You are on page 1of 9

BOCAH MEMEL

Kelompok : 1
Jenenge :
 Aril Jofan Pratama (02)
 Arya Putra Alfatha (03)
 Celia Ayudya Rahma (06)
 Dinar Aprilia Purboningrum (08)
 Fiona Evelyna Talitha (12)
 Lakeisha Kelly Alicia (14)
 Sholikha Nur Lathifa (28)

Bagean 1
Ing wayah sore, bojone pak Susilo nyapu teras omah karo nesu-nesu merga anake
wadon telu-telune padha kesed.
Ibu tiwi : piye iki duwe anak wedok padha males kabeh, dikon nyapu sak sek wae.
Pak Susilo : opo o toh buk, kok nesu-nesu bae kaet mang
Ibu Tiwi : iku loh pak bocah- bocah ora gelem ngewangi ngresiki omah!
Pak susilo : yowes bocah-bocah tak kandanane..
Bagean 2
Pak susilo : nduk mrene o!
Putri, patri : nggeh pak sakedhap... punapa pak?
Pak susilo : kok iso i loh dikongkon nyapu ambek ibuk padha ora gelem kabeh, ape
dadi opo kowe nduk-nduk
Putri, patri : ngapunten pak....
Pak susilo : yowes kabeh ngewang ana rijik-rijik omah kunu!

Bagean 3
Adzan isya keprungu yen putri lan patri langsung njupuk wudhu lan budhal menyang
langgar.
Putri : buk kulo pamit nggeh... assalamualaikum
Ibu tiwi : waalaikumsalam... ati-ati ya nduk
Putri, patri : nggeh buk
Ibu tiwi : (ndi se anak ku petri ora metu-metu, ndek kamar tok wae)
petri!! Ndang adus ndang wudhu banjur nyusul mbak yu mu sholat isya
Petri : sakedhap buk (duh ngkok ae lah wong aku sek penak hp an)
Ibu tiwi : yowes ndangan
Bagean 4
Pukul 23.30
Petri : huh opo o kok aku gatel-gatel iki ya. Yowes lah arep adus sek
Pukul 23.58
Petri bibar adus, lajeng ngangge urutan skincare ingkang piyambakipun gadhah.
Mboten kesupan kalih rambut ingkang piyambakipun rimat supados ketingal elok
Petri : nah.. ngene kan ayu?oiyo ojok lali nyisir
*Piyambakipun menyisir rambutipun lan bersenandung...... mboten lami lajen alon-
alon skincare ingkang wonten ing ajengipun kegeser
Petri : mmm.... HAHH (*kaget) eala mek skincare tok toh
Petri lajeng menyisir lan bersenandung. Mboten berselang lami, suwaten aneh
kedados wangsul.
Petri : suara opo seh iku kok medeni poll
Petri mireng suwanten hembusan nafas, lajeng piyambakipun nyobi ningal, lan
berbalik badane, lann...
Petri : suara opo iku! Sopo kowe?! Metuo kon lek wani kene hah huh
Kunti : hihihi... hmm pinjem dulu seratus age?
petri berteriak lan plajeng medal kamar
petri : ADUH! Eh ibukkk kula ajrih wonten setan ing kamar kula? Petri ajrih bukk
ibu tiwi : astagfirulla kok iso nduk? Mari lapo kowe? Ayo rene lungguh, tenang o
batin mu sek. Crita o nang ibuk
petri : kula kala wau bibar adus, nanging mboten ngertos kenging punapa ndadak
kula diganggu terus..
ibu tiwi : terus?bibar iku?
petri : nggih biasa buk,skinceran saha sisiran
ibu tiwi : walah?lapo kowe nyisir bengi bengi ngene nduk? Jelas gae ngundang
setan.
Petri : punopo buk?kok mboten saget nyisir bengi bengi?
Ibu tiwi : soale iku pamali nde aturan jawa.
Petri : nggeh buk pangapunten.
Ngenjing dintenipun,keluwargai pak susilo ngulemi setunggaling tiang ahli pengusir
setan.
Bambang : assalamualaikum, kula nuwun
Pak susilo : waalaikum salam nggeh pak bambang mangga mlebet
Bambang : dados papan kedadosan kala wingi dalu wonten ngriki nggih pak, yo wes
tengga wonten jawi rumiyin nggih pak supados kula medalaken rumiyin.
Bambang ngedalaken lajeng mbikak botol alit pengusir setan gadhahipun
piyambakipun lan maosaken mantra.
Kunti : AAHHH OPO IKI RASANE PUANAS AHHH
Bambang : pak puniki sampun kula masukkan dhateng lebeting botol puniki, menawi
kados puniku kula permisi rumiyin. Assalamualaikum
Pak susilo : oh nggeh matur suwun pak.. waalaikumsalam
Bagean 6
Pinten-pinten dinten lajeng, wonten dinten kemis.
Putri : opo iki teko klompok songo je
Putri : hah seng genah ae, ndek kongkon potong kuku
Putri : lakoni.. ora, lakoni.. ora, lakoni.. ora.. lakoni..
Putri : yowis lah wedi kenek tatib. Piye yo iki eman lek ndek potong sek apik-apik e
Putri : emm ngkok bengi ae wes potong e aku ya sek malesss

Bagean 7
Pukul 23.00
Putri : lah wes larut bengi ae iki, yowes deh tak rapikake buku
Putri : loh! Oiya rek waduh lali aku durung potong kuku. Lek mene ya ora sempet ta
iki
Putri : nandi seh iki potongane kuku opo ndek mbak patri ya? Yowes lah cuss
Putri : mbakkkk mbakkk, mbak patri wes turu a mbakk ee
Patri : opo o put cepet iki kowe ganggu aku turu lagi penak ngimpi i jaehyun ehmm
mang jaehyun gowo ali-ali, seblak... rawon aw manis banget deh
Putri : weh shut oy mbak! Ooo jehyun jehyun tok i? Aku arep nyeleh potong kuku
ana a?
Patri : menengo wes kon. Sek tak jupuk i,, huh ndang rono o, balek o ya ngkok
Putri : ciap mbak e
Bagean 8
*Putri wangsul dhateng kamaripun lan piyambakipun potong kuku sinambi bernyanyi
alit, sanadyan alit nanging semut saged mendengar ndadak wonten suwanten
bisikan ‘’putri...’’ putri kaget lan langsung sumerep saubenganipun.sesampuniun
mriksa *saubengan lan mboten wonten setunggal nggih tiyang , putri wangsul
nglajengaken memotong kuku. Malih lan malih putri angsal suwanten setunggaling
tiyang estri ingkang saweg nangis. Putri rumaos was was, badanipun wiwit gemetar
amargi raos ajerih. Suwanten pamuwun punika alon alon mengecil, lajeng ngical.
Kawonten wansul hening, putri wiwit rumaos sekedikhik tenang lan enggal
ngrampungaken kegiatan memotong kukunipun.
Putri : nah wes mari ki akhir e.. yowes lah tak rijik i kuku ku
Banjur dheweke njupuk sapu lan nyapu kuku kang ana ing tekel
Putri : walah kuku ku seng apik iki kudu ndek potong?
*Lajeng bibar nyapu putri ngraosaken pudhaki ingkang awrat lan piyambakipun
alonalon lahan tingal kepengker lan piyambakipun sumerep mboten wonten salah
setunggaling tiyang setunggala dibelakangipun
Putri : hah opo iku kok abot men seh. Aduh...
*piyambakipun nyukani sapu lan bergegas wangsul dhateng kamar, wonten
tengahing perjalanan mireng lampahan suku dibelakangipun tingal dhateng wingking
kalih badan derek lan piyambakipun wangsul nglajengaken lambahe tumuju Kamar
lajengipun wanci wonten ngajenging konten kajeng mbikak kamar ngraosaken hawa
asrep lan sabadan sakojoripun dipunbaki dening kringet asrep.
Putri : hoam.. nguantuk poll, maca doa sek
Putri : bissmillah hirrohmanirrohim bissmik...a
??? : putri.. putri...
Putri : sopo se, ojok garai aku ta mbak
Putri : bissmika allahumma ahya wabismika waamut..
??? : putri.. putri..
Putri : eh? Mbak... ojok garai a..
??? : putri.. mrene o putri.. bukaen lawang mu..
Putri : bukak kari bukak ae mbak-mbak
??? : njaluk tulung i
Putri : sopo kowe iki guduk mbak ku seng aku ngerti
??? : bukaen aku ndek ngarep lawang
Putri : aku ora ndelok rupa kowe!
??? : yowis,aku sing melbu....
*ndadak wonten lampahan suku ingkang saya nyaketi putri. Putri tingal
kesekelilingipun, lan mboten sumerap sesosok napa mawon.
Putri : ojok mede-medeni aku kon, aku ora kenal sopo awakmu!
??? : HIHIHIHI.... HUAAAAAAA
Putri : AKHHHHH
Putri mboten sadarkan dhiri runtung-runtung dumugi
Bagean 9
Enjingipun, putri sampun rumaos sadar lajeng tangi saking papan tilemipun
kasunyatanipun sedaya puniku namunga supena nanging ingkang piyambakipun
supena ndamelipun kesiangan kangge sekolah.
Pak susilo : ee ladalah bocah ki tangi e kawanen ya.. ndek alpa kon put!
Putri : yaa kados pundi pak.. kula telas ngimpi medeni pakkk........
Pak susilo : mimpi opo kowe nduk?
Putri : semalem kula supena diganggu setan pak.
Pak susilo : kok iso i o nduk,mari lapo kowe?
Putri : kala wingi kula potong kuku pas ndalu ndalu pak,soalipun wonten
pengumuman saking sekolah menawi wonten pamriksan kuku.
Pak susilo : peh ngunu iku kudu ne lek potong kuku ojok nunggu bengi-bengi ta nduk
Putri : punapa pak?
Pak susilo : soale ing ajaran jawa potong kuku bengi bengi iku pamali nduk
Putri : ohh kados puniku tah pak,pangapunten pak mboten ajeng kula lampahaken
malih.
Bagean 10
Ing sonten dinten, tabuh 05.20 patri ngajak putri lan petri kangge dolanan wonten
jawi.
Patri : woy put, pet ayo dolan jhentungan ndek ngarep
Putri : males aku sek an
Petri : laiyo iki ya ate maghrib
Patri : ayo a akui gabut poll ndilut ae loh
Putri : yowes lah ayo pet, temenan ndilut ya. Lek sue tak kobong pc card jehyun-
jehyun mu iku
Patri : duh kok galak-galak se medeniiii
Bagean 11
Patri, petri, putri : hom pim pa alayihum gambreng ala gedang goreng
Petri : yah kok aku se seng dadi iki, yowes tak itung tekan 20 ya
Putri : mbak singitan ndek sisiran kunu, aku sisiran kene. Oke
Patri : oke put
*piambakipun sedaya madosi papan persembunyian piyambak-piyambak, lan kala
petri bibar berhitung. Piyambakipun madosi dhateng sadayaning papan wonten
sawentawis latar griyanipun.
Petri : 19, 20! Hayoo nandi kon kabeh rek
Petri : mesti kon ndek kene hahaha ketok sikil e.
BAAAAA
Patri : peh lali ora tak tutupi sikil ku le hahaha
Petri : ayo golek i putri, angel golek i ne pro lek soal singitan arek iku
Patri : iya le, yuk golek
Piyambakipun sedaya lara bocah madosi putri dumugi kapireng suwanten maos
surah saking langgar lan piyambakipun sedaya wiwit rumaos kelelahan ngantos
nyerah
Patri : duh nandi se putri iki ora mbalek-mbalek, sikil ku wes loro
Petri : padha he, yowes lah mlebu omah sek ae wes ate maghrib
Patri : ayo
Bagean 12
Pak susilo : ndang adus kunu, siap-siap sembhayang maghrib
Patri, petri : nggeh pak
Ibu tiwi : pak sampeyan ngertos putri wonten pundi mboten?kala wau tembungipun
ajeng ngaos sareng kula.
Pak susilo : mboten ngertos buk,emangipun saking kala wau mboten wonten?
Ibu tiwi : mboten i pak,mesthi kala wau tumut dolan kalih sadherekipun
Pak susilo : lohh,kala wau ketingalipun mainipun namung kalih tiyang i
Pak susilo : nggih sampun,mangke taken mawon dhateng patri lan petri,kula ajeng
siap siap kesah dhateng masjid
Ibu tiwi : nggih,manah manah mangke
Bagean 13
Patri : buk kula ajeng pamit bidhal sembhayang
Ibu tiwi : oh yowes..
Ibu tiwi : oiyo nduk ngerti putri a, tak golek i genok
Patri : anu buk...
Ibu tiwi : opo o patri..
Petri : kala wau kula lan patri dolanan jhentungan, putri singitan mboten ngertos ing
pundi, wanci dipunpadosi piyambakipun mboten wonten kula lan patri sampun
keliling latar griya
Patri : nggeh... nanging kita dereng manggihaken buk
Ibu tiwi : OPO? Kok dadi arek ya bodok poll se, wes ate maghrib malah dolan
Patri, petri : pangapunten buk...
Pak susilo : opo o se buk bengok bengok lapo, onok opo hm?
Ibu tiwi : takok o dewe wes ambek bocah mu
Pak susilo : opo o he putri ilang ta?
Patri, petri : nggeh pak
Patri : kula lepat pak
Pak susilo : yowes ngene ae, bocah-bocah sembhayang sek, ngkok ndek rembag
maneh..
Pak susilo : uwes buk sabar, ngkok mari sembhayang kita bareng-bareng golek i
anak kesayangan mu
Ibu tiwi : yowes aku tak sembhayang sek, bay
Bagean 14
Piyambakipun sedaya bibar sembhayang, keluwargi kasebat madosi kawonten
sawentawis latar griya sang larenipun ingkang ical.
Pak susilo : buk yaopo iki ora nemu blas
*ibu tiwi ngedalaken eluh
Pak susilo : lololo emang e boleh se nangis iku?
*ibu tiwi nyubit
Pak susilo : A AA iya iya buk, wes ngene kita njalok tulung nang pak bambang. Sek
ya
*pak susilo nelpon pak bambang
Pak susilo : assalamualaikum pak bambang kula butuh sampeyan
Bambang : onok opo pak?
Pak susilo : anakku ilang pak, tak golek ora nemu-nemu
Bambang : ooo yowes-yowes meluncurrr
*pak susilo matek o telpon e, kabeh sak keluwargi lungguh ngenteni pak bambang
teko
Bambang : assalamualaikum, eh pak sapurane lek kesuen hehe
Pak susilo : oh mboten napa-napa pak mangga
*bambang mengeluarkan sebuah benda harum
Bambang : koyok e iki ancen putri sek ndek gowo ambek setan genderuwo
Patri, petri : HA? Ora mungkin pak
Bambang : temenan sumpah
Pak susilo : iyawes saiki mikir o yaopo cara ne supaya anakku iso metu
Bambang : paling abot iso, lek putri sampeyan iman e kuat
Ibu tiwi : yo mesti tah anakku alim kabeh
Bambang : karep buk
*bambang miwiti ngelakoni ritual, moro-moro
Genderuwo : HAHAHA onok opo kon nyeluk aku haa!
Bambang : w-weladah alon bos abab mu ketoro lek ora nyikat untu
Genderuwo : OPO JARE MU GOLEK PERKORO
Patri, petri : nanging ngenten dulu, ojok terburu-buru...
Ibu lan bapak : pfttt hahaha
Genderuwo : OJOK GARAI AKU NESU, AKU ISO MATEKNO ANAKMU IKU
HAHAHA
Pak susilo : ojokkk iya-iya saiki ndek endi putri ku
Genderuwo : lapo kon golek anak mu ha? Kon ae ora peduli ambek wektu anak mu
Ibu tiwi : wektu opo seng mbok maksut ha
Genderuwo : gawe takon
Patri : kembali o dulur ku
Petri : yaa ndang
Genderuwo : aku iso ae kembali o salah siji keluwargi mu, nanging onok syarat e
Bambang : opo iku syarat e tak turuti
Genderuwo : ora perlu repot-repot, aku cuman butuh awakmu iso ndidik
anakmu,supaya ora lancang.Guduk barang tumbal seng aku gelem!
Pak susilo : oke aku tak berusaha mendidik lebih tentang ilmu agama,lan ungguh
ungguh
Genderuwo : anakmu uwes sering ngelakoni hal pamali
Ibu tiwi : oh kula mboten ngertos selama iki
Petri : nyoto e setan luwih duwe adab ketimbang wong tua e hehe
Patri : hus kon ya sek mending dikek i panganan, kon lek genok panganan matek
kon
Petri : kan mek guyon wlek
Genderuwo : saiki,aku arep mbalekno anakmu, nanging tak elingno maneh kon
ngelaku i hal pamali. Aku ora segan-segan jupuk lan tak pangan anak mu!
Bambang :matur nuwun kowe setan bagus aku melok seneng
*genderuwo tiba-tiba menjatuh kan putri di depan keluarga itu
Ibu tiwi : alhamdulillah matur suwun ya Allah.... anakkuu
Patri, putri : ya Allah alhamdulillah dulur awak kembali!
Patri : aku ngeroso bersalah banget, sepuranono aku ya put...
*bambang ndeleh tasbih di tangan putri supaya bisa sadar dheweke saka alam
liyane
Putri : a-ah aduh... aku ndek endi iki? opo o mang peteng banget? Medeni,aku ga
iso ndelok opo opo
Ibu tiwi : nak ibuk ndek kene nak,alhamdulilah anakku....
Putri : ha? Ibuk? Hik hik
Putri : dulur ku?
Petri : awak kangen kon mbak
Patri : iyaa kon ojok ngilang maneh a emoh aku.. ngkok gaiso jail maneh
Putri : ora mbak santai ae aku onok ndek samping kalian
Genderuwo : ojok lali ambek kata-kata ku mang!
*genderuwo alon alon ngilang
Lan kulawarga kecil iku nangis bahagia.
END...s

You might also like