Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan (tulisan). Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika : Wicara : pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero. Wirama : minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama) Wirasa : ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa) Wiraga : ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai). Kidung Wengi (Hadi Pamungkas) Wengi wis lumingsir jero Cahyane sang candra katon surem Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina Kahanan katon tintrim Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi Jalma manungsa wus padha lerem ing pangimpen Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala Gumanti impen-impen kang endah mbuntel panjangka urip Mung kemrosake manuk codhot nrusuk ing pang-pang wit pelem ngluru woh-wohan nggo ngganjel weteng Sakwuse sawengi natas ngancani sepining bawana Swarane jago kluruk padha pamer swara Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka Cahya warna abang rampak-rampak Pratandha ngjak jalma miwiti makarya Ngobahake raga Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa Sakwuse madhep kiblat Ing tengahing pedhut manjing subuh Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Rat Nganggit (ngarang) geguritan Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku : 1.Tembung-tembunge pilihan lan mentes 2.Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes) 3.Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata : a.Tembung-tembung kawi b.Purwakanthi c.Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute 4.Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa : a.Ater-ater a b.Seselan in lan um c.Adhapur dwilingga lan dwipurwa Latihan Nulis Geguritan Geguritan iku wujud puisi Jawa modhern kang tembung-tembunge singkat, mentes, bisa nggunakake purwakanthi, nanging ora nganggo paugeran metrum kaya dene geguritan. Miturut Endraswara (2003: 224-229), amrih bisa nulis puisi/geguritan kanthi becik, bisa migunakake enem (6) laku minangka tuntunan mekarake kreativitas, yaiku : Nglatih tanggap sasmita, yaiku nglatih ‘kepekaan diri’ kang bisa katindakake kanthi seneng nggatekake kahanan sakiwa-tengene, seneng mbandhingake kahanan, lan sapiturute. Nangkep ilham, ilham ing kene bisa ditegesi cahya kang bisa Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun tembung-tembung sateruse. Satembung mau bisa didawakae kanthi menehi pitakonan apa, sapa, piye, kapan, lan ing papan ngendi. Kanthi mangkono satembng mau bisa nglairake embrio- embrio kang bisa ditulis sauger isih komprehensif, koheren, lan Terasan... Ngolah tembung, bisa katindakake kanthi nyusun tembung- tembung kang kawetu saka ilham mau. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau.Yen tembung- tembung mau karasa durung wangun lan durung pas, bisa diwenehi kagunan basa ‘the art of literature’ (purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lsp) Nyeleksi tembung bisa katindakake kanthi mikirke sapa kang bakal maca/konumen, kaya ngapa kang dibayangke, sabanjure bisa nngganti tembung-tembung kang kurang mathis mu sadurunge dibundhel utawa rampung. Kanthi mengkono, kaajab bisa tuwuh geguritan kang prasaja nanging mentes isine lan narik kawigaten dening pawongan kang maca.
Ett Förslag På Hur Man Kan Strukturera Läsningen Av Agamemnon Tragedier Är Mycket Anspråksfulla Litterära Verk Både På Grund Av Det Högstämda Språket Och de Mytologis