You are on page 1of 2

Kucing Sing Pinter Ngalembana

Sawijining dina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus
wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi
nggondol daging empal mbuh saka ngendi. Kucing dadi kepengin melu
mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi.
Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang
mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing
miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu
kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok
rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa
mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning jogan.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh. "Hai Thekek, kowe iso
ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso
mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho? Thekek meneng wae,
sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi
ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe
rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek. "Hai
Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe
nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke
mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning jogan.
Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur
ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya
ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok kang pasuryane
mranani ati (Undil - 2012).

*NOTE:
Ngalembana: memuji
Jogan: lantai
Kaprigelan: keterampilan
Sumelang: khawatir
1. Apa irah-irahan cerkak ing dhuwur?
2. Sapa bae paraga (tokoh) cerkak iku?
3. Kapan kedadeyane?
4. Ana ing ngendi kedadeyane?
5. Sapa sing pinter nglembana?

You might also like