You are on page 1of 5

Nama : .........................

Kelas : .........................

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA KABUPATEN BANTUL


KORWIL KECAMATAN BANGUNTAPAN
GUGUS 02 BANGUNTAPAN
PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS)
TAHUN PELAJARAN 2019/2020
KURIKULUM 2013

Muatan : Basa Jawa Hari/Tanggal : Kamis, 26 September 2019


Kelas : 4 (Empat) Waktu : 07.30 – 09.00 (90 menit)

Wacanen kanthi patitis!


KD 3.1
Museum Kereta Yogyakarta
Dina Setu murid-murid kelas IV nindakake kagiyatan widyawisata. Kagiyatan widyawisata
taun iki tumuju ing Museum Kereta Kraton Yogyakarta. Museum Kereta Kraton Yogyakarta
papane ana ing wewengkon Kraton Kasultanan Ngayogyakarta sisih kulon alun-alun lor.
Murid-murid kelas IV mlebu ing jero museum sinambi ngarap tugas kang diwenehi dening
Pak Guru. Tugase murid-murid yaiku nyatet jinising kreta kang ana ing jero museum. Saben kreta
diwenehi jeneng kang diwiwiti nganggo tembung Kyai utawa Kanjeng. Kreta kang ana ing
Museum Kreta Yogyakarta kayata Kreta Kanjeng Nyai Jimad, Kreta Mondro Juwolo, Kreta Kyai
Manik Retno, Kreta Kyai Jolodoro, Kreta Wimono Putro, Kreta Garudo Yeksa, lan Kreta Roto
Praloyo.
Pukul 11.00 WIB murid-murid wis padha rampung anggone nggarap tugas. Murid-murid lan
Pak Guru banjur bali tumuju sekolah numpak bis. Ing sekolah, Pak Guru menehi pitutur marang
murid-murid menawa Museum Kereta Yogyakarta kuwi salah sijining sejarah Kraton
Ngyogyakarta kang bisa dadi bukti prastawa wigati Kraton Ngayogyakarta lan kahanan teknologi
jaman dhisik.

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


1. Apa jenenge museum kang dituju murid-murid kelas IV?
2. Wayah jam piro murid-murid rampung nggarap tugas?
3. Apa srana transportasi kang digunaake Pak Guru lan murid-murid nalika bali ana sekolah?
4. Sebutna 3 jenenge kreta kang ana ing jero Museum Kereta Yogyakarta!
5. Apa pituture Pak Guru marang murid-murid sawise bali saka Museum Kereta Yogyakarta?

II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!
KD 3.1
1. Transportasi kang digeret jaran lan rodhane loro jenenge....
a. andhong
b. pedhati
c. delman
d. grobag

2. Piranti kanggo mbiyantu pagaweane manungsa diarani....


a. otomotif
b. téknologi
c. komunikasi
d. transportasi
3. Téknologi ing ngisor iki kang ramah lingkungan, yaiku....
a. bis
b. trek
c. becak
d. montor
4. Salah sijining gunane radhio, yaiku....
a. ngrungokake warta
b. nonton hiburan
c. lelungan
d. ngetik
5. Gambar ing ngisor iki klebu téknologi….

a. canggih
b. kondhang
c. modheren
d. tradisionil
6. Kagiyatan kang mujudake ngirit energi, yaiku....
a. lunga cedhak numpak montor
b. lampu dipateni yen arep turu
c. kran banyu ora dipateni
d. nonton tv tekan bengi
KD 3.4
7. ... reganipun tigan punika? Tembung pitakon kang cocok kanggo ngisi ceceg- ceceg, yaiku....
a. sinten
b. pinten
c. kados pundi
d. kenging menapa
8. Solah bawa kang becik nalika pamitan marang wong tuwa, yaiku....
a. sirahe ndungkluk
b. tangane metenteng
c. tangane ngapurancang
d. lambene prengas-prenges
9. Kang perlu digatékaké manawa mara dhayoh kaya ing ngisor iki kejaba....
a. wektuné
b. uluk salam
c. njaluk sangu
d. unggah-ungguh basa
10. Bapak nembé kondur saking sabin. Pitakon kang cocog karo wangsalan kuwi, yaiku....
a. kenging menapa bapak kondur saking sabin?
b. rikala menapa bapak kondur?
c. bapak kondur saking pundi?
d. bapak kondur kalih sinten?
11. Tumrap wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa....
a. rejeki
b. ombe
c. dhuwit
d. panganan
d. gojeg ing kelas
12. Kang kalebu tembang dolanan, yaiku....
a. lir-ilir
b. gambuh
c. kinanthi
d. ing stasiun balapan
13. Kagiyatan ing ngisor iki kang bisa nuwuhake karukunan, yaiku....
a. nggarap ulangan bareng
b. dolanan bebarengan
c. nglarani kancane
d. gojeg ing kelas
KD 3.5
14. Aksara da-ta-sa-wa-la tegesé....
a. ana utusan
b. padha pasulayan
c. padha digdayané
d. padha mati kabeh
15. Abdine Ajisaka jenengé....
a. Sembada lan Dewatacengkar
b. Dora lan Dewatacengkar
c. Nakula lan Sadewa
d. Dora lan Sembodo
16. d yaiku aksara....
a. la
b. ya
c. nga
d. dha
17. Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahé....
a. 26
b. 25
c. 22
d. 20
18. Tembung jala menawa di tulis nganggo aksara Jawa dadi....
a.
b.
c.
d.
19. mwcr aksara Jawa iku di waca....
a. mawa cara
b. kaca sanga
b. ana lawa
c. ana apa
20. Ukara ana kacamata yen di tulis nganggo aksara Jawa dadi....
a. bwrdlr
b. anlwlr
c. jnntbt
d. ankcmt
III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang bener!
KD 3.4
1. Dolanan bebarengan karo kanca bisa njalari urip....

2. Menawa matur karo wong tuwa beciké nganggo basa....

3. Tembung pitakon menapa digunakaké kanggo nakokaké....

4. Tumindakmu menawa disuguhi wédang nganggo cangkir lan lépék, yaiku....

5. Jinis tembang sing ditembangaké sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané diarani....

KD 3.5

6. lw aksara Jawa iku diwaca....

7. Urut-urutané aksara Jawa diarani....

8. ntbt aksara Jawa iku diwaca....

9. Ajisaka dhawuh marang abdine supaya....

10. Tembung dhara yén ditulis nganggo aksara Jawa dadi....

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !


KD 3.1
1. Tulisen 2 carané ngirit énérgi!
Jawab :
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………...

KD 3.4
2. Sebutna 2 kang klebu tembang dolanan!
Jawab :
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………...
3. Sebutna 2 kang kudu digateaké yén mara dhayoh!
Jawab :
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………...
KD 3.5
4. Tulisen aksara Jawa ing ngisor iki nganggo aksara Latin!
mcbsjw = ....................................................

5. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!


Ana gara gara = ......................................................

You might also like