You are on page 1of 8

DINAS PENDIDIKAN KOTA MOJOKERTO

GUGUS 03 KECAMATAN MAGERSARI


ULANGAN AKHIR SEMESTER (UAS) GENAP
TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ……………….......………………


Hari/Tanggal : Kamis/ 16 Maret 2017 Nomor : ……………………………………
Kelas : VI (Enam) Nilai : ...................................................

Waktu : 09.00 – 10.30 WIB

1. Wacanen kang patitis !

Layune kancil merga diburu macan, kepangkalan kali kang kebak baya. Dasar
kancil sing cerdhik, rewa-rewa arep menei panganan baya-baya kang ana kali. Bareng
baya-bayapadha nungul ing ndhuwure banyu, kancil ethok-ethok ngitung baya, pranyata
baya-baya iku mung dienggo ancik-ancik kancil supaya bisa mlumpat kali ngendhani
pangepunge macan kang galak.
www.sekolahdasar.net
Kepriye carane Kancil uwal saka pangepunge Macan ?
a. Rewa-rewa menei pangan baya kanthi ngitung cacahe baya
b. Nipu daya macan
c. Rewa-rewa ngitung akehe cacah macan,banjur diapusi
d. Kancil ethok-ethok ngitung akehe cacah macan.
2. Wacanen geguritan kang patitis !

Yen wis tinitah wong agung


Aja sira nggunggung dhiri
Aja leket lan wong ala
Kang ala lakuni reki
Nora wurung ajak-ajak
Satemah anenulari
(www.sekolahdasar.net)
Amanat geguritan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Dadia wong kang ala lakune C. Ngajak wong nggunggung dhiri
B. Dadi wong aja sombong D. Yen wis tinitah wong agung
3. Panggonane para tamu katon edi ... .
A. endah B. resik C. peni D. edi
4. Ukara pitakon ing ngisor iki kang migunakake paugeran basa sing bener yaiku ...
A. Sapa sing wisata ing Gunung penanggungan ?
B. sapa sing wisata ing gunung Penanggungan ?
C. Sapa sing wisata ing gunung penanggungan ?
D. Sapa sing wisata ing Gunung Penanggungan ?
5. Yu Sarti tuku sega jagung.
Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo Aksara Jawa sing bener yaiku ... .
A. yus/titukuse[gojgu= C. yusu/titukusegjgu=
B. yus/titukusegjgu= D. yus/titukusegj[g=o
6. Bapak pucung
Dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ngon-ingone sang bupati
Prapteng marga
Si pucung lembehan grana
Bedhekan sing bener kanggo tembang pucung ing ndhuwur yaiku ... .
A. Gunung B. patih sing gedhe C. gajah D. raseksa
7. 1. Pasang tali goci
2. nyisiki pring
3. ngelem kertas/plastic
4. masang bolah
Urutan carane gawe layangan sing bener yaiku … .
A. 1-2-3-4 B. 2-4-3-1 C. 2-3-4-1 D. 3-4-1-2
8. Pangkur
Mingkar-mingkur ing angkara
Akarana karanan margi siwi
Sinawung resminung kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima yaiku … .
A. 8 a B. 11 i C. 12 u D.7 a
9. Wacanen kang patitis !
Resi Bhisma Mbukak Pangapesane
Perang Bharatayuda wis kelakon tenan.Ing Ara-ara Kurusetra iku Pandhawa
perang tandhing lawan Korawa.Paprangan wis lumaku ana pirang-pirang dina.Wis akeh
prajurit mati ing palagan dadi korban paprangan.Luwih-luwih saka wadya balane
Korawa,pepati prasasat ora kena diwilang.
Latar panggonan crita ing ndhuwur yaiku... .
A. Perang Bharatayuda C. Ara-ara Kurusetra
B. Pirang-pirang dina D. Akeh prajurit mati
10.

Ukara ing ndhuwur yen ditulis nganggo ukara latin sing bener yaiku ... .
A. Bakri belajar sepedha C. Bapak ngajar supadhi
B. Basri belajar sepeda D. Basri belajar sepedha
11. Amarga ora kenek dikandhani uripe Sudira sara malah ... wong tuwane.
Tembung entar sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yakuwi ... .
A. Dadi gawe B. dadi ati C. dadi mangkel D. dadi guyon
12. Reyes karo Ratno ora sadulur ,nanging kekancanane cocok banget kaya ... .
Tembung pepindhan sing cocok kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ... .
A. Langit karo bumi C. tumbu oleh tutup
B. Kucing lan asu D. banyu karo lenga
13. Mas Dion ndandani sepedha ing ngarep omah
Ukara ing ndhuwur yen didadekake ukara tanggap sing bener yaiku ... .
A. Ing ngarep omah Mas Dion ndandani sepedha
B. Mas Dion ing ngarep omah ndandani sepedha
C. Sepedha didandani Mas Dion ing ngarep omah
D. Mas Dion ndandani sepedha ing ngarep omah
14. Wacanen geguritan ing ngisor iki !
Geguritan
Dina Minggu aku sakanca
Padha saiyeg saeka praya
Nggawa pacul, ekrak lan sapu sada
Anyengkuyung para warga
Tuwa, enom, jaler lan estri
Kabeh warga padha kerja bakti
Kreteg rusak den dandani
Gatong-royong saeka kapti
Sing dadi latar wayah geguritan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Tuwo enom B. Dino Minggu C. kreteg rusak D. kabeh warga
15. Wacanen crita ing ngisor iki !
Ing sawijining kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine.
Dheweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun
sedo. Ing griya kasebut dheweke terus didhawuhi makaryo mberesi gawean kang
wonten ing griya. Dheweke saben dina didukani lan di paringi mangan nanging kaping
pisan saben dinane.
Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali Cinderella. Cinderella kang artine
bocah wadon kang reget. Asma iku pancen pantes kanggo kowe! ngendika kakang-
kakange.
(Kejar Pintar.Net | http://kejarpintarnet.blogspot.com)
Sing dadi tokoh utama crita ing ndhuwur yaiku ... .
A. Bocah wadon B. Cinderella C. biyung D. kakang-kakange
16. Watak tokoh utama ing crita ndhuwur yaiku ... .
A. Angkara murka B. Urip mulya C. andhap asor D. bisa merjaya
17. Sang bagaskara wis ... ana sisih wetan pratandha esuk .
Tembung kang migunakake seselan um sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur
yaiku ...
A. Sumrambah B. Suminar C. nyinar D. padhan
18. 1. Ana macan galak ngamuk
2. Pak lurah nggerakake wong supaya mikut macan kang lagi ngamuk.
3. Macan bisa kapikut njur dilebokake krangkeng.
4. Pengamuke macan gawe gegere wong sadesa. (www.sekolahdasar.net)
Yen didadekake crita sing apik,ukara-ukara ing ndhuwur bisa diurutake miturut nomer ... .
A. 1-4-2-3 B. 2-3-4-1 C .1-4-3-2 D. 2-4-3-1
19. Pak Sardi :”Apa kamarmu wis kok sapu Ran ?”
Rani :”... Pak.”
Pak Sardi :”oh iya,tibake wis resik !”
Tembung sing migunakake basa krama alus kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur
yaiku ... .
A. Dereng B. Sampun C. durung D. wis
20. Ukara-ukara pitakon ing ngisor iki kang cocok kanggo wawancarai tokoh pendidikan
yaiku ... .
A. Punapa panjenengan remen kula aturi pitakon menika ?
B. Kados pundi kemajuanipun pendidikan Indonesia ?
C. Panjenengan kagunan putra pinten ?
D. Wiwit punapa panjenengan dados narasumber pendidikan ?
21. Bocah kuwi ora nduwe ... marang wong tuwo,tingkahe ora sopan.
Tembung saroja sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ... .
A. Unggah-ungguh B. Tata tentrem C. tata krama D. tutur tinular
22. Wacanen kang patitis !
...
Dina Minggu iki pendhudhuk Desa Juwet padha kumpul ing bale desa,saperlu arep
gotong-royong ngedegake lumbung desa.Panggonane sing dienggo ngedegake lumbung
desa pancen cedhak karo bale desa,yaiku kapener kulone.Sing padha kumpul arep
ngedegake lumbung desa kuwi wong-wong sing makili keluwargane,kabeh katon seneng.
Irah-irahan sing trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Pendhudhuk Desa Juwet C. Lumbung Desa
B. Gotong-Royong Ngedegake Lumbung Desa D. Gotong-Royong Mbangun Bale
Desa
23. Simpulan isi wacan ing ndhuwur sing bener yaiku ... .
A. Pendhudhuk Desa Juwet gotong-royong mbangun lumbung desa.
B. Pendhudhuk Desa Juwet dina minggu padha kumpul ing bale desa
C. Saben keluarga makili gotong-royong mbangun bale desa
D. Lumbung desa dibangun cedhak karo bale desa
24. Wacanen Geguritan iki kanthi teliti !

Aja Sumelang
Aja sumelang dadi siswa
Angger kowe bisa makarya
Sinau kudu sing kulina
Males mlincur adohana
Bosen,isin ilangana
Bakal pikantuk nugraha
Isi sing trep karo geguritan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Dadi siswa kudu sregep mlincur C. Yen bosen sinau bakal pikantuk nugraha
B. Dadi murid kuwi kudu sregep sinau D. Sregep sinau siswa dadi sumelang
25. Ukara sing digaris ing geguritan ndhuwur tegese ... .
A. Dadi murid iku gak perlu kuwatir C. Dadi siswa oleh sumelang
B. Dadi murid kudu sregep sinau D. Aja gelem rekasa dadi siswa
26. Pancen Ryan iku kaya ... wis ngerti ana bebaya malah diparani akibate sara dewe.
Paribasan sing cocok kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ... .
A. Baya marani Macan C. Kutuk marani sunduk
B. Kebo kabotan sungu D. Cebo nggayuh lintang
27. Adit sinau Basa Jawa ing kamar.
Sing dadi wasesane ukara ing ndhuwur yaiku ... .
A. Adit B. Basa Jawa C. sinau D. ing kamar
28. Wau enjing Simbah mundhut koran.
Tembung kang digaris ana ukara ing ndhuwur yen ditulis Aksara Jawa dadi ... .

A. simBh C. semBh

B. sumBh D. smPh

29. Ibu dhawuh yen aku kudu mbantu bapak.


Ukara ndhuwur yen didadekake ukara kandha sing bener yaiku ... .
A. Ibu dhawuh,”kowe kudu mbantu Bapak !”
B. Ibu ndhawuhi aku supaya mbantu Bapak.
C. Ibu dhawuh,”Aku kudu mbantu Bapak!”
D. Ibu dhawuh supaya aku kudu mbantu Bapak.
30. Ukara-ukara ing ngisor kang migunakake Basa Krama sing trep yaiku ... .
A. Aku sare wonten kamar ngajeng C. Bapak nembe maos koran
B. Ibu ngombe jampi beras kencur D. Simbah mangan sekol gandum
31. Dhayohe disuguhi opak angin disuguhi apa-apa.
Batangane cangkriman tembung sing digaris yaiku… .
A. disuguhi angin C. disuguhi opak biasa
B. disuguhi opak tela D. ora disuguhi apa-apa
32. Awan-awan aja keluyuran
Ana Pak Mantri numpak sekuter
Kapan-kapan aku keturutan
Duwe kanca ... .
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi parikan ing ndhuwur yaiku ... .
A. Rada keblinger C. sinaune pinter
B. Playune banter D.ora patek pinter
33. Parno bocah keset ados kulite nganti ... .
Tembung rangkep dwi wasana kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku
... .
A. busik B mbesisik. C. penyakiten D. gatel
34. Wigatekake teks pidato ing ngisor iki !
Bapak,Ibu, dalah para kanca,cekap semanten ingkang saged kulo aturaken,...
Ukara-ukara ing ngisor sing cocok kanggo njangkepi bagian panutup pidhato ing dhuwur
yaiku ...
A. Kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
B. Mugi-mugi saged pepanggihan maleh
C. Dados tiyang ingkang sae,mboten pareng drengki
D. Maturnuwun menawi wonten kekirangan kulo.
35. Urutane bagian pidhato sing bener yaiku ... .
A. Panutup-isi-pambuka C. Pambuka-panutup-isi
B. Isi-pambuka-panutup D. Pambuka-isi-panutup

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk !
36. Bapak lungguh ing kursi.
Basa krama inggile lungguh yaiku ... .
37. Sampun yen ditulis nganggo Aksara Jawa dadine ... .
38. Wigatekake tembang macapat ing ngisor iki !
GERBANGKERTOSUSILA
Ayo padha disinau
Budaya kang edipeni
Tembang macapat kang nami
Gerbang iki kutha Gersik ,Bangkalan
Kertosusilo nami kutha Mojokerto
Surabaya, Sidoarjo,Lamongan
Guru wilangan lan Guru lagu gatra telu yaiku ... .
39. Wacanen crita ing ngisor !
Ing pamujan,Calon Arang ngobong dupa nekakake Dewi Durga.Calon
Arang nyuwun marang Bathari Durga supaya wong sak negara Dhaha Kedhiri
digawe lara lan mati.Calon Arang lan siswane padha jejogedan lelunjakan karo
maca mantra pangundang lelembut.
Isi crita ing ndhuwur yaiku ... .
40. Pak Iwan maos serat warta yen ditulis nganggo Aksara Jawa dadine ... .
41. Uler wulu kang cacahe maewu-ewu mrabasa dhaerah Pasuruan .Merga akehe
wong wong kang golek kroto tundhane cacahe angkrang bisa suda. Mesthine endhog-
endhog kupu bisa dimangsa angkrang, nanging merga wis ora ana angkrang tundhane
endhog-endhog kupu bisa slamet netes kabeh dadi uler kang mrabasa gegodhongan lan
bisa ngambrak teka pomahan.
(www.sekolahdasar.net)

Ide pokok crita ing ndhuwur yaiku ... .


42. Prabu Puntadewa kagungan asma liane yaiku ... .
43. Gambar wayang ing sebelah yaiku Prabu ... .
44. Wigatekake surat ing ngisor !
Mojokerto,23 Maret 2017
Kagem
Eyang Syakur
Wonten Tuban
Salam kurmat
Kados pundi pawartanipun Eyang ? mugi-mugi Eyang wonten Tuban tansah dipun
paringi kesehatan saking ALLAH SWT.Kula wonten Mojokerto ugi tansah sehat mboten
kirang menopo.
Eyang... sekedap maleh kula badhe ujian,kula nyuwun donga restu supados saged lan
dipunparingi gampil anggen kula nggarap soal ujian ugi angsal nilai ingkang
sae.Mangke menawi sampun mantun ujian pas liburan kula badhe sowan dhateng
Eyang.
Cekap semanten Eyang, nyuwun donga lan restunipun
Salam kurmat
Fepril Dion
Bagian surat kang digaris ngisor jenenge ... .
45. Peksi emprit,menclok pager
Dadi murid,mbok ojok ...
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi parikan ing ndhuwur yaiku ... .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


46. Tulisen bahan-bahan sing diperlokake kanggo nggawe layangan !
47.
a. Pengalaman kang nyedhihake kanggo pangeling-eling
b. Manut pengalamane wong akeh,pengalaman iku guru kang paling apik
c. Pengalaman kang apik ndadekake senenging ati
d. Kanthi pengalaman kajiwanen manungsa digembleng
e. Supaya tembe mburi dadi manungsa kang migunani
Urutake sing bener ukara-ukara ing ndhuwur supaya dadi paragraf sing mathuk !
48. Ing Desa Pulo ana wong kang jeneng Pak Surya.Duwe anak lanang
ganteng tur pinter.Pak Surya misuwur wong sing wicaksana.Akeh warga desa sing
sungkan karo Pak Surya.
Tulisen paragraf ing ndhuwur nganggo basa krama !
49. Rio ternak pitik akehe 1245 .
Angka sing digaris tulisen nganggo angka ing Aksara Jawa !
50. Tulisen 3 tuladha kang migunakake purwakanthi !
a). Purwakanthi guru swara : ...........................................................................................
b). Purwakanthi guru sastra : ...........................................................................................
c). Purwakanthi lumaksita : ...........................................................................................
KUNCI BAHASA JAWA KELAS 6
UAS GENAP 2016/2017

1 A 11 A 21 C 31 D

2 B 12 C 22 B 32 C

3 C 13 C 23 A 33 B

4 D 14 B 24 B 34 A

5 B 15 B 25 A 35 D

6 C 16 C 26 C

7 B 17 B 27 C

8 C 18 A 28 A

9 C 19 A 29 A

10 D 20 B 30 C
II.
36. Pinarak
37. smPun¿
38. 8 i
39. Calon Arang donga nyuwun marang Bathari Durga supaya wong sak negara Dhaha
Kedhiri digawe lara lan mati(menurut kebijaksanaan guru)
40. pkHiwnM[aosSertW/t
41. Uler wulu kang cacahe maewu-ewu mrabasa dhaerah Pasuruan
42. Yudhistira
43. Kresna
44. papan lan titi mangsa
45. mbeler

III
46-50 MENURUT KEBIJAKSANAAN GURU

PEDOMAN PENILAIAN
SCOR ROM I = Benar X 1
SCOR ROM II = Benar X 2
SCOR ROM III = Benar X 3
NILAI = SCOR ROM I + SCOR ROM II + SCOR ROM III :70 X 100

SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 1 11 16 21 30 31 44 41 59 51 73 61 87
2 3 12 17 22 31 32 46 42 60 52 74 62 89
3 4 13 19 23 33 33 47 43 61 53 76 63 90
4 6 14 20 24 34 34 49 44 63 54 77 64 91
5 7 15 21 25 36 35 50 45 64 55 79 65 93
6 9 16 23 26 37 36 51 46 66 56 80 66 94
7 10 17 24 27 39 37 53 47 67 57 81 67 96
8 11 18 26 28 40 38 54 48 69 58 83 68 97
9 13 19 27 29 41 39 56 49 70 59 84 69 99
10 14 20 29 30 43 40 57 50 71 60 86 70 100

You might also like