This document contains a test with multiple choice questions about Javanese literature and language. It asks about concepts like macapat poetry forms, tembang structures, literary devices and techniques, as well as questions about Javanese script including letters, diacritics, and abbreviations. The test examines knowledge of traditional Javanese art forms, language rules, and cultural aspects related to literature and oral traditions.
This document contains a test with multiple choice questions about Javanese literature and language. It asks about concepts like macapat poetry forms, tembang structures, literary devices and techniques, as well as questions about Javanese script including letters, diacritics, and abbreviations. The test examines knowledge of traditional Javanese art forms, language rules, and cultural aspects related to literature and oral traditions.
This document contains a test with multiple choice questions about Javanese literature and language. It asks about concepts like macapat poetry forms, tembang structures, literary devices and techniques, as well as questions about Javanese script including letters, diacritics, and abbreviations. The test examines knowledge of traditional Javanese art forms, language rules, and cultural aspects related to literature and oral traditions.
A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D utawa E sing kokanggep paling bener!
1. Tembang macapat asring diarani …
A. Maca mlumpat-mlumpat B. Maca kepepet C. Maca yen sempet D. Maca papat-papat E. Maca nganggo mripat 2. Wong nembang iku kudu nggatekake pawitan … A. Titi mangsa B. Guru gatra C. Titi swara D. Guru wilangan E. Titi laras 3. Rong tembang utawa luwih ing tembang macapat diarani … A. Pada B. Pupuh C. Dhong-dhing D. Gatra E. Wilangan
Kanggo mangsuli pitakonan no. 4-6!
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul Kaseselan hawa Cupet kapepetan pamrih Tengeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa 4. Tembang ing ndhuwur kalebu tuladhane tembang macapat …. A. Gambuh B. Dhandhanggula C. Mijil D. Pangkur E. Pocung 5. Tembang ning ndhuwur ana …. gatra. A. 4 B. 5 C. 6 D. 7 E. 8 6. Guru wilangan lan guru lagune gatra kaping telu yaiku… A. 7 u B. 8 a C. 12 a D. 8 i E. 12 i 7. Kang ora kalebu titikane tembang macapat yaiku … A. Isine bab pitutur B. Pangariptane ora dimangerteni C. Basane diseseli basa Jawa Kuna D. Kaiket ing wewaton E. Nggunakake basa Jawa anyar 8. Carane ngrakit tembang macapat sing becik, kajaba … A. Milih tembung sing mentes (berisi) B. Tembung sing dipilih ana sesambungane karo tema C. Ana sesambungane antara ukara larik siji lan sijine D. Kaiket dening aturan guru gatra, wilangan, lan lagu. E. Guru wilangan lan guru lagune bebas Kanggo mangsuli pitakonan no. 9 lan 10! (a)………………………………. (b)………………………………. Tegese kas nyantosani Setya budya, pangekese dur angkara 9. Cakepan tembang sing trep kanggo njangkepi isian (a) yaiku …. A. Gegolongan nira B. Ngelmu iku kalakone kanthi laku C. Lila lamun kelangan nora getun D. Setya budya, pangekese dur angkara E. Yek kabul kabuka 10. Cakepan tembang sing trep kanggo njangkepi isian (b) yaiku …. A. Gegolongan nira B. Tegese kas nyantosani C. Lila lamun kelangan nora getun D. Lekase lawan kas E. Yek kabul kabuka 11. Karya sastra prosa fiksi naratif sing nyritakake uripe paraga lan wong-wong sing ana ing sakiwa tengene sarta nonjolake watek karo sipate, diarani … A. Deskripsi B. Novel C. Geguritan D. Cerbung E. Cerkak 12. Bageyan lakune crita kang ana babagan pangungkapane prastawa (complication) diarani … A. Alur B. Setting C. Sudut pandang D. Pesen E. Tema 13. Posisine pangaripta ing crita utawa cara pangaripta nyritakake isine crita diarani … A. Amanat B. Sudut pandang C. Basa D. Latar E. Alur 14. Pengarang dadi paraga lan lakon ana ing crita, yaiku pangerten sudut pandang wong ka … A. Siji B. Loro C. Telu D. Bebas E. Campuran 15. Wacanen paragrap ing ngisor iki ! Suara pating jerit kaya-kaya bisa mecahake kendhang saprangkat nalika ujug-ujug ana banyu kang ndedhul tanpa uluk salam, saya suwe saya santer lan dhuwur. Nuduhake bakal ana banjir gedhe. Ora let suwe maneh kenthong titir marambah-rambah swarane. Kaluarga, lanang, wadon, tua, enom padha pating njerit.
Paragrap ing ndhuwur nuduhake unsur intrinsik latar, yaiku latar ….
A. Panggonan B. Sosial C. Kahanan D. Spiritual E. Wektu
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomor 16 lan 17 !
Jam loro esuk, aku lagi wae makler nalika ing njaba ana swara rame-rame. Mripatku langsung melek, nglongok kahanan ning njaba saka jendhela kamar. Aku ora wani metu amarga rupane para warga sajake katon kesetanan. “Maling… maling…,” panyerune pawongan sing lewat ngarep omah.
16. Kedadeyan apa sing ana ing crita?
A. Kobongan B. Tanggul jebol C. Wong rondha D. Kemalingan E. Ana wong kasusahan 17. Sudut pandang anggone pangaripta nggawe crita kasebut yaiku sudut pandang … A. Wong kasiji B. Wong kaloro C. Wong katelu D. Bebas E. Campuran
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomor 18 lan 20 !
Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran basa Jawa Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sewengi pancen kurang turu, melek-melek, sedulurku duwe gawe sunatan. Pak Darno asmane Guru Basa Jawa, piyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwene aku diwulang, Pak Darno ora tau duka apa maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga kalebu guru sabar lan apikan, Pak Darno disenengi para siswa 18. Manut pethilan crita ing ndhuwur, sirahku ngelu amarga .... A. Maca ukara aksara Jawa kang angel B. Masuk angin amarga melek-melek C. Ngadhepi guru basa Jawa kang gedhe dhuwur D. Kurang turu amarga melek-melek, sedulurku duwe gawe sunatan E. Sinau basa Jawa sedina sewengi 19. Isine pethilan crita kasebut yaiku para siswa lagi ajar .... A. Maca pemahaman B. Maca ukara aksara Jawa C. Nulis aksara Jawa D. Maca lan nulis aksara Jawa E. Ngrakit ukara basa Jawa 20. Saka pethilan wacan ing ndhuwur, sing dadi tokoh utama yaiku .... A. Sedulurku B. Pak Darno C. Aku D. Wong liya E. Tanggaku 21. Medharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh diarani …. A. Pariwara B. Wara-wara C. Atur-atur D. Pranatacara E. Sesorah 22. Salah siji ancase sesorah yaiku … A. Menehi panglipur marang wong liya B. Ngandharake babagan crita pangalaman pribadi C. Menehi pawarta sawijining kahanan D. Nembangake lelagon E. Ngandharake babagan kesripahan 23. Cengkorongan panulisane tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana, yaiku … A. Subtema B. Tema C. Sesirah D. Surasa basa E. Basa Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomor 24 lan 25! Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak/ ibu guru saha staf Tata Usaha ingkang kula urmati ugi. Adhi- adhiku, kelas X lan XI sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Dinten menika yaiku dinten ingkang bersejarah kangge sekolah kita. Sampun prayoginipun bilih kita sareng- sareng ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa, saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing adicara ambal warsa sekolah kita ingkang kaping 34 menika.
24. Kang nindakake sesorah yaiku ….
A. Kepala Sekolah B. Bapak/ ibu guru C. Sesulih kelas XII D. Sesulih kelas XI E. Sesulih kelas X 25. Surasane sesorah kasebut ngrembag babagan …. A. Ulang taun sekolah B. Pepisahan sekolah C. HUT RI D. Pengetan dinten Pendidikan E. Pengetan dinten Kartini
Wacan kanggo mangsuli pitakonan nomor 26 lan 28!
Wilujeng siyang (1) Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati, lan para kanca ingkang kula tresnani (2) Mangga sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, dene kanthi rahmat saha barokahipun, kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing mriki tanpa alangan satunggal menapa (3) Keparenga kula minangka wakil saking para siswa ngaturaken sugeng riyadi. Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya (4) Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita. Tansah ngluberaken kabagaswarasan, karahayon, kabahagyan, lan katentreman dhateng kula panjenengan sami (5) 26. Saka tuladha ing ndhuwur perangan kang diarani wosing atur yaiku nomor … A. 1 lan 2 B. 2 lan 3 C. 3 lan 4 D. 4 lan 5 E. 3 nganti 3 27. Tuladha sesorah ing dhuwur ngrembag bab … A. Sesrawungan B. Dina riyaya C. Pasa D. Ambal warsa E. Halal bi halal 28. Perangan kang diarani atur pakurmatan ana ing nomor …. A. 1 B. 2 C. 3 D. 4 E. 5 29. Wonten sekawan perkawis ingkang dipungatosaken nalika sesorah. Salahsatunggaling yaiku wirama. Tegesipun …. A. Sesorah kedah ngginakaken busana kang jangkep lan sae B. Sesorah nggatosaken andhap inggilipun swanten C. Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha D. Sesorah kedah nggatosaken audience E. Sesorah kedah ngginakaken kedhep netranipun ingkang mantep 30. Wacanen kanthi premati! Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita. Wanita kedah nggadhani kagunan ingkang saged ndamel aruming nama bangsa. Pethilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken ing perangan … A. Salam pambuka B. Pambagya harja C. Surasa basa D. Wusana basa E. Purwaka basa 31. Sandhangan….]jenenge … A. Pengkal B. Pangkon C. Cakra D. Suku E. Cakra keret 32. Aksara ganten kanggo ra (r ) sing dipepet jenenge … A. Pada lungsi B. Pa cerek C. Nga lelet D. Wignyan E. Aksara murda 33. Ing ngisor iki minangka pasangan aksara Jawa kang mapan ing sandhinge aksara, yaiku .... A. ...N B. ... H C. ... M D. ... L E. …Y 34. Tandha kanggo mungkasi ukara sajroning aksara Jawa yaiku … A. ? B. . C. \ D. [ …o E. h 35. ?aibu[kot[p]opinSijwtezhyaiku … A. surby B. bnF|= C. jk/t D. semr= E. peknBru 36. Kutha sing nduwe julukan “Kutha Kembang” yaiku …. A. pek[lozn\, B. semr= C. kufus\, D. surby E. bnF|= 37. Ukara ?p+ ik]i[soltMg+R ib\, diwaca …. A. Dzikri solat maghrib B. Dzikri adzan maghrib C. Dzikri lagi dzikir D. Fikri solat maghrib E. Fikri adzan maghrib 38. ?slhsijini= rukunHisLmYaiku …. A. zjiawnBezi B. amBy/j+kt\, C. rjinF+ i ki / D. aimnMr=kitb\, E. aimnMr=[rosul\, 39. Sing ora kalebu paugeran penulisan aksara Jawa yaiku … A. Tandha ( +) digunakake kanggo nulis aksara rekan B. Nalika nulis aksara mati ing tengah kudu nggunakake pangkon C. Titik padha karo “pada lungsi” ing aksara latin D. Aksara Pa Cerek digunakake kanggo nulis ra pepet E. Nulis aksara Jawa saka kiwa lan ora ana pedhotan saben tembung 40. ?pikNikMev=gunu=kiful\, diwaca …. A. Piknik ning Gunung Kidul B. Lunga menyang Gunung Kidul C. Piknik menyang Bali D. Lunga menyang Bali E. Piknik menyang Gunung Kidul