You are on page 1of 6

PEMERINTAH KOTA SEMARANG

DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI TAWANG MAS 01
KOORDINATOR SATUAN PENDIDIKAN KECAMATAN SEMARANG BARAT
Alamat : Jl. Puri Anjasmoro Blok A – 6 Semarang , Telepon 7605595
Email: tawangmas01@gmail.com

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL SEKOLAH DASAR


Tahun Pelajaran 2020/2021
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : V (Lima)
Hari, Tanggal : Sabtu, 5 Desember 2020
Waktu : 09.30 – 11.30 WIB

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C utawa D jawaban kang paling bener!

Wacanen teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab No. 1 – 3!

Mengeti Ulang Tahun

Assalamualaikum wr. wb.

Para Sesepuh lan Pinisepuh ingkang kula bekteni. Para sedherek ingkang kinurmatan .

Sumangga Panjenengan sami kula dherekake muji syukur ing ngarsanipun Gusti

Ingkang Maha
Agung, ingkang sampun marangi nugraha arupi kasarasana saengga kula lan panjenengan
saged kempal ing dalem kula menika kanthi wilujeng.

Wonten ing wekdal menika, keparenga kula Suprapto ngandeg ing ngarsa
panjenengan sami saperlu mranata adicara pahargyan ulang tahun putra kula Adimas
Sudramanto.

Dene adicara menika karakit kadhos mekaten, sepisan inggih menika pembuka.
Ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagyaharja. Dene ingkang kaping tiga donga
kalajengaken kembul bujana. Minangka adicara ingkang kaping sekawan, adicara pungkasan
menika mangke panutup.

Mekaten para rawuh rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika. Mugi
– mugi purwa madya lan wasana adicara menika saged kalampahan kanthi lancar kalis ing
rubeda nir ing sambikala. Sinambi nengga samudayanipun siyaga kasuwun para rawuh
nyekecaaken lelenggahan kanthi merdikaning penggalih ing palenggahan ingkang sampun
kacawisaken. Nuwun

Wassalamualaikum Wr. Wb.


1. Mekaten para rawuh rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika.
Tembung kang dicithak miring duwe arti ....
a. pengetan
b. kumpul
c. melu
d. urip

2. Irah – irahan pidato ing dhuwur yaiku ....


a. Perpisahan kelas 6
b. Kamardikan Republik Indonesia
c. Mengeti Ulang Tahun
d. Mengeti Sedekah Bumi

3. Jenenge pranatacara ana ing acara ulang tahun yaiku ....


Adimas Sudarmanto
a.
b. Suprapto
c. Anto Mardi
d. Nurman
4. Basa sing digunakake kanggo pidhato ulang tahun ing dhuwur mau yaiku ....
a. basa krama
b. basa krama inggil
c. basa ngoko
d. basa krama alus

5. Sumangga kula derekaken ngonjukaken puji syukur dumatheng Gusti Ingkang Maha Agung.
Ukara ing dhuwur klebu perangan sesorah ingkang...
a. surasa basa
b. wasana basa
c. purwaka basa
d. salam pambuka

6. Gatekna bab-bab ing ngisor iki!


(1) Ndhingkluk
(2) tangan ngapurancang
(3) nyawang tamu
(4) nguwasani pemirsa

Bab kang ora kena dilakokake nalika sesorah yaiku bab


nomer….

a. (1)
b. (2)
c. (3)
d. (4)
Wacanen teks ing ngisor iki kanggo jawab No. 7 - 10
Karna Mandeg Senopati

....

Adipati Karna satriya ing Ngawangga mandeg Senopati Kurawa maju ing palagan.
Sejatine, Karna wes mengerti yen mbelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging,
Karna wis kaputangan budi karo Duryudana Raja Hastina kang ambeg angkara murka.
Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese gelem mbelani Hastina.

Adipati Karna iya aran Suratmaja iku putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi, mula
Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah dewa. Mula kuwi, ora mokal
yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Kinantenan panah Kuntawijayadanu
(Kunta Druwasa), pusakane Karna wujud keris aran Kiai Kaladete (ing padhalangan
gagrag Sala sinebut Kiai Jalak). Aji –ajine Karna yakuwi Aji Kalalupa (bisa ngetokake
buta akeh banget), lan Naracabala (bisa ngetokake gegaman maneka warna).

7. Adipati Karna satriya ing Ngawangga mandeg Senopati Kurawa maju ing palagan.
Tembung kang dicetak miring duwe arti ....
a. nyengkuyung
b. seda
c. jagad
d. peperangan
8. Adipati Karna ksatria ing ....
a. Amarta
b. Ngawangga
c. Madukara
Hastinapura
d.
9. Ibune Adipati Karna yaiku ....
a. Srikandhi
b. Drupadi
c. Arimbi
d. Dewi Kunthi

10. Adipati Karna kagungan pusaka kang kawentar ampuh, yaiku ....
a. Kuntawijayadanu
b. Gadarujakpala
c. Panah pasopati
d. Ciptaplanagati

11. Panengahe Pandawa yaiku ....


a. Sadewa
b. Puntadewa
c. Arjuna
d. Werkudara
12. Ing sisih iki gambare ...

a. Janaka
b. Karna
c. Kresna
d. Puntadewa

13. Nakula lan Sadewa iku putrane Prabu Pandhu kaliyan ....
a. Dewi Madrim
b. Dewi Kunthi
c. Dewi Sri
d. Dewi Drupadi

14. Wacan kang menehi gegambaran kahanan samubarang apa wae kanthi ancas sing maca kaya
– kaya bisa weruh, ngrungokake lan ngrasakake dhewe apa kang dialami dening pengarang
yaiku ....
a. eksposisi
b. argumentasi
c. dheskripsi
d. narasi

15. Ing ngisor iki kang bisa nyebabake tsunami, yaiku ....
a. angin ribut
b. gempa bumi
c. kobongan
d. lemah dhasar segara bengkah
16. Ing ngisor iki kang ora bisa njalari tumekaning banjir yaiku ....
a. alas kang gundul
b. tetanduran ing pinggir kali
c. lemah – lemah pada diaspal utawa disemen
d. uwuh kang dibuang ing kali

17. ..... yaiku pasangan aksara .....

a. ca
b. sa
c. na
d. wa

18. di waca dadi ....

a. rusak ajur
b. surak maju
c. rujak cingur
d. rujak anggur

19.

Ukara Jawa ing dhuwur wacane ....


a. Nanggap wayang uwong
b. Nanggap wayang golek
c. Nanggap wayang potehi
d. Nanggap wayang kulit

20. “ Liwata kreteg” yen ditulis ing aksara jawa yaiku ....

a.

b.

c.

d.
II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!

21. Mekaten ingkang saged kula aturaken kathah ing lepat kula nyuwun agenging pangaksami.
Tembung
pangaksami tegese padha karo tembung ....
22. Pidato ing basa jawa uga disebut ....
23. Perangan pidato kang isine ngaturake puji sukur marang Gusti diarani ....
24. Adipati Karna duwe senjata sing ampuh yaiku ....
25. Adipati Karna duwe senjata satemene duwe drajat wasu, tegese isih turunane ....
26. Jeneng liyane Adipati Karna yaiku ....
27. Bocah – bocah padha sengkut reresik kelas sakwise banjir bandhang. Tembung sengkut tegese ....
28. Yen ngarang deskripsi diwiwiti saka nemtokake ....
29. Tembung “ roti tawar “ ditulis ing aksara jawa yaiku ....

30. Tembung iku ditulis ing aksara latin yaiku ....

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati!

31. Tulisen purwaka pidato kanggo acara ulang tahunmu!


32. Apa sebabe Adipati Karna mbelani Kurawa, sanajan dudu tumindak kang becik?
33. Wacanen wacan ing ngisor iki!

Biyen nalika tanggal 26 Januari 1990, ana tragedi banjir bandhang sing nerjang
Kaligarang lan Banjir kanal Barat. Luwih seka satus warga dadi korban wektu musibah
tengah wengi kuwi. Bubar musibah kuwi Banjir kanal Barat terus ditata. Senajan kudu
nunggu nganti 20 tahun luwih, sing penting saiki Banjir Kanal wis temata, kaline tambah
amba lan jero, lan tanggule tambah kuwat.

Apa isine wacan kuwi ?

34. Tulisen ukara – ukara iki nganggo aksara jawa!


A. Karina lagi nyapu latar.
B. Sardi mangan delima.

35. Tulisen ukara – ukara iki nganggo aksara latin!

A.

B.

You might also like