You are on page 1of 9

Apa iku ?

NOVEL
Sapa novelis Jawa sing terkenal?
NOVEL
Salah sawijine karya fiksi gancaran utawa
prosa. Novel wujude naratif utawa arupa
cerita. Wong kang nulis novel diarani
novelis. Isine novel luwih jangkep tinimbang
cerkak, yaiku saora-orane dumadi 40 ewu
tembung.
Titikane karangan novel
1. Nduweni alur kang kompleks. Ana maneka
kedadeyan kang diceritakake, dene ing
antarane kedadeyan siji lan liyane ana
gandheng cenenge satemah crita novel dadi
dawa.
2. Tema sajroning novel ora mung siji, nanging
mucul tema-tema sampingan.
3. Paraga(tokoh) ing crita novel cacahe bisa akeh.
Unsur intrinsik novel
1. Tema : yaiku gagasan baku kanggo landhesan
nganggit crita sing bisa dijupuk saka pengalaman,
panaliten, gagasan utawa pengangen-angen.
2. Alur : yaiku lakuning crita saka awal nganti akhir.
Jenise yaiku alur maju, alur mundur, alur
campuran.
3. Watak paraga : yaiku sipat utawa watek paraga.
Tuladhane, becik, welas asih, julig, sregep lsp.
Unsur intrinsik novel
4. Latar : yaiku katrangan papan, wektu, lan
swasana.
5. Sudut pandang : yaiku mapane pangripta jejer
minangka paraga ing crita utawa mapan ana
njabaning crita.
6. Amanat : yaiku isine crita sing bisa dijupuk
lumrahe awujud piwulang.
Nilai-nilai kang kamot sajroning pethilan teks
novel
1. Nilai spirit yaiku nilai kang ana sesambungane karo greget
jroning ngadhepi sakehing perkara tumrape panguripan.
2. Nilai moral yaiku nilai kang ana sesambungane karo budi
pekertine manungsa kang katitik saka ala becike tumindak.
3. Nilai sosial yaiku nilai kang ana sesambungane karo tatacara
srawung jroning masyarakat.
4. Nilai budaya yaiku nilai kang ana sesambungane karo
pakulinan utawa tradisi ing sawijining daerah.
5. Nilai estetika yaiku nilai kang ana sesambungane karo seni,
kaendahan dening karya sastra.

You might also like