You are on page 1of 8

KHOTBAH IDUL FITRI (bahasa jawa)

, , , , ,
,
, .

,





.


, , ,
,
,
Suara takbir,tahmid, lan tahlil ngumandang wonten pundi-pundi panggenan tansyah ngagungaken
Allahl panci mboten wonten engkang nggadahi haq di pun sembah kejawi namung Allah, mboten
wonten engkang langkung ageng sak liane Allah, lan namung Allah engkang nggadahi hak dipun puji.
Allahu akbar Allahu Akbar..
Raos bungah wonten manah kito naliko mireng gema takbir, tahlil, lan tahmid kados dene tumancep
wonten manah langkung malih sak sampunipun kito saget nglampahi dawuhipun Allah kanti muput.
Allahu Akbar.
Ananging mboten sekedik sederek-sederek kito wonten negri kito lan ugi luar negri kados dene
teng Miyanmard, Palestina, Suriah, lan sanes-sanesipun teng pundi kaum muslimin dipun bedili, di cel-
cel, tindas lan dipun rampas haq-haqipun sehinggo katah engkang mboten saget ngraosaken bungah
wonten dinten riadi meniko kito namung saget ndongakne mugi-mugi Allah tansyah paring pinayungan
dumateng kito lan piyambaipun. Amin.
Sederek-sederek kulo kaum muslimin rahimakumulloh.
Kulo kinten sedanten menungso kolowau sami sepakat bileh tiang gesang meniko bade ngupoyo pripun
saget nggayuh kebahagiaan kanti maneko warno coronipun, wonten tiang engkang nggadahi angen-
engen nek dunyane okeh mesti bungah (bahagia), wonten engkang nggadahi pemanggih menowo
panggkate duwur uwong podo ngajeni bakal bahagia, ugi wonten engkang nggadahi pemanggih
menowo nduweni bojo ayu utowo bagus bakal bahagia.
Pemanggih sedanten kolo wau pun sami dipun cobi mboten setunggal kalih tiang ananging
ewonan tiang sampun sami nyobi, pranyoto mboten saget ndugekaken kebahagian engkang sak estu,
kados dene Firaun, kurang opo duwure pangkate, koyo dene Qorun, kurange opo sugehe, koyo dene
anake nabi Adam kang mburu bojo kang ayu, kanti tegel mateni adine, kurang ayune opo bintang film
ananging ora podo nemokne ke bahagiaan, wonten ndonyo meniko, sing sugeh, sing nduweni pangkat
kondang, sing bojone ayu utowo bagus, katah podo mati ngenes utowo bunuh diri. Sedanten tiang-tiang
kolo wau sami podo kepingen lan ngupoyo pripun saget gesang bahagia, ananging sedanten kolo wau
sami gagal.
Lajeng pripun kito saget nggayuh ke bahagiaan haqiqi kolo wau. Allahl ngendiko:



















Sopo wonge kang ngamalke amalan sholeh becik lanang utowo wadon, lan deweke iman engsun bakal
menehi marang dewee panguripan kang becik, lan engsun bakal malesi marang deweke ganjaran kang
luweh becik marang opo kang wes di lakoni. Qs.16 An Nahl: 97.
Allah ugi ngendiko:
mangertosi namine menungso purun mboten purun bakal tetep obah (ngamal)
ananging kanggone wong kang iman naliko saget nglampahi kesaenan ruamaos
remen bungah neng mboten mbungahi,(membanggakan).
Sing sugeh wedi mlarat, bangkrut,..
sing pangkate duwur wedi di pecat di demo,
sing bojone ayu kuatir menowo .? Siji-siji untune podo copot rambute
maleh, mangan daging sitek tensine duwor, kolestrole duwor, asam urate
kambuh,. Allah ugi ngabarne:
















sopo wonge kang mlengos soko pepeleng pangerane engson dadekne syaiton kang tansyah ngancani
dewee.QS.43 Az Zuhruf:36
Jamaah idul fitri rahimakumullah sejatosipun wonten pangkat inggel engkang kedah kito gayuh
pangkat menopo meniko.? Nggih niku taqwa , sak niki sinten sing ajeng serek kalih wong taqwa..?
pun monggo nek ajeng serik utowo meri malah kulo jak sesarengan tumuju taqwa, mboten namung
sementen anannging resep-resepipun kulo caosne. Kito tasih kemutan bileh Allah l ngendiko:















Hei menungso sembahen pangeranmu kang wes nyipto siro lan ugo wong sak dunge iro supoyo siro dadi wong kang taqwa.
QS.2.Al Baqoroh:21.
Bileh kito gatosaken ibadah-ibadah engkang Allah dawuhaken meniko sak estu bade mbeto
menungso dumateng derajat taqwa, kados ngucap sahadatain ( kanti pemahaman kang leres) sholat,
zakat, siam, lan sanes-sanesipun. Mulo Allah lngendiko :













Hei wong kang iman di wajibne marang siro kabeh poso koyo dene di wajibne marang wong-wong
sak durunge siro supoyo siro dadi wong kang taqwa. QS.2.Al Baqoroh:183.
Sehinggo rino wengi kito di gembleng di didik, wetenge ngintir-inter di rewangi nekat matun,
mripate ngantuk di rewangi sholat wengi, beteke kepengen nduweni pangkat taqwa sehinggo taqwa
meniko panci cekak kalimate ananging nduweni muatan kang lebet, jembar, indah, mulo katah ayat lan
hadis ingkang nyebateken wasiat taqwa, menowo wonten kalimat sanese engkang langkung sae mesti
sampun di pun sebat, anangeng pranyoto Allah lan Rasule tansyah nggunakne kalimat taqwa.
Ittaqullah
Tiang taqwa teng pudi papan lan panggenan bade nuwuh aken maslahat (kesaenan) ndonyo
langkung maleh mbenjeng wonten akhirat. Niki rahasia kito di didik supados dados tiang taqwa
Ciri-ciri tiang taqwa:
Tansyah ikhlas sedanten amalan-amalane, lajeng iman dumateng perkoro kang gaib, njogo shalat,
ngetokne zakat, iman dumateng nopo engkang sampun di pun andapaken Allahlkitab-kitab, tansyah
ngabekti dumateng tiang sepoh, nyambung seduluran ora srei dengki, medit, ngganggu tonggo-teparo
tansyah njogo omongane, tansyah nggatekne urusane dewe lan tansyah maringi pangapunten dumateng
tiang sanes, mboten purun damel cidro tiang sanes engkang sedanten kolo wau dipun sebataken kalih
Ibnu rajab Al Hambali taqwa : ndadekne tameng antarane deweke karo opo kang di pun ajrihi nggih
niku Allah soko murko lan siksone kanti coro nglakoni nopo engkang dipun dawuhaken Allah lan
nebihi ingkang dipun awisi.
Lajeng entok-entokane nopo kanggone wong taqwa meniko:
1. Wong kang takwa bakal marisi Syurgo










Syurgo koyo mengkono mau ingsun waresne kanggo wong kang tansah taqwa .
QS.19. Maryam:63
(33)
( 32)


( 31)




( 34)


Sak temene wong kang taqwa bakal oleh kemenagan. Nggoni kebon-kebon kang
kebak woh anggur. Gadis-gadis seng seumuran. Lan gelas-gelas kebak ombenan.
Ora tahu krungu omongan kang sio-siolan omongan goroh. QS.78.An Naba:31-35
2. Allahlremen dumateng tiang ingkang taqwa.












Ananging kanggone wong taqwa lan netepi janji sak temene Allah demen marang
wong kang taqwa.QS.3 Al Imraan:76
3. Taqwa bakal ndadosaken berkah saking langit lan bumi.















Menowo penduduk negri kono mau iman lan taqwa temen bakal engsun wenehi
berkah soko langit lan soko bumi. QS.7.Al Araaf:96
4. Allah tansyah sesarengan kaleh tiang-tiang taqwa.











Sak temene Allah tansah bareng wong kang taqwa lan tumindak kebeciaan.
QS.16 An Nahl:128
5. Allah bade nggampelaken perkawes-perkawis tiang taqwa.













Sopo wonge kang taqwa marang Allah Allah bakal ndadekne urusane
gampang.QS.65 At Talaaq:4
6. Taqwa bekal engkang paling sae


3

Podo cepacepako sangu siro kabeh ananging sak becik-becike bekal yo
iku taqwa. QS.2:197
7. Akibat engkang sae bade dipun tampi tiang-tiang engkang taqwa.




Akibat kang beci kanggone wong kang taqwa." QS.7 Al Raaf:128

Sak derange kulo nutup kulo ngemutaken dumateng tiang estri kados dene
Rosululluh` ugi sampun ngemutaken bileh piambakipun ngendiko:
















Hai poro wong wadon siro podo sodaqoho lan ngokeh-okehono anggone siro istigfar, amargo aku
ndeleng akeh-akehe penduduk Neroko wong wadon, lajeng wonten salah setunggale tiang setri jazlah
matur kengeng menopo kito ya Rasululloh? Bukhori Muslim.
Rosululloh` ndawuhi supados syukur saking nikmat meniko kanti coro ningali tiang woten ngandap
kito

















Ingetono wong sak ngisormu ojo ngingeti wong sak nduwormu, amargo koyo mengkono mau luweh
cocok tumrap siro lan ora nganggep cilek nimate Allah marang siro. Bukhori, Muslim, Ahmad.
Rasulullah ` ugi ngendiko:


( )











Ono loro penduduk neroko kang engsun urung tau ngerti (lajeng piambakipun nyebutaken) wong
wadon kang ngenggo klambi ananging iseh wudoh, menowo mlaku sirahe lenggak-lenggok koyodene
punuk onto, wong koyo mengkono mau ora bakal mlebu Syurgo ugo ora oleh ambune. Bukhori:
(913)Muslim(80).
Niki engkang saget kulo aturaken mug-mugi saget maringi manfaat kulo lan panjenengan sami amin.






.

. ,
.



.

,
. .


.



.


.
NGRAKETAKEN PASEDULURAN SESAMI MUSLIM LAN OJO HUBUD DUNYA

ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULLOHI WABAROKATUH

Jamaah idul Fitri Ingkang dipun mulyaaken Allah Alhamdulillah kita saget kepanggih wonten ing
enjang ingkang kebak berkah menika, lan dipun kebaki rahos pasederekan ugi kekhusyukan. Kita saget
sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah SWT.
Pramila, mangga, wonten wekdal ingkang bahagia menika kita sami-sami mantepaken anggen kita
taqwa dateng Allah SWT kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun senahoso sak menika kita boten
wonten ing dalem wulan Romadlon. Ugi kita tingkataken ketaatan nglampahi perintah-perintahipun
Allah kanthi rahosipun manah ingkang ikhlas. Pakulinan sholat berjamaah lan makmuraken masjid
kanti pangibadatan wonten ingdalem wulan Romadlon mangga kita lajengaken, kita dadosaken
pakulinan ingkang sahe. Kita sedih dan susah dipun tilar Romadlon, ananging kita kedah syukur,
keranten sederek-sederek kita wulan ngajeng bade berangkat dateng kutho Mekkah nglampahi
panggilanipun Allah saperlu nindakaken ibadah Haji. Kagem ingkang dereng kagungan kasempatan,
mugi tahun ngajeng pikantuk panggilanipun Allah SWT. Amin.

Alllahu Akbar Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd.

Jamaah Idul Fitri Rahimakumullah.

Dinten meniko dintenipun umat islam, dinten iedul fitri, dinten wangsul buko, dinten ingkang diawisi
syiyam, kedah mboten siyam. Sak lebetipun wulan suci romadhon kito sampun syiyam lan ibadah-
ibadah sanes-sanesipun kados sholat sunat tarawih, tadarusan, tilawah, lan amal-amal sanes-sanesipun.
Pramilo bejo sanget tumprapipun tiyang ingkang sampun nindakakaen syiyam kanti kebak roso
keimanan soho ngajeng-ngajeng Ampunanipun Allah lan ugi bejo tiyang ingkang sampun ngedalaken
zakat fitri lan zakat malipun. Mugi-mugi ibadah poso ingkang nembe mawon kito lampahi lan kito tilar
sarto zakat kito dipun tampi dening Allah Taala. Amin.

Kito sakmeniko leres-leres ngeraosaken bingah, bahagio, kebingahan ingkang mekaten meniko mboten
namung ing dinten meniko, nanging mbenjang wonten ing alam kelanggengan raos bingah ingkang
leres-leres bingah badhe kito panggihi. Senahoso wekdal niku katah tiyang-tiyang ingkang kesusahan
akibat polah tingkahipun piyambak inggih meniko naliko wonten ing alam ndonyo namung nuruti
howo nafsunipun mboten toat dumateng Allah malah tumindak mbejijat, nglajik, morsal, maksiat, wani
karo wong tuwane, duroko, mangan barang haram, ndem-ndeman, judi, molimo lan sakpiturutipun.

Rasulullah paring Dawuh

Ono nikmat werno loro kang bakal dirasakake tumprap wong kang poso. Nikmat kang sepisan nalikane
wanci buko. Dene nikmat sijine besuk ing dino akhir naliko ngadep ing ngarsane Allah

(HR Bukhori Muslim)


Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah

Wonten ing dinten riyadin menika, dintenipun umat Islam, kito meniko kedah bersatu ugi supados
mboten ngendem raos-raos satru ati, dendam lan sakpiturutipun sumonggo kito sami-sami saling paring
pangapunten. Keranten wulan Ramadhan inggih punika wulan maghfiroh utawi wulan ampunan.
Ramadhan sampun mucal dateng kito sedoyo supados gampil paring pangapunten. Menawi Allah
meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun sak mestinipun menawi kito ugi saget paring
pangapunten dateng sederek-sederek kito sesami ummat Muslim ugi dateng poro tetanggi.

Sampun sak mestinipun antawisipun sesami tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling
bantu membantu ing dalem babakan kesahenan. Sahe meniko masalah ingkang gegayutan kaliah
urusan dunyo utawi urusan agami Islam. Sebab gusti Alloh benjeng dinten kiyamat bade paring batuan
namung dateng hambanipun ingkang purun naati perintahipun selami gesang wonten ing donya.

Saling paring pangapunten ugi saling tulung tinulung meniko sifat aslinipun manungso, sebab
manungso puniko makhluk sosial. Ananing keranten syetan lan nafsu ingkang dadosaken sifat dasar
manungso kolowahu boten saget kalampahaken. Kadhang-kadhang keranten nesu lan keselipun manah
dadosaken boten purun paring pitulung dateng sederek. Upaminipun keranten kolowingi dipun larani
atinipun, utawi tiyang sanes kolowahu saingan pekerjaanipun, upaminipun. Padahal kita mampu lan
saget paring pitulung. Pramilo, hal menikolah ingkang leres-leres kedah kito tebihi. Kito kedah
anggadhahi jiwa besar kangge nulung sederek-sederek lan rencang-rencang seperjuangan. Kito kedah
gadhah jiwa besar kangge nulung saingan kito, lan temtu kemawon kito tetep anjagi persaingan meniko
kanthi fair.

Alllahu Akbar Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilhamd.

Sayogjanipun umat Islam meniko saget dados setunggaling bangunan ingkang kokoh kiat.
Pasederekanipun sesami umat Islam meniko lir kados badan setunggal, menawi setunggalipun anggota
badan wonten ingkang sakit, sedoyo badhe nderek ngrahosaken sakit. Selajengipun, Allah lan
Rasulipun ugi merintahaken dateng kito, supados kito nutupi aibipun utawi celanipun sederek-sederek
kito. Menawi kito nutupi dateng awonipun utawi aibipun sesami, benjang wonten ing dinten kiyamat
Allah badhe nutupi aib kito ateges gusti Allah bade paring pangapunten. Sayogjanipun kito nglindungi
lan bantu dateng sederek kito ingkang lemah, supados benjeng wonten akhirot Allah ugi nglindungi
dateng kito. Dhawuhipun Rosululloh Sopo wonge nutupi aibe utawa cacate kancane sesami muslim,
mongko Alloh bakal nutupi aibipun wong wahu ing dunyo lan akhirot. Saktemene Alloh bakal
nglindungi kawulane, selami kawula kolowahu ing dalem lindunganipun sederekipun.

Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah

Saklajengipun, Islam niku nganjuraken supados kito meniko kagungan akhlak ingkang mulyo,
Rasululah dawuh Do taqwao dumateng Allah enten ngendi kemawon Rasulullah dipun tangkleti opo
sing ndadekake manungso mbebu suwargo, Rasulullah dawuh Taqwa dumateng Allah lan sae
akhlakipun Rasulullah ugi ditangkleti opo sing ndadekake menungso mlebu neroko. Rasulullah dawuh
inggih meniko tutuk lan farji (kemaluan).

Rasululah ngutamakaken babakan akhlak

Saktemene Nabi Muhammad ora den utus kajobo nyempurnakake luhure budi pekerti (HR Ahmad)

Kito sebagai tiyang islam kedah tansah membina akhlak meniko.

Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah

Kito meniko posisinipun gesang wonten ing alam ndonyo, nah babakan gesang ing ngalam ndonyo
meniko kito supados mboten mligi ngutamakaken dateng urusan donyo. Allah paring peringatan
dumateng kito

Lan maneh mripatiro loro ojo andeleng marang peparingingsun kabungahan ing ndonyo marang wong-
wong kafir warno-warno. Sumurupo, kabeh mau minongko kanggo nyobo marang wong-wong kafir.
Dene rejekine Allah kang wujud suwargo iku luwih becik serto langgeng ngungkuli peparing ingsun
marang-wong-wong kafir (QS Thoha: 131).

Peringatan Allah meniko kedah kita perhatosaken supados kito meniko mboten mligi mentingaken
dunyo. Opo-opo diukur kanthi materi utawi bondho sanes ukuran saking Al Quran lan Al Hadis.
Sahenggo tiyang dipun anggep sukses menawi bondonipun katah aliyas sugih mblegedu.

Jamaah Idul Fitri rohimakumullah

Ukuran sukses kadosipun nderek ukuranipun Qorun utawi malah Firaun padahal kesuksesan ingkang
sejati inggih meniko kesuksesan akhirat sanes ndonyo Sukses ingkang sampun sumebar lan dipun
ugemi katah-katahe tiyang, inggih meniko mboten tebih saking akehe bondo, jabatan, putro-putro
bertitel, mantune sugih lan bertitel lan sakpiturutipun. Sedoyo sarwo bendawi. Niku mirip kaliyan
suksesipun Qorun lan tiyang-tiyang ingkang sarujuk.

Jamaah Idul Fitri rahimakumullah, mboten adoh saking Qarun, Sukses menggahe Firaun inggih
meniko ngalalaken sedoyo coro supados kekuasaane langgeng piyambake ngerahaken dukun sihir.
Sukses Firaun meniko mboten mikiraken akhirot nopo malih mikiraken doso songko coro-caranipun.
Allah berfirman:

Saktemene wong kang podo sowan mati marang pangerane kallayan doso kafir iku bakal pikantuk
kapatrapan neroko jahannam. Ono ing kono deweke iku ora mati lan ora urip.(QS Thaha: 74)

Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah

Saklajengipun, sukses menggahe Allah inggih meniko kados dene ingkang dipun sebataken wonten ing
Al Quran surat Al mukminun ayat 1-11; Inggih meniko tiyang ingkang iman, tiyang ingkang khusu
anggone sholat, tiyang ingkang nebihi tumindak kang ora maedahi ing bab agomo utowo ndonyo, tiang
ingkang ngedalaken zakat, tiang ingkang njagi kemaluanipun kajobo marang bojone dewe. tiyang
ingkang netepi amanat dan janjinipun, tiyang ingkang tetep ajeg ngrekso anggone sholat. Poro wong
mukmin kang padho netepi kayo kang kesebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris yaiku kang
pikantuk suwargo Firdaus lan podho langgeng ano ing kono.

Sukses menggahe Allah wonten ing surat Al mukmin wau inggih meniko tumindakipun tiyang mukmin
ingkang njagi aturanipun Allah lan nebehi laranganipun Allah, Ikhlas kangge Allah, nderek rosulullah.
Akhiripun mlebet suwargo Firdaus sak lami-laminipun.

Mugi-mugi kito ing dinten idul fitri meniko saget berhaluan maju lan saget ngubah pandangan hidup
kito dados luwih ngutamakaken akhirat ketimbang donyo. Mugi-mugi Alloh dadosaken kito umat
ingkang BERJAYA, Mugi-mugi Alloh manggihaken dateng kito benjang wonten akhirot ing dalem
suasono ingkang ngremenaken lan mugi kito kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bekjo
pikantuk rohmat lan nikmatipun Allah SWT. Amin Ya Rabbal Alamin.

You might also like