You are on page 1of 3

SERAT RIYANTA

Wonten Serat Riyanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta


wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran
punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta. Wiwit raden mas
Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal sedak aliyan ramanipun.
Lajeng naming dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta
sanget dipuntresnani dening ibunipun.
Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah
wontening Semarang. Wonten Semarang punikaraden mas Riyanta
ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku,
raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun.
Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus
rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakka behanipun
katurutane raden mas Riyanta.
Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri
ingkang ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun
ngengken raden mas Riyanta kangge golek tiyang estri kangge
didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng purun, banjur
ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri
ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman
kangge kauripan punika.
Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas
durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas
Rjanto kangge tindak dating ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten
mriku malah kebarakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken
awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan
lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis
sarwisa sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut amargi
melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe
diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu
kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos
namanipun bocah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika.
Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun.
Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta.
Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur
tindak menyang Boyolali. Menawisa mpun radi adhem, raden mas Riyanta
banjur wangsul wonten dalemipun.

Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten
ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika
putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden
mas Riyanta remensanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas
Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di
jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab
punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng
Srini.
Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun
kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging
ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur
nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas
Riyanta kalian raden ajeng Srini mantenan.

Unsur Intrinsik Novel


1. Tema ; perjuangane bocah lanang seng urep karo ibune, banjur wes gedhe goleki estri
ingkang ditresnani
2. Paraga/Penokohan ;
1. Pangeran Notosewojo ; mbeneh
2. Raden mas Riyanta ; apik sifate lan tingkahe, ora gampang nyusu-nyusu
3. Ibu Raden mas Riyanta ; Penyayang
4. Raden mas Tondowidjojo ; teges
5. Raden ajeng Srini ; peduli, gampang nulung wong liyo
6. kyai Pramayoga ; Nuruti karep anak
3. Alur/Plot ; maju
4. Latar/Setting ; - tempat : nagari Surakarta, semarang,
5. Amanat ; yen pancen tresna karo uwong kudhu diperjuangne
6. Sudut pandang ; wong ketelu

You might also like