You are on page 1of 6

UJIAN AKHIR SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2017-2018

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa)


Kelas/Program : XI/ IPA – IPS
Hari/Tanggal :
Waktu :

PETUNJUK MENGERJAKAN
1. Berdo’alah sebelum mulai mengerjakan!
2. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. Geguritan iku kanggo gampange diarani uga…


A. Kakawin Jawa Kuna
B. Kidung Jawa Pertengahan
C. Tembang Macapat
D. Tembang campursari
E. Puisi Jawa modern/gagrag anyar
A. Ngoko alus

2. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku…..
A. Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane
B. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake
C. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
D. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
E. Tembang iku migunakake purwakanthi guru swara ab/ab

3. Sing kalebu struktur bathin geguritan yaiku…


A. Tema lan amanat
B. DIksi lan tipografi
C. Enjambemen lan lelewaning basa
D. Purwakanthi lan wirasa
E. Panyitra

Kanggo pitakon nomer 4-6 gatekna geguritan ing ngisor iki!

Kangen
Dening: Edi Winarno

Aja nangis anakku


Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani

4. Geguritan ing nduwur, panggurit dadi…


A. Bapak
B. Ibu
C. Anak
D. Putu
E. Tangga

5. Isi saka geguritan ing ndhuwur yaiku….


A. Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak
B. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali
C. susahe bapak dening tangise anak sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing Hongkong
D. Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana
E. Anak lgi kangen marang bapak lan ibune kang nyambut gawe ing lor kali.
6. geguritan “kangen” migunakake panyitra…..
A. Pandeleng
B. Pangganda
C. Pangrungu
D. Pangrasa
E. Panindak

7. //singidan dhedhemitan/ samun kang dadi/ patuladhane kuthung// tembung-tembung kang


purwakanthi guru sastra yaiku….
A. Singidan-samun-dadi-kuthung
B. Singidan-dhedhemitan-dadi patuladhane
C. Singidan- kang- patuladhane-kuthung
D. Dhedhemitan-kang-dadi-kuthung
Dhedhemitan-samun-dadi-kuthung

8. // Rujak degan, degane krambil ijo//


Ukara ing nduwur kalebu…..
A. Tembung Entar
B. Purwakanthi
C. Purwakanthi Swara
D. Purwakanthi Sastra
E. Purwakanthi Lumaksita

9. Ukara ‘Endahe esemmu ibu’ migunakake imaji/panyitra….


A. pangrungu
B. Panindak
C. Pandeleng
D. Pangrasa
E. Pangganda

10. Tujuwan maca endah geguritan yaiku…


A. nemokake struktur bathin geguritan
B. nemokake struktur lair geguritan
C. supaya sing mirsani padha nggumun lane ram marang sing maca
D. bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan
E. sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan

11. Alon-bantere swara, selaras-seimbange swara, nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani….

A. Diksi
B. Tempo
C. Dinamika
D. Artikulasi
E. Modulasi

12. Ing ngisor iki struktur batine geguritan, kajaba


a. tema
b. tipografi
c. wirasa
d. purwakanti
e. wangsulan b lan d bener

Wacan ing ngisor iki kanggo pitakon nomer 13-16

TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245
dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender
internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan.Tedak siten asalipun
saking rong tembung, ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak, tegese mudhun lan “siten"
saking tembung siti kang tegese bumi.Dadi Tedhak siten ndueni arti ngidhakake sikil ing
lemah/pertiwi.Tedhak Siten ngambarake kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing
mangsa ngarep.Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit
nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Punika
kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge
urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku
ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake
upacara tedhak siten.

13. Kang diarani upacara tedhak siten, yaiku….


A. cedhak lemah
B. Mudhun lemah
C. Sepasaran
D. Lair sepisanan
E. Upacara slametan

14. Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku….


A. Kareben bocahe sehat
B. Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep
C. Cedhake manungsa karo bumi
D. Atur puji sukur marang Gusti kang Murbeng Dumadi
E. Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik

15. Tujuan dianakake tedhak siten yaiku…

A. Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe


B. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane
C. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih
wiwit cilik
D. Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan
E. Atur puji sukur marang Gusti kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta
keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.

16. Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kadadean ing dhaerah-dhaerah, kejaba…
A. Ruwatan
B. Mudhun lemah
C. Karnaval
D. Mantenan
E. Larung sesaji

17.

Gambar ing nduwur yaiku salah sawijine tatacara adat temu manten kang arane…..
A. Kacar-kucur
B. ngidak endhok
C. Midodareni
D. Balangan Suruh
E. Dulangan

18. Minangka gagasan kang ngenani bab-bab sing kawawas nduweni pangaji-aji mungguhing masyarakat
iku diarani….
A. Aturan mligi
B. Sistem Norma
C. Sistem Ukum
D. Nilai Moral
E. Ajining Budaya

19. Adat yaiku sawijining wujud saka kabudayan, sabanjure adat digambarake minangka tata laku. Iku
panemu saka…
A. Basuki Abdullah
B. Koentjaraningrat
C. Bagong Kusudiharjo
D. WS Rendra
E. Afandi

20. Tembung Budaya iku asale saka basa sansekerta yaiku “buddayah’ sing asale saka tembung ‘budhi’
kang ateges….
A. Karsa
B. Cipta
C. Akal
D. Niyat
E. Cipta

21. Dina kelairane bayi iku ing budaya Jawa diarani….


A. Lekasan
B. Nyidham
C. Ngupati
D. Nglimani
E. Wetonan

22. Tatacara tingkepan iku kanggo mengeti wong kang kandhutane umur….
A. Limang sasi
B. Enem sasi
C. Telung sasi
D. Pitung sasi
E. Patang sasi

23. Ing ngisor iki sing kelebu dasanamane Bumi, kejaba….


A. Pratala
B. Jagad
C. Pratiwi
D. Basundala
E. Weka

24. Dasanamane ‘omah’ yaiku…


A. Wangon
B. Kusuma
C. Priksa
D. Atmaja
E. Rekta

25. Sing dudu tembung baliswara, yaiku….


A. Pancasila
B. Rajaputra
C. Malumpat Sampun
D. Surya Atmaja
E. Dewi Sukesi

26. Tembung wanita kerata basane yaiku….


A. Wani lumuh ditata
B. Wani mranata
C. Wani datan tata
D. Wani ora tata
E. Wani wegah ditata
27. Cangkriman: bosok nanging enak, yaiku….
A. Tape
B. Gedhang
C. Daging
D. Sawo
E. Nangka

28. Sesorah iku biasane becik ditindakake dening…


A. Paraga kang piniji
B. Paraga sak-sake
C. Paraga sakanane
D. Paraga kang ora mesthi
E. Paraga kang tinimu

29. sedaya kekirangan ingkang pinanggih wonten salebeting kridha punika, kula minangka panitia….
A. Nyuwun dipunemut-emut
B. Nyuwun dipuncathet
C. Nyuwun dipungatosaken
D. Nyuwun Pangaksama
E. Nyuwun Supekaken

30. Sikep ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika nindakake sesorah, kajaba…
A. Ngadeg kanthi jejeg kebag kapitayan
B. Ulat padhang nyenengake
C. Swara kudu sora sarosane manut kekuwatan
D. Basa jumbuh karo swasana lan kahanan
E. Wiramaning swara kapenak dirungokake

31. Nyebutake tamu kang rawuh utawa nyapa aruh iku prayogane….
A. Saka sing enom banjur menyang sing tuwa
B. Saka sing pangkate cendhek banjur sing dhuwur
C. Saka tataran ngisor banjur mandhuwur
D. Saka sing luwih tuwa banjur marang sing enom
E. Saka sing mlarat banjur sing luwih sugih

32. Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya
niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt.
ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal
wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai
kaping kalih saking wulan N Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem
dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur
dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal
niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional
ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan November tahun 2017

Pratelan iki minangka…


A. Salam Pambuka
B. Pambukaning Atur
C. Wigatining atur
D. Wasananing atur
E. Salam panutup

33. Atur panuwun lan nyuwun pangapura awit sakabehing kekurangan sajroning nindakake sesorah
kalebu pratelan….
A. Salam pambuka
B. Pambukaning atur
C. Surasaning atur
D. Wasananing atur
E. Salam panutup

34. sarate wong sesorah kaya kang ana ing ngisor iki, kajaba…
A. Duwe kawruh
B. Duwe kasanggupan
C. Duwe rasa wani
D. Duwe rasa clingus
E. Duwe daya nalar

35. sesorah kang gawe senenge wong sing padha ngrungokake, iku kelebu perangan tujuan sesorah
yaiku…

A. Menehi pengerten
B. Menehi sesorah
C. Menehi kawruh
D. Menehi katrangan
E. Menehi panglipur

36. sajroning sesorah sing awujud pangucaping tembung singwutuh lan cetha, iku diarani….

A. Dhiksi
B. Artikulasi
C. Intonasi
D. Ekspresi
E. Teks sesorah

37. Ing ngisor iki sing dudu sarate wong nindakake sesorah yaiku…

A. Nguwasai basa kang bener lan pener


B. Sikepe anteng ana sangarepe wong akeh
C. Sanggup medharake gagasan
D. Bisa nglaras manut swasana
E. Rongeh sugih guyu seneng mloka-mlaku

38. Basa kang prasaja iku mengku surasa…

A. Basa sing angel dimangerteni maknane


B. Manut paugeraning dhiri pribadi
C. Kang dakik-dakik
D. Kang ngayawara
E. Kang manut karepe dhewe

39. Sesorah iku nglairake kretege ati ana…

A. Sangarepe Ibu
B. Sangarepe Rama
C. Sangarepe kancane
D. Sangarepe wong akeh
E. Sangarepe wong sing ditresnani

40. mbenerake tembung-tembung sing ana sajroningnaskah sesorah iku diarani….

A. Ngoreksi sesorah
B. Naliti sesorah
C. Ngowahi sesorah
D. Nyunting sesorah
E. Ngganti sesorah

You might also like