You are on page 1of 2

Adipati Karna

Dicritakake ndisik ana putri kang ayu , sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi nikah karo
Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge Pandhawa. Dheweke dikaruniai
anak sing jenenge, KARNA . Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing
dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi sayang banget marang Arjuna , ndelok kabeh iku
Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang
ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi
Kunthi ngomong kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire
Karna milih ngaleh saka Kerajaan Pandhawa.
Sak wise pirang-pirang tahun Karna kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti
nggoleki lan nangisi karna. Ing sawiding dina , pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang
para dewa ngge nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu , kakrungu swara bocah
enom suarane kaya Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk
kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan
ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen
dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan
dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.

Akhire , peperangan antara Arjuna saka kesatrian Madukoro dadi Ksatria perang Negara
Amarta melawan Adipati Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara
Astina.

Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak
saka Arjuna, Amergo pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep diturunake marang
Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.

Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep
nahan sampek mati . Sak wise, Mase Semar nemokake mayit Abimanyu sing kagletak kaku.
Mase Semar karo Kresna yaiku kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna
sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kangge mbinasakake
Ngastina. Sak wise ngerti katiwasan putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo
nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu. Nanging
tanpa diweruhi, Abimanyu ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing
ngantikake Abimanyu.

Karna nantang Arjuna kangge ndang perang. Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke
ngerti Karna iku sadulur kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane.
Nanging Arjuna nolak ngge perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna saling
kapelukan. Karna sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa
seneng.

Nanging Karna nguculake pelukanne, lan nuduh Arjuna sekongkol arep menusuk dheweke
saka mburi. Akhire Karno lan Arjuna berkelahi hebat , ibune menangis ngaharep kaloro
putrane iku mandekake kagelutan iku. Akhire Arjuna terjatuh. Arjuna sengaja ngalah demi
Ibune, lan ngaharep atine Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurowo ngguyu
cekakakan amergo Arjuno kalah.
Nanging kagelutan iku tetep sido, Sampek sampek saya memanas. Wektu peperangan
kalakon hebate ana keanehan loro ksatria sing pinter manah iku pada-pada ngetokake akeh
anak panah nanging ora enek siji wae sing ngenei kaloro-lorone. Kadang mandek terus pada
pepandang, pada netesake banyu mata. Prabu Salyo(Kusir Karna) lan Prabu Kresno (Kusir
Arjuna)kalorone ngerti, kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega mateni sampek
ngloroni sitik wae Fsdadi ora enek sitokae panah pas sasaran.

Wektu sesino pada saling tempur, saling ngetokake senjata saktine, saling ngudanke panah
nanging ora enek sitokwae sing ngeneki awak. Prabu Kresno dadi kusir Arjuno lan botohe
Amarta (Pandawa) ngerti persis senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuno. Dadi
Tali kusir jaran disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa
sing awale diarahke mung ning ngarep Karno nanging amergo kereta gerak mangarep dadi
Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarno utawa Karna. Anak Dewa Surya
iku mencelat kenek kereta sampek kereta ajur. Kaweruhan kabehiku Dewi Kunthi utawa
ibune Karno lan Arjuna, ngerti yen anake kang pertama iku kabener lunga kanggo salawase.

You might also like