You are on page 1of 3

Gada Lambitamuka.

Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol,


Bayu Bajra.
Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama.
Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak,
ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika.
Suksmane nyawiji karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah
ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono
Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela
bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya
marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu
Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine,
dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha,
bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa
guru maneh.
Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas
rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi (wacanen: Dursanana!). Tresna
marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput,
sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule
Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane
nulungi Ratu Wiratha (wacanen:Matswapati).
Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni
Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng
nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang
sedulur Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan
Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan
ora bisa basa.
Wosing budi pekerti:
1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener,
mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih ibumu!
3. Dektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile
Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa
kembar, kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun
(Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka.
Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung
linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.

Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi.
Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang
sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya

sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun
lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman sejatining
lanang, sejatining wadon. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu
Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.
Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat
Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari
Raden Sadewa pinaringan asma Sudamala tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan
nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.
Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi.
Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane
bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah
klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing
kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.
Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng
tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang
pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake
kasudibyane,
yen
wanita
ngondhangake
sigiting
citra.
Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru.
Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji
yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli
lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna
bisa
manijing
ajur
ajer.
Pusakane pirang pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah
Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

You might also like