Professional Documents
Culture Documents
By : Kel 02
Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njebul saka turone Eman, si bocah mbeling
urunggelem tangi. Yo wis ngunu isine Eman sabendino.
Bu Inah : Le, tangi le!! wis padhang jingglang kok kowe sek mlungker ae.
Tarno : Percuma bu. Ora bakal dirungokake karo Cak Man.
Bu Inah : Gugahen kono. Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi
Tarno : Siap bu, Tapi….
Bu Inah : Lapo maneh??
Tarno : Ngkok kasure teles kabeh, paling yo cak man gak ngurusi.Wes tenang ae, aku duwe
cara dewe.
Tarno : (bengok-bengok nang kupinge Eman) ‘KOBONGAN-KOBONGAN.. Tulung…
tulung… tulung..
Eman : (gragapan) opo… opo.. kobongan??? (kaya kabeh diinteri)
Bu Inah : (ngaplok i eman) iki yo lapo se?
Eman : Lho bu ana kobongan, gak ngungsi ta? (jek bingung)
Bu Inah : Kowe iki ngelindur ta?
Tarno : Hahaha… haha… iyo aku. Tak bijuki koen. Salahe dewe gak tangi-tangi.
Eman : Ooo… arek cilik kurang ajar kowe iku.
Tarno : Babah se, anggite awakmu iku gak cilik ta?
Bu Inah : Halaah.. podo cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man,
Tarno : Sek talah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge
Bu Inah : Lhe… lhe… tak untal kowe lak enak (Eman mlayu).
Ora sue Bu RT mampir ing omah e Bu inah, amarga sek isuk wis krungu suara rame
– rame ing omah e.
Nang Pos Kamling ana eman sing lagi ngelamun, tarmin liwat langsung marani
eman.
Tarmin : Woi bro. lapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek kon.
Eman : Ngunu ta? Koncone dewe jare elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-mongno. Y
opodo eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake ibuku.
Tarmin : Berarti ibumu la’an sing elek.
Eman : Lho ya. Duduk aku lo y seng ngomong. (rodok bengok)
Tarmin : Ono opo se?
Eman : Aku dipekso karo pilihane ibuu.
Tarmin : Opo? Sing temen Man (kaget)
Eman : Iyo Min. aku yo rodo wedi karo ibuku.
Tarmin : Opo kowe wis siap? Ilengo kowe jek cilik.
Eman : Sakjane, iku yo sarane Bu RT.
Tarmin : Lho?? Astaghfirullahaladzim Man. Saknone kowe
Eman : Sek ta? Lapo kowe nyebat nyebut ae?
Tarmin : Kapan iku dilaksanakno?
Eman : Engkok sore.
Tarmin : Opo? Wes nggolek penghulu ta?
Eman : He? Lha lapo athek penghulu, anggite aku kate kawin aa?
Raden & Dika : (moro-moro teko) opo kawin?
Raden : Eman kate kawin
Raden & Dika : Hhahaha
Eman : Ojo ngawur ta kowe? Sopo sing kate kawin?
Tarmin : Lha iku maeng.
Eman : Maksutku, aku dikongkon ibuku melu pengajian Karepe ben aku tobat. Ngunu lho.
Arek-Arek : Owalah… Ngunu toh..
Raden & Dika : (ngguyu)
Eman : He.. ojo kurang ajar karo aku
Tarmin : Iyo. Ngejak geger ta?
Raden : Hem… (ngece) anggite aku wedi ?
Dika : Kecil kowe iku. (ngece)
(kabeh kate gelut)
Ndelok rame-rame ana ing pos kamling, Pak Haji langsung marsni.
Pak Haji : Astaghfirullahaladzim. !! Ancen bener jare Rhoma Irama. “Darah muda darahnya
Para remajaa”
Arek – Arek : Jeng jeng jeng
Pak Haji : Yang selalu merasa gagah, tak pernah mau mengalah a.. aa..
Arek - Arek : DARAH MUDA
Pak Haji : Ono opo maneh? Bendino kok geger ae.
Eman : iku lho Pak Haji, Raden karo Dika ngelok-ngelokne aku Yo gak trimo se?
Raden : Halah.. biasane kowe yo ngelokno aku ngunu
Dika : yo
Raden : Tapi sing tak omong lak bener se?
Dika : Yo
Raden : Salahe dewe mbeling
Dika : Yo
Raden : Ya yo ya yo ae
Pak Haji : Wes buyar. Mending nglakoni hal-hal sing positif. Ora kok gae gelut ae.
Sak wis e dina iku, gantian sandale Raden sing ilang nang latar e masjid.
(mulih saka masjid)
Pak Haji : Ngene ae wis, engkok mari magrib ayo di inceng sopo sing njupukan.
Bu RT : Iyo. Wes ta ?
Bu RT : Ndi ?
Bu Inah : Astaghfirullah le, lapo awakmu njupuk i sandal e wong – wong iku? Awakmu iku
nggarai isin ibu adakno. (jiwir kuping)
Eman : Lha jare Pak Haji tinggalen sing elek-elek jupuken sing apik . Yo sandal e sing apik
tak jupuk. Terus sandalku sing elek yo tak tinggal.
BUYAR HEHE!!