You are on page 1of 5

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL SEKOLAH DASAR

TAHUN PELAJARAN 2021/2022

PENGETAHUAN

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : II (Dua)
Hari, Tanggal : Selasa, 7 September 2021
Waktu : 09.30 – 11.00 WIB

Kompetensi Dasar : 3.1 Mengenal tokoh Pandhawa dan Punakawan


3.2 Memahami teks pendek nonsastra tentang kegiatan sehari-hari.

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c ing sangarepe wangsulan kang bener!

Satriya Pandhawa
Prabu Pandhu Dewanata kuwi raja ing Astina. Prabu Pandhe Dewanata duwe putra arane
Pandhawa.Pandhawa iku cacahe ana lima. Paragane Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan
Sadewa. Puntadewa, Werkudara, lan Janaka iku putrane Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi. Dene
Nakula lan Sadewa iku putrane Prabu Pandhu kaliyan Dewi Madrim.
Puntadewa duweni asma liya yaiku Yudistira. Puntadewa minangka putra pambarep.
Puntadewa dadi ratu ing Amarta. Tumindake lansipate becik. Watake seneng tetulung marang
wong liya lan jujur.
Putra kang nomer loro iku asmane Werkudara. Werkudara duwe asma liya yaiku Bima
utawa Bratasena. Werkudara iku satriya ing Jodhipati utawa Giliwesi. Werkudara duweni sipat
mantep marang kekarepane lan bias ngrampungi kabeh perkara.
Putra kang nomer telu iku asmane Janaka. Satriya ing Madukara. Duwe asma liya kang
akeh antarane Arjuna, Permadi, Palguna, Patra, lan liya-liane. Sipate Janaka yaiku seneng
tetulung, prigel anggone manah, lan sekti mandraguna.
Putra wuragile Prabu Pandhu Dewanata iku kembar asmane Nakula lan Sadewa. Nakula
satriya ing Bumi Retawu. Sadewa satriya ing Sawojajar. Nakula prigel babagan tetanen. Sadewa
prigel babagan ingon-ingon kewan.

1. Pandhawa iku cacahe ana . . . .


A. telu
B. papat
C. lima
2. Pembarepe Pandhawa yaiku . . . .
A. Nakula
B. Sadewa
C. Puntadewa

Penilaian Tengah Semester Gasal Tahun 2021/2022 Bahasa Jawa Kelas 2

1
3. Watak Pandhawa kang ora tau ngapusi yaiku . . . .
A. jujur
B. satriya
C. becik
4. Putrane Dewi Kunthi yaiku . . . .
A. Nakula
B. Bratasena
C. Sadewa
5. Satriya ing Sawojajar yaiku . . . .
A. Sadewa
B. Janaka
C. Bima
6. Pandhawa duweni watak . . . .
A. clingus
B. satriya
C. lingsem
7. Ing ngisor iki klebu Pandhawa, kejaba . . . .
A. Werkudara
B. Sadewa
C. Gareng
8. Nakula lan Sadewa iku kerep diceluki . . . .
A. mbarep
B. kembar
C. kanca

Punkawan
Punakawan iku paragane ana papat yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga kang
kapisan yaiku Semar. Jeneng liya saka Semar yaiku Banaraya. Semar duweni watak kang becik,
seneng aweh pituduh lan uga wicaksana. Titikane Semar yaiku pawakane gedhe tur lemu,
wetenge mblendhung, lan mripate rembes.
Paraga kang kaloro yaiku Gareng. Gareng minangka putra angkate Semar kang mbarep.
Gareng duweni jeneng liya antarane Bambang Jati Pitutur, Pancalpamor, Cakrawangsa,
Nalawangsa, Nalagareng, lan liya-liyane. Gareng duweni watak seneng guyon. Titikane Gareng
yaiku pawakane kuru, yen mlaku jinjit, mrpiate rada kera, lan tangane bengkong.
Paraga kang ketelu yaiku Petruk. Petruk iku minangka adhine Gareng. Titikane Gareng yaiku
dedege dhuwur, yen mesem kanton manis, irunge lan gulune dawa, seneng gojek lan tetulung.
Paraga kang kapapat yaiku Bagong. Bagong iku putra angkate Semar kan wuragil. Bagong
duweni sipat sakarepe dewe ananging Bagong sembada karo jujur lan sekti. Titikane Bagong yaiku
lambene ndombleh/ndower, awake lemu kaya Semar, lan mripate amba.

9. Punakawan iku cacahe ana . . . .


A. telu
B. papat
C. lima
10. Gareng iku anake Semar kang . . . .
A. pembarep
B. panengah
C. wuragil

Penilaian Tengah Semester Gasal Tahun 2021/2022 Bahasa Jawa Kelas 2

2
11. Titikane Semar yaiku . . . .
A. dedege dhuwur
B. mripate amba
C. mripate rembes
12. Punakawan ing gambar kasebut jenenge . . . .
A. Semar
B. Pertruk
C. Gareng
13. Petruk iku . . . Gareng
A. adhine
B. kangmase
C. bapake
14. Bubar mangan, piringe becike . . . .
A. dijarake
B. diisahi
C. diselehke
15. Menawa entuk PR, becike enggal . . . .
A. dilalekake
B. diulati
C. digarap
16. Saben sore, Tina nyirami . . . .
A. tebu
B. kembang
C. pari
17. Saben esuk, Yosi nyaponi . . . .
A. latar
B. kamar
C. sekolah
18. Mangkat sekolah iku ing wayah . . . .
A. esuk
B. awan
C. sore
19. Siti mangkat sekolah bareng karo . . . .
A. kancane
B. bapake
C. ibuke
20. Crita kagiyatan iku saka . . . .
A. sekolah
B. bubar sarapan
C. tangi turu
21. Udin menawa tangi turu jam . . . .
A. papat
B. lima
C. enem
22. peturon-ngresiki-Dewi
Tembung-tembung ing dhuwur menawa dirakit dadi . . . .
A. Dewi ngresiki peturon.
B. Peturon ngresiki Dewi.
C. Ngresiki peturon Dewi.
Penilaian Tengah Semester Gasal Tahun 2021/2022 Bahasa Jawa Kelas 2

3
23. Ing ngirsor iki kalebu kuwajibane anak yaiku . . . .
A. makarya
B. turu
C. sinau
24. latar-nyapu-Zaifa
Tembung-tembung ing dhuwur menawa dirakit dadi . . . .
A. Latar nyapu Zaifa.
B. Zaifa nyapu latar.
C. Zaifa latar nyapu.
25. Wayah budhal sekolah sing becik nyuwun . . . .
A. disangoni
B. diterke
C. pamit

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!
1. Wuragile Punakawan yaiku . . . .
2. Ibune Werkudara asmane . . . .
3. Satriya kembar Pandhawa yaiku . . . .
4. Gambar kasebut yaiku anake Semar kang arane . . . .
5. Seneng maringi pituduh lan wicaksana iku sipate . . . .
6. Nggatekake piwulange bapak ibu guru, lumrah ditindakake ing . . . .
7. Saben dina aku . . . jam lima esuk.
8. Aliya saben esuk yen tangi turu banjur nebahi . . . .
9. Yen ana PR becike . . . .
10. Sabubare sarapan aku . . . . sekolah.

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!
1. Sapa wae paragane Punakawan?
Wangsulan: ........................................................................................................
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
2. Sapa wae kang mlebu paraga Pandhawa?
Wangsulan: ........................................................................................................
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
3. Sebutna titikane paraga wayang ing gambar!

Wangsulan: ........................................................................................................
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..

Penilaian Tengah Semester Gasal Tahun 2021/2022 Bahasa Jawa Kelas 2

4
4. Sebutna pakulinan reresik kang kotindakake saben dina!
Wangsulan: ........................................................................................................
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
5. Sebutna lima kagiyatanmu wiwit tangi turu nganti wengi!
Wangsulan: ........................................................................................................
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..

Penilaian Tengah Semester Gasal Tahun 2021/2022 Bahasa Jawa Kelas 2

You might also like