You are on page 1of 4

NASKAH DRAMA DURSASANA

KI Jambul Menthol muring nalika arep njenengi gedhong pentas. Sing genah
dheweke lagi kebrongot. Embuh rembug apa sing cengkah karo kupinge. Awan iku
kaya anan bledheg nyamber sirah, nyolomot jenggot.
Ki Jambul Menthol : ““Ancen cah-cah wingi sore iku dha ngelepeh nek ana wong tuwa
omong. Arep nantang apa? Dha kurang aja!” (Ki Jambul Menthol
karo kemporok)
Srengenge prasasa njerit. Udeg arep menehi jeneng gedhong anyar isih rame.
Kepara panas, Ki Jambul Menthol kaya didheseg-dhesegake. Mesthi wae, wong
dheweke paling senior. Mula yen usule ora digubris, ya nesu.
Ki Jambul Menthol : “Usulku, dijenengi Gedhong Bima wae. Njur, yen ngresmekake
mengko wayangan sawengi natas, njupuk lakon Bima Suci.” (Ki Jambul Menthol karo
nandhesake)
Pambudi : “Kula boten sarujuk. Pun kathah jeneng Gedhong Bima, Ki Jambul. Pundi-
pundi onten. Malah onten Gedhong Bima disewakaken kangge resepsi manten, kangge
badminton, futsal, lan basket. Sedaya mlenceng saking niyat sekawi.”
Ki Jambul Menthol : “Sing digugu ki wong tuwa. Senior. Wis akeh olehe mangan uyah.
Cah enom ki manut wae, ngertine apa?”
Pambudi : “Nggih pun ngonten Ki. Usul kula, gedhong disukani nama Dursasana
mawon.”
Ki Jambul Menthol : “Husssss……!aja edan kowe. Di, Pambudi!” (Ki Jambul mulai
abang kupinge)
Ki Jambul emoh ngalah. Dheweke pancen wong pinunjul, kena diarani sesepuh.
Pambudi : “Dursasana niku gagah, Ki. Bregas atine seneng. Yan teng nggen wayang
nika njoged-njoged lha rak sae. Njoged niku nggih atine suka rena. Tur lara enem
kathah sing remen, niki pawadan kula.”
Ki Jambul Menthol : “Kowe arep nanthang wong tuwa ya?” ( Ki Jambul karo
mentheleng, njur nggebrag meja)
Pambudi : “Wah, boten nganten, Ki. Niki rembagan. Boten tantang-tantangan kados
wayang.”
Ki Jambul Menthol : “Yen pengin nantang ayo, kasar alus aku wani. Dikandhani kok
ngeyel. Aku ngerti belang blonthengmu, dakbukak kabeh mengko.” ( karo mlintir
brengose)
Mak klakep. Rembungan tambah panas, umob. Ki Jambul kaya endhog
digodhog, tambah atos. Wusana dianake voting. Mung wae, Ki Jambul kalah suwara,
mula njur tanpa pamit, klepat lunga. Swasanane kaya alang-alang kobong panas
ngembuleng ora cetha bongkot pucuke kabeh nggegem mawa.
Pambudi : “Wah, rembungan kok njur ngetokake sungut. Emoh ngalah.” ( nyoba
ngeleremake swasana)
Priyayi Putri : “Hiyungallah, semu wedi yen nganti ana apa-apa salungane Ki Jambul
Menthol, bacute Pambudi.” (kambi nekem dhadhane)
Pancen ngono wong Jawa iku. Mung arep menehi jeneng gedhong wae udreg.
Kabeh duwe pawadan dhewe-dhewe. Kabeh duwe ancas pengin dha diregani utawa
jeng kacathet ing sejarah.
Mbak Widuri : “Ngandel ora. Mula dha masanga kupinng yen ana senior kandha iku.
Njur nyeklek ta, kaya pang garing.” (karo nggenahake)
Dheweke pancen pro banget karo Ki Jambul. Malah kepara sing tukang ngladeni
lan bisa maca ten-atene. Prasasat Mbak Widuri iku nyembah banget marang Ki Jambul.
Pambudi : “Ora usah digagas kanca-kanca, rembugan wis gambling. Demokratis. Ora
mung dha rubuh-rubuh gedhang. Mula sing kalah suwara kudune ya manut, or akene
mbuntut arit.” (sepisan Pambudi nrabul swarw, lan nggenahake supaya ora kedawa-
dawa)
Wusane gedhong tetep arep diresmekake kanthi jeneng Dursasana. Wiwit saiki,
rembuge Ki Jambul dianggep angin, dianggep ora ana. Wong sepuh iku kudune
gambuh kawruh, bisa ngemong sing enom. Ning nyatane isih puguh najan kalah.

Nama : Carissa Zayyanti A. P

Abesen : 08
Kelas : XI – IIS 1

Nama : M. Al Ihsan Ali

Abesen : 25
Kelas : XI – IIS 1

You might also like