You are on page 1of 14

SOAL USBN BAHASA JAWA SMK

1. Artikel kang isine nerangake lan njlentrehake babagan tartamtu kanthi ancas menehi
tambahan ngelmu kanggo wong kang maca diarani....
a. eksposisi
b. narasi
c. argumentasi
d. persuasi
e. dheskripsi
ANS: A

2. Sajroning artikel kang mujudake perangan sing digunakake panulis minangka dadi
pancatan anggone nulis artikel diarani...
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. irah-irahan
e. dudutan
ANS: A

3. Sing ngisor iki sing kalebu unsur Intrinsik jroning crita wayang yaiku....
a. judhul, paraga, tema, isi, alur, watak, seting, amanat
b. tema, alur, paraga, amanat, lan basa
c. judhul, pambuka, isi, lan panutup
d. pambuka, tema, isi, amanat, alur lan seting
e. tema, alur, struktur, isi, seting, paraga, dudutan
ANS: B

4. Sing diarani nglerevansi crita wayang yaiku...


a. nganalisis crita wayang adhedhasar unsur intrinsik lan ekstrinsik
b. njumbuhake isine crita wayang karo panguripan ing bebrayan
c. ngandharake pitutur luhur lan piwulang kabecikan saka crita wayang
d. ngleluri lan nglestarekake wayang supaya tetep disenengi masyrakat
e. nulis crita wayang supaya crita wayang bisa tuwuh ngrembaka.
ANS: B

5. Yen diserat aksara latine yaiku....

a. kutha Surabaya
b. kutha Surakarta
c. kutha Samarinda
d. kutha Sumenep
e. kuta Surabaya
ANS: A
6. Wingi esuk Ibnu nangis. Yen ditulis ing aksara Jawa yaiku....

a.

b.

c.

d.

e.
ANS: C

7. Bapak khotbah ing masjid. Yen ditulis nggunakake aksara jawa yaiku....

a.

b.

c.

d.

e.
ANS: A

8. Aja nganti kebanjur


Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Miturut paugerane, tembang kasebut kalebu tembang macapat....
a. Pangkur
b. Pucung
c. Maskumambang
d. Gambuh
e. Kinanthi
ANS: D

9. Mingkar mingkuring ukara


Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut yaiku....
a. 8a, 10i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8a, 11i, 7u, 8a, 12u, 8a, 8a
d. 8a, 11i, 8u, 7a, 11u, 7a, 8i
e. 8a, 11i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i
ANS: B

10. Tembang pucung ing ngisor iki kang jlentrehake yen bocah wadon ora oleh dolan
bengi, yaiku....
a. Dadi bocah kudu sregep lan sinau
Ben ora rekasa
Sinaune ditenani
Yen wis sukses aja lali mring wong tuwa
b. Shalat iku kewajiban ingkang laku
Lekase ket fajar
Ibadah kang pancen wajib
Shalat iku cagake saka agama
c. Yen sinau aja karo tura turu
Atine sing bungah
Supaya ngelmune becik
Lakonana kanggo uripmu kang mulya
d. Murid iku wajib bekti lan mituhu
Pituturing dwija
Sabarang reh ngati-ati
Tata krama empan papan katindakno
e. Ana weling saka bapa kalih biyung
Aja seneng lunga
Jo meneh lungane wengi
Yen dilanggar cah ayu iku bebaya
ANS: E

11. Aja nangis anakku


Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis anakku
Upama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
Dakparani
Tema geguritan kasebut yaiku…..
a. Kangen
b. Nelangsa
c. Pasrah
d. Angen-angen
e. Susah
ANS: A

12. //upama Hongkong kuwi mung lor kali// wis wingi-wingi/ dakparani//
Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru….
a. Swara i
b. Sastra t
c. Basa/lumaksita kali
d. Swara um
e. Sastra g
ANS: A

13. Kangen
(Dening: Edi Winarno)
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis anakku
Upama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
Dakparani
Ing gurit kasebut panggurit dadi…..
a. Bapak
b. Ibu
c. Anak
d. Putu
e. Tangga
ANS : A

14. Tujuwan maca endah geguritan yaiku….


a. Nemokake struktur batin geguritan
b. Nemokake struktur batin tembang
c. Supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca
d. Bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan
e. Sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi,piweling lan kaendahan geguritan.
ANS: E

15. Kangen
(Dening: Edi Winarno)
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis anakku
Upama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
Dakparani
Isi saka geguritan kasebut yaiku…..
a. Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak.
b. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali.
c. Susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe
ing Hongkong.
d. Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambut gawe ing Hongkong.
e. Anak lagi kangen marang Bapak lan ibune kang nyambut gawe ing lor kali.
ANS: C

16. Nalika wanita sepisanan ngandhut antuk pitung sasi, dianakake upacara adat kang
diarani…
a. Sepasaran
b. Brokohan
c. Tingkeban
d. Siraman
e. Kekohan
ANS: C

17. Saben taun ditindakake kirab pusaka tinggalane para leluhur ing kutha Ponorogo lan
sakupenge. Cethane, kirab pusaka iku ditindakake ing sasi…
a. Syawal
b. Sura
c. Sapar
d. Besar
e. Sela
ANS: B

18. 1. Kacar - kucur


2. Ambalang gantal
3. Timbangan
4. Wiji dadi (midak endhog)
5. Sungkeman
6. Dulangan
Urut-urutane upacara panggih manten kang trep yaiku…
a. (1)-(2)-(4)-(5)-(3)-(6)
b. (1)-(3)-(4)-(6)-(5)-(2)
c. (2)-(4)-(3)-(1)-(6)-(5)
d. (3)-(5)-(4)-(6)-(2)-(1)
e. (5)-(2)-(3)-(1)-(4)-(6)
ANS: C

19. Panganten putri ngubengi panganten kakung ambal nganti ping telu nduweni teges….
a. Panganten putri kudu nrima ing pandum
b. Panganten sarimbit kudu paring panyengkuyung
c. Panganten putri kudu bisa njaga kabecikan panganten kakung
d. Panganten kakung nduweni kewajiban nyukupi kabutuhane panganten putri
e. Panganten sarimbit wis antuk idi palilahe Gusti Allah
ANS: C

20. Urut-urutan perangane struktur teks medhar sabda kang bener yaiku….
a. Salam pambuka- ancasing gati- purwaka- wasana- salam penutup
b. Salam pambuka- wasana- ancasing gati- salam panutup
c. Salam pambuka- purwaka- wasana- ancasing gati- salam panutup
d. Salam pambuka- purwaka- ancasing gati- wasana- salam panutup
e. Salam pambuka- purwaka- ancasing gati- wasana- salam panutup
ANS: D

21. Kula kinten sampun cekap punapa ingkang saged kula aturaken. Kula minangka titah
limrah, mbokmenawi wonten sumela atur kirang trep ing penggalih panjenengan
sami, saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Pada kasebut kuwi nuduhake minangka perangan saka struktur pidhato sing bageyan
ngendi?
a. Nyuwun donga pangestu
b. Atur panuwun
c. Gatining sedya
d. Uluk salam
e. Panutup
ANS : E

22. .................................. Kang Maha Kuwaos inggih punika Gusti ALLAH SWT.
Ukara iki sing cocog kanggo ngisi pada ing ndhuwur yaiku....
a. Kula kinten sampun cekap punapa ingkang saged kula aturaken
b. Saderengipun mangga kita sareng-sareng ngaturaken puja puji pudjyastuti
dhumateng ngarsanipun Gusti
c. Mugi kanthi wontenipun panyuluhan punika
d. Mangga kita ndedonga sesarengan
e. Pramila kita kedah sukur
ANS: B

23. Paijo:”Bud nggawa apa kowe?” (weruh Budi nggawa kerdus gedhe)
Budi: “ Nggawa buku Jo.”
Paijo: “ Takewangi nggawa buku, Bud!”
Budi: “ Wah matur nuwun banget hlo, yen diewangi. Mangga!”
Teks Drama kasebut nuduhake yen Paijo nduweni kapribadhen sing kepriye....
a. Seneng ngongkon
b. Seneng njaluk
c. Seneng nawa
d. Seneng nulung
e. Seneng kerja
ANS: D

24. Pak Nardi: ”Pak Sarno, kula mangke badhe ningali bal-balan, sampeyan napa
tumut?”
Pak Sarno: “ Tumut Pak.
Teks sing ditebeli ing ndhuwur nuduhake unggah-ungguh basa yaiku....
a. Krama Lugu
b. Krama Alus
c. Ngoko lugu
d. Ngoko alus
e. Ngoko
ANS: A
25. GAMBUH
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon.
Apa pesen moral sing bisa dijupuk saka tembang macapat ing ndhuwur....
a. Kudu tumindak sing becik
b. Aja nganti tumindak kebablasen
c. Tumindak apa wae kudu aja nganti keblablasen sarta anane pameling ing saben
tumindak
d. Tumindak sing ala yen sithik ora ngapa-ngapa
e. Luwih becik tumindak saperlune
ANS: C

26. "Pak, Panjenengan mangke punapa siyos tindak kaliyan Pakdhe?"


Ukara ing dhuwur iku nggunakake basa....
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Krama desa
ANS: D

27. Adhik ngombe es teh lan Ibu ngombe beras kencur.


Yen diowahi basa krama alus....
a. Adhik nginum es teh lan Ibu nginum beras kencur.
b. Adhik nginum es teh lan Ibu ngunjuk beras kencur.
c. Adhik ngunjuk es teh lan Ibu nginum beras kencur.
d. Adhik ngunjuk es teh lan Ibu ngunjuk beras kencur.
e. Adhik ngombe es teh lan Ibu nginum beras kencur.
ANS: B

28. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak
kala wau sampun …. wonten kantor.”
Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a. Maem, dhahar
b. Dhahar, maem
c. Dhahar, dhahar
d. Nedha, nedha
e. Nedha, dhahar
ANS: E

29. “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon,
janipun kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.”
Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ....
a. Mundhut, tumbas
b. Tumbas, tumbas
c. Mundhut, mundhut
d. Mundhut, tuku
e. Tumbas, mundhut
ANS: A

30. Mangga, panjenengan ....... rumiyin.


Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku....
a. Lungguh
b. Lingguh
c. Longgoh
d. Pinarak
e. Piranak
ANS: D

31. Ibu : Bapak wis dhahar?


Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku . . ..
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Ngoko lan krama
ANS: B

32. Basa kang digunakake kanggo cecaturan wong luhur durung nate tepung lan durung
akrab, nggunakake basa . . ..
a. Ngoko
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama inggil
e. Krama madya
ANS: C

33. DHAM JAGIR


Dening: John Guruh
Yusup iku sabenere mung njaluk kokakoni. Gak merga dhemen gawe susah
liyan, gawe gara-gara golek masalah. Dheweke pingin ndudohake, saorane awakmu
bakal nggoleki, wektu Yusup gak ana kahanan krasa sepi-sepa, ora ana swara maneh.
Iya, bocah lanang putih, rambut kaya gayane Dilan kuwi jenenge Yusup, anake bakul
Lonthong balap ing pasar Wonokromo, yen awakmu ngerti. Lonthong balap wis
kasuwur saka Surabaya, gak bisa diarani nate mampir Surabaya, yen rasane Lonthong
balap durung kokrasakake.
Lonthong balap Yusup, manggone sangarepe ruko klambi jejer tharik-tharik,
ing tendha sacedhake parkiran, ing kono papan dodolane Bapake Yusup, kang nduwe
rasa asli duweke wong Surabaya, dudu wong njaba. Padha dene wong tuwane kang
akeh omonge, jenenge Yusup seneng polah narik kawigatene wong liya, mung
bedane, Bapake kuwi pingin dagangane bisa payu, cepet entek lan mulih ngguya-
guyu. Dene si Yusup kang ora pinter itung-itungan matematika, jeleh sinau bab
humaniora, apa maneh maca tulisan baris kaya semut iku, luwih milih njarag kanca
konangan Guru, banjur diukum ngadeg cedhake lawang.
Saben wong nduwe pangapesan, bocah jeneng Yusup sing kerep njaragi wong
kuwi uga nduwe pangapesan. Gak ngertiya bocah pecingkrangan luntur, anyles atine
menyang sawijine wanita. Wiwit sepisan pethuk sepisan mlebu sekolah, ora ana liya
sing diajak kenalan ya wanita jenenge Sinwani iku.
.................................................................................
Sajrone cuplikan crita cekak kasebut migunakake alur apa?
a. Mundur
b. Maju
c. Campuran
d. Maju-mundur-maju
e. Mundur-maju-mundur
ANS: B

34. DHAM JAGIR


Dening: John Guruh
Yusup iku sabenere mung njaluk kokakoni. Gak merga dhemen gawe susah
liyan, gawe gara-gara golek masalah. Dheweke pingin ndudohake, saorane awakmu
bakal nggoleki, wektu Yusup gak ana kahanan krasa sepi-sepa, ora ana swara maneh.
Iya, bocah lanang putih, rambut kaya gayane Dilan kuwi jenenge Yusup, anake bakul
Lonthong balap ing pasar Wonokromo, yen awakmu ngerti. Lonthong balap wis
kasuwur saka Surabaya, gak bisa diarani nate mampir Surabaya, yen rasane Lonthong
balap durung kokrasakake.
Lonthong balap Yusup, manggone sangarepe ruko klambi jejer tharik-tharik,
ing tendha sacedhake parkiran, ing kono papan dodolane Bapake Yusup, kang nduwe
rasa asli duweke wong Surabaya, dudu wong njaba. Padha dene wong tuwane kang
akeh omonge, jenenge Yusup seneng polah narik kawigatene wong liya, mung
bedane, Bapake kuwi pingin dagangane bisa payu, cepet entek lan mulih ngguya-
guyu. Dene si Yusup kang ora pinter itung-itungan matematika, jeleh sinau bab
humaniora, apa maneh maca tulisan baris kaya semut iku, luwih milih njarag kanca
konangan Guru, banjur diukum ngadeg cedhake lawang.
Saben wong nduwe pangapesan, bocah jeneng Yusup sing kerep njaragi wong
kuwi uga nduwe pangapesan. Gak ngertiya bocah pecingkrangan luntur, anyles atine
menyang sawijine wanita. Wiwit sepisan pethuk sepisan mlebu sekolah, ora ana liya
sing diajak kenalan ya wanita jenenge Sinwani iku.
.................................................................................
Crita cekak kasebut migunakake Sudhut pandhang kapira?
a. Kelima
b. Ketelu
c. Keloro
d. Pertama
e. Kepapat
ANS: B

35. DHAM JAGIR


Dening: John Guruh
Yusup iku sabenere mung njaluk kokakoni. Gak merga dhemen gawe susah
liyan, gawe gara-gara golek masalah. Dheweke pingin ndudohake, saorane awakmu
bakal nggoleki, wektu Yusup gak ana kahanan krasa sepi-sepa, ora ana swara maneh.
Iya, bocah lanang putih, rambut kaya gayane Dilan kuwi jenenge Yusup, anake bakul
Lonthong balap ing pasar Wonokromo, yen awakmu ngerti. Lonthong balap wis
kasuwur saka Surabaya, gak bisa diarani nate mampir Surabaya, yen rasane Lonthong
balap durung kokrasakake.
Lonthong balap Yusup, manggone sangarepe ruko klambi jejer tharik-tharik,
ing tendha sacedhake parkiran, ing kono papan dodolane Bapake Yusup, kang nduwe
rasa asli duweke wong Surabaya, dudu wong njaba. Padha dene wong tuwane kang
akeh omonge, jenenge Yusup seneng polah narik kawigatene wong liya, mung
bedane, Bapake kuwi pingin dagangane bisa payu, cepet entek lan mulih ngguya-
guyu. Dene si Yusup kang ora pinter itung-itungan matematika, jeleh sinau bab
humaniora, apa maneh maca tulisan baris kaya semut iku, luwih milih njarag kanca
konangan Guru, banjur diukum ngadeg cedhake lawang.
Saben wong nduwe pangapesan, bocah jeneng Yusup sing kerep njaragi wong
kuwi uga nduwe pangapesan. Gak ngertiya bocah pecingkrangan luntur, anyles atine
menyang sawijine wanita. Wiwit sepisan pethuk sepisan mlebu sekolah, ora ana liya
sing diajak kenalan ya wanita jenenge Sinwani iku.
.................................................................................
Sapa paraga utama sajroning cerita cekak kasebut?
a. Yusup
b. Ibuke yusup
c. Sinwani
d. Bapake yusup
e. Pak Asslamet
ANS: A

36. Gatekna cuplikan crita cekak iki!


Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku
tinimbalan mlebu kamar priksan.
“Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh doktere.
“Pagi, silakan…. Besok pagi jadi operasi ya?, ini darah bagus, tidak perlu
transfuse, jantung juga bagus, ayo kita lihat di USG.” Doktere ndhawuhi bojoku
munggah kasur saperlu niti pirsa kahanane kandhungan.
Dumadakan raine dokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
“Lho kok tidak ada denyut jantung…..” Dheg mak jenggirat aku njumbul.
Kringet adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung lan pungkasane, “Bayinya meninggal
…..!”
Glaaarrr….. dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh
peteng ndhedhet…. lelimengan.
..............................................................................
Latar panggonan sajroning pratelan teks kasebut yaiku ……
a. Omah
b. Pasar
c. Rumah Sakit
d. Sekolah
e. Laboratorium
ANS C

37. Gatekna cuplikan crita cekak iki!


.........................................................
Nalika Rio liwat perempatan sing ana lampu bangjone, dheweke meneng wae ora bisa
mikir apa-apa. Amarga perkara mau dadekake sirahe nyut-nyutan.
"Thin...thin... thin..."
Uni bel mobil saka mburi ngagetake Rio, pranyata lampu bangjo wis dadi ijo. Banjur
Rio cepet-cepet ngegas montore supaya tekan omah. Tekan omah pager wesi ngarep
omahe isih tutupan rapet lan dheweke kaget amarga ana tulisan gedhe ing pager wesi
kasebut "RUMAH DISITA OLEH BANK". Sanalika Rio semaput, dheweke ora
perkara iku bisa dadi semene gedhene.
..............................................................
Saka cuplikan crita cekak kasebut, tembung apa wae sing kalebu tembung
camboran?
a. perempetan
b. nyut-nyutan
c. bangjo
d. cepet-cepet
e. sanalika semaput
ANS: C

38. Gatekna cuplikan crita cekak iki!


.........................................................
“Mengko wengi Mami arep kulakan dagangan menyang Bandung, Pap. Bisa
ora bisa Papi kudu njaga kiose. Eman yen tutup, mengko atusan ewu ilang. Pokoke
Papi kudu bisa ijin,” celathune bojone tambah seru.
Keprungu bojone kaya mangkono, Sugeng ora semaur banjur age-age nyetater
motor lan budhal menyang sekolahan. Durung ana seprapat jam, Sugeng wis teka.
Sugeng mlebu banjur lungguh leyeh-leyeh. Garapane sing wis tumpuk undhung
durung digarap babar pisan. Pikirane Sugeng judheg ngrasakake bojone sing
tumindake wani ngatur wong lanang.
Sugeng sejatine mangkel, ananging luwih becik meneng tinimbang gawe
padu. Sajroning ati, Sugeng nduwe pitakonan marang bojone. Sadurunge dadi sarwa
kacukupan kaya mangkene, anggone ngundang mas Sugeng. Wus beda kahanane,
Yanti luwih kerep ngundang Papi.
.............................................................
Pesan moral sing bisa kadudut sajroning teks cerkak ing dhuwur yaiku ….
a. Jenenge mbangun bale somah kudu bisa njumbuhake pamikiran
b. Dadi wong wadon kudu bisa dominasi sajroning bangun bale somah
c. Sakabehane perkara kudu dibubarne kanthi sareh
d. Urip ing donya kudu bisa tirakat
e. Alon-alon tumandhang gliyak-gliyak pakoleh
ANS: A

39. KUDIS (kurang disiplin), ASMA (asal mengisi absen), KRAM (kurang terampil).
Saka tuladhakasebut, kalebu teks anekdot apa iku?
a. anekdot lisan
b. anekdot teks
c. anekdot wicara
d. anekdot swara
e. anekdot lucu
ANS: A

40. Apa wae sing kalebu struktur teks anekdot?


a. Abstrak, orientasi, krisis, reaksi, koda
b. Abstrak, orientasi, krisis, reaksi, panutup
c. Abstrak, orientasi, klimaks, reaksi, koda
d. Abstrak, pambuka, krisis, reaksi, koda
e. Purwaka, orientasi, krisis, reaksi, koda
ANS: A
ESSAY!

41. Andharna bedane teks anekdhot karo teks lelucon biasa!

ANS :
Teks lelucon (kang awujud guyonan ), tujuwane mungkanggo aweh panglipur,
isine mung lelucon wae ora nggunakake paugeran, basane mung sakecandhake.
Teks Anekdhot tujuwane kanggo nyindir wong-wong sing penting (umpane
pejabat), isine awujud sindhiran nggunakake paugeran lan basa di gunakake
sopan.

42. Jlentrehna struktur teks drama !

ANS:
Orientasi, Komplikasi, Resolusi, Koda.

43. Gatekna wacan ing ngisor iki kanthi patitis!


Dono : “Rek, ayo cepetan! Gurune selak mlebu kelas!”
Reno : “Sik ta! Nglebokne buku!”
Dewi : “Kowe arep mencolot pager? Wis bel! Diabsen ora enek diceluk BK!”
Dono : “Hssst!!!! Aja rame-rame!”

Drama kasebut iku ditindakake ing ngendi? Andharna kanthi cetha!

ANS:
Ing kelas amarga Reno isih ewuh arep mencolot.

44. Gatekna wacan ing ngisor iki kanthi patitis!


Bejo : “Ayo buka ing masjid mburi swalayan!” Ajake Bejo marang Pardi.
Pardi : “Alhamdulillah weeeunak tenan. Sarwa gratis tis!”
Bejo : “Disyukuri wae. Ngono awakmu bisa nduwe cekelan nggo riyaya.”
Pardi : “Maturnuwun, Kang. Kowe pancen dulur tenan.”

Drama kasebut ngandharake tema apa?

ANS:
Tulung-tinulung

45. Gladhi kanggo Nggayuh Kekarepan


Dening : Amirul Nur W.
Ana ing salahsawijining dina Joko nakoke babagan sedyane kanca-
kancane melu ulangan basa Jawa kang bakal kalakon sesuk esuk. Banjur
Joko kepengin ngajak kanca-kancane gladhi. Saka ketelu kancane, kancane
Joko kang jenenge Sarno ora gelem gladhi bareng kancane lan luwih milih
dolanan Plestesen.
Joko : Sesuk esuk awake dhewe ana ulangan basa Jawa, kowe wis
sedya apa durung, Cah?
Rini : Jelas uwis lah... Aku wis gladhi saka wingi-wingi kanggo jaga-
jaga ngadhepi ulangan sesuk isuk kuwi
Linda : Aku uga wis gladhi kok. Ya..Muga wae soale gampang ben
bijiku isa oleh apik.Menawa kowe piye, No?
Sarno : Aku ora gladhi.
Joko : Kok ora gladhi No? Lha kowe nyapo wae neng ngomah?
DolananPlestesen mesthi?
Sarno : Iya Jok..Hahaha.Saben mbengi aku ngentekake wektu kanggo
dolanan Plestesen.Menawa urusan gladhi aku ora patia nggagas.
Rini : Wah..salah kowe, No! Mengko yen bijimu ala kepiye?
Sarno : Ya ra piye-piye. Yen aku isa ya tak garap, yen ora isa ya arep
kepiye meneh. Hehe
Linda : No, kowe kuwi ora oleh muni kaya ngono. Tugase murid ki ya
kudu gelem gladhi, lan gladhi kuwi dudu mung wayah awake
dhewe ana neng sekolahan wae, nanging pas wayah ana
ngomah awake dhewe ya kudu gladhi, luwih-luwih meneh yen
awake dhewe durung nguwasani wulangan kuwi.
.......................................................................................................
Temtokna amanat sing kinandhut sajroning teks drama kasebut?

ANS:
Yen dikandhani kancane iku aja mbantah. Sing becik digatekake sing ala
ditinggalake. (intinya)

You might also like