You are on page 1of 9

PEMERINTAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA, DAN OLAHRAGA


SMA NEGERI 1 JETIS BANTUL
Jl. Imogiri Barat KM 11 Kertan, Sumberagung, Jetis, Bantul Yogyakarta Telp. (0274) 2810161,
Website: www.sman1jetis.sch.id Email: jesabayo@gmail.com Kode Pos 55781

UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL (USBN)


SMAN 1 JETIS TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : BASA JAWA


Kelas/Program
Hari/Tanggal
Waktu
: 12/MIPA/IPS
: Senin, 26 Maret 2018
: 10.00-12.00
A
PETUNJUK UMUM:
1. Berdoalah sebelum Anda mengerjakan.
2. Tulislah Nama, Kelas, dan Nomor Ujian Anda pada lembar jawaban yang disediakan.
3. Bacalah dengan teliti petunjuk cara mengerjakan soal sebelum Anda menjawab.
4. Laporkan kepada Pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas.

I. Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi milih salah setunggaling


wangsulan a, b, c, d, saha e ingkang kaanggep leres!

1. Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Menawi kaserat mawi aksara Jawa, inggih menika ….
a. ?zelM|aikukl[konNeknQilku.
b. ?zilM|aikukl[ko[nNknQilku.
c. ?[zlM|aikukl[ko[nknQilku.
d. ?[zlM|aikukl[ko[nNknQilku.
e. ?zelM|aikukl[ko[nNknQilku.
2. ?ninFkNlkubecik\am]ihffimnu=sk=autm.
Menawi kaserat latin inggih menika ….
a. Nindakna laku becik, amrih dadi manungsa kang utama.
b. Nindakna laku utami, amrih dadi manungsa kang becik.
c. Nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang becik.
d. Nindakna laku becik, murih dadi manungsa kang utama.
e. Nindakna laku utama, amrih dadi manungsa kang utama.
3. ?ajini=awkF|munu=sktuminFk\,
Unen-unen ing inggil mengku teges inggih menika ….
a. Aja seneng tumindak culika
b. Yen pengin mulya kudu gelem makarya
c. Aja seneng nengenake kewigatiane dhewe
d. Tumindak ala lan becik pungkasane bisa katitik
e. Yen kepengin dikurmati wong liya kudu bisa njaa tumindak

Wacan 1
Dhandhanggula resep watakneki
Pangkur sereng Sinom renyah grapayak,
Maskumambang panlangsane,
Sembrana watakipun,
Pun Pocung ingkang andarbeni,
Megatruh nglangut rasa,
Durma galakipun
Dene Mijil prihatinnya,
Gambuh genah Kinanthi ing seneng asih,
Asmarandana tresna,

1
(Kapethik saking Djaka Lodang)

4. Sekar macapat ing inggil menika suraosipun ngengingi nama-nama sekar macapat ingkang
ngemot menapa ….
a. Jinisipun sekar macapat
b. Watakipun sekar macapat
c. Mumpangatipun sekar macapat
d. Urut-urutanipun sekar macapat
e. Pangertosan sekar macapat

5. Megatruh nglangut rasa wonten ing paramasastra sinebut inggih menika ….


a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Purwakanthi guru basa
d. Purwakanthi guru sastra
e. Guru wilangan

6. Watak sekar macapat megatruh inggih menika ….


a. Nglangut
b. Tresna
c. Sereng
d. Nelangsa
e. Sembrana

Wacan 2 ( kangge mangsuli pitakenan 7-8)


Sega enak wak duduh,
Sambel goreng tur petene wutuh,
Gudheg manggar iwak pitik santen kanil,
Iwak empal abon remus,
Berongkose iwak congor.

7. Sekar ing inggil kalebet sekar ….


a. Pocung
b. Gambuh
c. Pangkur
d. Megatruh
e. Dhandhanggula

8. Guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu sekar ing inggil inggih menika ….
a. 7u, 10u, 12i, 7u, 8o
b. 7u, 10u, 11i, 7u, 8o
c. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d. 7u, 10i, 12i, 7u, 8o
e. 7u, 10i, 12i, 8u, 80

Wacan 3 (kangge mangsuli pitakenan nomer 9-13)


MOS SMA-ku pancen abot. OSIS-e rada rewel. Yen ana kang ora trep kalawan apa kang
dikarepke banjur diukum. Sawise upacara siswa anyar banjur mlebu kelas. OSIS nuli ngetutake
lan wiwit ngabsen mbaka siji kanggo mesthekake yen ora ana siswa anyar kang kleru kelas.
Saben kelas disandhing OSIS loro. Kelasku dicekel OSIS aran Dadi lan Dedi (dening kanca-
kancane diparabi Kinclong). Nalika ngabsen siswa anyar kang aran Simping.T. Dedi ngguyu,
pikire jeneng kok aneh. Mesthi wae Simping nesu. Dhasar bocahe kendel. “Ngapa kok
nggeguyu jenengku? Emang lucu?” Dedi kang isih ngguyu lagi sadhar yen polahe mau ora dadi
atine Simping. Aku sakanca padha mlongo. Geneya Simping kok wani ngelikake OSIS, “Ora
wedi yen diukum pa?” pikirku sakanca. Sawise rampung, aku sakanca dikonresik-resik kelas.
OSIS padha ngomandani. Sawise rampung, aku sakanca banjur mlebu. Dedi takon, “Sudah

2
bersih adhik-adhik?” Sudah, Kak. Sudah kinclong!” Simping semaur karo ngadeg, niru iklan ing
TV. Karuwan kabeh padha ngguyu cekakakan. Kanca-kanca kang lungguh-lungguh ing
dhingklik ngarep kelasku padha ngguyu cekakakan genti Dedi sing kisinan, apa meneh kanca-
kanca dikon leren anggone ngguyu ning tetep ngeyel. Satu sama ya mas?
Arum Sutarsih – Majalah “Djaka Lodang”

9. Miturut wacan ing inggil basa kramanipun abot inggih menika ….


a. Awrat
b. Rahap
c. Ngangkat
d. Ngangsu
e. Ngancani

10. Basa kramanipun anyar, inggih menika ….


a. Awet
b. Lami
c. Lajeng
d. Enggal
e. Edipeni

11. Basa kramanipun dicekel inggih menika ….


a. Dipundulang
b. Dipunbesmi
c. Dipunampili
d. Dipundukani
e. Dipuncepeng

12. Basa kramanipun ngguyu, inggih menika ….


a. Cekikik
b. Gemi
c. Gerah
d. Gegulang
e. Gemujeng

13. Wonten pundi latar utawi papan (setting) wontenipun cariyos pengalaman ingkang kaserat ing
inggil inggih menika ….
a. Yayasan
b. Sekolah
c. Pakempalan
d. Pabaratan
e. Griya sakit

Wacan 4 (kangge mangsuli pitakenan nomer 14-16)


TAK RANGGEH WEWAYANGANMU
TAK GAYUH LINTANG KAMULYANMU
Kanggo kadangku nunggal rasa
Dening: Mbah Dirga
……………
Pancen iki lakonmu
Jroning wektu sliramu wus mangerteni
Jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan

Kasangsaran nlikung dhiri

3
Anane urip tansah katimplak-timplak
Ora mikir ngelak kepara mangan enak
Sapecak mbaka sapecak wus kasil disasak

Angin midid nyempyok kalbumu


Padhanging hawa cetha ing pucuking netramu
Muga-muga tan ana rubeda nyenyandhung karya

Kadangku:
Binarung gurit rinonce iki
Tak ranggeh wewayanganmu
Tak gayuh lintang kamulyanmu

14. Tembung ingkang tegesipun boten sami kaliyan tembung kalbu inggih menika ….
a. Ati
b. Tyas
c. Galih
d. Awak
e. Manah

15. Tembung binarung tegesipun inggih menika ….


a. Dipunseret
b. Sesarengan
c. Dipunpriksa
d. Dipundamel
e. Dipunsranani

16. Perangan geguritan ing inggil ingkang nelakaken pangajab inggih menika ….
a. Muga-muga tan ana rubeda nyenyandhung karya
b. Jantraning laku mrambati mobah mosiking kahanan
c. Binarung gurit rinonce iki, tak ranggeh wewayanganmu
d. Kasangsaran nlikung dhiri, anane urip tansah katimplak-timplak
a. Tak ranggeh wewayanganmu, tak gayuh lintang kamulyanmu

Wacan 5 (kangge mangsuli pitakenan nomer 17-19)


Panembahan Senopati
Satunggaling dinten ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan Senapati
diadhep putrane.
“Apa sira ngerti, sebabe daktimbali Rangga?” Pandangune Panembahan Senapati.
“Boten Rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kedah kula tindakaken?”
“Sewengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti samparanku?”
Pandangune ingkang rama.
Raden rangga nyembah, banjur wiwit mijeti samparane ramane, sinambi dipijeti,
Panembahan Senapati nerusake pangandikane.
“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing koktindakake wingi kae dudu tumindak kang becik,
sanajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga tumbak Manggala Tuban iku putung, lan
sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe utusan Sultan Hadiwijaya padhang,
uga kok ambali maneh marang utusan Banten.
Yen tumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi ing antarane aku lan
mitraku. Aku samar yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu dhewe. Sira kudu ngerti
yen ana gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing ngluwihi dhuwure. Coba putungen drijiku
yen kowe rumangsa sekti.
…………………………..

17. Miturut wacan ing inggil setting cariyos cerkak menika wonten ing ….
a. Kota gedhe
b. Mataram
c. Bantul

4
d. Sleman
e. Kulonprogo

18. Gegambaraning watak Raden Rangga miturut cariyos cerkak menika ….


a. Lembah manah
b. Grusa grusu
c. Cilik aten
d. Gampang nesu
e. Sabar

19. Yen tumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi ing antarane aku lan mitraku.
Tembung perdondi ing inggil menika tegesipun ….
a. Cubriya
b. Perkawis
c. Katresnan
d. Memitran
e. Sesambungan

20. Tiyang ingkang maosaken wosing pawartos dipunwastani ….


a. Orator
b. Narrator
c. Pambiwara
d. Pranataning acara
e. Pamedhar sabda

21. Tiyang ingkang maosaken pawartos kanthi jlentreh dipunwastani ….


a. Orator
b. Narrator
c. Pambiwara
d. Pranataning acara
e. Pamedhar sabda

22. Pawartos ingkang medalipun saben dinten dipunwastani ….


a. Ariwarti
b. Kalawarti
c. Tabloid
d. Majalah
e. Koran

23. Pawartos ingkang medalipun kala-kala utawi boten tinamtu, dipunwastani ….


a. Ariwarti
b. Kalawarti
c. Tabloid
d. Majalah
e. Koran
Wacan 6 (kangge mangsuli pitakenan nomer 24-26)
PEMERINTAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA
DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA, DAN OLAHRAGA
Jalan Cendana 9 Yogyakarta 55166, Telp 541322/Fax 513132
Laman: www.dikpora.jogjaprov.go.ig, email: dikpora@jogjaprov.go.id

Nomer : 421/387 23 Februari 2017


Lamp : 1 bendel
Bab : Lomba Nyerat Dongeng Aksara Jawa
Serat mugi katur wonten ngarsanipun
Bpk/Ibu Kepala Sekolah SMA N Yogyakarta

5
Ing Jl. Kraton Yogyakarta

Kanthi serat menika, atur uninga bilih ing titiwanci dinten Minggu Legi, surya kaping 25 Maret
2017, badhe wonten Lomba Nyerat dongeng Aksara Jawa.
Awit saking punika kasuwun kanthi sanget Bapak/Ibu Kepala Sekolah kersaa ngintunaken
siswa/siswinipun kangge ndherek lomba punika, kathahipun lare tiga siswa/siswi saben
sekolah.
Makaten menggah wigatosing serat, awit saking pambiyantu saha kawigatosanipun Bapak/Ibu
Kepala Sekolah, kula aturaken agunging panuwun.

Pangarsaning Jurusan,

Dra. Ika Cahyani,M.Pd


NIP 197408112001042005

24. Serat ing inggil katur Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA N Yogyakarta ingkang wosipun ….
a. Dinas Dikpora badhe ngawontenaken lomba nyerat dongeng aksara Jawa
b. Pambijinipun lomba nyerat dongeng aksara Jawa
c. Kasuwun ngintunaken siswa kangge lomba nyerat dongeng aksara Jawa
d. Nyaosi pirsa titiwancinipun lomba nyerat dongeng aksara Jawa
e. Lomba nyerat dongeng aksara Jawa mung kanggo siswa/siswi SMA

25. Titi wancinipun lomba inggih menika ….


a. 23 Februari 2017
b. 23 Februari 1916
c. 25 Februari 2017
d. 25 Maret 2016
e. 23 Maret 2016

26. Dra.Ika Cahyani,M.Pd menika minangka ….


a. Pangarsaning Dinas Dikpora DIY
b. Pangarsaning masyarakat
c. Kepala sekolah
d. Pangarsa pasarta lomba nyerat dongeng aksara Jawa
e. Pangarsa lomba nyerat dongeng aksara Jawa

27. Perangkat gamelan ingkang ginanipun kangge ngatur wirama inggih menika ….
a. Gender
b. Kendhang
c. Demung
d. Bonang
e. Peking

28. Raos thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil dipunwastani ….


a. Cakepan
b. Titilaras
c. Laras
d. Dhong-dhing
e. Gerong

Kawaosa kanthi saksama!


Para lenggah, para pepundhen sepuh ingkang kinurmatan, lan adhik-adhik kancanipun
Mas Suwartana ingkang kula tresnani. Sugeng sonten lan sugeng pepanggihan ing dalemipun
Bapak Partasuharta saperlu paring berkah pangestu badhe gresipun Nak Suwartana ing sonten
menika. Kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara keparenga ….

6
29. Reroncen tetembungan ing inggil menika dipunandharaken ing acara ….
a. Ambal warsanipun lare
b. Pahargyan manten
c. Pangrukti laya
d. Ambal warsa pawiyatan
e. Supitan

30. Ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah inggih menika ….


a. Anggenipun medhar pangandikan jumbuh kaliyan raosipun para rawuh
b. Busananipun mlaha, boten kedah sopan
c. Ngecakaken wicara, wirama, wiraga, saha wirasa nalisir saking isining sesorah
d. Ngginemaken tiyang sanes, amargi remen rerasan
e. Mawi basa ingkang boten sae menawi paring tuladha kasaenan

31. Kagatosna peranganing sesorah ing ngandhap menika!


(1) Salam panutup
(2) Surasa basa
(3) Salam pambuka
(4) Purwa basa
(5) Wasana basa
(6) Pangajab

Tata rakiting perangan sesorah ingkang limrah inggih menika ….


a. (3), (2), (4), (6), (5), lan (1)
b. (3), (4), (6), (2), (5), lan (1)
c. (3), (4), (2), (5), (6), lan (1)
d. (3), (6), (4), (2), (5), lan (1)
e. (3), (2), (4), (5), (6), lan (1)

Kawaosa pacelathon menika kanthi saksama!


Guru 1 : “Eh Bu, kok sajak ana sing dioyak, arep tindak endi?”
Guru 2 : “Oh, iya Bu, iki arep nyang ruang guru sedhela. Mau Pak Amrih ngendika menawa
ana tilpun penting saka omah.”
Guru 1 : “Oh, ya wis Bu, manga ndherekake!”

32. Pacelathon menika ngginakaken unggah-ungguh basa ragam ….


a. Ngoko lugu
b. Ngoko andhap
c. Ngoko alus
d. Krama lugu
e. Krama alus

33. Ukara ngandhap menika ingkang cak-cakan unggah-ungguh krama alusipun leres inggih
menika ….
a. Ibu sampun bidhal dhateng kantor
b. Kula sampun dhahar kala wau
c. Bapak tindak dhateng kantor
d. Bapak sampun menyang kantor
e. Bapak sampun adus nalika kula siram

Kawaosa kanthi saksama!


Jaman samangke akeh putra wani kawo wong tuwa, mbejujag, dikandhani ora nurut, lan
liya-liyane. Bab iki satemene ana gandheng cenenge karo unggah-ungguh basa kang
diwulangake dening wong tuwane. Mula, wong tuwa iku duwe purba wasesa kang gedhe
kanggo ndhidhik putra-putrane. Yen wiwit cilik ora nate diajari unggah-ungguh basa kang

7
satuhu, dadi apa gedhene? Adoh lan cedhake wong tuwa marang anak iku gumantung kepiye
anggone nindakake guneman lumantar basa. Nganggo basa apa bae sauger ngerti marang
rasa, unggah-ungguh, lan suba sita temtune kabeh bakal mlaku kanthi tumata.

34. Adhedhasar waosan ing inggil, unggah-ungguh ing basa Jawa utaminipun gadhah daya guna
kangge ….
a. Nebihaken sesambetan putra lan tiyang sepuhipun
b. Nuntun tiyang sepuh netepi tata krama
c. Ngleluri budaya ingkang dipunwarisaken dening para para leluhur
d. Ngraketaken sesambetan antawisipun putra lan tiyang sepuh
e. Kangge suka-suka tumraping para mudha jaman samangke

Kawaosa ukara menika kanthi saksama!


Manut pengalamane Suparta Brata, ing taun 1960 ana sawijining majalah basa Jawa sing
tiras/oplahe bisa ngancik 80.000 nganti 120.050 eksemplar.

35. Miturut wacan ing inggil tembung krama inggilipun wilangan 120.050 eksemplar inggih menika
….
a. Setunggal atus kalih dasa ewu seket eksemplar
b. Satus kalih dasa ewu gangsal dasa eksemplar
c. Setunggal atus kalih dasa ewu gangsal dasa eksemplar
d. Satus kalih puluh ewu gangsal dasa eksemplar
e. Satus kalih dasa ewu seket eksemplar

36. Upacara adat ingkang ajeg katindakaken dening kulawarga ageng kraton Ngayogyakarta ing
saben wulan Mulud kangge mengeti dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad inggih menika
upacara adat ….
a. Labuhan
b. Bekakak
c. Sekaten
d. Kirab Kyai Pleret
e. Jumenengan

37. Upacara tingkeban katindakaken dening tiyang Jawa ingkang nggarbini. Upacara menika
katindakaken gadhah ancas ….
a. Ngaturaken syukur dhateng Gusti Allah lan nyuwun kawilujengan
b. Suka-suka awit sampun kasil ngandhut
c. Paring pawartos dhateng tangga tepalih manawi yuswa kandhutanipun sampun pitung
wulan
d. Nyuwun pangreksanipun dhateng para dhanyang
e. Nglempakaken para sanak sedherek

38. Brojolan ing upacara tingkeban menika gadhah pikajeng ….


a. Supados tigan ayam wau pecah
b. Pralambang miyosipun ponang jabang bayi
c. Pralambang miyosipun rah lan kawah
d. Pralambang manunggaling wiji saking bapa lan ibu
e. Pralambang panyuwunan supados rah lan sungsumipun calon ibu kaparingan kekiyatan

39. Kangge pralambang donga panyuwunan dhateng Gusti supados putra ingkang kakandhut
menika ing benjangipun dadosa tiyang ingkang tansah bekti dhateng Gustinipun, calon ibu
ngagem nyamping kanthi batik ….
a. Truntum
b. Udan riris
c. Lasem

8
d. Dringin
e. Wahyu tumurun

40. Ing acara wiyosan pirantos ingkang kaginakaken ing antawisipun inggih menika cengkir gadhing
cacah kalih ingkang ginambaran paraga ringgit. Paraga ingkang limrahipun kagambar inggih
menika ….
a. Rama-Lesmana
b. Kresna-Janaka
c. Janaka-Sumbadra
d. Subali-Dewi Tara
e. Bathara Kala-Dewi Kamaratih

II. Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi leres!


1. Waosan aksara Jawa ing ngandhap menika kaserat aksara latinipun, salajengipun kacariyos
waosan menika mawi basa Jawa krama!
?p]tlautwXmh.
?XmhaikutnShfefnlnG[wbuzhai=mnu=s.snjnFiaifkHifkS[w[nhai=tithfipcu
lLimlhkd=klfirusk\Xmh[aortauseri[kHorsmBtNzi=mlhffisumBe/ri=pzurip
PnNi=tithai=al[mFovaiki.tege[sSpemimPinHiku:[aorgmP=nesu,menwfi[w[
nhaipvru[wlnPm][yogi,nzi=pemimPinK|fusb/ky[f[nXmh.pemimPinK|fusen_
[w[whmr=[sokSpb[a,mr=[w=osi=fia[yomMi,[aorceqi[lHor[aowelLnK|fuaik
+LsLai/lnBti[nN.stemh[w=osi=anai=skiwteze[nNrum=sanT|kPzuripPnStem
hffitenTmHuri[pP.

2. Busana ingkang dipunginakaken tumrap tiyang Jawi wonten ing upacara panggih pengantin
gagrak Ngayogyakarta inggih menika busana kanigaran, sebataken peranganipun busana
penganten gagrak Ngayogyakarta kanthi jangkep!
3. Kadamela seratan ajakan (persuasi) ngengingi caranipun sinau basa, sastra saha budaya
Jawa!
4. Sebataken urut-urutan saha tegesipun ubarampe upacara panggih!
5. Kaserata menapa ancasipun upacara mitoni tumrap calon ibu saha sebataken urutan tatacara
upacara mitoni!

sug_mk/y

You might also like