Professional Documents
Culture Documents
Lha sintentho inkang sinoro hanawung krido wonten ing siang meniko satuhu nun inggih bp………
Lha menoko to wujudipun sri atmaja temanten putri nun inggih kusumaning ayu
dewi…………..kusumaning ayu dewi……ingkang sampun kerenggo ing busana yen cinondro candraning
kusumaning ayu dewi……… rambut hanyekar bakung lurus asli tanpo titekan
Kaget sang sintho rismi mungguhing sri atmojo temanten putri hangawuningani para tamu engkang
sampun kebak hamblabar hangebeki sak jroning terop kadya handoyong doyongnya pacak suci miwah
pendapi bale winangun
Wus prateng hungyan kang tinuju temanten putri kalenggahaken wonten ing sasana renenggo sinambi
hangrantu lapsitaning adicara engkang sampun tinentu. Lan saget dipun pundut gambare rumiyin.
Acara Panggih
Kawistara temanten putri sampun lelenggahan hanggana laras wonten ing sasana adi inggih sasana
renengga sing ateges lelenggahan piyambak.
Jengkaring putra temanten kakung kaderek’aken kadang wandana bianarung kumandange kodok
ngorek…………..
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara
adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara
panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana
mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang
linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, pramila mboten
mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering
agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila - ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana
ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
landhep panggraitane,
tanggap ing sasmita,
susila hanuraga,
punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu
- Hayom - Hayem - Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani
pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe
astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang
kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun
gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang
tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal
rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah
karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.
Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane,
pinesthi dadi jatu kramane.
Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene
tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga. Tinangsulan lawe
wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan
mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.
MECAH ANTIGA
Kawistingal Temanten kakung Mecah antigo Punopo tho werdinipun mecah tigan pralambang bibit
kawit wontening toyo suci ingkang wening dadosaken trisno engkang hangruboko . bilih wiwit wanci
meniko risang temanten kekalih sampun pecah nalaripun.
Amrih..manggih..kamulyan.
Paripurna mecah tigan temanten kekalih hanyeketi toyo kautaman , katingal kambang kambang
kumambang Tri puspowarna.
Kanthil, melati, mawar tegesipun khantil awit kumantileng katresnan temanten putri MELATI awit saking
kedaling lathi temanten kakung wondene kembang MAWAR arum mangambar gandane donyo tekan
delahan. SIGRO risang temanten putri hamasuh ampeyangipun ingkang garwo. Kanti tulus iklasing nolo
bilih ari kalenggahan puniko ngantos akhir tembe tansah bekti mring kakung.minongko pratondo tan
ana kang pantes angayomi, anuntun,hanganti keblating manembah kejawi sang binagus, satemah suci
ilang salwiring sukerto kalis saking tulak sarik miwah sambikala.
Sinduran
Paripurna titilaksitaning upacara panggih putra temanten sekaliyan gya siningeban sindur dening
ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik
ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana
salaminya.Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung
sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning
tata upacara ingkang sampun tinentu
2.Sungkeman
Pinanganten kekalih sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
1.Rama ibu kang luhuring budi ,Ingkang hangukirjiwa lan raga Kang agung pangurbanane,Paring pituduh
luhur,Rina wengi tansah hangesthi,Mrih rahayuning putra,Lulus kang ginayuh’Sadaya ribet
rubeda,Linambaran kanthi sabaring penggalih,.Tuhu pantes sinembah.
1.Timbang
Temanten kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng ramanipun temanten, dene temanten putri
lenggah ing pangkon sisih kiwa. Wondene Ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten
sarimbit. perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan
3.Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ana pangkonane penganten
putri minongko perlambang paweh nafkah. Temanten kakung nyuntak kampil ingkang sampun
kacawisaken, isi arta receh/krincing mawi dipun tadhahi tilam lampus (klasa Bangka).
Pasemonipun : mujudaken cuwilaning gegambaran ingkang jejering guru laki puniko, kedah rumaos
anggadhahi wajib masrahaken asil guna kayanipun dhumateng rabinipun (garwanipun), lan rabinipun
kedah saged nyekapaken ing reh sadaya kabetahaning bale wisma.
4.Dahar Klimah
Temanten kakung putri sami ngasta piring isi sekul punar, inggih punika sekul ingkang warnanipun jene,
lajeng dulang-dulangan.
Pasemonipun : mujudaken satunggaling kekudangan supados temanten kakung putri, tetepa setunggal
raos ing lahir lan batos, jumbuh ing sadaya reh gegayuhipun.
Ngunjuk Degan
Pasemonipun : ugi mujudaken kekudangan mugi temanten enggala kaparingan momongan (putra).
Dene rujak degan kaistha kadidene pepenget kagem temanten supados ing sugengipun lelumban
wonten ing pasrawungan puniko mboten ngepang-ngepang, lan saged dados wadhahing kautaman
ingkang pantes dados tuladhaning bebrayan.
Para rawuh adicora kacar kucur minongko pinutuping adicoro panggih miloa kawulo minongko
pengendali wara kirang langkungipun nyuwun gunging samudra pagaksami nuwun.