You are on page 1of 2

sinopsis

Ngulandara
Novel Ngulandara punika cariyosipun dipunwiwiti oto mogok. Nalika
kahanan sampun sonten ugi jawah, otonipun kaluwarga Ajeng Tien kedah mogok
wonten satunggaling mergi. Ramanipun Tien nyobi ndandani nanging dereng
saged - saged, wusana kahananipin ngantos sonten banget, jawah saya deres,
otonipun dereng saged urip. Boten dangu Den Bei sakeluwarga lajeng mlebet
wonten oto. Manahipun tiyang sakaluwarga punika gusar sanget.

Boten langkung dangu wonten oto ingkang nyambangi. Lajeng jejaka


ingkang nama Rapingun punika mbiyantu ndandani oto. Panjenenganipun boten
purun nampi arta panuwunipun saking Den Bei. Kaluwarga langkung kuciwa
sanget bilih jejaka wau boten purun nampani.

Wonten satunggaling dinten, Nyonyah Oet Hien, mitranipun Den Bei sowan
supados badhe sadeyan emas. Nyonyah Oet Hien ugi karem nyade otonipun
piyambak. Mangertos menawi oto punika oto ingkang diagem kaliyan Rapingun,
Raden Ajeng Tien lajeng ndangu kaliyan Nyonyah Oet Hien. Boten klentu, sopir
oto punika inggih Rapingun, jejaka ingkang mbiyantu kaluwarga Ngasisten. Oto
kaliyan sopiripun lajeng dipunpundhut kaliyan kaluwarga.

Sopir pribadhinipun kaluwarga Ngasisten punika jejaka ingkang jujur,


trampil, mrantasi, ugi sae pocapan saha tindak - tandukipun. Nglampahi
pedamelan kanthi sucining manah, tansah ngabdi dhumateng kaluwarga
Ngasistenan. Sadaya langkung remen dhumateng Rapingun.

Hel jaran liar kagungan kaluwarga mawon saged tundhuk kaliyan Rapingun.
Menika amargi manahipun Rapingun ingkang sae, langkung sabar anggenipun
ngruwat. Sedaya tindak - tandukipun Rapingun punika kedah ngedap - edapi
kaluwarga.

Langkung dangu anggenipun ngudi wonten kaluwarga Ngasistenan,


langkung raket ugi anggenipun memitran kaliyan putri Ngasistenan punika.
Kekalihipun ugi sami remen ing batos. Sasampunipun kesumerepan menawi
Rapingun punika salah satunggaling putra kraton ingkang kedah ngulandara,
sedaya kaluwarga inggih sansaya gumun. Jejaka kraton purun nglampahi
lelampahan kados punika. Boten klentu menawi tiyang punika inggih tiyang
ingkang wicaksana, tiyang ingkang nggadhahi kaluhuran saha beciking bebudhen.
Pantes menawi Raden Ajeng Tien punika lajeng dipunpundhut garwa kaliyan
piyambakipun.

You might also like