You are on page 1of 10

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN
SMA NEGERI 1 SRENGAT

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Hari/Tanggal : / November 2019


Kelas/Program : XI/MIPA-IPS Waktu : 0.0-.00 WIB

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan a, b, c, d, utawa e


tumrap pratelan kang trep!

KD 1
1. Kang kalebu tata rakit batin teks geguritan, yaiku ...
a. Rasa (felling), amanat/ pesan, lan nada
b. Majas, swasana, lan lelewaning basa
c. Rima, lelewaning basa, lan swasana
d. Imaji, pamilihe tembung, lan amanat
e. Tipografi, nada, lan lelewaning basa

2. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati!


Tatag Teteg lan Tanggon
Dening: J. Bilawa
....
Putu wayah padha gatekna
Warok Gunaseco madegake watak perwira
Netepi kang dadi pangandika
...
Tetembungan Tatag Teteg lan Tanggon yen kadalu saka tata rakit fisik nggunakake
purwakanthi ...
a. Guru basa
b. Guru sastra
c. Guru wilangan
d. Guru lumaksita
e. Guru swara
3. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati!
...
prau layar kang angliyak ing ombak lumembak
iki prauku lan praumu kakang
layare ginelar saambane rasa kangen
lan pengkuh saking sisete tali katresnan
...
Apa kang dikarepake panggurit ing sajrone geguritan kasebut?
a. Menehi piweling yen tresna asih kudu disiseti tenan
b. Menehi piweling yen tresna asih kudu ditaleni jatu
c. Menehi piweling yen tresna asih kudu dipengkuh
d. Menehi piweling yen tresna asih kudu disiseti tali
e. Menehi piweling yen tresna asih kudu dijaga tenanan

4. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati!


...
yen aku miris nyawang ombak mawalikan
mbok ajak aku dolanan lintang-lintang
...
Opo kang dimaksud ing punggelan geguritan kasebut?
a. Yen wong wadon miris, wong lanang kudu ngejak dolanan lintang ing tawang
b. Yen aku bingung, kakang ngajak dolanan lintang ing tawang lan ombak ing laut
c. Yen padha-padha enek masalah, kudu diskusi ing panggonan kang kapenak
d. Yen wong wadon enek masalah, tugase wong lanang nuntun lan mbungahake
e. Yen urip bebrayan kudu sabar lan narima supaya urip tentrem kertaraharja

5. Maknane ukara ngranggeh impen aneng awang-awang ing geguritan AKU


LAN PANGUDIKU yaiku …
a. Nggayuh impen ing tawang
b. Njupuk bintang aneng langit
c. Mujudake cita-cita kang dhuwur
d. Mujudake impen ing langit
e. Mujudake impen ing sekolahan

6. Buron wana ing rangkah iki umbaren ngrenggani nusa


Tembung kang kacetak kandel kasebut tegese ...
a. Manggoni
b. Ngebaki
c. Ngrusak
d. Beburon
e. Ngendahi
7. Lelewaning basa kang digunakake ing ukara jago kluruk celuk-celuk
yaiku ...
a. Personifikasi
b. Metonimia
c. Hiperbola
d. Paradoks
e. Litotes

8. Yen maca geguritan kudu nggateake intonasi, intonasi yaiku …


a. Ekspresine geguritan
b. Munggah mudhune swara
c. Ndheg-ndhegane pocapan
d. Alon bantere geguritan
e. Endahe geguritan

9. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati!


...
ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang
mbulan ora werna abang mbranang
lintang-lintang ora gelem gumebyar
lan srengenge kaya ngece-ngece
...
Manut geguritan ing dhuwur, geneya nganggo tembung tawang lan mbranang …
a. Supaya tipografine katon endah lan nresepake
b. Supaya amanate gampang dipunmangerteni
c. Supaya imaji ing geguritan tansah nresepake
d. Supaya diksine katon endah lan nresepake
e. Supaya tema geguritan mathuk lan gathuk
10. Gatekna petikan geguritan ing ngisor iki!
BanjirBandhang
Dening: Sendhang Mulyana

Banjir bandhang
Kabeh kang dipantha-pantha
Lan digantha-gantha
Ilang katerjang
Jerit tangis ngiris ati
Apa iku bebendhu saka Gusti
Sebab manungsa wis padha ngawur
Lan nglalekake kitab suci
Alas ditebas tanpa welas
Gunung-gunung gundhul konal-kanul
Isin
Nggrantes
Nesu
Kang dikarepake banjir bandhang yaiku…
a. banjir amarga udane kang deres banget.
b. banjir amarga wadhuke kang dhadhal.
c. banjir gedhe nerjang apa wae kang diliwati.
d. banjir kang angel surute lan ngiyutake wong.
e. banjir kang ora nuwuhake korban manungsa.

11. Tanpa njaluk welas marang siwi. Tembung siwi tegese…


a. ibu
b. bapak
c. adhi
d. kakang
e. anak

12. Bapak nyambut gawe nganti adus kringet. Ukara kasebut kalebu gaya
basa…
a. hiperbola
b. pleonasme
c. repetisi
d. personifikasi
e. metafora
KD 2
13. Para warga nindakake upacara adat larung sesaji petik laut nduweni ancas

a. Raos rasa syukur marang nikmat saka Gusti Kang Maha Agung kang wus paring asil
mina
b. Raos rasa syukur marang nikmat saka Gusti Kang Maha Agung kang wus paring
keturunan
c. Raos rasa syukur marang nikmat saka Gusti Kang Maha Agung kang wus paring
keslametan
d. Raos rasa syukur marang nikmat saka Gusti Kang Maha Agung kang wus paring asil
bumi
e. Raos rasa syukur marang nikmat saka Gusti Kang Maha Agung kang wus paring asil
jodoh

14. Ing isor iki sing dudu kalebu urut-urutan ing upacara adat tingkeban yaiku

a. Menek andha tebu
b. Siraman
c. Brojolan
d. Salin rasukan
e. Nglebokake endhog

15. Sing dudu kalebu piranti ing upacara tedhak siti yaiku …
a. Rasukan sewek pitung macem
b. Jadah pitung werna
c. Kurungan pitik
d. Andha tebu
e. Beras kuning

16. Apa kang diarani upacara adat …


a. Upacara kang tujuane kanggo mengeti dina khusus
b. Upacara kang tujuane kanggo mengeti hari pahlawan
c. Upacara kanggo mengeti dina kamardikan
d. Upacara saben dina Senin dan Kemis
e. Upacara kang dianaake saben ganti taun anyar

17. Sing ora kalebu budaya daerah sing arupa upacara adat Jawa yaiku …
a. Tari Jaipong
b. Mitoni
c. Midodareni
d. Petik Laut
e. Grebeg Suro

18. Makna simbolik saka kurungan pitik ing upacara tedhak siti yaiku …
a. Supaya mbesuk bisa srawung kanthi ngugemui aturan
b. Supaya mbesuk ora seneng kluyuran
c. Supaya mbesuk dadi bocah kang ora nggladrah
d. Supaya mbesuk seneng kekancan
e. Supaya mbesuk yen mlaku tanpa alangan

19. Apa ancase diaanake upacara tedhak siti …


a. Kanggo ngenalake bayi marang lemah
b. Kanggo ngenalake bayi marang lingkungan
c. Kanggo ngenalake bayi marang kluwargane
d. Kanggo ngenalake bayi marang kanca-kancane
e. Kanggo nylameti bayi lan menehi jeneng

20. Apa sebabe tingkepan dipengeti nalika jabang bayi umur pitung sasi?
a. Amarga nalika jabang bayi umur 7 sasi wis nduweni raga sing sampurna
b. Amarga nalika jabang bayi umur 7 sasi wis disebulake ruh e
c. Amarga nalika jabang bayi umur 7 sasi wis bisa dioperasi sesar
d. Amarga nalika jabang bayi umur 7 sasi wis bisa diarani bayine wis tuwa
e. Amarga nalika jabang bayi umur 7 sasi wis ana denyut jantunge

21. Ing isor iki sing kalebu seni budaya Jawa yaiku …
a. Lenong
b. Ondel-ondel
c. Parodi
d. Opera
e. Ludruk

22. Upacara sing ana gegayutane karo alam yaiku …


a. Grebeg suro tedhak siti
b. Muludan Petik laut
c. Midodareni mitoni
d. Larung mitoni
e. Petik laut Grebeg suro

23. Upacara grebeg suro iku sawijining upacara adat kang gegayutan karo
babagan …
a. Perikanan
b. Kesenian
c. Kauripan
d. Kelautan
e. Hasil bumi
24. Adicara siraman ing upacara adat mitoni ditindakake nalikan ngandhut
kaping piro …
a. Pindho
b. Telu
c. Papat
d. Lima
e. Pisan

25. Ing isor iki kang dudu kalebu adat pahargyan yaiku …
a. Brokohan
b. Ngundhuh mantu
c. Tedhak siti
d. Midodareni
e. Ringgit purwa

26. Sing dudu kalebu piranti ing upacara tedhak siti yaiku …
a. Jadah pitung werna
b. Kurungan pitik
c. Andha tebu
d. Beras kuning
e. Rasukan sewek pitung macem

27. Kenduren kang minangka pahargyan mengeti wiyosane kanjeng Nabi


Muhammad SAW sing ditindakake kanthi cara mbeleh wedhus banjur dimasak becek utawa
gule diarani …
a. kenduren wetonan
b. kenduren sa’banan
c. kenduren ujar
d. kenduren selikuran
e. kenduren muludan

28. Ing upacara panggih, penganten sakloron nggawe godhong suruh sing
matemu rose kang dilinting diboboti jambe, ditaleni lawe putih, kang diarani…
a. bantalan
b. gantalan
c. kembar mayang
d. sindur
e. antiga

29. Tatacara ingkang nggadahi pasemon gegambaran ingkang jejeripun guru


laki punika, kedah rumaos anggadhahi wajib masrahaken asil guna kayanipun dhumateng
rabinipun (garwanipun) inggih punika…
a. srah-srahan
b. sinduran
c. midodareni
d. pupuk
e. kacar-kucur

KD 3
30. Ngandharake gagasan marang wong liya sarana micara sing wis kasusun
kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu diarani …
a. Pranatacara
b. Panyandra
c. Pamedar sabda
d. Paripurna
e. Pidhato/ sesorah

31. Ing ngisor iki kang ora kalebu ancase nindakake tanggap wacana yaiku …
a. Kanggo menehi kabar sing wigati
b. Kanggo menehi pitutur
c. Kanggo menehi motivasi
d. Kanggo paring sesuluh
e. Kanggo nyacad wong liya

32. Sumangga kula panjenengan sami ngaturaken raos puji syukur dhumateng
Gusti Ingkang Maha Agung ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sedaya.
Andharan ing dhuwur minangka perangan pidhato sing diarani …
a. Salam pambuka
b. Panyapa
c. Surasa basa
d. Panutup
e. Pambuka

33. Kula minangka pranata titilaksitaning adicara keparenga ngaturaken


menggah reracikaning adicara … ing siang menika.
Andharan ing dhuwur minangka perangan teks pewara sing diarani …
a. Salam pambuka
b. Surasa basa
c. Wusana
d. Pambuka
e. Wosing pranatacara

34. Pidhato kang isine kanggo ngarahake sawijining kegiyatan diarani …


a. Pidhato sambutan
b. Pidhato satu arah
c. Pidhato peresmian
d. Pidhato laporan
e. Pidhato pengarahan
35. Regeng lan rancak orane sawijining adicara saperangan gedhe dadi
tanggung jawabe…
a. panulis
b. sesepuh
c. punggawa
d. pamiyarsa
e. pranatacara

36. Struktur teks pewara kang runtut yaiku…


a. salam pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
b. salam pambuka, panyapa, pambuka, wosing pranatacara, panutup
c. salam pambuka, pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
d. salam pambuka, panyapa, pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
e. salam pambuka, pambuka, panyapa, wosing pranatacara, panutup, salam panutup

37. Sing kudu disingkiri dening pambiwara nalika nindakake pakaryan ing
papan pahargyan yaiku…
a. omong samadya
b. wicara kang tinata
c. ngomong sing prasaja
d. omong datan bisa disela
e. ngomong kanthi lila legawa

38. Nalika nindakake ayahan pinangka pambiwara, busana lan ngadi sarira
kudu…
a. sing penting nganggo klambi
b. diselarasake karo kahanan
c. merdhika saknduwene klambi
d. nganggo klambi sing bahane apik dhewe
e. nganggo klambi sing bahane larang dhewe

39. Mugi sedaya katentreman saha karahayon tansah hangayomi panjenengan


sami. Pethilan ukara kasebut kalebu peranganing pidhato kang manggon ing…
a. isi
b. salam pambuka
c. pangajeng-ajeng
d. wasana
e. purwakaning atur

40. Tata urutan pidhato sing bener yaiku …


a. Salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa, dudutan, pangarep-arep, wusana, salam
panutup
b. Salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa, pangarep-arep, dudutan, wusana, salam
panutup
c. Salam pambuka, panyapa, pambuka, pangarep-arep, surasa basa, dudutan, wusana, salam
panutup
d. Panyapa, salam pambuka, pambuka, pangarep-arep, surasa basa, dudutan, wusana, salam
panutup
e. Salam pambuka, panyapa, pambuka, surasa basa, pangarep-arep, dudutan, wusana, salam
panutup

41. “Aku saka omahe Bu RT menehi brekat,” yen diowahi dadi basa karma alus
yaiku…
a. kula saking griyanipun Bu RT nyaosaken brekat
b. kula saking griyanipun Bu RT maringi brekat
c. kula saking dalemipun Bu RT ngaturi brekat
d. kula saking dalemipun Bu RT nyaosi brekat
e. kula saking dalemipun Bu RT maringi brekat

You might also like