You are on page 1of 5

Maling Caluring dening Kelompok 4

Paraga :
Caluring (Adigang, kaku, kuat pangarepe, gontok wicarane): Fendy
Galuga Sakti (Prasaja, teges, andhap asor) : Wahyu
Bapa Guru (Sabar, wasis, wicaksana) : Wulan
Aguna (Ndhendheng, gupuhan, keminter) : Rezi
Simbok (Sabar, sumelangan, open) : Febila
Pak Lurah (Teges, abdi) : Adel
Bu Lurah (Crewet, sumelangan) : Azka
Ningsih (Lugu) : Via
Security (Prasaja, teges) : Nurul

Sinopsis :

Babag 1
Ing sawijining perguruan ana 2 wong, yaiku Bapa guru lan Maling caluring
Maling caluring : "Eee, aku kok ngeser nang arek wadon, areke ayu, kok nggarai aku
kesemsem, ya apa iki...., Apa tak doleki ae ya areke "
(Bapa guru teka)
Bapa guru : " Ana apa ngger, olehmu tapa durung kelakon sakabehe, tapi kon wis nang kene
nggunem-nggunem gak bener"
Maling caluring : " Nuwun sewu Bapa, napa ingkang sampeyan ngendika niku wau leres,
awit napa anggen kula tapa dereng ngrantos 40 dina sampun kula pungkasi"
B.guru : "Nyapo ngger ?"
Maling caluring : "Anggen kula tapa enten lare wadon, ayu rupane, kula rumangsa tresna,
tresna lair batin Bapa"
B.guru : "kon tak omongi ngger, arek wadon iku jenenge ningsih, putrne pak lurah, sak
temene arek wadon iku bisa gawe anggenmu ngudhi ilmu ing kene ora khusyu' tur uga ora
ajek tapane"
Maling caluring : "Menika leres Bapa"
B.guru : " Dadi ngene ngger anggene kon ngudhi ilu ing alam donya iki nganti kebimbang
kaliyan bandha, drajat, lan arek wadon, telu-telune bisa nglunturake kawibawane manungsa.
Kon kudu sing ngati-ati ngger, aja nganti ngunu"
Maling caluring : " Nuwun sewu Bapa, timbangane urip ing alam donya, yen kula mboten
saget urip bebarengan kaliyan ningsih, kula lila yen tekaning putih"
B.guru : "Caluring, teka semana anggenmu nglunturake kawibawan amarga tembung
kebimbang melbu ing atimu, Aja...aja ngger"
Maling caluring : " Nuwun pangestu Bapa, yen mengana, kula bakal tetep ing panemuku,
kula padosake ningsih"
(Galuga sing krungu omongane Baoa guru lan caluring, langsung metu lan ngomong)
Galuga : "Caluring", "salahe bapaku iki apa ?"
Maling caluring : " kon gak usah cawe-cawe nang perkara iki"
Galuga : " saksuwene aku manggon ing perguruan iki, kon iku enggal sak perguruan. Yen
pancen bisa sekarepe dhewe, aku ora nrima kahanan kaya ngene, minangka gantine Bapa, iki
Galuga sakti"
Maling caluring : " jaga omonganmu Galuga, lah kon njaluk geger karo aku, ayo golek
panggon sing jembar"
Galuga : "Tak turuti"
B.guru :"Aja Galuga (Suara sing gedhe medeni) yen kon nuruti omonge galuga, iku mesti
padha rugine"
Galuga :"kula mboten nrima Bapa, sampeyan iku guru kula, yen caluring kados niku sampun
mboten pantes meguru ing mriki"
B.guru :"wis, ora usah didawane. Rinio, madepa ning aku. Ing sajroning kaluwargamu bakal
ana prahara sing gedhe"
Galuga :"Prahara ?, Apa iku Bapa ?"
B.guru :"Ngene, saiki baliko nang omahmu, lan kandhanana adhimu uga si Mbokmu, supaya
jenenge adhimu iku maeng diganti, Yen ora kepingin kedadeyan prahara"
Galuga :"Ngestuake dawuh Bapa"

Babag 2
Galuga banjur mulih menyang omah, suwi ora mulih, nggarai rasa senng ana ing raine
si mbok
Galuga : "Mbok, mbok, anak sampeyan mulih iki mbok" (Celuk celuk ing ngarep omah)
Si mbok : "Galuga ta iku ? Lhoalah galuga anak ku sing gantheng dhewe, si mbok kangen le"
(Metu teka njero omah) (Suara bungah)
Galuga : "Inggih Mbok, kula uga kangen sampeyan, adhi ku aguna ning ngendi mbok ?"
Si mnok : "Adhimu ana ing pawon le, areke lagi mangan, tak celukna ya !"
Galuga : "Gak wis mbok, mengko ae "
Si mbok : "Kon saiki ya apa kabare le ? Apik apik ae ?”
Galuga : “apik apik ae mbok”
(Aguna sing wis mari mangan, arep.metu, mara krungu omongane si mbok lan galuga)
Aguna : “lho kang mas, kapan kon mulih ? kok aku gak diceluk ?”
Galuga : “gak apa dhi, aku mrene arep kandha kahanan sing penting”
Aguna : “apa iku kang mas, ayo ndang diomogake ing ngarep ku lan si mbok”
Simbok: “Iya, le. Blaka ae marang si mbok mu iki “
Galuga : “kula badhe ngandharaken napa ingkang sampun dipunandharaken Bapa Guru
marang kula “
Galuga : “Simbok, Bapa Guru niku sanjang menawi asmanipun Aguna kedah dipun gantos”
Aguna : “Apa kang mas? Kate ganti jeneng ku??? “
Galuga : “Iya adhiku “
Alguna : “Gak, Aku gak katene ganti jenengku ”
Si mbok : “Sik toh le. Aja kesusu muring dhisik, kang mas mu mesti nduwe alasan. Rungakna
jlentrehane kang mas mu dhisik”
Galuga : “Si mbok leres. Apa kang wis dak andharake pancen ana alasane”
Alguna : “Halah.. Alasan apa toh mas. Aja ngana-ana”
Galuga : “Gak dhi, apa sing tak omongna gak ngana-ana, bakal ana prahara nek jeneng mu
gak di ganti”
Alguna : “Halah aku gak percoyo nang ngunu iku, sampeyan iku sapa kok weruh apa sing
bakal dadi ning ngarepe”
Si mbok : “Wis ta le maburo wae nang kang mas mu, dheweke ngomong ngunu iku amarga
ana dasare iku bapa gurune”
Alguna : “Mboten si mbok kula mboten kersa menawi asmanipun kula di pun gantos, ya napa
ya napa kula mboten kersa”
Galuga: “Ya wis nek iku pancen dadi kaputusanmu. Nanging nek ana prahara-prahara apa ae
sing dumadi ning ngarepe, aku ora bakal cawe-cawe. Aku ngomong ngono amarga aku iki
minangka gantine bapak sing kudu ngeman-eman si mbok karo adhiku. Aku bakal mbalik
ning Padhepokan kanggo nutukake anggenku ngudi ilmu. Sing penting aku wis ngilingake
kowe. Yen balale ana apa apa, gawaen dhewe”
Si mbok : “Oalah le le, kok dadi kaya ngene kahanane”

Babag 3
Pak Lurah : “Ealah buk buk .bingung aku saya suwe desa iki kahanane saya akeh malinge
lan ora aman maneh”
Bu Lurah : “Oalah pak ya apa maneh,wong kahanane wis kaya ngene kudu ne di ati ati ae”
Pak Lurah : “lha wong wong iki pada sambat kabeh nek desa iki ora aman, sakjane iki ana
apa se buk buk”
Bu Lurah : “Wis pak ayo dunga ae marang gusti pengeran mugi mugi desa iki. Bisa aman lan
tentrem maneh lan luwih dijaga maneh keamanane. yawis iki wis bengi pak sesuk di
sambung maneh, wis ndang turu pak”
Pak lurah: “Inggih buk ,bapak ya wis ngantuk tapi ningsih iki nang ndi ya buk kok ora ketok
areke”
Bu lurah : “Ningsih rene nduk”
(ningsih metu saka )
Ningsih : “Inggih buk wonten napa ?”
Bu Lurah : “Kon wis mangan apa durung nduk”
Pak Lurah : “Ndang mangan dhisik nduk”
Ningsih : “Inggih pak buk sampun, niki wau nembe dhahar kok”
Bu lurah. : “Ya wis ayo pada turu dhisik iki ya wis bengi, age nduk ndang turu”
Ningsih : “Inggih buk”
(Bpk.lurah, bu lurah lan ningsih wis podho turu ning kamare)
Omah wis sepi, kabeh pada turu, mung security sing tangi
(Nang tengah wengi caluring melbu kamare ningsih, lan nyawang ranei ningsih)
Caluring : “Bocah iki kok yo ayune tenan toh yo yo, jiannn puantes tenan dadi bojoku”
(Gak kesuwen caluring nggunakake ilmu sirepe kanggo nyirep ningsih, lan ningsih uga di
gawa metu saka kamare)
Caluring : “aku bakal nggawa bocah iki”
(Ing wayah isuk bu lurah bingung pas nggugah ningsih ning kamare.....)
Bu lurah: “Pak, pakkkkk, nang ndi anakmu iki kok ora ana pak”
Pak lurah: “Ana apa se buk kok bengok bengok wae, ya ning kamare wong areke durung
tangi kok”
Bu lurah: “Rinio talah pak iki areke gak onok ning kamar”
Pak lurah : (melbu kamare ningsih) “loh loh nang ndi loh arek iku parane”
Bu lurah : “ya gak ngerti pak, wong aku takon sampeyan kok malah sampeyan takon aku,
jupri kongkonen mrene pak kok isok isoke anakku ilang iki”
Pak lurah: “priii jupriiii..... rinio “
Jupri : “inggih pak tris wonten napa”
Pak lurah: “iki ningsih kok gak ana nang kamare iki nang ndi pri, awakmu ngerti apa gak ?
wong awakmu seng jaga omah maeng bengi”
Bu lurah: “awakmu ya apa prii , mosok awakmu gak weruh ? wong awakmu sing njogo.”
Jupri : “lho, wau dalu mbak ningsih mboten medal lho pak tris bu tris wau enjing kula dereng
ketemu kalih mbak ningsih”
Pak lurah : “wis ngene ae awakmu gaweo wara-wara nek ningsih ilang saiki”
Jupri: “nggih pak triis”
(Sawise diprintah pak lurah jupri langsung mlayu ngabari warga)
(Salah siji warga ana sing ngeruhi yen aguna sliweran ning omahe pak lurah)
Jupri: “pak pak, wonten kabar menawi aguna wau dalu sliweran wonten dalem e njenengan”
Pak lurah: “lho iya ta, titenono wae lek pancen bener de e sing gawa anakku ningsih entek
temen arek iku. Wis ngene wae paranono aguna nek de e gak gelem mbalekno anakku kurang
saka 5 dina de e bakal tak ukum mati”
Babag 4
(Aguna nang omah, bingung kudu ya apa)
Aguna :

You might also like