANA UTAWA SARADAN O Wangsulane pitakon mau : iya ana, kayata ; gangsir kang ngenthir sawengi natas, saben bengi. Tekek muni dhewekan ana ing growongan. Manuk cangak mabur dhewekan karo muni ngak-ngak sadalan-dalan. Sulung marani padhang-padhang, sapanunggalane. Mangkono uga solah bawane wong kang owah akale. Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe tanpa ngrasa marang tuju lan oleholehane babar pisan, iku sangsaya ngemperi panggawening sato utawa kang kurang pepak akale. Perangan 35 SAJRONING PETENG ANA PADHANG (P) Akeh panggawe kang tuwuh saka kadibyan lan kawicaksanan, sarta aweh piwulang marang manungsa, kang katindakake ing sato, sing nindhakake panggawe ora sumurup pisan-pisan marang nalar-nalare, kayata : uler molah gawe urung lan dadine enthung. Tawon gawe tala lan madu, ngrakit pamasanging tala, bolongane digawe maju nenem (nampik maju liyane). Derkuku ngegarake buntut yen arep mencok, pitik babon ngengremi endhoge, mulasara lan nyapih anake, sapanunggalane. Kabeh iku kang nindakake panggawe ora weruh dhong-dhinge, kaya lakuning mesin utawa prau ngambah segara. Eliding kojah : sing sapa nindakake panggawe ora ngrasa marang tuju lan oleh-olehane, mangka panggawe mau tuwuhe saka kawicaksanan, iku gathuking rasa pangrasane kang nindakake panggawe karo rasane kang murba masesa : kaya gathuking mesin karo atining masinis (Pindha barang mati ora weruh marang kang urip, kang masesa. Utawa pindha pepeteng ora weruh babar pisan marang papadhang kang mengku). Manungsa ngudi kawruh kasunyatan iku kang diangkah mundhakmundhaka rasane murih saya alus lan padhange, sangsaya nyedhakana rasane KANG MENGKU RASA. Ing saselot-selote bisaa dadi MASINISING RASA KABEH.

KATRANGAN Orehan bab : TEKAD, ESIR, sarta KAKAREPAN, apadene GAGAYUTANE telung warna iku (WIWIT : A tutug P) yen karingkes, maksude : NGLARAS SALIRING DAYA ing garbane Manungsa, kadadekna : Larasan kang nungga. (Persatuan yang bagus : harmoni). Manungsa prelu wanuh marang sawiji-wijining rasa ing garbane, sarta aja samar-samar marang kridhaning rasa pangrasane, iku kang mujudake kaniyataning ati, nganti dadi kakarepan warna-warna ing rahina lan wengi, saben dina tuwin salawas-lawase. Manungsa kudu terang marang PRELUNE sawiji-wijine karepe, sarta banjur KA-ANGKAH RUNTUTE utawa rarase, kapriye panata lan pangejume murih ora binasakake : dina iki karo sesuk kang dikarepake (ngebyah). Manungsa sayoga sumurup marang TEGESE kang linakonan saben dina lan salawas-lawase, katujokna marang TEKAD SAWIJI, kang maton, tetep sarta langgeng. Kapriye panataning karep, murih turut, gilig, ing wasana : bunder. Kapriye pangruktining rasa pangrasa, murih : gumolong, gumulung, wasana : gumeleng.

Perangan 36 MEMEDI (NUNGGAL MISAH LAN PRAKARA ING DHUWUR) Kang nganggit layang iki sajege tau weruh rupane memedi. Mung krungu kandhaning wong jare kang rupane memper barongan, ana kang kaya wong sing banget alane, ana kang endhas kewan awak uwong, ana kang mung endhas thok, badan thok utawa usus thok. Ana kang wujud mayit isih ana buntele mori, ana kang awujud mayit kang raine nggegilani banget, saweneh raine ana kapase pating taremplek ing mripat, kuping, irung lan cangkem, lan kapase padha urip menga-mingkup, lan liyaneliyane. Saweneh wong ngarani memedi iku asale saka wong mati, tandhane kang akeh ana ing kuburan, sarta sawenehing bangsa medium nyatakake : ana memedi kang ngaku asale saka manungsa.

Kang nulis iki ora bisa netepake temene kandhaning wong mangkono, awit durung nyatakake dhewe. Samono uga ora wani ngarani mesthi gorohe, marga ora duwe gagaran kang premati kanggo nerangake ing gorohe. Cekake embuh temen embuh goroh. Ora pati tak pikir. (Kepingin kapethuk memedi : iya ora). Mung atur prayoga : kang wis kabanjur midhanget kandha mangkono aja keduwung, mung dibanget adhepe marang Allah, ditaberi ngempakake rasa alus, mamati kang kasar-kasar, sabab apa : manawa nyata, sarta bener asale saka wong mati, iku kirakira ora adoh kadadeyan saka yitmaning adon-adon kasar, kang banget alane, kayata : kang marakake jail muthakil, durjana, kiyanat, musibat sapanunggalane. Nafsu kang asor iku gambarane kukusing diyan, NUR : cahyaning diyan. Budi : padhanging diyan. Diyan kang kukuse nggembuleng iku gambare manungsa kang kegedhen nafsune kang kasar. Yen sirep urube, kukuse padha kari nggembuleng, iku pepindhane memedi brekasaan. Awit saka iku prelu banget manungsa nyunyudha kukus kang metengi Nure. Saya sathithik kukuse, anteng urube, ajeg angine, cahyane dadi padhang.

Perangan 37 TAMBA PIKUWAT PEPARINGE PANGERAN KANG DUMUNUNG SAJRONING ATI, Yaiku : PANGAREP-AREP SARTA SENENGING ATI. Wong urip kang digoleki ; s e n e n g. Bisane seneng katekan pangareparepe. Tengering urip iku OBAH LAN DUWE RASA. Tengering obah lan duwe rasa iku enggone DUWE KAREP, PANGAREP-AREP lan SENENG. Dadi manawa wong ora duwe kakarepan apa-apa, kentekan pangarep-arep sarta ora duwe seneng babar pisan, lan bedane apa karo tunggak utawa bekakas, isih becik wong gunung awor lutung. Unen-unen ing dhuwur iku kena dianggo njalomprongake wong kang durung prayitna lan weweka, nanging kena digandhuli kenceng dening kang prayitna lan weweka. Kajlompronge tumrap kang RASANE ISIH KASAR : pangarep=arep lan seneng mau banjur ditampa nganggo rasa kasar utwa asor (rahsa, nafsu, kewani), becike tumrap kang wis alus rasane : pangarep-arep lan seneng ditampa nganggo rasa alus. Rasa seneng lang pangarep-arep kang rinasa ing rasa alus iku ora pisanpisan padha karo yen rinasa nganggo rasa kang asor.

Dadi : nadyan nunggal tembung KANG DIANGGO NGARANI, nanging seje rasane KANG DIARANI. Tumrap manungsa kang isih kasar, mulane sok dipurih nyunyuda utawa nyirnakake pangarep-arep lan seneng, iku kang tinuju sajatine : pangarep-arep lan seneng KANG KATINDHAKAKE NGANGGO RASA ASOR, pamrihe : sasudane rasa kang asor banjur kathukulan rasa kang luhur. Nanging .. sarehning lageyane wong ora padha, saweneh ana kang banjur kliru : disengguh manungsa dipurih susah lan prihatin thok. Ora oleh duwe seneng pangarep-arep apa-apa. Lha apa dhelog-dhelog kaya reca? Glundhang-glundhung kaya endhog? Tartamtu bae rehning ora pethuk karo nalar, temah nganakake pamaido mangkene : AH YA GENE WONG URIP SUSAH-SUAH, WONG PARI DITANDUR DADI? SARTA KANG MAHA KUWASA PARING KAMURAHAN RUPA-RUPA : SRENGENGE, REMBULAN, UDAN, TANEM TUWUH, KEKEMBANGAN, PANGANAN ENAKENAK, KAANAN SARWA ENDAH, KABEH CINADHANGAKE MARANG MANUNGSA. MANUNGSA DIPARINGI PRABOT PEPAK SUPAYA BISA NINDAKAKE KAREP LAN PANGAREP-AREPE APA DENE NGRASAKAKE SENENG. APA PRELUNE WONG BODHO DIPURIH PINTER, WONG KESED DIPURIH SREGEP, WONG SUSAH DIPURIH BUNGAH, ALAS DIGAWE NEGARA REJA. KABEH IKU KARSANING GUSTI, TEKA JEBUL PADHA KEPEINGIN DADI TUNGGAK, SARTA ATINE DIGAWE SUSAH-SUSAH, IKU KAPRIYE?. Mangkono ujare wong kang durung dumunung nalare. Ana saweneh manungsa kang isih kasar rasane, dhemen banget ngudi kawruh kasampurnan, nanging enggone ngudi iku katarik saka kepingine kaya kang uwis padha dadi pangudine, (padha ngranggoni kasantosan lan kaheningan). Sarehne kang ditiru ya muruki : aja duwe pangareparep lan bungah, temahan meksa marang adon-adonane kabeh : Ora kena ora kudu duwe pangareo-arep lan seneng. Sarehning prakara iku ora laras karo adon-adone, temahan ndadekake peperangan karusakan sadina-dina, dumunung ing atine, banjur ngakake sumpeging ati, lan bingung pikiran. Lakuning pancadriya kaya banyu mambeg kang tansah diubak-ubak, lire : tansah ora maton apa kang kudu linakonan ing sadina-dina. Lakune mandheg mayong sarta adon-adone tansah perang. Saperangan gedhe niyat padha mbalela marang ratune (angen-angen) kang ora weruh marang khukum. Awit saka iku ora kurang wong ngupadi kasampurnan malah dadi ngengleng, kuwur utawa bingung. (Sangsaya mempeng enggon engudi, sangsaya kuwur, sumpeg, sugih gagasan lan pikiran).

Kadadeyan kang kaya mangkono ora nggumunake, awit : prakara kang mesthine dirasa nganggo rasa alus mangka dirasa nganggo rasa kasar, iku padhane panggawe kang mesthine digarap ing wong tuwa digarap ing bocah cilik, utawa kaya dene balok kang mesthine diangkat ing saradhadhu diangkat ing wong wadon. Wong kang ngluputake embuh kanane mau, manawa sumurup wong ngudi kawruh dadi bingung lan ngengleng : oleh dalan kanggo mancahi kaya bubuk oleh eleng. Wong ngudi kawruh dadi sumpeg, bingung utawa ngengleng iku marine mung yen mareni olehe mempeng. Sangsaya mari mempenge sangsaya mari bingung lan sumpege, marga sangsaya lipur oleh tamba kabungahan donya, (yen sing lara kasar : tambane ya barang kasar) togtogane : purik, kapok, ora arep ngudi kasampurnan maneh-maneh. (Marine kapok yen wis oleh panuntun kang nggolekake dalan utawa mratkeli), ndunung-ndunungake samesthine. Ana saweneh wong ngudi kaweruh sugih sir kang nyimpang saka tekat (goroh batin) bareng weruh kancane sumpeg lan bingung jalaran saka mempenge banjur mituruti dhapur kaya dongeng kuwuk buntung buntute kang ngajak kancane murih niruwa buntunge mangkene : O, wong ngudi kawruh kok mempeng-mempeng temen. Becik sakepenake bae kaya aku iki, aku iki tirunen, pancadriya aja dicandhet banget-banget, prelu uga kala-kala dieculake. Tirunen aku iki. Enggonku mikir marang kawruh sarta nyandhet nafsu mung sawatara. Jer samubarang gawe yen bangetbanget, ora becik. (Rembug mangkono iku panampane kudu kanthi prayitna lan weweka). Yen kurang prayitna, kelu wong kuedhung wawaton, benera ujare nanging luput panganggone, asring nganakake sembrana : sugih kakarepan lan sir kang nyimpang saka tekad. Ora luput kang ngarani yen pangudi kawruh kasampurnan iku gawat lan rungsid. Empaning pangarep-arep lan seneng iku tetelane mangkene : Manungsa kang isih gedhe rasane kang kasar, ora susah kumudu-kuduwa mbuwang pangarep-arep lan senenge, mung kudu NGENGGOLE pangarep-arep lan senenge. Kayata : Maune seneng marang panggawe kang kurang becik, di ENGGOKNA : seneng ngudi kawruh, maca layang kang becik utawa ngenam-enam. Maune seneng mangan enak, DIENGGOKNA : seneng ngurang-ngurangi. Maune seneng marang kadonyan, DIENGGOKNA : seneng nyapih atine karo kadonyan. Maune seneng marang pepenginan DIENGGOKNA : seneng nyuda pepenginan.

Maune seneng marang donya lan dirine DIENGGOKAKE : seneng marang Allah utawa pribadine (uripe). Sapiturute. Manawa lakune wis menggok, kang diarep-arep ya mung oleh-olehaning pangudine, kasenengane iya yen oleh thukulan kang becik, utawa plimpingan. Sapa ta kang bisa ngarani yen seneng kaya mangkono iku, kalah karo senenge wong sugih singgih, kajen kineringan sapanunggalane? Tak duga ora beda senenge, getun mung mangkene : Seneng marang pangudi, parane marang katentreman, nanging yen seneng marang kabungahan marang panggrangsang. Seneng marang pangudi ole kaweningan, seneng marang kabungahan oleh pepeteng. Seneng marang pangudi ngajekake ilining cipta, seneng marang kabungahan ngenggokake cipta. Seneng marang pangudi, upama rasaning badan waras, seneng marang kadonyan, upamane rasaning badan kang gatel dikukur. Manawa ilining cipta wis ajeg gumolong marang Allah, iku pangareparep lan seneng sangsaya alus rasane, mundhak dina mundhak aluse, kangsi salin sipat. Enggone katembungake sirna iku ya sabab wus salin sipat utawa salin rasa. Nanging sajatine ora sirna, mung ngalih, (sejen rasa nunggal tataran) obah utawa kedhere uga sangsaya anteng. Enggone saya anteng kena kaupamakake ilining banyu kali, saya nyedhaki sungapan saya alon. Ringkese mangkene : KEREP, PANGAREP, KEPINGIN, apa dene SENENG, iku ora susah disirnakake utawa dibuwang-buwang. Bageyaning Manungsa mung MILIH karo Nglakoni, mengko kang kasar bakal sirna karepe dhewe. Perangan 38 KESENENGAN KANG GEDHENE NGUNGKULI GUNUNG HIMALAYA SARTA DHAWURE NGUNGKULI LANGIT Pangareparep. Tekane saka ngendi? Kang aran seneng, iku rasa kang kepriye? Wong dhemen nandur, tansah oleh kasenengan kang rasane ora gampang jajag-jajagane lan ora kena disepelekake. Jalarane ora mesthi saka ngundhuh wohe, terkadhang lagi ndeleng semining godhonge bae : atine krasa bungah. Wong dhedher wiji ngrungu swarane gludhug sarta banjur udan, suka sukure marang Allah ora kena kinira-kira.

Wong nyambut gawe kang dhemen netepi wajibe (luwih-luwih kang pethenge menyang Allah), iku kesenengan kang gedhe banget, kayata : pulisi nalika golek katrangan, anggepe kaya ngudi sawijining kawruh bakal kanggo eksamen, lupute bakal njunjung drajate, iya marem sabab mundhak kabautane utawa sukur dene bisa gawe tentreming praja. Saben oleh titikan saka enggone golek katrangan, sirna sayahe lan mundhak mempenge. Sarehning tetela seneng iku asale saka PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, mulane saben wong mesthi duwe kasenengan, kang rasane ora kena ditraju ing liyan. Sanajan sawangane gedhe banget bedhane, nanging tumrap kang ngrasakake durung mesthi bedda. Wong panahan, wong main, wong mancing, wong njala, wong ngingu manuk, wong nganggit layang, wong nggambar, wong mbathik lan liyaliyane, kabeh padha duwe PANGUDHI. Sarehning duwe pangudi, kang ndadekake senenge iya yen KATEKAN PANGUDINE dhewe-dhewe. Sarehning kalane ngudi sadalan-dalan oleh undhakan, mulane kabeh mau sadalan-dalan iya padha oleh kasenengan dhewe-dhewe. Eleding gunem : wong ngudi kawruh kasampurnan ora susah kagetan, gimiran, penginan utawa meri marang kabegjaning liyan utawa kasenganing liyan, sanajan katone luwih dening seneng lan luwih begja, jalaran, : sanajan dikaya ngapa kahanane kang katon ing lair, nanging kahaning rasa seneng iku ing endi-endiya ora liya, MUNG SAKA PANGAREP-AREP KANG KATEKAN.rehning pangarep-arep kang katekan iku KEHE TANPA WILANGAN, dadi mung kari nari sakarepe kang arep milih bae, kalawan ora susah kuwatir yen ora oleh. Dadi upama ana wong urip kang sire mung golek kasenengan bae teka ora oleh : iku saka bonggane dhewe, tetela wong murangsarak, jer lumuh golek sing bisa oleh, kudu-kudu golek sing ora oleh. Lumuh golek sing gampang, kudu golek sing angel, apa maneh yen wong golek seneng milih sing ala, mlarati utawa gawe pitunaning liyan, tetela wong bingung. Apa sababe : wong kasenengan kang becik ora kurang, sing munfangati akeh sarta sing gawe bathi tanpa wilangan, teka ndadak golek sing ala, sing mlarati lan sing gawe pitunaning liyan, yenta bedaa rasane : o r a. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

Sarehning wong ngudi kasampurnan iku kang diudi : kasucen, kabeningan (dudu wong golek bungah kaya wong nanton tayuban, main, rame-rame, nyawang neka-rupa, nyandhing bandha, mangan enak sapanunggalane, malah padha ngudi pisahe saka kabungahan) dadi ingatase wong kang lali yen SENENG IKU PANGAREP-AREP KANG KATEKAN, kang mesthi banjur ngira : wong ngudi kaweuh disengguh ora duwe seneng sathithik-thithika, tansah susah jalaran mekak hawa nepsune, nanging sok uga eling yen seneng mengkono rasaning pangarep-arep kang katekan, mangsa ngiraa mangkono, awit ora ana bedane babarpisan karo kang bungah-bungah lan ngenak-enak, jer kabeh-kabeh padha duwe pangudi lan pangarep-arep sarta padha dene katekane, bedane kira-kira mung mangkene : Kang seneng marang kabungahan ora marem-marem, kang seneng marang kawruh duwe marem. Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem, kang seneng marang kawruh saya lawas saya tentrem. Seneng marang kabungahan bakal karusakan, kang seneng marang kawruh saya nyedhaki marang slamet. Kang seneng marang kabungahan akeh susahe, kang seneng marang kawruh saya sathithik susahe. Kang seneng marang kabungahan ora ajeg sire, kang seneng marang kawruh ajeg sire. Kang seneng marang kabungahan tansah bingung, kang seneng marang kawruh sangsaya pramana. Sarehning seneng PADHA (mung kacek mlarati karo munfangati), mulane kang ngudi kawruh ora prelu gimir, meri, kepencut, ngrusula utawa cilik ati. Wong ngudi kawruh padha nindakake panggawe kang kasebut ing ngisor iki : 1. Goleka katrangan, titikan lan urusan. Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya pulisi golek sisik melik. 2. Ngupakara tanduran, (daya, rasa) enggone oleh kasenengan sadalandalan kaya wong tani ngupakara tandurane. Iku durung enggone ngrasakake uwohe (watak). 3. Ngajar tunggangan, niteni wataking tunggangan (pancadriya). Enggone oleh kasenengan sadalan-dalan kaya panegar ngopeni jarane utawa tukang kumidhi ngajari gajah, bruwang, asu. Utawa kaya guru mulang bocah.

4. Nyelengi kangge sangu lan piranti, (daya gaib). Enggone tansah oleh seneng kaya wong nyelengi dhuwit ing separbang, enggone nemu piranti (wawaton) kanggo garan, kaya undhagi oleh tatah, jangka, sapanunggalane. 5. Mimisah lan ngadon-adoni, kaya ahli ngelmu pamisah (kimia). Manawa oleh rasa lan daya anyar saka enggone misah lan ngadoni, rasa anyar mau dibesut maneh lan diadoni maneh, marakake nemu kencana kang luwih endah, uga dadi piranti maneh, sapiturute. Iku kasenengan kang ora pisan-pisan kena dijajagi dening kang ora ngalami dhewe. (tak tembungake anyar mau anyare tmrap kang ngudi, nanging sajatine wis cumawis ndhelik. Kang ngudi mung nyarawedi utawa mbesut bae). 6. Ngejum, nata lan ngenam-enam pikiran kalaras karo rasa, mujudake wawangunan rupa-rupa, ora beda karo wong nganam-anam kang mujudake kekembangan lan bekakas warna-warna kang adi-adi. 7. Ngadon-adoni rasa warna-warna, ditata, diurut manut patute, kalaras karo rasane, mujudake rasa kang edi endah, patrape kaya koki gawe masakan warna-warna kang mirasa, ya iku kasenengane wong nganggitanggit utawa nggubah. Kayata : wawangunaning wayang kang rupArupa candrane, karuntutake karo lalakone, gendhinge. Pathete, suluke, ada-adane, unggah-ungguhe, tembunge, tembunge, kagarba dadi siji. TUMUJU MARANG SAWIJINING RASA utawa MAKSUD. Ora beda karo gugubahan utawa oncen-oncen kang nganggo kekembangan warnawarna kaworan gogodhongan, nuli diwangun meng-KENE, kagathukake karo gugubahan kang MANGKENE, mujudake wawangunan kang luwih endah, manis sarta ngengreng. WONG ngudi kawruh enggone gawe gugubahan RASA kang adi endah ana ing karatoning ALLAH : ora beda senenge karo para putri gawe gugubahan kembang kanggo rerengganing daLeme. Mung kacek kasar Karo alus, kasat mata karo ora. Rasa kang sumingit ana ing layang kikidungan anggitane para linuwih apa dene kang ana ing candhi, wayang, gamelan, pakem lan liyane-liyane : kabeh wujud gugubahan utawa oncen-oncen kang banget endahe. Rasa kang digubah padha maujud ana ing kahalusan, dadi rerenggan sajroning gaib, kang ORA KENA KINAYA NGAPA endahe. 8. Wong ngudi kawruh kang taberi ngrasakake lan niteni, tansah oleh pitutur saka atine dhewe. Enggone seneng kaya bocah sekolah, Rasa lan Budine kang minangka guru, alam iki minangka pamulangan, sarupane kang gumelar dadi gagaraning piwulang. Wasana : manuk, tawon, kembang, lintang, rembulan, suket, godhong, watu, lan liya-liyane kabeh padha aweh pitutur marang kang ahli sasmita, kaya-kaya sarupane kang tumuwuh padha muni dhewe-dhewe, sarta unine laras kaya gendhing kang banget kapenake.

9. Wong ngudi kawruh kang karem mbeciki sapadha-padhaning sipat (dumadi), iku thukuling niyat saka SIR KANG LUHUR, kalane thukul sire, sir kang luhur mau saya gedhe dayane, megar saya MEMPAN. Undhaking sir kang luhur upama wong oleh undhakan barang kencana. Sir kang luhur (kencana) narik kang luwih luhur maneh, iku upama wong kang oleh kencana banjur oleh inten, sabanjure : dadi duwe sesotya kencana kang dumunung ing gaib, iya ing atine dhewe. Sapa kang duwe : mangsa wong liyaa. Enggone gawe kabecikan mau mbeciki marang sapa? Iya mangsa tibaa marang wong liya, uga sipate dhewe, wasana dadi kesenengan gedhe kaya wong mbeciki anake utawa pindha wong macar kukune dhewe. (Apa sababe wong duwe pangganggep sing samono), sababe yaiku : sirna lelarane, sirna napsune kang ngajak drengki, gething, kiyanat musibat, kari suburing rasa kang ngajak asih tresna, kang dayane ayem tentrem, nikmat lan munfangat. 10. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kaya wong ngadu jago, ngadu jangkrik, notohi kertu, panah lan liya-liyane, awit saben dina tansah notohi peranging adon-adon kang becik mungsuh kang ala. Yen kang ala kalah dening kang becik, mareme kaya botoh jago menang jagone, kaya wong main menang kertune, banjur oleh ganjaran daya alus kaya wong ngabotohan ngukup dhuwit. 11. Wong ngudi kawruh uga duwe kasenengan kang senenge kaya raja mangun perang nelukake nagara. Manawa balaning setan kalah dening balaning Pangeran, kabeh balaning setan padha teluk, manut-miturut, sirna setane, dadi kanca kabeh sayuk rujuk, tata tentrem raharja. 12. Wong ngudi kawruh uga duwe pakareman utawa rasa lega kaya rasaning wong ilang klilipe, senebe, lalarane utawa badane, iya iku enggone mbudi benggange karo kadonyan kang nyarimped utawa nggigidhuhi. Saben bisa mbuwang pakaremane (ora ketagihan maneh), rasane kaya ucul saka babadan utawa kaya bocah kang wis ora nangis disapih. 13. Wong ngudi kawruh bisa ngreti kanthi terang, yen GAWE KABECIKAN IKU GEDHE MUNFANGATE TUMRAP KANG NGLAKONI, kena kaupamakake kelangan sabenggol oleh liru satus rupiyah, nandur krambil sagluntung bakal ngundhuh pirang-pirang gluntung, kongsi pirang-pirang taun. Iku tumrape manungsa bisa ngrasa : lagi bisa mangerti bae ngrasa seneng kaya oleh kauntungan gedhe, awit arang manungsa kang bisa mangerti marang paedahing pangreti kang semono. Kang akeh mung kumambang dienggo kembang lambe, ora bisa yakin sajroning ati. Apa maneh pangreti bab rasa TRESNA MARANG DAT DADI WOT MARANG SAGARA RAHMAT. Manungsa kang wis bisa ngregani marang pangreti kang semono, iku ngrasa nemu kanugrahan gedhe, suka-sukure ngungkuli kang nemu emas.

Sawise sumurup kanthi terang, banjur DUWE NIYAT GAWE KABECIKAN, DUWE NIYAT NGUPAYA DALAN BISANE KATHUKULAN TRESNA MARANG DAT, yaiku : lagi DUWE NIYAT bae sajatine wis kanugrahan, sarta yen rinasa agawe senenging ati. Arang manungsa kang tampa kanugrahan arupa NIYAT (idham0idhaman, cita-cita kang kaya mangkono. Niyat utawa idham-idhaman iku bibit, manawa diurip-urip bisa dadi gedhe lan ngrebda banjur awoh. Niyat kang marang kautaman iku ngadat akeh rubedane, dumunung ing atine dhewe, kayata : ana adon-adon kang kasar utawa asor mbangkang, mbabaluhi utawa sungkan, banjur ana pikir peteng kang mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikiran kang mbantah utawa madoni. Tumrap manungsa kang ora prayitna : kelu dayaning adon-adon kasar, temahan wurung niyate (sungkan, abot utawa mbantah nganggo manas asor). Nanging kang prayitna : sumurup yen rasa kang abot gawe kabecikan iku, dayaning adon-adon kang asor. Pikirang kang mbantah katarik saka sungkan iya saka lakune r o h-k h e w a n i. Sarehning tetela yen iku rubeda, dadi prelu kang ngrubeda mau dimungsuh, dikalahake. Yen dayane kang kasoran mau kuwat banget iya sinangkan saka sethithik, diirih-irih dhisik, digolekake rekadaya ruparupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake rekadaya rupa-rupa, supaya kang asor saya kendho, wasana kena dikalahake babar pisan. Mangkono mau sarehning arang banget manungsa kang bisa ngrasa yen iku COBANING ATI, dadi manungsa kang sumurup utawa ngrasa kang mangkono, iku sajatine tanpa kanugrahaning Pangeran. Mangkono uga enggone niyat ngalahake adon-adone kang asor lan enggone golek reka tanpa kemba : iku kanugrahan gedhe banget, sarta yen rinasa banjur nganakake RASA SUKUR MARANG KANG GAWE URIP. Senenge durung mesthi kalah karo menang lotre, mung kacek obah karo meneng, kasat mata karo ora. Sawise nemu pratikel utawa dalan kanggo ngalahake adon-adon kang asor, banjur katindakake : (ngulinakake nglakoni sawijining panggawe kang dayane empaning adon-adon kang becik. Ngendhih kang ala). Manawa klakon ana saperanganing adon-adon kang ala kang kalah (ora ngrubeda maneh) iku kang duwe pangudi kaleksanan pangudine, sarta yen rinasa dadi seneng sarta marem. Sakalahe adon-adon kang ala, banjur rumasa oleh kaundhakan daya alus lan padhang, prakara iki kena diupamakake wong nyarawedi : wiwit katon murnine, ndadekake saya mempenging pangudine.

Ora lawas nuli ana maneh adon-adon kang kalah sarta thukul maneh kang becik, iya nganakake seneng maneh, mangkono sabanjure : tansah oleh kemenangan salawas-lawase. Saya cedhak karo kang diparani sangsaya seneng, marga sangsaya sugih thukulan daya alus warnawarna, kabeh dadi piranti utawa sangu mbanjurake lakune, lan dadi piranti kanggo ngalahake kang ala. Wasana sangsaya lawas sangsaya banget senenge, mung rasane beda karo seneng kang katindakake nganggo adon-adon kang kasar, awit senenge sangsaya meneng lan tentrem, dadi sangsaya ora ketara senenge, awit sangsaya sirna uriping napsune, kari cahyaning rasa lan budine, yaiku : PRAMANANE. TamaT MRAYOGAKAKE MAOS : 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. Wewadining Rasa. Jatimurti. Kaca Wirangi. Wedharan Wirid I. Wedharan Wirid II. Wedharan Wirid III. Kun Fayakun.

Sumber : Kapethik saking Serat Madurasa, Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

You might also like