You are on page 1of 5

Wulangan 3 : Kawruh Kagunan Basa

1. DASANAMA
Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.
Tuladha:
anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga
angin : bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut.
ati : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
awak : angga, badan, salira, sarira, raga.
bapak : bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah
banyu : her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala
bodho : blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
bumi : bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma
buta : asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil
dalan : delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana
dewa : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara
gajah : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman
gawe : kardi, karya, karti, yasa
geni : agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
getih : ludira, marus, rah, rudira
gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir
ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
ireng : cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking
iwak : matsura, mina, ulam jaran : aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik
jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger kali : lepen, narmada
kaya : kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
keris : curiga, cudrik, katga, patrem
kethek : juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
kreta : rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana
kraton : dhatulaya, kedhaton, pura, puri
kuning : jenar, kapuranta, pita
lanang : jaler, jalu, kakung, priya
langit : akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang,
widik-widik, wiyati, wyat
lara : gerah, gering, roga, sakit
lintang : kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang
macan : sardula, sirna
manuk : kaga, kukila, paksi, peksi
mata : eksi, mripat, netra, paningal, soca
mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda
mayit : bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke
misuwur : kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang,
kongas, kontap
omah : graha, panti, wisma, yasa
padu : crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya
panah : astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra
pandita : ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara
peni : apik, becik, edi, endah
perang : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda
pinter : guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
ratu : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata,
raja, sri, sribupati
rembulan : badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan
sedih : dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
segara : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik
slamet : basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
srengenge: arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati,
pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
ula : sarpa, sawer, naga, taksaka
wadon : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri
weruh : anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih
wicara : catur, gunem, ucap, uni wong : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara

2. Kerata basa utawa jarwa dhosok


Kerata basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane,
utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
Tuladha:
anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur : ngembati (nindakake) pitutur
bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir : nyancang pikir
cengki : kencenging pikir
Desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
garwa : sigarane nyawa
gedhang : digedeng yen bar madhang
gelas : yen tugel ora kena dilas
gerang : segere wis arang-arang
guru : digugu lan ditiru
Januari : hujan sehari-hari
jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji : tekade mung siji kathok : diangkat mbaka sitok
kodhok : teka-teka ndhodhok
kutang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku tur njepiping
kupluk : kaku tur nyempluk
kursi : mungkur anggone ngisi
mantu : dieman-eman meksa metu
maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
piring : sepi yen miring
prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh : sebdane ampuh
semah : isen-isenne omah
sirah : isine rah (getih)
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso padha mampir
sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur : olehe nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : anteping kalbu
tuwa : ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata
wedang : ngawe-awe kadang
weteng : ruwet tur peteng

3. RURA BASA
Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.
Tuladha:
adang sega : sing bener adang beras supaya dadi sega
mangan awan : sing bener mangan sega ing wayah awan
mbunteli tempe :sing bener mbunteli dhele godhog kang wis dirageni
menek klapa : sing bener menek wit klapa
mikul dhawet : sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet
ndheplok gethuk :sing bener ndheplok tela supaya dadi gethuk
ndhudhuk sumur :sing bener ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur
ndondomi klambi :sing bener ndondomi bakal digawe klambi
nganam klasa :sing bener nganam pandhan/mendhong digawe klasa
ngethok gedhang :sing bener ngethok wit gendhang
nguleng sambel :sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel
nunggu manuk :sing bener nunggu pari supaya ora dipangan manuk
nyangking banyu :sing bener nyangking ember isi banyu

4. HOMONIM
Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese.
Tuladha :
asma tegese : a. jeneng, nama b. lara napas/mengi
beton tegese : a. isi nangka b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik
bledug tegese : a. anak gajah b. lebu sing katut angin
catur tegese : a. papat b. gunem, omong
enggal tegese : a. cepet, ndhang b. anyar
golek tegese : a. araning wayang kayu/ b. ngupadi, ngupaya boneka saka kayu
jumeneng tegese : a. ngadeg b. dadi, madeg
kala tegese : a. jaring b. nalika, ndhek, wektu, wayah
kalong tegese : a. suda b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa
kedalon tegese : a. kewengen b. kematengen tumprp woh-wohan
krama tegese : a. rabi, omah-omah b. aturan
labuh tegese : a. araning mangsa b. minggir/mandheg tumpraping prahu sawise ketiga dadi
rendheng
mundhut tegese : a. tuku b. njupuk
ngasta tegese : a. mulang / nyambut gawe b. nggawa
ngelih tegese : a. luwe, weteng kosong b. mindhah
ngukur tegese : a. ngilangi rasa gatel b. arep ngerti dawane utawa ambane nganggo kuku
sepet tegese : a. arane rasa b. kulit klapa
sekar tegese : a. tembang b. kembang
serat tegese : a. layang b. garis/ototing kayu
sura tegese : a. araning sasi jawa b. wani kendel
timur tegese : a. enom, muda b. wetan
wani tegese : a. ora wedi, gelem b. nantang
waja tegese : a. untu b. araning wesi
wayah tegese : a. putu b. wektu, mangsa
weling tegese : a. araning ula b. wekas

5. Homograf
Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese.
Tuladha :
meri tegese : a. anak bebek b. iri
geger tegese : a. awak sisih mburi b. Perang / kisruh rame
apel tegese : a. buah b. dolan neng kanca wadon
6. GLADHEN SOAL

I. Pilihen salah siji wangsulan kang koanggep bener, kanthi mbubuhi tandha ping (X) aksara a,
b, c, d utawa e ing lembar wangsulan kang cumawis!

1. Macapat kerep jarwa dhosoké minangka maca papat-papat, tegese yaiku...


a. awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda
b. awit dumadi saka patang gatra
c. awit dumadi saka patang guru lagu
d. awit guru gatra, guru lagu lan guru wilangane ora ajeg
e. awit paugerane tembang macapat ajeg

2. Tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha yaiku.....


a. kerata basa d. homonim
b. dasanama e. homograf
c. rurabasa

3. Nguleng sambel sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel. Ukara iku kalebu tuladha....
a. kerata basa d. homonim
b. dasanama e. homograf
c. rurabasa

4. Desember : gedhe-gedhene sumber. Ukara iku kalebu ukara....


a. kerata basa d. homonim
b. dasanama e. homograf
c. rurabasa

5. Tembung “sekar” tegese ana loro yaiku tembang lan kembang, menawa tembung “meri”
tegese uga ana loro yaiku …..
a. Medeni lan balung iwak d. anak bebek lan iri
b. Menggok lan kiri e. anak wedok lan risi
c. Mendung lan rina

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi premati!

1. Golekana dasanamane angin lan lemah !


Wangsulan: ____________________________________________________________
2. Gawea ukara nggunakake tembung rurabasa, 2 wae!
Wangsulan: ____________________________________________________________
3. Apa tegese tembung kerata basa lan wenehana tuladhane 3 wae!
Wangsulan: ____________________________________________________________
4. Apa tegese tembung Homonim lan homograf, wenehana tuladhane!
Wangsulan: ____________________________________________________________
5. Gawea ukara nggunakake tembung homonim lan homograf!
Wangsulan: ____________________________________________________________

You might also like