You are on page 1of 2

AKU PENGEN DADI....

Ucup Robimawan, bocah sing sekolah ing SD Matahari kelas 4. Ucup duwe kanca akeh
ing sekolah lan ing omah. Uripe mung dolanan tok karo kanca-kancane, lan males belajar. Isuk
ing sekolah..
Bobo: “Cup! Tumbene awakmu melbu sekolah, biasane gak melbu sekolah”
Ucup: “Iyo! Ben iso njaluk sangu neng Ibukku hahaha”
Bobo: “Wooo ancene.. sakjane awakmu gak melbu sekolah i ana apa ta?
Ucup: “Yo biasa to.. PS-an karo kanca-kanca omahku!”
Bobo: “Oalah.. ati-ati lo yo, Pak Herman wes ngetiteni awakmu. Mending saiki awakmu kudu
sering melbu sekolah”
Ucup: “Yo gampang!”
Pas muleh sekolah Pak Herman petukan Ucup ing dalan
Pak Herman: “Ucuupp!!”
Ucup: “Loh Pak Herman!” Ucup bingung gak enek dalan gae kabur
Pak Herman: “Ojo kabur lee! Kene sek” Pak Herman ngampiri Ucup
Ucup: “Ana apa pak?”
Pak Herman: “Ana apa ana apa.. piye to lee.. saiki sering gak mlebu sekolah lapo?”
Ucup: “Emm.. anu pak..”
Pak Herman: “Bapak ibumu eruh gak lek awakmu gak melbu sekolah?”
Ucup: “Mboten pak”
Pak Herman: “Awakmu kate dadi opo lek senengane mbolosan le..”
Ucup: “Arep dadi anggota DPR aku pak!”
Pak Herman: “Opo iso awakmu dadi anggota DPR yen awakmu mbolosan ngene ki”
Ucup: “Yo iso pak! Anggota DPR kan saiki senengane mbolos rapat! Mbolos rapat tapi panggah
entuk gaji akeh ketimbang liyane hahaha. Penak to pak!”
Pak Herman: “Yaallah leeee!!”

Nama: Annisya Syifaul Q

Kelas: XII MIA 3

You might also like