You are on page 1of 10

1. Ing ngisor iki sing dudu titenane crita cekak yaiku……..

a.Isine padhet
b.critane ora dawa
c.ukarane ringkes
d.alure dawa lan nyritakake tokoe kanthi rinci
Answer:d
2. Kepriye dununge utawa jejering pengarang ing sajrone crita iku diarani…….
a.Alur
b.Amanat
c.Latar
d.sudut pandang
Answer:d
3. Budi pakerti kang kinandhut ing crita cekak kalebu unsur……..
a.Alur
b.amanat
c.Latar
d.sudut pandang
Answer:b
4. “Ngadeg neng teras omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake
sesawangan nalika srengenge meh angslup..........”
.........
(“Aku durung Kalah”, http://axsdv.multiply.com/journal/item/4/cerita cekak
bahasa jawa)
Sing dadi pakulinan paraga “aku” saben sore ing pethikan cerkak ing dhuwur
yaiku........
a.lungguh ana ing bok cedhak omah
b.ngadeg ana ing teras omah
c.mlaku-mlaku golek panganan
d.mrisani TV ana ing kamar
Answer:b
5. “Ngadeg neng teras omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake
sesawangan nalika srengenge meh angslup.......... Mengko sedhela mesthi
bakal keprungu swara mbrenginging saka dalanan neng komplek
perumahanku. Pak Wiryo, bakul puthu bumbung mikul dodolane, mlaku alon
saka kidul....”
(“Aku durung Kalah”, http://axsdv.multiply.com/journal/item/4/cerita cekak
bahasa jawa)
Sing ditunggun paraga “aku” sawise sawetara mulih saka kantor kang wis dadi
pakulinane......
a.kancane sing manggon sakampung
b.bakul puthu sing saben dina liwat ing ngarep omah
c.langganan sing saben bengi lan isuk kirim dhaharan
d.acara TV kang dadi kelangenane kanggo ngancani wayah bengi
Answer:b
6. Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing kari siji neng
tanganku. Aku nggumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo
basa alus. Kamangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku. Nalika
aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku
ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing
diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa
wae kuwi.
(“Aku Durung Kalah”, dening: A. Adi)
Piwulangan budi pakerti kang diandhut pethikan crita cekak ing ndhuwur yaiku…..
a.Kita kudu ngajeni wong sing pangkate luwih dhuwur.
b.Kita kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
c.Kita kudu nggunakake basa alus yen ngomong karo wong sing luwih sugih.
d.Yen ngomong karo wong kang luwih enom, kudune ora nganggo basa alus.
Answer:b
Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing kari siji neng
tanganku. Aku nggumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa
alus. Kamangka Pak Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku. Nalika aku
pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong
nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake
bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
(“Aku Durung Kalah”, dening: A. Adi)
Watake tokoh Pak Wiryo ing pethikan cerkak yaiku……
a.Rikuhan lan sarwa ora kepenekan.
b.Prasaja lan ngajeni marang wong liya.
c.Ora duwe tata karma ing pasrawungan.
d.Duweni rasa wedi marang wong kang luwih sugih, mula nganggo basa kang
alus.
Answer:b
Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake? Kuwi mung
tak batin wae. Kuwatir yen pak Wiryo mengko lara ati.
(“Aku Durung Kalah”, dening: A. Adi)
Budi pekerti sing dituduhake tokoh “aku” ing pethikan crita cekak ndhuwur
yaiku……..
a.Rasa kuwatir marang wong liya.
b.Ora percaya marang kandhane wong liya.
c.Aja gampang percaya marang apa kang dikandhakake wong liya.
d.Ati-ati anggone ngomong karo wong liya supaya ora gawe lara ati.
Answer:b
“Kula nuwun!” uluk salame nalika ana ngarep lawang. durung ana jawaban.
Dibaleni karo nothog lawang. Keprungu swara sandhal tumuju lawang. Kang uluk
salam mundur, nalika lawang arep dibukak saka njero.
“Punapa leres dalemipun Pak Pandaya?”
“Inggih leres.”
……..
(“Sawahe Mbah Maridjan”, dening: J.F.X. Hoery)
Latar papan pethikan crita cekak ndhuwur iku yaiku ing…..
a.Mburi omah
b.njero kamar
c.Ngarep lawang
d.warung makan
Answer:c
“Dititipake bank wae, kang. Luwih aman lan dijupuk sawayah-wayah kena,”
kandhane Yumini marang Pak Satir. “Saiki rak akeh maling apa rampok, kang. Yen
diseleh neng omah marai ora bisa turu. Akeh wong tumindak culika, apa maneh
jaman reformasi kang kebacut iki. Wong rumangsa bebas tanpa wates, tumindak
sawiyah-wiyah nyang sapadhane urip,” sambunge Yumini, sing sajake utege rada
encer. Ngerti kaanane jaman, senajan sekolahe mung tekan kelas loro SMP.
(“Sangu kanggo munggah Kaji”, dening: dawam)
Watake Yumini miturut pethikan crita cekak ing dhuwur yaiku……..
a.Serikan lan gampang nesu
b.Tresna banget marang duwit
c.Senengane tumindak culika
d.Ngerti kaanane jaman lan duwe pamikiran kang dawa
Answer:d
Suro Petik mancal becak alon-alon nyasak gang-gang cilik tumuju dalan gedhe.
Praenane katon sumringah, sajak ana kembang-kembang kang lagi mega ring
atine. Dheweke sajak kepengin mbutekake menawa kabegjan mono ora mung
duweke para kinurmat, kang rina wengi lungguh kursi pengaji. Senajan ing
donyane tukang becak kabeh mau uga ana. Katitik saiki Suro Petik bisa ngajak
bojone sesawangan lan owah gingsiring kaanan.
(Kapethik saka: Panjebar Semangat No. 18, 2 Mei 2009)
Pagaweane Suro Petik ing saben dinane yaiku…….
a.Wong tani
b.tukang becak
c.Dadi pejabat
d.tukang parker
Answer:b
Suro Petik mancal becak alon-alon nyasak gang-gang cilik tumuju dalan gedhe.
Praenane katon sumringah, sajak ana kembang-kembang kang lagi mega ring
atine. Dheweke sajak kepengin mbutekake menawa kabegjan mono ora mung
duweke para kinurmat, kang rina wengi lungguh kursi pengaji. Senajan ing
donyane tukang becak kabeh mau uga ana. Katitik saiki Suro Petik bisa ngajak
bojone sesawangan lan owah gingsiring kaanan.
(Kapethik saka: Panjebar Semangat No. 18, 2 Mei 2009)
Sing dadi latar panggonan jroning crita cekak ing dhuwur yaiku…….
a.Ing njero omah
b.ing tengah kutha
c.Ing tengah sawah
d.ing panggonan sepi
Answer:b
Aku dikongkon ibu mangan saiki.
Ukara ngoko lugu kasebut yen disalin ing basa karma alus dadi……..
a.Kula dikengken ibu nedha saniki
b.Kula didhawuhi ibu dhahar saniki
c.Kula dipunutus ibu maem saniki
d.Kula dipundhawuhi ibu nedha saniki
Answer:a
Kowe apa sida lunga menyang lamongan?
Ukara kasebut yen didadekake basa ngoko alus yaiku……..
a.Sampeyan apa sida kesah menyang Lamongan?
b.Panjenengan apa sida tindak menyang Lamongan?
c.Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Lamongan?
d.Panjenengan punapa siyos tindak dhateng lamongan?
Answer:b
Kowe dhek wingi apa sida lunga menyang Malang?
Ukara kasebut yen disalin ing basa ngoko alus dadi……..
a.Sampeyan dhek wingi apa sida lunga kesah menyang malang?
b.Sampeyan kala wingi punapa siyos kesah dhateng Malang?
c.Panjenengan dhek wingi apa sida tindak menyang Malang?
d.Panjenengan kala wingi punapa siyos tindak dhateng Malang?
Answer:c
Ukara iki sing bener pamilihe tembung yaiku.......
a.Buku punika badhe kula caosaken Bu Guru
b.Putra kula kalih estri sedaya
c.Menawi kepareng kula badhe kondur sapunika
d.Kula badhe ngastakaken oleh-oleh kanca
Answer:a
Ferdi : “Saka tindak ngendi, Dhik?”
Dona : “Saka daleme Pak Lurah.”
Pacelathon ing dhuwur nuduhake watak......
a.Ngajeni banget
b.Raket banget
c.Ngajeni
d.Raket isih ngajeni
Answer:b
Ukara ing ngisor iki sing nganggo basa ngoko alus yaiku.......
a.Pakdhe arep tindak menyang Jakarta
b.Budhe badhe tindak Malang
c.Aku arep lunga karo kancaku
d.Ndika napa ajeng wangsul?
Answer:d
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa ngoko andhap/alus yaiku........
a.Kula mboten tamtu kesah dhateng jakarta
b.Kula dereng ngerti panjenengan tindak rene
c.Panjenengan kula aturi pinarak ing griya kula
d.Yen wis rawuh, kana gek ndang maringi kabar
Answer:d
Jroning acara wawancara, wong sing dadi punjering pitakonan jenenge……
a.Tujuwan
b.pitakonan
c.Informasi
d.Narasumber
Answer:d
Nalika arep nindakake kegiyatan wawancara, becike netepake bab-bab kang wigati
kaya ing ngisor iki, kajaba…….
a.Netepake tujuwan wawancara
b.Netepake narasumber
c.Netepake dina lan papan kanggo wawancara
d.Ora prelu ndhapuk sawetara/dhaftar pitakonan
Answer:d
Nindakake wawancara kanthi sopan/andhap asor iku tegese…….
a.Nimpali pitakonan ora ana enteke
b.Nindakake wawancara kanthi akrab kaya karo kanca dhewe
c.Aja nganti nyinggung rasa pangrasane narasumber
d.Ngritik marang narasumber yen ora nganggo basa karma
Answer:c
Wawancara sing ditindakake dening para wartawan media cetak utawa elektronik
kalebu wawancara kanggo kapreluan………
a.Liputan pawarta
b.panaliten
c.Rekrutment pegawe
d.liputan infotaiment
Answer:a
Wawancara sing sawatara pitakon ora disusun utawa disiyapake luwih dhisik
diarani…….
a.Wawancara bebas
b.wawancara tinarbuka
c.Wawancara kapimpin
d.wawancara katutup
Answer:a
Wawanrembug sing sawatara pitakone wis disusun luwih dhisik diarani……..
a.Wawancara individual
b.wawancara bebas
c.Wawancara kelompok
d.wawancara kapimpin
Answer: d
Wawanrembug sing ditindakake dening sawijine pewawancara klawan sawijine
informan diarani…….
a.Wawancara individual
b.Wawancara kapimpin
c.Wawancara tinarbuka
d.Wawancara katutup
Sari : “Kadospundi, Pak, kaananipun indhustri film nasional ing wekdal
punika?”
Pak Cecep : “Indhustri film nasional wektu iki ana grengseng lan luwih
gumregah.”
Sari : “Punapa buktinipun utawi tandha-tandhanipun?”
Pak Cecep : “Tandha-tandhane bisa ditonton saka undhake prodhuksi film sing
lumayan akehe. Kepara sawetara film malah wiwit kuwagang nimbus pasar ekspor
najan isih winates ing laladan Asia, kayata Malaysia, India, Hongkong lan Cina.”
Prekara pokok kang dirembug ing dhialog ing dhuwur yaiku…..
a.Undhake prodhuksi film sing akeh
b.Film nasional kuwagang nimbus pasar ekspor
c.Kaanane indhustri film nasional ing wektu saiki
d.Indhustri film nasional ora kalah karo indhustri film mancanegara
Answer:d
Wartawan PS : “Pak Abdullah, kena apa website ing Pemkot kok dicap
mubadir?”
Pak Abdullah: “Wektu iku pirantine isih winates lan sedherhana banget, tur tenaga
sing ngoperasekake uga mung wong siji. Dadi pawarta-pawarta sing disuguhake
wis kedaluwarsa, akhire dening masarakat dicap mubadir.”
Miturut dhialog iku, website ing Pemkot di cap mubadir amarga……..
a.Ora duwe piranti
b.Ora duwe tenaga ahli
c.Ora duwe piranti lan tenaga kanggo ngoperasekake
d.Pirantine isih winates lan sedherhana sarta tenaga sing ngoperasekake mung siji
Answer:d
Risky : “Sugeng enjing, Pak?”
Ir. Wakidi : “Sugeng enjing, Nak Risky!”
Risky : “kadospundi kabaripun panjenengan, Pak?”
Ir. Wakidi : “Apik, Nak. Puji sokur diparingi bagas waras dening gusti Allah.”
Dhialog ing dhuwur iku perangane wawancara bagean……..
a.Pambuka
b.inti
c.Panutup
d.Isi
Answer:a
Sinonime tembung bayu yaiku......
a.Agni
b.surya
c.Angin
d.Kartika
Answer:c
Ing wayah wengi kartika abyor ana ing akasa. Tembung kartika sinonime.......
a.Rembulan
b.Tirta
c.Lintang
d.Samirana
Answer:a
Ing ngisor iki kang dudu kalebu sinonim tembung banyu yaiku..........
a.Warih
b.toya
c.Tirta
d.Wukir
Answer:d
Bu Endah ngasta ing SMP Negeri 2 Kraton. Tembung homonim ngasta ing ukara
kasebut tegese......
a.Nggawa
b.Murid
c.Mulang
d.Mbeta
Answer:c
“Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para
kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Ungu, lan Kleting
Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah ”
“Ana bungah, ana susah iku wis lumrah” , iki mawa purwakanthi........
a.guru swara
b.Guru sastra
c.guru basa
d.Guru lagu
Answer:a
Suwe ora jamu, jamu godhong waru
Suwe ora ketemu, temu pisan mobile baru
Iki migunakake purwakanthi.........
a.Guru swara lan guru basa
b.Guru swara lan guru swara
c.Guru sastra lan guru basa
d.Guru lagu lan guru basa
Answer:c
”Mangan tape, tapene pawehe budhe”.
Unen-unen ing dhuwur nganggo purwakanthi.......
a.Guru swara
b.Guru basa
c.Guru sastra
d.Guru gatra
Answer:b
“Sarung tenun, tenunan kutha Mediun”, iki mawa purwakanthi.......
a.Guru swara
b.Guru sastra
c.Guru basa
d.Guru swara lan basa
Answer:d
“Becik ketitik ala ketara”, iki mawa purwakanthi........
a.Guru swara
b.Guru sastra
c.Guru basa
d.Guru swara lan sastra
Answer:d
Gb. 1 Jinising iklan kang ana ing gambar sisih kiwa yaiku…….
a.iklan produk
b.iklan jasa
c.iklan layanan masyarakat
d.iklan barang
Answer:b
Gb. 2 Jinising iklan kang ana ing gambar iklan yaiku…….
a.iklan produk
b.iklan jasa
c.iklan layanan masyarakat
d.iklan barang
Answer:c
Gb. 2 Sing kudu digatekake tumrap gambar iklan yaiku…….
a.Yen ing mlaku kudu ing sisih kiwa
b.Menawa mangan apem karo dicampur dawet
c.Yen numpak montor kudu nggawe helm supaya slamet
d.Nggatekake operasi simpatik semeru 2014
Answer:c
Gb. 3 Iklan ing dhuwur isine nawakake......
a.Panggawean
b.Lembaga kursus hangtuah
c.Lapangan kerja maritim
d.Jasa komputer
Answer:b
Gb. 3 Sing dadi sasarane iklan ing dhuwur yaiku........
a.Kabeh masyarakat
b.Masyarakat sakiwa tengene jalan Brajagati
c.Masyarakat sing lagi lulus SMA
d.Bapak Suminto
Answer:c
Gb. 3 Dene sing ditawakake liwat iklan ing dhuwur yaiku kaya ing ngisor iki,
kajaba........
a.Kursus kemaritiman
b.Kursus pertukangan
c.Kursus baby sitter
d.Kursus masak
Answer:d
Gb. 4 Ukara aksara Jawa ing dhuwur unine.....
a.Hibu dawuh sinauwa sing sregep supaya bisa dadi wasis.
b.Ibu dhawuh sinaua sing sregep supaya bisa dadi wasis.
c.Ibu dhawuh, sinaua sing sregep supaya bisa dadi wasis.
d.Hibu dawuh, sinauwa sing sregep supaya bisa dadi wasis.
Answer:c
Gb. 5
a.Tuku jeli ing warunge Pak Somat, aja lali sing nomer keramat.
b.Tuku jeli lan tuku kopat, aja lali sing nomer papat.
c.Tuku klambi ing pasar Tembayat, ngati-ngati watuke kumat.
d.Tuku kwali kanggo nggodhog kopat, aja lali sing nomer papat.
Answer:d
Gb. 6
a.Yen Doyok sakit mesthi diombeni karol super pil.
b.Yen boyok sakit, ngunjuk wae karol super pil.
c.Yeni lan Doyok sakit tumbaske karol super pil.
d.Yen simbok sakit mesthi ngunjuk karol super pil.

You might also like