Professional Documents
Culture Documents
Kaweruh Bab Ongko 0 Nganti 20 Kang Ono Gandenge Marang Sifat 20
Kaweruh Bab Ongko 0 Nganti 20 Kang Ono Gandenge Marang Sifat 20
SIFAT 20
ONGKO 0 = nol ,tegese nunjuk ake yen kosong,lungguhe ono bocah cilik isih
kosong durung duweni kaweruh/pangerten opo opo/wang -wung.
ONGKO 1 = SIJI , tegese soko tembung isi lan aji (isine aji) dudu ajine mas picis
rojo brono.nanging ajine DIRI PRIBADI, dununge wong kang becik diri pribadine
bakal di aji 2 karo sak podo padane mulo siji lungguhe ono ing GUSTI soko
tembung BAGUSING ATI sing mujudake ongko siji (1) iku ongko 0 (nol) utowo
ujude ongko siji iku soko ongko nol.
ONGKO 2 = (LORO), dununge ono bopo lan biyung,lungguhe isi donyo iku loro
cacahe,ono bungah ono susah,ono rogo ono sukmo,ono awan ono bengi,ono lanang
ono wadon..lan sakteruse.
ONGKO 6=(NEM) soko tembung= nemu dununge ono sedulur papat limo pancer
6,ono ing ayang2an ,
toto lahir ono ing wetan,kidul,kulon ,lor,duwur lan ngisor.
ONGKO 8 =(WOLU) tegese ojo uwal marang barang kang sing perlu ,tamtunipun
tindak ingkang sae sampun ngatos lirwa ake ,lungguhe ono SEWINDHU 8 wolong
tahun (WALI WOLU).
ONGKO 9- (SONGO) iku pangertene bayi iku topo ono guwo garbane ibu suwene
9 sasi (umumipun),
lungguhe ono ing wali wolu songo tinari/tinutup.
ONGKO 10=(SEPULUH) dumadi soko ongko 1 lan 0...ongko iki wis paring
sasmito marang manungso yoiku kumpule kawulo lan gusti,kang diarani SILIH -
SINILIHAN.tegese= urip yen ora nyilih/nganggo ROGO biso mobah mosik
kasampar kasandung prasasat tanpo aji.semono ugo ROGO yen wis dioncati
dening URIP yo yo wis ora mobah mosik,tanpo aji,terange maneh,ongko 1,(siji)
yen ora nganggo ongko nol (0) ora biso muni ongko sepuluh.
Ongko 13= (telulas) tegese URIP iku nguripi telung prakoro, dununge
1.nguripi manungso.
2. nguripi kewan2.
3.nguripi wit witan lan jagad sak isine.
HAWA NAFSU : tegese :angkoro murko kang kasurung dening kekuatane syetan.