You are on page 1of 5

Gladhen PAS ganjil 2021

1. Sekar Pocung ing salebeting SeraT Wedhatama kawiwitan pada nomer ... dumugi ....
a. 1-5
b. 32-46
c. 32-47
d. 33-46
e. 33-47
2. Walisanga kondhang ngripta sekar macapat. Sinten asma walisanga ingkang kondhang ngripta
sekar pocung ....
a. Sunan Kalijaga
b. Sunan Gunung Jati
c. Sunan Giri
d. Sunan Bonang
e. Sunan Geseng
3. Sedaya tiyang gesang menika kadunungan ngelmu. Wondene ngelmu menika saged manpangati
menawi dipunsarengi tumindak sae. Anggenipun ngetrapaken ing pagesangan kedah saestu-estu.
Neja kanthi mantep saged damel santosaning gesang. Nuwuhaken raos sadhar saged dados
piranti nerak angkara murka. Gancaran sekar pocung ukara kaping gangsal jumbuh kaliyan gatra
kaping ....
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
e. Sedaya wos
4. Ngelmu iku kalakoni kanthi laku ateges....
a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
b. Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa
c. Bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
5. Serat Wedhatama minangka asil karya Mangkunegara IV ingkang asma timuripun .....
a. K.P Sambernyawa
b. R.M Soediro
c. K.P Rio
d. R.M Singadimedja
e. K.P Mangkunegara
6. Novel inggih menika karya sastra awujud prosa ingkang ngamot rerangkening cariyos
gesangipun pawongan saha pawongan sanesipun ingkang wonten ing saindhenging,
ingkang ngatonaken watak saha tumindakipun. Wondene tiyang ingkang nganggit novel
kawastanan ....

a. pamaos
b. novelis
c. pamireng
d. pilatelis
e. pangripta
7. Idhe pokok utawi ingkang dados dhasaring cariyos. Contonipun: katresnan, ngelmu kang
miguna, lly. Pangertosan saking unsur intrinsik ....

a. undheran
b. punjering cariyos
c. alur
d. latar
e. lelewaning basa
8. Watak menika tumindak/solah bawanipun paraga. Watak kaperang 2: watak fisik lan
watak non fisik. Menawi watak kadosdene sabar lan jujur kalebet peranganipun watak ....

a. ketawis
b. utama
c. watak wantu
d. fisik
e. non fisik
9. Titikanipun cariyos novel inggih menika ....
a. asipat naratip
b. karakit 1000 tembung
c. cariyosipun cekak
d. cariyosipun rinakit paugeran
e. cariyosipun mboten ngambra-ambra
10. Novel Kumandanging Katresnan anggitanipun ....
a. Any Asmara d. Soenardi
b. Ranu Asmara e. Suparta Brata
c. Sapardi Djoko
11. Paraga kang kajibah mbabar sawijining perkara dinebat … .
a. pranatacara
b. pamedharsabda
c. MC
d. pangarsa
e. panganggit
12. Perangan sesorah kang diandharake nalika mbukak pangandikan, yaiku ....
a. Pangare-arep
b. Ngaturake panuwun
c. Mungkasi kanthi ngaturake dudutan
d. Ngaturake kaluputan anggone matur
e. Salam panutup
13. Pak Nugraha nalikaning wonten pasamuan tanpa mangertosi menapa menapa kapatah
menehi sesorah. Metode ingkang dipunginakake Pak Nugraha inggih menika ….
a. metode naskah d. metode ekstemporan
b. metode impromptu e. metode teknik
c. metode apalan
14. Kangge mengeti saha mahargya dinten miyosipun Ibu Kartini, Dinas Pendhidhikan
ngawontenaken Lomba Sesorah kangge siswa SMA/SMK. Haliza badhe tumut sesorah
kalawau, gayut boten nate ndherek andon kaprigelan bab sesorah, Haliza damel
cengkorongan lajeng dipunserat jangkep katerasaken dipunapalake. Metodhe sesorah
kados Haliza kawastanan ….
a. metode naskah d. metode ekstemporan
b. metode impromptu e. metode teknik
c. metode apalan
15. Sesorah kelebet kaprigelan …..
a. micara d. maos
b. nyerat e. sastra
c. nyemak
16. Sinten ingkang kagungan damel mantu menika ....
a. calon penganten kakung
b. calon penganten putri
c. wong tuwane calon penganten kakung
d. wong tuwane calon penganten putri
e. penghulu (KUA/kyai)
17. I. nemtokake tujuwan
II. gawe cengkorongan
III. ngumpulake bahan
IV. nemtokake undheran
V. ngrembakake cengkorongan
Tata rantaman panyeratan eksposisi ingkang trep inggih menika ….
a. I,II,III,IV,V
b. I,IV,II,III,V
c. IV,III,I,II,V
d. IV,I,III,II,V
e. IV,II,III,V
18. Tata cara mantu ingkang maknanipun supados reresik sarira, amargi sarira ingkang resik
dadosaken seras saha tebih saking sesakit inggih menika ....
a. Siraman
b. Midodareni
c. Kacar-kucur
d. Sungkeman
e. Upacara wijidadi
19. Upacara kang minangka pralambang penganten kakung menika sawijining kepala
kulawarga ingkang tanggung jawab mring kulawarga inggih menika ....
a. Siraman
b. Midodareni
c. Kacar-kucur
d. Sungkeman
e. Upacara wijidadi
RASULAN
Rasulan yaiku sawijining tradhisi kang wis lumrah lan suwe lumaku ing karang pradesan
tlatah Jawa. Biyasane ing papan liya ana kang ngarani merti dhusun utawa merti desa.
Rasulan iku ditindakake sawise rampung anggone panen. Tradhisi iki ditindakake
minangka sawijining wujud sukur mring Gusti. Saperangan kagiyatan kang ditindakake
ing rasulan iki. Kulinane diawiti reresik dhusun utawa lingkungan sakiwa tengen. Para
warga kanthi gotong royong ngresiki papan-papan kang reget. Iki mujudake manawa
tradhisi rasulan iku ana mupangate. Warga bisa nuwuhake rasa paseduluran lan bantu-
binantu ing bab apa wae.
20. Adhedhasar pethilan wacan ing nginggil tradhisi kasebat katindakake ....
a. Nalika arep nyambet dinten riyaya
b. Sabibaripun panen
c. Dipunadani ing wulan Agustus
d. Dipunwontenake nalika badhe dherek lomba
e. Sawayah-wayah
21. Ghulam isih dzikir yen ditulis aksara Jawane ….

a. g+ulmHisihs+iki/

b. g+ulmHisihf+iki/

c. g+ulmHisihd+iki/

d. gulmHisihd+iki/

e. gulmHisihf+iki/

22. af+nMg]ib\ aksara latine yaiku ….

a. azan magrib
b. adzan magrib
c. adzan magrip
d. adan magrib
e. adan magrip
23. [j+b][c]2s\ panulisan aksara latine yaiku ….

a. zebracros
b. sebracros
c. vibracros
d. zebercros
e. sebracros
24. Kula badhe …, ”Punapa leres menika dalemipun Bapak Sunarto?”
Tembung krama ingkang jumbuh inggih menika …
a. ndherek taken
b. ndherek takon
c. nyuwun priksa
d. nyuwun ndangu
e. nyuwun pirsa
25. Joko nembe dipun … dening Pak Guru ngaturaken serat.
Tembung krama ingkang trep inggih menika …
a. kengken
b. utus
c. prentah
d. dhawuhi
e. dukani

You might also like