You are on page 1of 10

EPISODE KUMPULE BALUNG PISAH (1)

KUMPULE BALUNG PISAH (Episode IX)


“Tholé Darmanto, anggonmu pepacangan karo nak Sundari wus rada suwé … , saka
pikarepku … hhrrmm … , apa ora becik énggal karesmèkaké … ? celathuné mas Sastrosudiro
marang Darmono nalika padha lungguhan salebaré mangan awan.
“Kula namung nyumanggakaken kersanipun bapak … , malah sajatosipun sampun dangu
kula badhé matur bab punika … ,” wangsulané Darmanto.
“Inggih ta Pak, mbénjing punapa dipunperlokaken tindak Pati dhateng dalemipun ibunipun
dhik Sundari … ,” sumelané Darminah,“ punapa utusan kémawon punapa tindak piyambak
… .”
“Iya, ta, bab iku saiki dipikir lan perlu cawis-cawis ubarampéné. Wong Jawa iku kudu
ngenggoni adat tatacara Jawa, aja nganti ninggal adat … .”
“Bab ubarampé utawa sadaya kabetahan-kabetahan sanès kula pasrahaken sadaya dhateng
bapak, déné kula inggih sampun klempak-klempak lan ugi sampun gadhah cèlèngan kanggé
sadhiyan bab punika,” celathuné Darmanto.
“Sampun, sapunika puntetepaken mbénjing dinten punapa … ? Saénipun pun dhawahaken
wulan ngajeng punika, lho pak. Bapakipun gendhuk sajak-sajak sampun radi sela
padamelan,” sambungé Darminah, nuli menyat ngadeg njupuk tanggalan kang cumanthèl ing
témbok. Bapakné ngétung-étung dina lan tanggal.
Dumadakan Inspektur Akhmadi teka saka kantor kanthi sajak gita-gita. Darminah mapagaké
karo takon, “Kok nganti telat ta, Mas. Iki mau wis padha dhaharan kabèh.”
“Hla ngrampungaké urusan wingi kaé, lagi iki mau bèrès … Bu, sedhiya-sedhiya … ,
mengko soré arep ana tamu Inspektur Yoyok karo Naniek, mengko diaturi dhaharan kéné
pisan baé.”
“Lho, durung padha kondur nyang Semarang, ta?”
“Durung, genah lagi rampung mau urusané … , sésuk-sésuk konduré … .”
“Hla gèk wingi barang padha nyaré nyang ngendi?”
“Ing dalemé pak Komisaris. Mula yèn kersa mengko bengi arep dakaturi gentèn nyaré kéné
baé.”
“Iya becik … èh, anu, iki mau ngrembug arep padha menyang Pati nyang dalemé ibuné dhik
Sundari … angebun-ebun énjang anjejawah sonten … , “ celathuné Darminah karo ngguyu.
“Iya … , lagi golèk dina iki mau, kapan selamu?” sambungé mas Sastro.
“Dhawahaken wulan ngajeng punika lho, Pak … ,”wangsulané Akhmadi. “Dhik Darmanto
rak iya isih sabar ta ngentèni … ?
“Oooo, yèn bocahe kudu ora sabar waé … , “ sambungé Darminah.
Darmanto mèsem, bapakné mèlu gumuyu.
“Kandar kepriyé … ? pitakoné Inspektur Akhmadi manèh.
“Kaé dakpapanaké ing kamar mburi, mau wis padha bareng mangan. Karepé kudu ora gelem
waé, arep mangan bareng mbok Nem, dakpeksa-peksa karo Darmanto, njur gelem … .”
“Sokur , ta … .”
Akhmadi sawisé salin panganggo lan sawisé saka pakiwan barang, nuli mangan diladèni kang
wadon. Darmanto wus mlebu ing kamaré. Mas Satro uga nuli leyèh-leyèh ing kursi males ing
pendhapa karo isih nyemak almenak, ayaké golèk dina kanggo lamaran lan dina akad nikah.
Soréné kira-kira jam lima, Inspektur Akhmadi budhal manèh lunga arep methuk lan marani
Inspektur Yoyok. Kang wadon wis nyedhiyaké kaperluan-kaperluan suguhan tamuné
mengko.
Darmanto dolanan gegojègan karo ponakané ana ing latar, déné mas Sastro isih ana kamaré
wiridan sawisé sembahyang ngasar. Pancèn sasuwéné tuwa iku, mas Sastro katon mempeng
pangibadahé.
Dumadakan keprungu swara dhokar mandheg ing ngarepan. Let sedhéla Darti mlayu-mlayu
mlebu ngomah matur ibuné,
“Bu … , ana tamu … .”
“Tamu sapa … , apa karo bapak?” pitakoné Darminah.
“Ora, wong nitih dhokar kok, karo bulik Sun … , tamuné putri wis sepuh.”
“Lho, sapa?” celathu mangkono iku karo ngungak njaba. Katon Darmanto mapag-aké tamu-
tamu iku, yaiku: Sundari Sumantri lan priyayi wadon tuwa, ayaké ibuné.
“Elo, apa kuwi ibuné dhik Sun … ? Blahi, kedhisikan iki … .” pangunandikané Darminah.
Nuli matur marang bapaké, “Pak, nika lho, bakal bésan panjenengan tindak mriki … .”
Mas Sastro isih durung pati maèlu, diarani anaké mung geguyonan baé, isih nerusaké
anggoné wiridan.
Tamu-tamu iku nuli padha mlebu ngomah, Darminah mapagaké … .
“Kula nuwun … ,” celathuné priyayi putri iku, nanging mandheg greg, kaya kamitenggengen.
“Mangga … , “wangsulané Darminah, uga nuli cep … mripaté mandeng tamuné akedhèp
tesmak … , dumadakan nuli mlayu nggapyuk tamuné karo anggembor banter banget,
“Ibuuuuuuuu … o, Ibuu … , Bu, teka panjenengan … . Bu, kula … kula … putra
panjenengan … pun … Darminah … .”
Darminah ngrangkul kenceng karo nangis angguguk. Tamuné bareng ngerti mèlu mbengok
nangis, “O … , anakku ngèèèr … , kok kowé … ana … Ya Allah, Gustiiiii, Pangéran kula
… .”
Tamu mau jebul ibuné dhéwé kang wus pirang-pirang taun pisah.
Darmanto, Sundari lan Marti mung padha ndomblong, ora ngerti nalar-nalaré … .
“Ibu … , o … , Dar … , Darmanto … , kowé apa pangling … , iki rak ibumu dhéwé …,”
celathuné Darminah marang Darmanto karo isih durung uwal anggoné ngrangkul ibuné. “Bu,
punika rak putra panjenengan Manto rumiyin … , nalika panjenengan tilar taksih alit.”
Tamuné yaiku bu Sastro isih kamisesegen énggal nggèrèd tangané Manto nuli karangkul
ditangisi. Manto bareng ngerti, mèlu nangis pisan, mangkono uga Sundari.
“O, Allah … , nggèr, saka pokalé ibumu … , nganti … kalakon … kaya ngéné … . Hla
bapakmu … saiki … ana ngendi … ?”
Darminah durung mangsuli isih nggamblok ibuné kaya bocah cilik karo kamisesegen.

EPISODE KUMPULE BALUNG PISAH (2)


Kocapa mas Sastrosudiro kang isih ana kamar, bareng krungu ramé-ramé ing njaba, nuli
brabat metu kepéngin weruh ana kadadéyan apa. Tekan njaba sakawit gumuné déné anak-
anaké padha ngrangkul marang sawijining wong wadon, nanging bareng katamataké, weruh
yèn iku tilas bojoné biyèn. Mas Sastro prèmbèh-prèmbèh mara nyedhak karo kandha
kamisosolen, “Eeem … , kowé … ko … kowé bener … i … ibuné gendhuk?” Lengené bola-
bali kanggo ngusapi eluhé. “Eeh-he-em … bu … né … , a-a-aku rak ba … paké … bocah-
bocah … , ora … pa … ngling, ta, “ celathuné, kaya-kaya ora bisa ngetokaké tetembungan
liya-liya.
“Iya … Pak … , sepira … luputku … nyu …wun panga … pura …”
Anggoné padha tangisan nganti ora éling apa-apa, Darminah sanalika iku mau nganti lali
anak-anaké, luwih-luwih bareng mbok Nem uga teka mèlu ungkeb-ungkeb nangis ing
pangkoné bu Sastro.
Bareng Tanto nangis, Darminah lagi kelingan anaké. Énggal-énggal Tarto kabopong, Darti
lan adhiké kagandhèng. Tarto nuli dibrukaké ing pangkoné ibuné, “Iki lho, Bu … putu-
putumu … .”
Bu Satro ngekep-ngekep lan ngambungi putuné gentèn-gentèn karo nangis manèh. Darminah
nuli marani Sundari karangkul, kacedhakaké karo Darmanto, “O, Allah, jebul kowé ki adhiku
dhéwé … , To, Manto … kaya … bener … rasané … atiku gèk anu kaé … . O, Allah, tujuné
… durung kebacut.”
“Iya, ndhuk … , kabèh iki kadang-kadangmu dhéwé … ,” sambungé bu Sastro karo ngusapi
eluhé. “Iku … Pak, sepisan engkas … aku nyuwun pangapura … , Sundari iki anakku
kapindho karo … bojo … adhuh, … ana manèh kakangé aran Sundoro … , dadi bocah mursal
ora karuwan … kaya bapaké … . saiki bapaké ora karuwan dunungé … olèhé ninggal …
bocah-bocah iku nalika isih cilik … . Pancèn biyèn anggoné … ngepèk aku … mung perlu
arep … ngrontogi … barang-barangku … baé … .”
“Bu, sing wis ya wis … ,” celathuné mas Sastro, nuli meneng ora bisa mbacutaké gunemé
manèh.
Ora antara suwé lagi baé arep lerem anggoné padha tetangisan, Inspektur Akhmadi teka karo
tamuné. Sakawit mung plenggang-plenggong ora ngerti mula bukané, luwih-luwih bareng
dhéwéké karangkul bu Sastro sangsaya bingung.
Dumadakan kahanané dadi ramé manèh bareng Inspektur Yoyok ujug-ujug mara nyikep
bauné Darminah karo nangis ngguguk, “Yuuuuuu, aku ora pangling … , kowé rak yu
Darminah, ta? Aku sapa, Yu? Tamatna aku … .”
Durung tutug gunemé dumadakan Naniek uga nggembor ngrangkul Darminah pisan.
Sakawit kabèh padha kagèt banget ndeleng kahanan mangkono iku, Darminah nuli nggembor
manèh karo ngekep Yoyok lan Mini.
“Ooooooo … Darmono … Mini … Pak … Buuuuuu … Hla punika jebul Darmono kaliyan
Mini … .” Saka banget kagèt semu bungah, sawusé nggembor mangkono iku, Darminah ora
éling.
Sanalika iku kahanané ramé padha tangisan manèh ngungkuli raméné tinimbang mau, nganti
tangga teparo ing sakiwa-tengené padha teka nglayat.
Kang kaceluk Inspektur Yoyok iku pancèn Darmono. Déné Naniek yaiku Darmini. O, pancèn
ora kanyana-nyana déné semono Gusti Allah anggoné gawé lelakon. Sapa ngira yèn
pepisahan kang wis rong puluhan taun iku bisa sakala padha katemu tunggal dina tunggal saat
kaya déné semayan baé. Gusti Allah Maha Kuwasa, nitahaké samubarang miturut sakarsané,
titah mung saderma nglakoni, ora kuwasa meksa, ora kuwasa ngalang-alangi.
Sasireping tangis, swasana ganti seneng lan gembira sanajan isih padha durung garing
mripaté saka eluh. Kabèh padha ngumpul dadi siji ing njero ngomah nyritakaké lelakoné
dhéwé-dhéwé. Mini ngandhakaké yèn sasédané bapakè gedhé, ora suwé ibuné gedhé nututi
séda. Dadi dhèwèké kaya bocah ontang-anting. Kabar-kabar saka sedulur-seduluré saka tanah
Jawa ora tau katampa. Tujuné nalika iku ana sing nulung nggolèkaké pagawéyan nganti
sinambi nyambut gawé bisa nerusaké olèhé sekolah. Salawasé iku sanajan atiné tansah
kèlingan marang sedulur-seduluré, ananging kagawa saka kapedhotan kabar, entèk pangarep-
arepé bisa ketemu karo sedulur-seduluré manèh. Mangkono iku nganti pirang-pirang taun,
nganti ngancik diwasa.
Wusanané saka karsaning Pangéran dhèwèké bisa lulus nempuh ujian Sekolah Guru, nuli
katetepaké ing kutha Makasar kono. Nanging lagi setaun, nuli kapindhah menyang Semarang.
Ndilalah yèn awak isih kudu nglakoni coba, lagi sawatara sasi dhèwèké kaculik déning
grombolan kaya kang kacaritakaké ing ndhuwur. Saka karsané Kang Maha Kuwasa, sing
nulungi teka jebul kangmas-kangmasé dhéwé.
Nalika Inspektur Akhmadi lan Inspektur Yoyok alias Darmono nyritakaké anggoné padha
nggropyok Sundoro nganti tekan patiné kang banget anggoné nangis kalara-lara yaiku
Sundari. Dènè bu Sastro dhéwé sanajan uga nangisi, nanging akèh pamupusé.
“Bocah siji kuwi pancèn séjé karo liya-liyané. Wis kabacut akeh rusaké … , “ celathuné bu
Sastro karo isih kaca-kaca mripaté, “saka jèngkèlku kaya-kaya atiku wis éklas, ilang-ilangan
endhog siji.”
“Nanging … aku teka durung nganti bisa weruh marang adhiku … é, sanajan kaya ngapa
wong ya sadulur … ,” sambungé Darminah.
“Nalika iku babar pisan aku ora ngerti yèn ngoyak-oyak sadulur dhéwé … ,” sambungé
Darmono.
“Ora ta Bu biyèn nalika panjenengan ninggal aku lan adhik-adhikku ki apa ya ora tau
kémutan … apa ora tau krasa panggalihé … saben dina disambati … ,” celathuné Darminah.
“Yèn kèlingan ya mesthi kèlingan, ta. Nanging ya embuh … ah, muga-muga anak putu aja
nganti nuruni kaya tumindakku iku.”
“Apa ya ora sok kémutan arep nggolèki apa marani ngono ta, nganti Darmono karaya-raya
nusul.”
“Wiwitan banget anggonku tansah kèlingan kowé saadhi-adhimu iku bareng aku pindhah ing
Pati, mauné ana Pekalongan, njur bapaké Sun lunga ninggal aku ora karuwan parané … ,
nanging tansah kandheg ing rasa … , kaya-kaya aku tansah kagodha gegambaran gedhéning
dosaku.”
“O, upama biyèn-biyèn katemu, rak ora kabacut-bacut Darmanto … èh … karo Sundari.”
“Wis, wis … , ora perlu diéling-éling manèh … iki wis pira-pira pitulunganing Pangéran,
dènè ora nganti kebacut dadi … èh, upama sing tuwa-tuwa wis padha ora ana, ya kalakon
… ,” sambungé mas Sastro.
“Saiki aku isih kepéngin ngerti critané Darmono … , priyé teka nganti ora bisa ketemu ibu
lan terus plas ora kabar-kabar.” celathuné Darminah.
“Critaku rada dawa sawatara … , “ wangsulané Darmono kambi nata lungguhé.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 1)

EPISODE CRITANE DARMONO (3)


Darmono nerusaké critané, “Sadhéla manèh aku diajak mudhun karo Dimin niliki iwaké.
Satemené aku aras-arasen, énak-énak klekaran ngasokaké awak, karo manèh kaya-kaya aku
ora doyan mangan iwak kang kacampur lempung mau. Nanging kréngkang-kréngkang aku
nuruti aja nganti gawé gelaning atiné.
Iwak dicuthik nganggo carang. Kang durung mlethèk-mlethèk lempungé dilebokaké ing
bedhiyang manèh. Kang wis mlethèk diwadhahi godhong gedhang ditunggu adhemé. Bareng
wis rada adhem, lempungé diklothoki teka gampang baé. Kulité iwak katut tanpa dibèthèti.
Endhasé ditugel, eriné didudut, ler … , kari dagingé. Diwènèhaké aku dikon mangan. Ora
ngira jebul énak banget rasané, mung mesthiné rada cemplang marga ora diwènèhi uyah. Aku
nganti entek loro, sing siji dakbuntel kanggo sangu sésuk. Ora suwé pak Dimin teka. Bareng
weruh sajak énak nggonku mangan iwak, nuli kandha, “Sésuk pajar peteng nek aku
nyambangi omah, dakjupukaké jala. Dakjalakaké iwak rada akèh kanggo sangu, Gus … Saiki
padha turu kana … .”
Bengi iku turuku kepénak banget. Esuké ngarepaké padhang, aku pamitan marang pak Dimin
lan anaké. Aku disangoni jagung bakaran lan iwak-iwak kutuk sawatara kang wus diolah
nganggo lempung. Pak dimin wola-wali nerangaké dalan kang kudu dakambah, aja nganti
kesasar-sasar manèh.
Aku mlaku karo gedhé banget atiku, marga sanguku cukup, sanajan ora sangu sega. Gelising
crita, Yu … , aku meksa ora bisa tekan Purwodadi. Kesasar-sasar embuh tekan ngendi aku
ora ngerti, mlebu désa metu désa. Mangkono iku nganti pirang-pirang dina. Yèn bengi turu
ana tegalan baé, amarga aku isih wedi yèn turu ana kalurahan, utawa gerdhu. Yèn ésuk karo
mlaku aku sok melu nggawakaké dagangané bakul-bakul kang padha arep menyang pasar.
Aku sok dipersèni dhuwit sawatara, kala-kala uga ditukokaké sarapan gethuk utawa sega.
Sing banget gawé karanta-rantaning atiku, Yu … , yaiku yèn pinuju liwat ngarep sekolahan.
Atiku mèri banget nyawang bocah-bocah sekolah kang padha seneng-seneng anggoné padha
sekolah, tentrem sinauné, ora mikir apa-apa … .
Kira-kira nem dina manèh aku tekan ing kutha cilik, aku weruh thomprang-thomprang kang
nuduhaké yèn iku kutha kecamatan Gundih. Aku kèlingan ing apalan ilmu bumi kaé yèn
Gundhih iku dumunung ing sakidulé kutha Purwodadi, yèn mangkono lakuku jebul ngidul
parané … .
Tekan pasar aku lèrèn ing los. Pasaré wis sepi, marga wis rada awan. Atiku tansah ngangen-
angen … éé, mbok sibu ki ana Gundhih kéné terus tindak pasar kepethuk aku … . Ing
sandhingku rada adoh ana bakul kang ribut nata-nata bèsèké arep kukut. Sajaké bakul jamu.
Aku mara nyedhak nembung arep anggawakaké mbokmenawa mengko olèh persèn. Aku
ditakoni kandha bocah adoh ora duwé bapak embok. Bakulé jamu nyawang aku sadhéla, aku
ditari apa gelem melu dhèwèké, mbiyantu anggawak-nggawakaké dagangan utawa liya-
liyané. Mesthi baé aku nyaguhi klawan bungah, é, tinimbang mrana-mrana ora karuwan
tujuané, kapénak mèlu bakul jamu iki. Sanajan bakalé nurut-nurut pasar nanging malah jajah
ngiras nggolèki daleme ibu.
Wiwit iku aku mèlu nyuwita bakul jamu mau. Turuné ana pondhokan, mangané jajan ana
warung. Yèn ider menyang pasar mrana-mrana ora mlaku, mesthi yèn ora numpak dhokar ya
numpak bis. Wah, atiku seneng, rumangsa munggah drajatku. Yèn pinuju ana pasar utawa
yèn wayah soré ing sawijining panggonan kang dakinepi, mesthi aku tansah nggolèki ibu,
nanging tansah ora olèh gawé, nganti kerep banget aku rumangsa entèk pangarep-arepku.
Nganti sesasi luwih anggonku mèlu bakul jamu iku, nganti aku wasis tawa jamu. Yèn ana
pondhokan mèlu mbantu gawé jamuné sing jaré mujarab iku. Kang kerep dakweruhi anggoné
ngraciki ya mung lumrah baé. Embuh bubukan apa akèh banget, kacampur jaé, mrica embuh
apa manèh, kagodhog ing jedhi gedhé. Kala-kala diwènèhi tamba abang utawa warna liyané.
Tau sawijining dina aku karo bakulé jamu mlebu pasar, rada kawanan. Amarga kajaba pasaré
adoh, tanginé mau kerinan. Mudhun saka dhokar, bakulé jamu wis sambat dhuwité tipis
mung kari limang rupiyah thok. Isih kalong rong rupiyah kanggo sarapan wong loro.
(Candhake – Episode Critane Darmono bagian 4)

Cerita ini diambil dari novel KUMPULE BALUNG PISAH oleh A. Saerozi, AM terbitan PN
Balai Pustaka, Jakarta, 1978 dengan sedikit perubahan pengetikan

EPISODE CRITANE DARMONO (4)


Mlebu pasar lingak-linguk golèk panggonan dhasar. Bakul-bakul jamu liyané wis padha
dirubung wong akèh. Èh, aku dhéwé kuwatir yèn nganti dina iki bubruk ora ana sing
ngrubung, harak sida ora mangan tenan. Bakul jamu kang dakeloni iku nuli ngulungaké
dhuwit telung rupiyah turahané jajan mau marang aku dikon nukokaké dluwang koran kabèh.
Kanggo apa? Aku ora ngerti. Aku mung saderma ngemban dhawuh, dhuwit daktukokaké
kertas Koran kabèh, olèh sabongkok gedhé. Tekan panggonan dhasar, dhasarané wis ditata
dhéwé. Tutup bèsèk gedhé dikurebake ing tengah-tengah sacedhaké jamu-jamuné. Embuh
apa njeroné. Dluwang mau banjur kaplintir-plintir watara salengen gedhéné. Nganti dawa
banget. Dhèwèké banjur njupuk pring dawa, embuh saka ngendi. Pucuking dluwang plintiran
katalekaké ing pucuking pring, nuli pringé didegaké, dadi dluwangé klèwèr-klèwèr kaya
brondongan mercon kaé, kukusé kaya ngebaki pasar. Aku nuli dikon nabuhi terbang cilik
sing banter. Dhung, dhung, dhung … . Dhèwèké ngadeg nuli nyedhak tutup bèsèk kang
dikurebaké iku karo bengok-bengok.
“Ajaib, … ayo-ayo, barang ajaib … , bukan sulap bukan sihir … , tutup bèsèk wasiyat … ,
barang apa saja yang tidak bernyawa ditutup bèsèk ini mesthi ada nyawanya … . Ayo, ayo …
saksikan … tidak usah bayar … , pertunjukan ajaib datang dari tanah sabrang … . Ayo, ayo
… .”
Anggonku nabuhi terbang saya dakbanteraké karo mèlu bengok-bengok. Sakala iku wong-
wong padha brubul-brubul mara nyedhak, mangkono uga wong-wong kang mauné padha
ngrubung bakul jamu liya, akèh kang ngalih ngrubung dagangané majikanku. Sadhela baé
wis ora kena kapiyak.
Batinku ngalembana marang kapinterané majikanku iku anggoné ngrebut kawigatèné wong-
wong … .”
Kang padha ngrungokaké sanajan sedhih, nangis kapeksa gumuyu krungu pengalamané
Darmono iku. Mung ibuné terus ngusapi eluhé baé.
“Apa njur ana tontonané sulapan barang, ta?” pitakoné Darmini lan Darmanto kaya
bebarengan.
“Sulap apa … , bisa baé ora, kok. Iku rak mung kanggo narik kawigatèn baé. Sawusé wong-
wong kumpul, ora ngrembug sulapan manèh, nanging ngrembug jamuné. Jamu pegel, ngeres,
linu, mripat konang-konangen … . Jare dhèwèké teka kono perlu arep tetulung, jamuné ora
diregani, mung njaluk ijol tukoné gendul lan ongkos sepur. Sawijining wong désa kasanak
kanthi tembung kang manis-manis banget, ditakoni lara apa? Wangsulané boyoké krasa linu.
Nuli tanpa palilah wong mau dilucuti klambiné, nganti wongé ingah-ingih rada kisinan.
Nanging majikanku tansah angrerimuk, boyok kagosok jamuné karo èpèk-èpèké … . Sawusé
wongé ditakoni. Priyé rasané saiki? Wongé arep kandha ngéna-ngéné mesthiné rikuh, mula
mung manthuk-manthuk karo kandha empun sekéca. Wah lha kuwi bareng ana buktiné
jaréné, oléhé ngumukaké jamuné entèk amèk kurang golèk. Brubut wong-wong padha tuku,
aku nganti kuwalahan ngladèni. Sulapané kepriyé? O, bubar kuwi njur ora nggunem sulapané
manèh. Wong akèh wis padha lali … .
Mengkono Yu, pengalamanku mèlu bakul jamu, ananging ora lestari. Sawijining dina bakulé
jamu katangkep pulisi dilapuraké wong, amarga njabut untu nganti wongé semaput lan getihé
mancur-mancur. Majikanku ditahan pulisi, dagangané dirampas.
Aku ngumbara manèh, wiwitané isih nggémbol dhuwit sithik-sithik, nanging suwé-suwé
entèk. Saterusé aku tekan Sala, wis kentèkan dhuwit. Wetengku luwé banget, nganti kaya-
kaya ora kuwat anggulawat. Batinku wong kutha panggonané priyayi sugih-sugih, pangkaté
gedhé-gedhé, mesthiné ora éman tetulung marang wong kang lagi kesrakat kaya aku iki.
Jebul mlèsèt pangiraku, Yu. Sawatara omah dakénggoki, ora ana sing nyapa aku, apa manèh
mènèhi dhuwit. Adhakané jongosé kanthi kasar nggurak aku, Yèn ora ya asuné. Aku nganti
nékad marani priyayiné dhéwé arep nembung kanthi melas asih, nanging aku digemprong,
jongosé disrengeni, généya ora bisa nggurak aku.
Atiku banget kelara-lara … . O, teka beda banget karo pak Dimin, ya. Mauné dakarani yèn
wong kutha lan sugih-sugih ki uga padha dhemen tetulung, amarga ingatasé pak Dimin wong
ndésa, wong cilik tanpa pangkat kaya ngana apiking bebudèné. Saka dhemené nulung wong
kasangsaran, saduwé-duwené disangokaké … Jebul wong kutha kok séjé banget. Apa angger
wong tambah sugih tambah dhuwur pangkaté ki tambah ilang rasa kamanungsané, wengis lan
galaké.
O, Yu … nalika iku aku ora kuwat manèh … , awakku kesel, wetengku luwé, sikilku lara … ,
nuli tiba ing pinggir dalan ora éling apa-apa … .”
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 5)

EPISODE CRITANE DARMONO (5)


“O, Allah nggèèèèèr anakku … ,” sambaté bu Sastro.
“Adhuh … .” sambungé Darminah lan Darmini.
Darmono nerusaké critane, “Éling-éling aku wis ana rumah sakit, diupakara para jururawat.
Aku bareng wis éling lan rada kapénak, ditakoni warna-warna. Aku ngaku bocah ora
karuwan, ora duwé bapak ora duwé ibu … .
Sabanjuré aku dirawat ana rumah yatim Muhammadiyah. Kancaku sapirang-pirang. Ing kéné
rada kapénak awakku, Yu. Sing ngopèni sumanak-sumanak banget kebak rasa asih lan tresna
… . Aku nganti sok ngrasa, nuwun-nuwun sewu … , wong tuwaku dhéwé ora nganti kaya
ngéné pamulasarané marang aku … . O, teka luhur banget bebudèné bapak-bapak lan ibu-ibu
kang ngurusi rumah yatim iku. Jebul ora kabèh wong kutha padha wengis-wengis, isih ana
sing luhur bebudèné ngrumat bocah-bocah kang kasrakat … . O, aku ora bakal lali salawasé
kaya déné anggonku ora bakal lali marang pak Dimin. Amarga upama aku ora nuli karawat
ing rumah yatim iku, bakal dadi wong apa? Aku disekolahaké, diwuruki warna-warna yèn
ana ngomah. Mangané diatur apik. Bares baé aku nganti lali marang tujuwanku sakawit, Yu.
Batinku, upama baé kapethuk ibu, durung karuwan yèn aku bisa sekolah tutug kanthi ayem
tentrem … malah bok menawa ganti ngadhepi bapak kuwalon … . mula kabèh gagasan lan
angen-angen kang ora-ora, dakilangaké … , dakmantepaké atiku terus manggon ana kono.
Marang kowé aku ora kirim kabar amarga aku rumangsa isin déné ora olèh gawé anggonku
nggolèki ibu, kapindhoné wedi yèn digolèki, disusul bapak … .
Pirang-pirang taun anggonku ana kono, wiwit sekolah Rakyat nganti SMP, nuli nerusaké ing
Lanjutan Atas. Pungkasané bareng wis gedhé, aku ngleboni sekolah inspèktur pulisi, kabantu
kanthi temenan lan iklas déning para pengurus rumah yatim. Akèh kanca-kancaku bocah
yatim lan lola uga padha nerusaké sekolahé miturut kasenengané dhéwé-dhéwé … . O, muga-
muga tansah widada lan lestari para pengurus-pengurus iku anggoné adeg rumah yatim
kanggo nulung bocah-bocah kang kasrakat kang isih maèwu-èwu cacahé.
Sabanjuré Yu, cekaking critaku … , sawisé aku lulus saka sekolah pulisi iku, aku tumapak
nyambut gawé. Wiwitané ana ing luar Jawa, pindhah-pindhah, pungkasané ing Semarang lagi
sawatara sasi. Nuli ora ngira kapethuk bapak-ibu lan dulur-dulurku … .”
“Lha jenengmu kok ganti Yoyok ki Priyé?” pitakoné bapaké.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 6)

EPISODE CRITANE DARMONO (6)


“Yoyok punika paraban saking kanca-kanca manawi ngundang kula, malah wiwit sekolah
rumiyin, duka sebab punapa kula kaparaban nami makaten. Dangu-dangu ngantos dados
pakulinan. Déné nami ingkang resmi taksih Darmono … .”
“O, teka nganti semono lelakonmu, nggèr … .” celathuné bu Sastro karo prèmbèh-prèmbèh.
“Ya kuwi … , durung lelakoné Mini lan Manto wiwit ciliké, Bu … o, ngeres manèh, “
sambungé Darminah. “Tujuné terus kapupu pak gedhé lan bu gedhé … .”
“Iya, iya … nggèr, saiki sing wis kelakon ya wis. O, aku rumangsa banget kaduwung lan
getun … o, Allah, kabèh lelakon iku punjeré ora liya mung saka pokalku anggonku … mburu
… , nepsu angkara … , nganti ngorbanaké anak-anakku … kabèh … . O, muga-muga aja
nganti anak-anakku niru lelakonku iki … , mangkono celathuné bu Sastro. “Hla saiki ibumu
kuwalon ana ngendi? … Nyang endi, Pak … ?
“Héééé … ?” mas Satro jenggirat.
“Garwamu anyar sing … .”
“Embuh, wis lunga gèk ngantené Darminah kaé. Nganti saiki ora ana kabaré.”
“O, Allah Gusti Pangéran … Tujunipun o, … Panjenengan Maha Adil lan Maha Welas,”
celathuné bu Sastro manèh karo mingseg-mingseg.
“Yaw wis ta buné … , ora perlu kagagas manèh … . Kang perlu saiki iki kabèh padha
ngaturaké sokur marang Pangéran … . Tujuné anak-anakmu kang dadi korbaning tindakmu
ora kabacut-bacut … , kabèh jinangkung déning kang Maha Kuwasa nganti bisa nemoni
kamulyan. Yèn digagas kaya anèh lan mokal déné ora kanyana-nyana bisa ketemu tunggal
saenggon, tunggal sawanci. Mangka gèk pisah kaya ngana, pating plencat kaya mburu urip
dhéwé … , nanging mangertiya saiki, barang kang mokal tumraping manungsa ora aran
mokal lan anèh tumraping Pangéran kang Maha Kuwasa. Apa manèh mung kaya ngéné, kang
anèh ngluwihi iki yèn wis dikersakaké, mesthi dadi. Mula saiki aku ora ndumuk sapa-sapa,
senajan awakku dhéwé, sabanjuré sabarang tindak kang ngati-ati. Aja seneng mung mburu
senenging ati, mung nuruti hawa kamurkaning napsu kang tansah ngajak marang kasangsaran
… . Wis, buné, kowé ora perlu bali menyang Pati.”
“Ora sida lamaran ya? Sumambungé Akhmadi karo Darmono, dik Darmono wis mutra pira?”
“Lagi siji, Mas … Suk liya dina mesthi dakjak mréné … “
Lagi tekan samono olèhé padha rembugan, mbok Nem kang mauné uga mèlu ngrungokaké
karo mlebu metu menyang pawon … , dumadakan mara nyedhak lan kandha, “Mas Rara … ,
mas Kandar nika lho, teka nangis ungkeb-ungkeb … teng kamaré … , wau nggih tumut
mirengké critané Gus Darmono saking katebihan … “
“Bok diaturi mréné ta, mbok, mèlu jagongan seneng-seneng kéné.” Wangsulané Darminah
lan Akhmadi.
“Boten purun … , critané kelingan sing boten-boten.”
Inspektur Akhmadi menyat ngadeg, marani kamaré Kandar. Kandar ditakoni lan diajak
mlebu ngomah. Wangsulané mundhak karanta-ranta atiné kelingan wong tuwané, amarga
wiwit umur nem taun dhèwèké ora ngerti jenengé, mung fotoné kang isih disimpen … .
Inspektur Akhmadi nembung ndeleng foto iku. Kandar kapeksa ndhudhah pethiné kang isi
sandhangané, nuli njupuk foto lora kang lawas banget. Bareng Akhmadi ngiling-ilingi foto
iku lan ditamat-tamataké, sakala kagèt, “Lé, iki rak … “ celathu mangkono iku karo mlayu
mlebu ngomah.
“Pak, punika fotonipun sinten?” pitakoné karo ngulungaké foto iku marang mas Sastro. Mas
Sastro mbukak kaca mripaté katerapaké ing antarané irung lan mripat, nuli menyat ngadeg
ing ngisor lampu karo namataké foto iku. Dumadakan banjur nyuwara seru, “ … éé
alkamdulillah … iki duwèké sapa?”
“Gadhahanipun Kandar … , “ wangsulané Inspektur Akhmadi.
“Konen mréné bocahé … , énggal … “ Kabèh padha ngrubung ndeleng foto iku.
“Sing siji iki rak fotoné … , “ celathuné mas Sastro.
“Oooo … fotoné ibu … ibu aa …nyar,” sumambungé Darminah.
“Foto iki digawé nalika anaké isih cilik … . Nalika semana dakjenengaké Iskandar …
Eeemmmm … , dadi sing dipangku iki anaké, sing ngadeg sisih kiwaku … .” Lha foto sijiné
iki mung karo Kandar thok. Kandar sajak wis gedhé iki … , ana ngendi olèhé foto … ?” mas
Sastro nerang-nerangaké.
(Candhake: Episode Critane Darmono bagian 7)

EPISODE CRITANE DARMONO (7)


Ora suwé Kandar mlebu kairingaké Akhmadi. Bareng kandha: ditakoni, crita yèn wiwit cilik
dhèwèké mèlu ibuné ing Rembang. Ana kana bukak warung cilik, nganti pirang-pirang taun.
Wiwit cilik dhèwèké ora tau weruh bapaké, kajaba ing foto iku. Ibune dhéwé ora tau crita.
Bareng Kandar wis gedhé, satamaté saka Sekolah Rakyat ibuné kacandhak lara banget nganti
ajal. Saajalé ibuné iku, Kandar lunga ngumbara mangétan, nuli ngabdi marang sawijining
priyayi. Kabeneran ing kono disekolahaké manèh ana ing SMP, ananging ora nganti tamat.
Priyayi kang didhèrèki pindhah adoh menyang Jawa Kulon. Kandar ora gelem ndhèrèk
pindah, golèk pagawéyan anyar. Oleh pagawéyan ana ing perusahaan angkutan. Ing kono
bisa mèlu sinau nyopir montor, sabanjuré dhèwèké dadi sopir ing perusahaan iku. Ananging
wusanané anggoné nyopir ora lestari, jalaran perusahaané jatuh. Dhèwèké nuli ngumbara
manèh menyang Jawa Tengah nganti ketemu Inspèktur Akhmadi kang sabanjuré diwènèhi
pagawéyan nyopir uga nganti saiki.
Mangkono ringkesané critané Kandar.
Mas Sastro ngekep-ngekep bauné Kandar karo kaca-kaca mripaté.
“O Allah, nggèèèr … , jebul anakku dhéwé … ,” celathuné wola-wali.
Kahanan ngomah dadi muyeg manèh, swasana sedhih, bungah campur dadi siji.
“O, seméné kaélokané panguwasaning Gusti … ,” celathuné mas Satro. “Sapa ngira yèn
balung kang wis pisah-pisah sumebar bisa bali ngumpul dadi siji tunggal sawanci … . saiki
aja kendhat tansah padha ngaturna suka sokur marang Gusti Allah tumrap gedhéning rahmat
lan kanugrahan kang wus kaparingaké kabèh iki. Sabanjuré tansah dadiya pangéling-éling lan
dadiya pangati-atining sabarang tindak ing tembé mburi … .”
Para tangga teparo kang padha nyipati kahanan iku padha mèlu nélakaké seneng lan bungah.
Mangkono uga sapungkuré isih akèh para tangga lan pawong mitra kang padha merlokaké
tilik kepéngin mèlu ngrungokaké critané kulawarga kang kebak isi susah lan bungah iku.
Mas Sastro dhéwé ora bosen-bosen mbalèni critané iku kanthi dhangan lan katon gedhé ati …
.
(Rampung)

GLOSARIUM
aja kendhat : ora leren, terus menerus
ajal : pati
aras-arasen : wegah, memeng
bedhiyang : perapian
bosen : jeleh
bubruk : rugi, tidak laku
budhal : mangkat, berangkat
carang : ranting
cikar : pedati
dhangan : entheng, tanpa beban
digedhig : dithuthuk nganggo kayu
dipersèni : diberi upah
dluwang : kertas
dumadakan : tiba-tiba
getun : menyesal
gojag-gajeg : ragu-ragu
gulon klambi : krah baju
jedhi : panci kanggo nggodhog
kaca-kaca mripaté : berlinang
kaduwung : merasa bersalah
kagagas : dipikir
kamisesegen : terisak-isak
kapethuk : bertemu
kasanak : dibeciki
katisen : kadhemen, kedinginan
kawigatèn : perhatian
kembeng-kembeng mripaté : berlinang air mata
kerinan : kawanan, kesiangan
kesasar : tersesat
kojur : sial
kukut : rampung, berkemas-kemas
mujarab : berkhasiat
muyeg : gayeng, rame
ndhudhah : membongkar
nenepi : tirakat
nganglang : ngubengi, mengitari,
ngarih-arih : merayu mohon dikasihani
nggurak : ngusir
ngumbara : mengembara
nyikar : nglakokake andhong
nyuwita : mengabdi
pandung : maling
pawong mitra : kanca
pondhokan : kos-kosan
pungkasané : akhirnya
rahina : awan, siang
rendhet : lambat
sabrangan : papan kanggo nyabrang
saderma ngemban dhawuh : sekedar melaksanakan tugas
sangsaya : semakin
suwung : tidak berpenghuni
tangkebé : anggepe
tembé mburi : dikemudian hari
terbang : rebana
tutug : rampung
wasis : pinter, cerdik
wengis : kejam
wola-wali : bola-bali, berulang kali

Cerita ini diambil dari novel KUMPULE BALUNG PISAH oleh A. Saerozi, AM terbitan PN
Balai Pustaka, Jakarta, 1978.
Cerita ini diunggah guna kepentingan Pembelajaran Bahasa Jawa

You might also like