You are on page 1of 7

PENILAIAN AKHIR SEMESTER

MA AL-MAHALLI
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


KELAS : XI (SEBELAS)

I. Kawangsulana pitakénan ingandhap punika kanthi cara miji wangsulan A, B, C,D, utawi E ingkang
leres!
1. Tiyang ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana....
a. panutup
b. pambuka
c. sabdatama
d. panatacara
e. Pambagyaharja
2. Supados anggènipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi....
a. tut wuri handayani
b. adigang adigung adiguna
c. ajining dhiri gumantung saka lathi
d. ajining raga gumantung saka busana
e. olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
3. Para pepundhén ingkang dahat kinabektén. Para tamu ingkang ... kepareng kula matur ing ngarsa
panjenengan sadaya saperlu ngaturaken pambagyaharja ing ri kalenggahan punika. Tembung ingkang
trep kagem njangkepi ukara ing inggil inggih punika....
a. kula ajrih
b. kinurmatan
c. kula tresnani
d. nembé ngasta
e. paring ngèlmu
4. Nalika dados panatacara pocapan/lafal kedah cetha, wiramanipun saé. Punika ateges nggatosaken....
a. olah guru
b. olah basa
c. olah raga
d. olah swara
e. olah busana
5. Pangageming tembung-tembung rinengga saha panyandra ing panatacara punika magepokan
kaliyan....
a. olah rasa
b. olah swara
c. olah basa
d. olah busana
e. olah raga
6. Miturut kasusastran Jawi, jinising sekar saged kapérang dados ....
a. sekar ageng, pangkur, durma
b. sekar macapat, sekar alit, sekar ageng
c. sekar tengahan, sekar macapat, sekar alit
d. sekar alit, sekar tengahan, sekar macapat
e. sekar macapat, sekar tengahan, sekar ageng
7. Cacahing larik saben sapada tembang kawastanan....
a. guru lagu
b. guru swara
c. guru wilangan
d. guru gatra
e. guru sastra
8. Cacahipun tembang macapat punika wonten....
a. 9
b. 12
c. 10
d. 13
e. 11
9. Cacahing wanda saben sagatra tembang kawastanan....
a. guru lagu
b. guru swara
c. guru wilangan
d. guru basa
e. guru gatra
10. Guru gatra tembang macapat Pangkur wonten....
a. 5
b. 8
c. 6
d. 9
e. 7
11. Lelagon Jawa ingkang ngewrat pirang-pirang aspèk seni inggih punika....
a. macapat
b. campursari
c. wayang
d. cerkak
e. Geguritan
12. Urutaning carita wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan....
a. irah-irahan
b. paraga
c. alur carita
d. sètting
e. Watek
13. Perangkat gamelan ingkang ginanipun ngatur wirama inggih punika....
a. gendèr
b. kendhang
c. demung
d. bonang
e. Peking
14. Tokoh campursari ingkang kondhang....
a. Didi Pethet
b. Ki Narto Sabto
c. Dedi Dhukun
d. Ki Manteb S.
e. Manthous
15. Serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès supados rawuh ing papan lan wekdal
ingkang sampun katemtokaken dipunsebut... .
a. serat ulem
b. serat kitir
c. serat iber
d. serat lelayu
e. serat pribadi
16. Unsur-unsur ingkang kedah kamot ing serat ulem kados ing andhap punika, kejawi... .
a. nama ingkang tinuju
b. pambuka
c. nama lan yuswa
d. isi
e. nama ingkang paring serat

17. Serat ing inggil katur Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA N Yogyakarta ingkang wosipun....
a. dinas Dikpora badhé ngawontenaken lomba nyerat dongèng aksara Jawa
b. pambijinipun lomba nyerat dongèng aksara Jawa
c. kasuwun ngintunaken siswa kanggé lomba nyerat dongèng aksara Jawa
d. nyaosi pirsa titiwancinipun lomba nyerat dongèng aksara Jawa
e. lomba nyerat dongèng aksara Jawa mung kanggo siswa/siswi SMA
18. Titi wancinipun lomba inggih punika....
a. 23 Februari 2016
b. 23 Februari 1916
c. 25 Februari 2015
d. 25 Maret 2016
e. 23 Maret 2016
19. Dra. Ika Cahyani, M.Pd punika minangka....
a. pangarsaning Dinas Dikpora DIY
b. pangarsaning masyarakat
c. kepala sekolah
d. pangarsa pasarta lomba nyerat dongèng aksara Jawa
e. pangarsa lomba nyerat dongèng aksara Jawa
20. Calon durung mesthi kalakon. Ukara punika menawi kaserat mawi aksara Jawa inggih punika....

21. Seratan Jawa menika menawi kaserat Latin inggih punika ....

a. Sigra milir kang gètèk disangga baya.


b. Dirja mikir kang mènèk disangga baya.
c. Sigra milir sang gèthèk sinangga bajul.
d. Dirja milir kang mènèk disangga bajul.
e. Sigra milir kang gèthèk sinangga bajul.
22. Ingkang boten kalebet jinising karangan inggih punika ...
a. naratif
b. deskriptif
c. èksposisi
d. cerkak
e. Persuasi
23. Wacana ingkang nggambaraken kanthi cetha sawijining kahanan , satemah kahanan kalawau kados
cetha wonten ing sangajengipun tiyang ingkang maos, dipunwastani seratan...
a. naratif
b. deskriptif
c. eksposisi
d. artikel
e. Persuasi
24. Seratan ingkang nyariosaken kedadosan kanthi lugu lan punapa wontenipun, kadosta laporan utawi
pawarta dipunwastani seratan...
a. narasi ekspositoris
b. narasi sugèstif
c. èksposisi
d. artikel
e. Persuasi
25. Seratan ingkang nyariosaken sawijining bab kanthi runtut lan saged nuwuhaken pangangen-
angenipun ingkang maos dipunwastani seratan...
a. narasi èkspositoris
b. narasi sugestif
c. eksposisi
d. artikel
e. Persuasi
26. Ingkang dipunwastani artikel inggih punika . . . . . .
a. seratan awujud karangan paparan kanggé pawartos
b. karya gegambaraning saweneh kedadeyan donyaning manungsa ing masyarakat
c. karya jurnalistik awujud pénggalihan ingkang kapacak ing pundi kémawon
d. karya jurnalistik awujud pénggalihan ingkang wosipun ngudhari prekawis ing
masyarakat
e. sedaya seratan ingkang kapacak ing koran utawi kalawarti
27. Caranipun nyerat artikel ing medhia jurnalistik inggih punika . . . . . .
a. nemtokaken judhul, pambuka, isi, pengarep-arep, panutup
b. nemtokaken bahan, mekarake isi, kirim ing medhia massa
c. nyobi damel reportase, opini, profil, pawarta, lsp. lajeng kakintun ing medhia cetak
d. nemtokaken tema, medhia, ngatur basa, ngirim naskah ing medhia cetak
e. wantun nyerat punapa kémawon lajeng ngentun seratan wau ing medhia cetak
28. Ing andhap punika jinising artikel, kejawi . . . . . .
a. tajuk
b. pendapat siswa
c. opini
d. kolom
e. antologi puisi

Kawaosa kanthi premati!


Kanggo ngrembakakake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gambèn, sengkut-
gumregut ngripta karya, kepriyé carané geguritan tansah diremeni lan digandrungi déning pamaos.
Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ngundhakaké bobot karya-karyané. Ora mung
mikirké pira honoré nulis, nanging uga katresnane marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebat, karya-
karya sastra Jawa kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung. Déné para maos luwih ngregani
marang karya sastra, mliginé sastra dhaérah.
29. Katitik saking underaning prakawis, seratan jurnalistik ing inggil awujud . . . . . .
a. gegambaraning apresiasi sastra Jawa
b. ajakan supados ngapresiasi sastra Jawa
c. artikel kanggé ningkataken apresiasi sastra Jawa
d. paparan manéka warna jinis sastra Jawa
e. cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa
30. Seratan ingkang nyariosaken sawijining bab kanthi runtut lan saged nuwuhaken pangangen-
angenipun ingkang maos dipunwastani seratan...
a. narasi ekspositoris
b. narasi sugestif
c. eksposisi
d. artikel
e. Persuasi
31. Kethoprak lan wayang wong kalebet tuladha....
a. geguritan
b. cerkak
c. novèl
d. drama
e. Prosa
32. Pamedhar sabda inggih punika....
a. tiyang ingkang remenipun ngendika
b. tiyang ingkang ahli ngendika
c. tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiyang kathah
d. tiyang ingkang nindakaken ayahan medhar sabda
e. tiyang ingkang ngendika wonten ngajengipun mikrofon
33. Ing andhap punika tegesipun sabda, kejawi....
a. gunem
b. wetu
c. sesorah
d. wudhar
e. rasan-rasan
34. Ing andhap punika tegesipun busana, kajawi....
a. sandhangan
b. klambi
c. panganggo
d. bandha
e. Ageman
35. Tiyang ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana ....
a. sabdatama
b. pambuka
c. panatacara
d. panutup
e. pambagyaharja
II. Kawangsulana pitakénan ingandhap punika kanthi cara nyerat wangsulan ingkang leres!
1. Kaandharaken, menapa nama busana menika lan dipunagem sinten?

2. Kadamela tuladha panatacara perangan pambuka! (minimal 2 paragraf)

Yeku patut ti nulad-tulad tumurut


Sapituduhinira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi dhiri rapal
makna

Nora weruh wosing rasa kang rinuruh


Lumeketi ng angga
Anggere padha marsudi
Kana-kene kahanane padha wae

3. Cakepan tembang menika kalebet tembang menapa? Andharna guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu!
4. Aksara menika menawi dipunserat latin inggih menika . . . .

5. Ki Hajar Dewantara sesanti: Ing Ngarsa Sung Tuladha. Seratan Latin kasebut menawi kaserat
kanthi aksara Jawa inggih menika . . . .

You might also like