You are on page 1of 7

XII TKR/TKJ

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing
wangsulan kang kokanggep bener!
1. Perangane wara-wara sing nundhuke kalunggahane wong sing tanggung jawab tumrape
wara-wara iku diarani ….
a. Irah – irahan
b. Pambuka
c. Isi
d. Paprenah
e. Tandha tangan
2. Prayogane basa sajroning basa wara-wara iku kudu …..
a. Akeh basane kawi
b. Akeh basane manca
c. Gampang dimangerteni
d. Basa sing dakik-dakik
e. Basa sing endah
3. Wara – wara kang isine ngarep – arep tekane para tamu yaiku ……
a. Wara – wara paturan
b. Wara – wara iber – iber
c. Wara – wara sedhahan
d. Wara – wara pratelan
e. Wara – wara sayembara
4. Saben saukara sajroning parikan iku diarani ……
a. Rong gatra
b. Telung gatra
c. Patang gatra
d. Limang gatra
e. Enem gatra
5. Ukara kapisan sajroning parikan iku diarani ……
a. Purnama
b. Purwaka
c. Wose
d. Panutup
e. Isi
6. Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?

Panjeriting lintang wengi


Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a. lintang kang njerit d. langit kang kebak mendhung
b. swasana kang peteng e. ora katon srengenge
c. lintang kang abyor

7. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa yaiku …
a. kringet d. angin
b. getih e. geni
c. sirah
8. Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….
a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget

9. Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….


a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
10. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …
a. kluwarga d. pitutur kang becik
b. lingkungan e. panguripan
c. kabudayan
11. Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa
utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a. Tanggap wacana d. wara-wara
b. Kampanye e. sayembara
c. Atur-atur
12. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen
kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
13. Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
a. sapa kang medhar sabda
b. sepira bayarane
c. apa kang kawedhar
d. kepiye swasanane
e. kepiye tujuwane medhar sabda
14. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a. Pambuka
b. Panutup
c. Salam panutup
d. Surasa basa
e. Satata basa
15. Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan
kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf
………….
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
16. Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih
dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau
nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
17. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku
tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning
Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
18. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
yaiku ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
19. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku
….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
20. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
21. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
mingkar-mingkuring angkara
akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
kang tumrap nèng tanah Jawa
agama agêming aji
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
22. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing
ngriki pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane
layang kang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
23. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
24. Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …
a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan
b. mustaka, netra e. rikma, asta
c. palarapan, jangga
25. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
26. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake
yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
27. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju
papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
28. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana
ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
29. Ing ngisor iki kabeh kelebu punakawan, kejaba …..
a. Petruk
b. Mbilung
c. Bagong
d. Semar
e. Gareng
30. Tapa mbisu uga diarani ….
a. Ora mangan
b. Ora nyambut gawe
c. Ora adus
d. Ora omongan
e. Ora mlaku
31. Tutup sirah adat jawa jenenge…
a. Kupluk
b. Blangkon
c. Beskap
d. Baret
e. Pet
32. Jenise wayang sing digawe soko kulit diarani…
a. Wayang purwa
b. Wayang golek
c. Wayang suket
d. Wayang wong
e. Wayang kerdus
33. Pawarto sing biasane ngunakake bohoso jawa biso dirungoake ono ing…
a. Radio FM
b. Radio AM
c. PRSSNI
d. RRISurakarta
e. ORARI
34. Crito rakyat ugo diarani…
a. Mitos
b. Folklore
c. Legendha
d. Mistis
e. Ritmis
35. Pawarto iku disiyarake kanggo…
a. Masyarakat
b. Golongan
c. Pribadi
d. Wong penting
e. Wong cilik
36. Papan pariwisata ing kuto solo, kanggo dodolan klambi sing paling rame yoiku…
a. Pasar pengging
b. Pasar nusukan
c. Laweyan
d. Pasar klewer
e. Solo Grand Mall

37. Wisatawan saka negoro manca ugo diarani…


a. Wisatawan domestik
b. Turis asing
c. Pengusaha asing
d. Turis lokal
e. Pribumi

38. Bathik minangka warisan budaya indonesia, sawise oleh ketetepan saka .....
a. UNICEF d. ILO
b. UNESCO e. UNESTA
c. IMF
39. Sing dirembung guru wilangan sajroning tembang macapat yaiku cacahing ….

a. Aksara d. Ukara
b. Wanda e. Paragraf
c. Tembung

40. Sing diarani Guru lagu sajroning tembang macapat yaiku cacahing….

a. Aksara d. Ukara
b. Wanda e. Paragraf
c. Tembung

I. Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi jangkep!

1. Apa bab-bab kang digatekake nalika maca SESORAH!


2. Apa tugase anggota ing musyawarat iku?
3. Undha- usuking basa yaiku…….
4. Apa baba-bab kang kagayut kalian unggah –ungguh Basa!
5. a. Bapak lunga menyang solo golek klambi batik!(kramakne)
b. ibuku tuku lengo karo beras nang pasar numpak sepeda montor!(kramakne)
c. Simbah saiki mlebu rumah sakit amarga lara weteng !(kramakne)

You might also like