You are on page 1of 3

YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI) KH.

GHOZALI SYIHAB
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN
“SMK AL-GHOZALY”
Alamat : Siwatu, Bumiroso, Watumalang, Wonosobo, Jawa Tengah 56352.
NSS:324030710018/NPSN:20362775,Telp. (0286) 3326174 email: smk.alghozaly@gmail.com

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mapel : Bahasa Jawa Hari, Tanggal : Rabu, 18 September 2019


Kelas/Semester : XI / I (Ganjil) Waktu : 10.00 – 11.30

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha lan ganep !

1. Sebutna tuladhane tembang kang kalebu tembang tengahan !


2. Sebutna Tembang macapat kang ana ing Serat Wedhatama Lan tulisen jumlah
padane/baite !
3. Gawea Gancaran saka tembang macapat ana ing ngisor iki !

Taman limut, Durgameng tyas kang weh limput


Karem ing katamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreda saardi gengira

4. Sebutna piwulang luhur kanggo wong tuwa kang ana ing Serat Wedhatama !
5. Goleka tegese tembung-tembung ana ing ngisor iki !
a. Taman f. Laku
b. Tyas g. Lekase
c. Karoban h. Setya
d. Weh i. Pangekese
e. Saardi j. Angga
6. Goleka tegese tembung Paribasan, saloka lan bebasan ana ing ngisor iki !
a. Ciriwanci ginawa mati
b. Gajah ngidak rapah
c. Kacang nurut lanjarane
7. Sebutna ciri-cirine Novel !
8. Kepiye carane mangerteni watak wantune peraga novel ?
9. Sebutna 6 Jinise novel 1
10. Tembung ing ngisor iki goleka endi wangsalan, batangan, lan tebusane !
a. Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
b. Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
c. Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI) KH.GHOZALI SYIHAB
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN
“SMK AL-GHOZALY”
Alamat : Siwatu, Bumiroso, Watumalang, Wonosobo, Jawa Tengah 56352.
NSS:324030710018/NPSN:20362775,Telp. (0286) 3326174 email: smk.alghozaly@gmail.com

KUNCI JAWABAN SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mapel : Bahasa Jawa Hari, Tanggal : Rabu, 18 September 2019


Kelas/Semester : XI / I (Ganjil) Waktu : 10.00 – 11.30

1. Tuladha tembang kang kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwluh), Gambuh,
Wirangrong, Lan juru Demung.
2. Pupuh kang ana ing Serat Wedhatama
a. Pupuh Pangkur ( 14 Pada )
b. Pupuh Sinom (18 Pada )
c. Pupuh Pocung ( 15 Pada )
d. Pupuh Gambuh ( 35 Pada )
e. Pupuh Kinanthi ( 18 Pada )
3. Dhiri pribadi kang waspada tumindak ala
Kang agawe lali ora gelem gawe rubeda
Amarga tan pinaring rahmat
lan anugrah Gusti Allah
4. Ngelmu kanggo menehi piwulang kanggo anake. Kepriye carana milah-milah babagan
ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling Marang Gusti kang Maha Agung.
5. Tegese Tembung :
a. Taman : Panggonan, papan f. Laku : Tumindak
b. Tyas : Ati g. Lekase : Wiwitane
c. Karoban : Kebanjiran, Dikuwasani h. Setya : Niyat, Karep
d. Weh : Menehi i. Pangekese : Kang ngalahake
e. Saardi : Segunung j. Angga : Awak
6. Watak ora isa mari sakdurunge mati
Nerak guneme dhewe
Tingkah lakune anak lumrahe ora beda karo tingkah lakune wong tuwane
7. Ciri – cirine novel
a. Kasusun dening 40.000 tembung
b. Novel uga ora diwatesi karo struktur lan metrical sandiwara utawa sajak
c. Umume novel nyritakake ngenanilakon-lakon lan watake lakon ana ing njerone crita
d. Novel nitikake crita ing bageyan-bageyan lang aneh saka naratif utawa crita iku
8. Carane mangerteni watak wantune peraga novel
a. Apa sing ditindakake paraga
b. Pocapan-pocapan paraga
c. Panggambaran fisik paraga dening pangripta
d. Katrangan langsung saka paraga liya
9. Novel detektif, Novel Roman, Novel Misteri, Novel Gotik, Novel Kriminal, Novel Fiksi
Imiah
10. Wangsalan : Gayung sumur, Batangan : Timba, Tebusane : Kemba
Wangsalan : Pindhang lulang, Batangan : Krecek, Tebusane : Kacek
Wangsalan : Balung geni, Batangan : Mawa, Tebusane : Menawa
YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI) KH.GHOZALI SYIHAB
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN
“SMK AL-GHOZALY”
Alamat : Siwatu, Bumiroso, Watumalang, Wonosobo, Jawa Tengah 56352.
NSS:324030710018/NPSN:20362775,Telp. (0286) 3326174 email: smk.alghozaly@gmail.com

PENSKORAN SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mapel : Bahasa Jawa Hari, Tanggal : Rabu, 18 September 2019


Kelas/Semester : XI / I (Ganjil) Waktu : 10.00 – 11.30

No Nilai Jumlah Skor


1. 10
2. 10
3. 10
4. 10
5. 10 SKOR = 100
6. 10
7. 10
8. 10
9. 10
10 10

Wonosobo, 06 September 2019


Guru Mapel

Tatik Yulatifah

You might also like