You are on page 1of 3

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

UPT DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA


UNIT KECAMATAN KEBUMEN
SEKOLAH DASAR NEGERI SUMBERADI
Alamat : Desa Sumberadi, Kebumen Telp. (0287) 3870750

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2


TAHUN AJARAN 2017/2018
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : IV (Empat) / 2
Hari, Tanggal : Jumat, 9 Maret 2017
Waktu : 07.30 – 09.30 WIB
I. Wenehana tandha silang (x) huruf a, b, c, atau d wangsulan sing paling bener !

Wacanen crita rakyat ing ngisor iki kanthi permati!


Raden Bandung Bondowoso inggih punika putranipun Raja Penging Prabu Damar Moyo.
Raden Bandung Bondowoso inggih punika salah saktunggaling pangeran ingkang misuwur,
kuwat lan sekti mandraguna.
1. Manut pethilan crita ing nduwur, crita iku nyritakake kedadeyan ....
a. Rawa Pening c. Candhi Prambanan
b. Bledhug Kuwu d. Timun Mas

2. Raden Bandung Bondowoso inggih punika salah saktunggaling pangeran ingkang misuwur.
Tembung misuwur padha tegese karo ....
a. gagah dhuwur c. kondhang
b. kuat d. Pinter

3. Dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kayata Kancil lan Kodhok Ijo arane ....
a. Mite c. Legenda
b. Sage d. fabel

4. Bapak lagi cukur rambute adhik bayi.


Tembung lingga cukur iku mathuke oleh wuwuhan wujud ....
a. ater-ater m c. ater-ater ng
b. ater-ater n d. ater-ater ny

5. Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung lingga, yaiku ....
a. sare, tindhakan c. begja, cilaka
b. luhur, kaluwihan d. nyidhuk, tendhang

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
6. Irah-irahan tembang ing nduwur yaiku ....
a. Pocung c. Gambuh
b. Mijil d. Dhandhanggula

7. Guru wilangan lan guru lagu tembang ing nduwur yaiku ....
a. 7u, 10a, 12i, 8u, 7a c. 7u, 10u, 12i, 8u, 7o
b. 7a, 10u, 12a, 8u, 7o d. 7a, 10a, 12i, 8u, 7a

8. Dasanamane tembung catur yaiku ....


a. Telu c. Lima
b. Papat d. Enem

9. Tegese kapatuh pan dadi awon yaiku ....


a. dadi pakulinan kang becik. c. dadi pakulinan kang ala.
b. tumindake dadi ala. d. dadi uwong kang dianggep ala.
10. Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra diarani ....
a. guru gatra c. guru lagu
b. guru wilangan d. guru sastra

Wacanen kanthi premati!


Pandhawa iku cacahe ana lima. Sing pembarep jenenge Yudhistira. Sing nomer loro jenenge
Bima. Dene sing nomer telu jenenge Arjuna. Sabanjure sing nomer papat lan lima kembar,
jenenge Nakula dan Sadewa.
Saliyane duwe jeneng Haryo Sena, Bima uga duwe jeneng Werkudara. Saka sedulur cacah
lima, Werkudara pawakane sing paling gedhe lan dhuwur. Swarane jumlegur lan banter.
Amarga dedege kang gedhe dhuwur lan gagah prakosa iku, mula Werkudara dadi pangayome
kabeh Pandhawa.
11. Yudhistira utawa Puntadewa iku ....
a. bapake werkudara c. adhine werkudara
b. kangmase werkudara d. sedulure werkudara

12. Panenggak Pandhawa yaiku ....


a. Werkudara c. Arjuna
b. Yudhistira d. Nakula

13. Werkudara iku sedulure kabeh ana lima, menawa dikramakake sing bener ....
a. Werkudara menika seduluripun c. Werkudara menika seduluripun sedaya
sedaya wonten gangsal. wonten lima.
b. Werkudara menika sedherekipun d. Werkudara menika sedherekipun sedaya
sedaya wonten gangsal. wonten lima.

14. Kula dereng nedha, menawa tulisan aksara Jawa sing bener ....
a. kul[f[r=ned c. kulfere=ned
b. kul[d[r=[nd d. kuldere=ned

15. adikultsihtilem\
Menawa ditulis latin sing bener ....
a. Adhi kula saweg tilem. c. Adi kula tasih tilem.
b. Adi kula saweg tilem. d. Adhi kula tasih tilem.

II. Ukara-ukara ngisor iki ganepana nganggo tembung-tembung kang trep!


Wacanen kanthi premati!
Dicritakake menawa Jaka linglung iku wujude ula. Aji Linglung iku nyuwun diakoni dening
Ajisaka yen dheweke iku anake. Ajisaka gelem ngakoni anak, nanging duwe sarat, Jaka
Linglung bisa mateni Bajul Putih sing malihane Prabu Dewatacengkar. Kajaba iku, Jaka
Linglung di dhawuhi golek dalan dhewe supaya masarakat Medangkomulan ora padha wedi.
Cekaking crita, Jaka Linglung kasil mateni Si Bajul Putih. Kanthi nggawa tugelaning drijine
Bajul Putih.
16. Miturut pethilan crita ing dhuwur iku nyritakake kedadeyan ....

17. Bukti kang digawa Jaka Linglung yen kasil mateni Bajul Putih yaiku ....
18. Bu Dini maringi (piwulang) Basa Jawa.
Tembung linggane ing sajroning kurung ing ndhuwur yaiku ....
19. Esuk-esuk Tantri wis nyapu latar.
Tembung nyapu oleh ater-ater ....
20. Tembang macapat cacahe ana ....

21. Saben sapada tembang Gambuh ana ... gatra.


22. Raden Werkudara uga nduwe jeneng liya yaiku ....
23. Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh bannget yaiku ....
24. Sandhangan sesigeg r (/) jenenge ....
25. trilgituru
Menawa ditulis latine dadi ....

III. Garapen manut prentahe!


26. Gawea ringkesan crita “Timun Mas”!
27. Salinana nganggo basa krama!
Raden Bima Sena iku anake Prabu Pandhu
28. Aranana 5 bae tembang macapat!
29. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!
a) diresiki
b) nggawa
30. Tulisen ngango aksara jawa!
Dani tuku oli

You might also like