You are on page 1of 3

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1

SEKOLAH DASAR/MADRASAH IBTIDA’IYAH


TAHUN AJARAN 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal :


Kelas : III ( Tiga ) Nama :
Waktu : 90 menit Nomor :

I. Wenehana tanda ping ( x ) ing aksara a,b,c utawa d ing sak ngarepe pilihan wangsulan
sing bener !

1. Endi sing kelebu kewan galak?....


a. kucing b. sapi c. singo d. jaran
2. Sing kelebu kewan ingon-ingon yaiku….
a. gajah b. macan c. kucing d. kidang
3. Sing kelebu kewan raja kaya, kejaba….
a. gajah b. kebo . sapi d. wedhus
4. Aja ngresulo wae yen diutus ibu. Ngresulo tegese….
a. seneng b. sambat c. nangis d. dolanan
5. Perangane crita salah sijine yaiku enek punjere utawa underane crita kang diarani….
a. tema b. paraga c. latar d. amanat
6. Tembung ing ngisor iki kang nganggo swara [a] jejeg yaiku….
a. jaran b. papan c. kawat d. sapa
7. Panggonan kanggo ngingu kucing arane….
a. kandang b. kurungan d. krangkeng d. pagupon
8. Yen matur karo wong tuwo becike nganggo basa….
a. ngoko lugu b. ngoko alus d. krama alus d. krama madya
9. Pengalaman sing isine kedadean – kedadean sing gawe susahe ati ( nyedhihake ) diarani ….
a. Pengalaman sing nrenyuhake c. Pengalaman sing nyenengake
b. Pengalaman sing mbangetake d. Pengalaman sing nengsemake
10. Kawah ijen manggon ing tlatah ….
a. magetan b. Banyuwangi c. Ponorogo d. Malang
11. Rini lan Dewi dijak plesiran menyang Bali. Tembung plesiran tegese….
a. dolan b. preinan c. rekreasi d. jelajah
12. Nalika nyusun laporan observasi kudu….
a. objektif / apa anane kaya sing dialami c. ora nggatekake wektu
b. asal asalan wae d. ora narik kawigaten
13. Nalika arep mlebu papan wisata kudu tuku….
a. nota b. kwitansi c. tiket d. dolanan
14. Pranata mangsa ing Indonesia bisa kaperang dadi loro yaiku mangsa ….
a. gugur lan rendheng c. pagebluk lan ketiga
b. ketiga lan rendheng d. gugur lan pagebluk
15. Mangsa akeh udan diarani mangsa….
a. ketiga b. panas c. adem d. rendheng
16. Saiki mangsa ketiga mula larang banyu resik. Mangsa ketiga kosok baline ….
a. mangsa panen b. mangsa rendheng c. mangsa bedhiding d. mangsa asrep
17. Ing ngisor iki sing ora kalebu mupangate wit-witan yaiku….
a. nyegah udan b. ngasilake oksigen c. nyengkerem lemah d. reboisasi
18. Papan wisata sing kanggo nanggulangi banjir rob diarani….
a. Alas mangrove b. bendungan c. pesisir d. gunung
19. Bendungan Selarejo manggon ing kutho….
a. Malang b. Kediri c. Tulungagung d. Madiun
20. Tetuwuhan sing kelebu jenise palawija ….
a. kates b. jagung c. pari d. pelem
21. Papan panggonan kanggo nyarekake para pahlawan diarani….
a. pasarean c. prapen
b. Taman Makam Pahlawan d. kramatan
22. Kembang sing disebar ing taman makam pahlawan arupa kembang….
a. mlathi b. menur c. mawar d. kenongo
23. Bu Guru maca geguritan ing kelas. Tembung maca kudune sing bener….
a. nyerat b. nyungging c. nulis d. maos
24. Geguritan uga diarani….
a. parikan b. puisi jawa c. purwakanthi d. tembang
25. Sikap sing becik nalika ana kancane maca geguritan ….
a. gojegan c. omong dhewe
b. nyemak kanthi permati d. mloka mlaku

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang bener!
26. Papan kanggo ngingu kewan raja kaya arane….
27. Bapak gugur gunung ngresiki gorong-gorong. Gugur gunung tegese….
28. Pak Ali ngangsu banyu ing sendhang, banyu krama inggile….
29. Iketaning basa kang memper syair utawa puisi diarani…..
30. Yen bocah-bocah ketemu karo bapak/ibu guru wajibe, yaiku...
31. Sakliyane wisatawan dhomestik, Kawah Ijen uga ditekani wisatawan saka mancanegara.
Manca Negara tegese….
32. Laporan sing disusun adhehasar kegiatan nyemak prastawa utawa kedadean diarani….
33. Nalika nyusun laporan Observasi kudu…..
34. Bapak mangan sego tiwul. Ukara kasebut yen diowahi dadi karma alus….
35. Dawa cendhake swara nalika maca geguritan diarani….

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

36. Tulisen perangane crita utawa macan sing ko mangerteni!


__________________________________________________________________________
__________________________________________________________________________
37. Apa sing diarani geguritan iku? Coba jelasno!
__________________________________________________________________________
__________________________________________________________________________
38. Tulisen ciri-cirine geguritan ( 3 wae )
__________________________________________________________________________
__________________________________________________________________________
39. Sebutno 3 wae tetuwuhan sing iso urip ing mongso ketiga!
__________________________________________________________________________
__________________________________________________________________________
40. Yen nulis / nyusun laporan observasi iku kudu kepriye?
__________________________________________________________________________
__________________________________________________________________________

You might also like